Kaca:Panjurung.pdf/89

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Di, Mardi anakku, ndaksawang kowe iku bocah sing lantip. Yen aku ndeleng rapor sekolahmu, kowe iku ora bodho. Bokmu, aku, lan sedulur-sedulurmu kabeh ora padha lulus sekolahe. Tinimbang dhuwit mung kokabul-abul nggo main, luwih becik kokcelengi. Utawa kena kanggo tambah tuku buku rak luwih becik. Bener iku dhuwit-dhuwitmu dhewe olehe ngeterake tamu ana Sumurgumuling.”

“Inggih Pak, kula kapok estu, Pak.”

“Arep dadi apa yen kowe seneng main, cilik-cilik seneng keplek, suk rak dadi maling, titenana kandhaku.”

Pak Joga miwiti ndongeng pengalamane dhek enom marang Mardi. 5 “Bahmu biyen wong kajen keringan. Sedulure bapakmu lima cacahe. Sing loro klebu abdi dalem tebah, utawa dijenengi paranyai. Adhine bapakmu isih loro, siji wadon sijine lanang. Bapakmu biyen nyambutgawe ing sepur SJS, jurusan Semarang-Juwana-Sala. Bapakmu wong sing seneng micara, lan uga sok disambati sedulur dikon wong nglamarake yen arep padha dadi manten. Bahmu isih diajeni ing wong marga uripe pancen cukup, ora kaya bapakmu saiki. Ngertine wong- wong Pak Kasur sing nyengingis."

Napa Bapak riyin kawon main, kok dadi mlarat?”

“Hus..., rungokke dhisik aja dipedhot critane bapakmu!”

Pak Joga nerusake critane maneh, karo klepas-klepus nyelakke udut thingwe mbako kedhu. Mau ora kober udut, wong garap kasur.

Nuju dina malem Rebo Wage, bapakmu dikongkon sedulur perlu nakokake calon panganten, menyang Kalibayem. Sandhangane bapakmu mbengkres, sarwa macak. Cara kejawen. Nganggo kalung karset, ing sak klambi surjan njero ana bandhul (jam bandhul), nganggo ali-ali komplit. Kabeh sarwa emas.

“Bapak sugih nggih riyin?” Mardi nyela maneh.

“Ora Le..., bapakmu ora sugih, mung bapakmu iku dipercaya ing wong, dadi sapa-sapa sing disilihi mesthi entuk, ora merga mbahmu barang...”

Mardi ngrungokake anggone crita bapakne maneh. Bilur-bilur sing kena pecut dening bapakne wis suda larane.

Panglamare wis ditampa, lan rombongan tamu banjur padha

yi)