Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 1

Saka Wikisumber

Status:


Bab 1
Karadjan Indhoe ing Tanah Djawa Koelon (wiwit abad 2 oetawa 3)

Kang woes kasoemoeroepan, karadjané bangsa Inḍoe ana ing Tanah Djawa, kang ḍisik ḍéwé, diarani karadjan "Taroemanagara" (Taroem = tom. kaliné djeneng Tjitaroem). Karadjan ikoe maoe ḍèk abad kaping 4 lan 5 wis ana, déné titi mangsaning adegé ora kawroehan. Ratoe-ratoené darah Poernawarman. Mirit saka gambar-gambar kembang toendjoeng kang ana ing watoe watoe patilasan, darah Poernawarman ikoe paḍa nganggo agama Wisnoe.

Ing tahoen 414 ana Tjina aran Fa Hien, moelih saka enggoné soedjarah menjang patilasané Resi Boedha, ing tanah Inḍoe-ngarep mampir ing Tanah Djawa nganti 5 sasi. Ing caṭetané ana kang nerangaké mangkéné :

1. Ing kono akèh wong ora doewé agama (wong Soenḍa), sarta ora ana kang toenggal agama karo dhèwèkné: Boedha.
Bangsa Tjina ora ana, awit ora kaseboet ing caṭetané.
2. Barengané noenggang praoe saka Inḍoe wong 200, ana sing dedagangan, ana kang moeng leloengan baé, karepé arep paḍa menjang Canton.

Jèn mangkono dadi dalané dedagangan saka tanah Inḍoe-ngarep menjang tanah Tjina pantjèn ngliwati tanah Djawa. Ing taoen 435 malah wis ana oetoesané Ratoe Djawa-koelon menjang tanah Tjina, ngatoeraké pisoengsoeng menjang Maharadja ing tanah Tjina, minangka tanḍaning tetepoengan sarta moerih gampang lakoening dedagangan.

Karadjan Taroemanagara maoe ora kasoemoeroepan pirang taoen soewéné lan kaprijé roesaké. Wong Inḍoe ana ing kono ora ngowahaké adat lan pangoeripané wong boemi, awit pantjèn ora gelem moelangi apa-apa, lan wong boemi oega doeroeng doewé akal niroe kapinterané wong Inḍoe. Éwa déné meksa ana kaoenḍakaning kawroehé, jaikoe mbaṭik lan medel.