Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Beboeka

Saka Wikisumber

Status:


Pérangan Kang Kapisan
Djaman Inḍoe.
Abad 2 oetawa 3 tekan abad 16.
Beboeka.

Mungguh babading tanah Inḍia-wétan sek durung katekan bangsa Inḍu, sepréné lagi seṭiṭik banget kang wus kawruhan. Malah wong Inḍu iku baé iya durung kasumêrêpan terang sek kapan tekané ing kén élan kepriye kahanane ing kala wiwit-wiwitané.

Mung baé wus yakin, yen kemajuwan lan tata-susilaning wong Inḍia kéné iki bibit-sekawité saka dayaning wong Inḍu kang asalé saka ing tanah Inḍu sisih kidul.

Kacarita nalika taun 261 sadurungé taun Walanda ing Inḍu-ngarep ana ratu ajidulul Prabu Açoka, jumeneng nata ing negara Pataliputra (ing sawétan Benares), lan agamané Buddha. Kresané sang Prabu praja cilik-cilik ing saubenging kono arep digulung didadèkaké nagara siji, kang gedhe lan sentosa. Akiré bisa kelakon, mèh satanah Inḍu-ngarep kabèh lumpuk, kinuwasan ing ratu sawiji. Mung ing puncit kidul, wiwit saka saloring Madras lan Mangalore, kraton-kratoné presasat madeg ḍhewé-ḍhewé, ora pati kewengku ing praja-praja tanah lor. Praja-praja sisih kidul iku mau uga gedhe dayané tumraping kemajuan lan tata-susilaning tanah-tanah ing sakubengé. Déné kang jumeneng ratu: 1 Para Panḍawa (Pandava) kang kocap ing layang Maha-bharata. 2 Darah Pallava (ajaké ing pekecapan Jawa: Malawa) kesuwur wiwit atusan taun sadurungé taun Walanda nganti tekan abad 9, déné kombul-kombulé wiwit ing tengahing abad 6 tekan tengahing abad 8. Ing jaman iku titi-mangsa adeging jejasan kang èdi-èdi, kayata: canḍi-canḍi jasané Mahendra-warman (600-625). Ana wong Cina agama Budha jenengé Hüen-Tsang Candra praja Pallava iku surasané nélakaké yèn tanahé lph lan becik pengolahé, wong-wongé padha puncul ing kawanterané, setya-tuhu, rukin lan ngudi marang unḍaking kawruh.

Kang kendel lelajaran, nganti bisa gawé koloni-koloni ana ing Indo-China, Malaka lan kapuloan Sunḍa, iya para bangsa ing Inḍu sisih kidul iku, luwih-luwih wong Pallava. Wiwit satus taunan sadurungé taun Walanda wis ana papan-papan sawetara kang dienggoni wong Inḍu, déné geḍhé-geḍhéning emigrasi ana ing sajroning abad 2 tekan 6, bokmenawa kegawa saka ing tanah Inḍu kana kakèhen jiwané lan marga saka paperangan karo bangsa-bangsa ing sisih loré.

Koloni sing geḍhé-geḍhé, yaiku:
Campa ing Annam pasisir wétan.
Kamboja, kaedegaké ing taun 435. Ing kono dijasani canḍi-canḍi Brahma utawa Budha akèh banget.
Kutai ing Borneo-lor lan Sukadana ing Borneo-kidul.
Palémbang (Çrivijaya)
Jawa-tengah

Tekané ing tanah-tanah iku wong Inḍu anggawa agama (Buda utawa Brahma) lan kagunan warna-warna, kayata maca, nulis, mbaṭik, medel; banjur jasa canḍi-canḍi lan omah apik-apik. Wong Pribumi diweruhaké marang barang-pedagangan warna-warna, yaiku bangsa sanḍang-penganggo, bangsa gegaman, pèni-pèni awujud oncèn mutiara, bekakas-bekakas liyané kang abakal gaḍing utawa emas, lan sapanunggalané.

Çrivijaya iku terang yen kegolong kang geḍhé dhewe, malah bokmenawa dadi baboning kawruh lan kagunan tumraping tanah-tanah liyané kang kasbut ing ḍhuwur. Ana kang ngira yen prabu Jayawarman, naréndra ing Kamboja, kang miwiti jasa kuṭha lan canḍi-canḍi Angkor, iku darahing ratu ing Sumatra.

Praja-praja mau ing sekawit nganti suwé enggoné nganggo agama Budha.