Babad Saka Kitab Suci/Yudas

Saka Wikisumber

ING wayah bengi ana wong mlaku mlipir-mlipir témboké omah ing Yerusalèm, nggoléki omah panggonané para pangarepé imam lan para ulama padha nglumpuk rerubukan enggoné arep nyepeng lan nyirnakaké Gusti Yésus. Wong mau wis kesurupan déning Iblis, mulané nggolèki omahé satruné Gusti Yésus. Atiné wis suwé ngendhem sengit, ketara saka mripaté sing mancereng. Wong sing apangawak Iblis mau jebul salah sawijiné muridé Gusti Yésus sing jeneng Yudas Iskariot.

Yudas mau, padha kaya sekabat liya-liyané, kayata: Pétrus, Yochanan utawa Yakobus, ora éman ninggal barang darbèké kabèh, mung perlu arep ndhèrèk Gusti Yésus, nanging lelabuhé sing semono mau bakal ora ana pituwasé apa-apa. Saiki Yudas wis yakin, jalaran wis bola-bali Gusti Yésus ngandikakaké apa sing bakal kelakon, malah wis wani nemtokaké, yèn Gusti Yésus bakal nemahi séda.

Sarèhné mengkono, atiné banjur malih sanalika, ati sing wedi lan éring malih dadi sengit lan gething. Sing dadi idham-idhamaning atiné larud kabèh .... Apa mengkono iku wekasané enggoné kepati-pati ndhèrèk Gusti Yésus apa mung dipurih neksèni enggoné arep séda? Lan yèn wis ditilar séda, kepriyé nasibé Yudas? .... Apa ora malah diwewada lan dipepoyok déning wong akèh sarta dielokaké: "Lah kaé panunggalané muridé guru apus-apusan!".....

O, sing kaya mengkono iku aja nganti kelakon!

Yudas mau enggoné ndhèrèk Gusti Yésus nganggo pangarah supaya bisa olèh kasugihan lan kamulyan, malah bokmenawa bakal bisa olèh pangkat bupati ana ing tatanan kraton anyar samangsa Gusti Yésus kersa jumeneng ratu .... Lan gagasan mengkono iku ora klebu gagasan sing ngayawara, waton Gusti Yésus kersa tumandang. Mangka wis kebuktèn yèn, wong golongan padha saiyeg arep njumenengaké ratu marang Gusti Yésus, nalika padha surak-surak lan giyak-giyak ngarak Gusti Yésus mlebu ing negara Yerusalèm klawan pamuji: "Hosanna! Hosanna!" ... Apa jalarané déné Gusti Yésus ora kersa minangkani sing dadi pangarep-arepé wong golongan, sing iya dadi pangarep-arepé Yudas?

Iku mula bukané Yudas ketuwuhan rasa gething marang Gusti Yésus, bosen ngrungokaké dhawuh pangandikané bab tobat lan piduwung, bab kapracayan lan katresnan .... Nanging Yudas ora tau ngrungu bab kamulyan lan kasugihan sing tansah diidham-idhamaké. Mulané Yudas rumangsa kecuwan. Nanging .. saiki arep mbudidaya bisané olèh pepulih....

Ing wayah bengi iku Yudas ngglenes ninggal Guru lan kancané padha sekabat lunga menyang ing parepatané para pangarepé bangsa Yahudi, ngaturaké kasaguhané enggoné arep ngulungaké Gusti Yésus; waton Yudas dikanthèni wong sikep gegaman sawetara, wis mesthi Gusti Yésus ora bakal mrucut saka ing tangané. Tekan semono enggoné Yudas arep nyidra marang Guruné.

Wiwitané para ulama mau padha ora ngandel yèn ana sekabat tegel ngulungaké Gurune marang mungsuh, nanging bareng ngrungokaké ujaré Yudas lan ndeleng polatan lan solah bawané sing ngendhem sengit, wong-wong mau padha banget bungahé sarta sarujuk mènèhi opah awujud dhuwit telung puluh sèkel selaka, kurang luwih ajiné pada karo setengah kilo selaka [utawa 120 ping dhuwit gaji buruh sadina]. Ujaré wong-wong mau: "Saiki ora perlu disrantèkaké tekan lebar riyaya, luwih becik sadurungé riyaya, mung kari ngentèni sasmitané Yudas baé!"

Ngrungu ujaré para ulama mengkono mau, Yudas manthuk sedya ngantepi kasaguhané. Atiné sing kecuwan bakal sida olèh pepulih, malah olèh tombok dhuwit telung puluh sèkel selaka!

ING wayah bengi iku uga Yudas énggal mulih menyang panggonané Guru lan kancané padha sekabat. Lakuné gegancangan mlipir-mlipir témbok murih aja nganti konangan ing wong. Mesthi baé Yudas nyidhem prakara mau ana ing ngarsané Gusti Yésus lan para sekabat liyané ora ana sing duwé panggrayangan ingatasé Yudas. O enggoné Yudas nganti tumindak mengkono iku ora saka karepé dhéwé, jalaran atiné wis kesurupan Iblis.

Yudas, panunggalané murid pilihané Gusti Yésus, saiki wis duwé tékad arep ngulungaké Gusti Yésus, Putrané Allah kang Maha suci. Mangka opahé mung telung puluh sèkel selaka!