Babad Saka Kitab Suci/Kurang Sawetara Dina...

Saka Wikisumber

ÉSUKÉ Gusti Yésus tindak manèh menyang ing Yerusalèm, sarta rawuh memulangana ing padaleman suci. Ora ana wong sing ngerti apa sing arep kelakon ing sajeroning minggu iku kejaba Gusti Yésus piyambak. Kurang sawetara dina, banjur.... éwadené Gusti Yésus isih ajeg sesrawungané karo wong akeh, isih ajeg memulang wong golongan bab sih katresnané Allah, nanging iya bab kaadilané.

Ana ing padaleman suci adaté wong-wong padha nyaosaké pisungsung dilebokaké ing pethi bèt-amal. Dhuwit sing dilebokaké iku minangka pisungsungé umat konjuk marang Gusti Allah.

Ing dina iku wong-wong sing padha mlebu ing padaleman suci iya nglebokaké dhuwit ing pethi bèt-amal mau. Nalika semono Gusti Yésus ningali randha miskin nglebokaké dhuwité mung rong igar, uniné mak klithik nibani dinar lan dhuwit perak liyané sing wis nglumpuk ing jero pethi. Miturut ajine dhuwit mung pisungsung sepelé, nanging Gusti Yésus ngandika: "Satemené pituturku ing kowé, enggoné nglebokaké pisungsung randha iki luwih akeh katimbang karo wong kabéh, awit wong-wong liyané enggoné nglebokake pisungsung marang Allah iku saka kaluwihané, balik randha iku saka kabutuhané, malah saduwèk-duwèké kang minangka panguripané, dilebokaké kabeh."

Mengkono enggoné Gusti Yésus paring piwulang marang wong akèh, yèn pisungsungé wong miskin iku ndadèkaké keparengé Allah ngungkuli pisungsungé wong sugih, waton enggoné nyaosaké pisungsung mau klawan saos sokur marang Allah.

Padaleman suci sadina muput kebak wong gilir gumanti mlebu metu ora ana pedhoté, wong saka sawrataning wilayahé bangsa Israèl prasasat ditumplak ing negara Yerusalèm. Lan sapa-sapa sing teka ing Yerusalèm mesthi padha nggolèki Gusti Yésus arep ngrungu piwulangé, awit durung tau ana Rabbi sing memulang kaya patrapé Gusti Yésus.

Nanging padaleman suci iya dadi papan nglumpuké para imam, para Farisi lan para ulama liyané. Wong-wong mau padha ngrungu piwulangé Gusti Yésus, nanging enggoné ngrungokaké piwulangé mau wis kadhasaran sengit lan gething. Enggoné padha nggethingi Gusti Yésus saya suwé saya banget, malah saupama wania, mesthi Gusti Yésus wis dicepèng lan disédani. Nanging wong-wong mau isih padha wedi marang wong golongan. Wong golongan katon enggoné padha asih lan sumuyud marang Gusti Yésus, yèn Gusti Yésus saiki dicepèng, mesthiné bakal ndadèkaké gégéré wong akèh.

Para ulama iku mung padha nyarèhaké atiné, pangucapé wong-wong mau: "Disrantekaké tekan lebar riyaya! Dikena iwaké aja nganti buthek banyuné!"

Nanging para ulama saben dina tansah padha rerembugan kepriyé patrap lan rékané enggoné arep ningkes satruné. Bola-bali ana wong kongkonané para ulama marek ing ngarsane Gusti Yésus, nganggo pawadan arep nyuwun priksa kaya patrapé murid nyuwun priksa marang guruné, nanging sajatiné arep masang kala jiret supaya oleha dhadhakan enggoné arep nyepeng Gusti Yésus banjur kaladèkaké marang ngareping pradata. Nanging Gusti Yésus wis uninga ing saolah-kridhaning satru, mulané dhawuh wangsulané tansah bisa gawe kejodhèrané wong-wong mau. Nanging marga saka kang mengkono mau, malah saya mundhak pangigit-igité para ulama marang Gusti Yésus. Lan iku mung muwuhi trenyuh ing galihé.

Para pangarepé bangsa Yahudi padha wangkot atiné lan ora gelem ngaku yèn Gusti Yésus iku Putrané Allah kang rawuhé perlu ngluwari jagad saka ing pamisésaning dosa, malah wong-wong mau tansah nindakaké réka-daya supaya saumat kabèh aja nganti padha duwé panganggep kang mengkono iku.

Yerusalèm, negara suci, wekasané bakal nampik marang Sang Mesih, kang rawuhé wis wiwit jaman kuna dianti-anti déning umat Israèl lan kang pangwasané bisa gawé mongkoging atiné wong Israèl.

Iku mau kang njalari trenyuhing galihé Gusti Yésus.

Ing sawijining dina Gusti Yésus ngandika: "Èh Yerusalèm, Yerusalèm, .... wis nganti ping pira enggonku arep nglumpukaké anak-anakmu, padha kaya babon enggoné nglumpukaké kuthuké sangisoring swiwiné, mangka kowé padha lumuh!"

Mengkono uga Gusti Yésus iya wis tau ngandikakaké bab paukuman lan bilai kang bakal nempuh negara Yerusalèm, krana enggoné nampik marang Panjenengané.

GUSTI Yésus nalika semono uga ngandikakaké bab apa kang bakal kelakon, mangka enggoné ngandika mengkono iku nganti bola-bali, temahan para sekabat padha duwé pangira yèn Gusti Yésus ora bakal jumeneng ratu ing Yerusalèm kaya sing dadi pangarep-arepé nalika wiwitan .... Sangsara lan bilai warna-warna bakal nempuh bangsa Israèl, malah para sekabat dhéwé bakal ngalami nandhang sangsara uga ....

Nanging wekasané para sekabat mau bakal kaparingan kamulyan, angger padha ngantepi kasetyané marang Guru lan Gustine. Dhawuhé Gusti Yésus: "Sing sapa mantep nganti tumeka ing wekasan, iku kang bakal kapitulungan rahayu."

MUNGGUH negara Yerusalèm, kepriyé bakal kadadeyané?

Ing sawijiné dina nalika Gusti Yésus tedhak nilar padaleman suci, sekabaté banjur padha marek ngaturi ningali éndahing yeyasané padaleman iku. Ing kono dhawuhé Gusti Yésus: "Bésuk ing kéné bakal ora ana watu dilestarèkaké tumumpang ing watu, kang ora bakal dijugrugaké."

Para sekabat padha kaget ngrungu pangandika mengkono iku. Apa padaleman suci sing semono gedhéné lan sing kaéndahané ngasoraké kedhaton, apa padaleman sing katon bakuh lan santosa iku arep dijugrugaké? Apa sebabé?

Bareng wis ana ing sajabané negara, ana ing gunung Zaitun, Gusti Yésus pinarak diadhep para sekabat, kambi nyawang marang Yerusalèm saka kadohan, ing kono Gusti Yésus banjur ngandikakaké sangsara kang bakal nempuh negara Yerusalèm dalah padalemané suci. Bakal ana sabawa lan pawartaning perang, bakal ana bangsa nempuh marang padha bangsa lan kraton padha kraton, lan ing pirang-pirang panggonan bakal ana pailan, pageblug lan lindhu. Yerusalèm bakal katekan ing mungsuh, wong-wong sing padha manggon ing kono bakal padha ditumpes, lan nalika iku bakal ana sangsara gedhé, lan durung tau ana negara sing ngalami katempuh ing sangsara sing semono gedhéné.

Berkah peparingé Gusti Allah marang umat Israèl iku mawantu-wantu lan tanpa-wilangan akèhé, ngungkuli bangsa liya-liyané. Éwadéné bangsa Israèl tansah kurang narima. Lan ing wekasané Gusti Allah maringaké Putrané kang ontang-anting supaya ngolèhaké karahayon tumrap umat kagungané, éwadené bangsa mau nampik peparingé Allah sing pinunjul, lan wani nyenyamah lan nyawiyah marang Putrané Allah .... sarta nganti Panjenengané dicepeng lan disédani. Kurang sawetara dina, banjur ....

Nanging — ing tembé bangsa mau bakal nampani paukuman.

Bab bakal tekané sangsara gedhé iku dipangandikakaké déning Gusti Yésus marang sekabat klawan tetembungan kang banget nrenyuhaké ati.

ING séje dina Gusti Yésus iya ngandika marang wong golongan mungguh waktu kang bakal nekani sarana pasemon.

Ana wong sugih gawé pakebonan anggur, kang dipageri mubeng, disadhiyani kowèn pamipitan lan digawèkaké panggung pangungakan.

Sawisé dipajegaké marang wong among tani, wong sugih mau banjur lelungan menyang ing tanah manca.

Bareng wis wayahé panèn anggur, wong sugih mau kongkonan batur siji nemoni wong tani dipurih nampani panduman pametuné pakebonané sumurup ing pajegé .... Nanging sing duwé pakebonan mau kecuwan banget atiné. Jalaran satekané batur mau ana ing pakebonan, banjur dicekel lan digitiki sarta ditulak bali legèh.

Wong sugih mau banjur kongkonan batur liyane manèh, pangarep-arepé supaya wong among tani mau padha elinga marang kasaguhané, nanging baturé malah dibenturi watu nganti tatu sirahé, banjur ditulak lan diwirang-wirangaké.

Senajan wong among tani mau wis ketatalan yèn ambek culika lan ala, éwasemono wong sugih mau ora kentèkan kasabaran, isih kongkonan batur liyané manèh, nganti bola-bali; ana sing dipilara, malah ana sing dipatèni. Wis cetha banget, yèn kasabarané wong sugih mau ora ndadèkaké kendhaking angkara-murkané wong among tani, sing bebasané wis mbeguguk nguta wathon.

Dené wong sugih mau mung kari duwé wong siji sing kena dikongkon, yaiku anak lanang sing dikasihi. Ing wekasané anaké lanang mau iya dikongkon menyang ing pakebonané anggur, osiké: "Yèn sing teka mrana anakku dhéwé, mesthiné wong-wong iku padha éring lan ora wani gendhak-sikara!"

Nanging bareng padha weruh yèn sing teka saiki anaké sing duwé pakebonan, wong-wong tani mau malah padha sapocapan: "Lah iku ahli-warisé, payo dipatèni, lemah pakebonan iku kita kang duwéni!" Anaké wong sugih mau banjur dicekel, dipatèni lan dibuwang ing sajabané pakebonan.

NALIKA Gusti Yésus mungkasi pasemon iku mau, banjur ndangu mengkéné: "Kang iku wong among tani mau bakal dikapakaké déning kang duwé pakebonan, samangsa teka dhéwé mrono?" Kang kadangu padha munjuk: "Tiyang durjana mekaten punika mesthi sami dipun tumpes kaliyan siya-siya, sarta pakebonanipun dipun pajegaken dhateng tiyang among tani sanèsipun, ingkang badhé ngladosaken pamedalipun ing kala mangsanipun."

Para pangarepé imam lan para Farisi, bareng ngrungu dhawuh pasemoné iku, mung padha meneng baé, nanging satemené padha nggegem watu, jalaran wis rumangsa yèn awaké sing disemoni. Para ulama mau wis padha nyandhak yèn wong sugih sing majegaké pakebonané anggur marang wong among tani iku mralambangi Gusti Allah piyambak kang maringake tanah kang mili powan lan madu iku marang bangsa Israèl. Nanging umat Israèl iku ora tau nyaosaké panuwun sokur marang Allah, lan ora tau ngantepi katresnan lan kasetyané. Ing jaman biyèn akèh para nabi utusané Allah nekani bangsa mau kadhawuhan ngelingaké, nanging malah padha dikaniaya lan dipatèni. Gusti Allah tansah nandukaké kasabaran marang umat kagungané nganti ambal-ambalan Gusti Allah ngutus para abdiné, nanging bangsa Israèl tansah mang kotaké atiné .... Lan wekasané Gusti Allah banjur ngutus Kang Putra ontang-anting marang jagad, iya marang bangsa Israèl ....

Nanging wong iku? .... Para ulama padha gregetan ngrasakaké Rabbi saka Nasarèt iku! Apa wong iku arep mlimpingi yèn awaké iku dadi Putrané Allah lan para ulama dadi wong among tani sing ambek angkara-murka? Lan apa arep nyemoni enggoné para ulama golek rékadaya nyirnakaké wong iku lan ing wekasané kudu nampani paukuman? Lan apa tanah pusaka tilarané para leluhur ing tembé bakal kaparingaké marang bangsa liya? ....

Wah, kok mejanani temen wong iku! Mokal yèn wong iku kena digugu tembungé! Piwulangé kabèh iku goroh lan ngayawara! ....

Nanging satemené pangandikané Gusti Yésus iku kabèh nyata. Apa sing didhawuhaké mau kabèh bakal kelakon lan paukuman tumrapé bangsa sing murang sarak iku mesthi bakal nekani!

ANA manèh pangandikané Gusti Yésus bab prakara-prakara kang bakal kelakon, nanging pangandikané saiki isi panglipur tumrap para sekabat lan tumrap para murid liya-liyane sing padha trésna murang Gusti Yésus. Kurang sawetara dina Panyenengané bakal nilar jagading karaméan banjur sumengka kondur menyang swarga, sowan marang ngarsané Kang Rama, nanging .... ing tembé Panjenengané bakal rawuh manèh.

SAMANGSA KOWÉ PADHA WERUH PANGÉWAN-ÉWANING PANGRUSAK

Bab prakara mau dipangandikakaké sarana pasemon.

Ing sawijining negara ana wong duwé gawé mantu. Nalika pangantèné lanang metu diarak mitra-mitrané menyang omahé pangantèn wadon, wong-wong sing kari wis padha tata-tata arep methuk baliné pangantèn. Mengkono tata-carané ing negara mau.

Ana prawan sepuluh sing padha arep mèlu methuk pangantèn, budhalé saka omahé padha nggawa damaré dhéwé-dhéwé, awit wayahé wis bengi. Wong-wong sing padha methuk ngentèni ing dalan; mengko yèn pangantèné teka, banjur arep padha nggrubyug mèlu ngarak pangantèn nganti mlebu ing papaning karaméan. Wong-wong sing padha arep ngarak pangantèn mau kabèh nggawa damar, ora ana siji baé sing ora cumawis damaré. Ing sauruting dalan katon padhang déning urubing damar pating klencar, kabèh mau minangka pakurmataning pangantèn.

Kocapa prawan sepuluh mau, sing lima tanpa pikir, sing lima pinter. Prawan sing tanpa pikir mau enggoné nggawa damar ora nganggo nggawa andhungan lenga, dadi samangsa damaré mati, ora ana sing kagawé ngejogi, kosokbaliné prawan sing pinter padha nggawa lenga andhungan ana ing wadhahé.

Sarèhné suwé enggoné padha ngentèni, mangka pangantèné durung paja-paja teka, prawan mau dadi karipan kabèh nganti padha keturon, lan damaré dienggeng murub, temah suwé-suwé lengané entèk.

Bareng wayah tengah bengi dumadakan ana alok-alok: "Pangantèné teka, pangantèné teka, pada pethuken!" Prawan sepuluh mau tumuli padha tangi kabèh, banjur wiwit nata damaré; damar sing wis entèk lengané banjur padha diejogi lan disumed. Nanging bareng prawan sing tanpa pikir arep nata damaré, banget kagèté, jalaran lengané wis entèk, mangka ora nggawa lenga andhungan, mulané banjur padha nembung marang kang pinter: "Aku mbok padha kotulungi lengamu, awit damarku wis entèk lengané! Yèn ora kotulungi, aku mesthi padha ora bisa mlebu ing papaning karaméan." Nanging prawan sing pinter padha mangsuli: "Aja, supaya aku lan kowé aja nganti padha kecupetané, angur padha menyanga enggoné kang adol, tukua dhéwé." Salungané prawan sing tanpa pikir mau tuku lenga, pangantèné teka, ramé suraké wong-wong sing padha mangayubagya tekané pangantèn, banjur padha diarak mlebu ing bawahan. Prawan lima sing wis padha miranti banjur padha mèlu menyang ing papaning karaméan; bareng pangantèn sapangiringé wis padha mlebu kabèh, lawangé banjur kakancing.

Prawan lima sing lagi lunga golèk lenga kepriyé?

Satekané ing ngarep omahé pangantèn, lawangé tinemu wis kakancing rapet. Saka ing jaba prawan mau padha ngrungu giyak lan suraké wong-wong sing lagi padha bungah-bungah mahargya pangantèn. Prawan mau banget kepénginé mlebu ing bawahan, nanging ora bisa, banjur padha thothok-thothok sarta aturé: "Bendara-bendara, kula mugi sami kawenganana!" Nanging saka ing jero pangantèn lanang mangsuli: "Aku ora wanuh ing kowé." Dadiné prawan lima sing tanpa pikir mau padha kari ana ing jaba, ing panggonan sing adhem lan peteng, mangka ing papaning karaméan ana pepadhang lan sabawaning kabungahan gedhé ....

Sarampungé ndhawuhaké pasemon mau, Gusti Yésus banjur ngandika: "Kang iku kowé padha melèka, awit kowé padha ora weruh dina lan wayahé bésuk rawuhé Putrané manusa.

PARA sekabat wis bisa nyandhak eliding pasemon mau: sing disebut pangantèn ana ing pasemon iku ora liya mung Gusti Yésus piyambak, lan para muridé sing padha trésna marang Panjenengané iku kadhawuhan ngentèni rawuhé kang kaping pindho, sawisé Panjenengané séda. Lan supaya padha bisa kuwat lan mantep enggoné padha ngentèni nganti sarawuhé, para murid kadhawuhan padha ngukuhaké katresnan lan kapracayan, kayadéné damar, supaya bisa lestari urubé, kudu ana isiné lenga, malah kudu disedhiyani lenga andhungan.

Lan mungguh bakal rawuhé manèh marang jagad, para murid padha nyuwun priksa marang Gusti Yésus mengkéné: "Gusti, bénjing punapa badhé kelampahanipun prakawis punika."

Ing kono Gusti Yésus banjur ngandika yèn waktuné iku digawé samar, dhawuhé: "Nanging mungguh dinané lan wayahé iku ora ana kang sumurup, dadia para malaékat kang ana ing swarga, dadia Sang Putra, kejaba mung Sang Rama!"

Nanging kayadéné bakal ana lelakon kang nggegirisi sadurungé Yerusalèm kagempur, mengkono uga bakal ana lelakon kang luwih nggegirisi sadurungé Putrané manusa rawuh manèh ing jagad: bakal ana pailan, perangé bangsa nglawan padha bangsa, pageblug lan lindhu .... Nanging dina lan wayahé digawé samar. Karodéné Injil kudu kaundhangaké wrata ing sajagad kabèh, minangka dadi paseksi marang sakèhé para umat.

Yèn wis kelakon kabèh, banjur lagi baé tumeka ing dina wekasan, yaiku dinaning Pangadilan. Ing kono saisining jagad bakal padha ndeleng Gusti Yésus rawuh nitih mégane langit, ngagem pangwasa lan kamulyan gedhé; Panjenengané jumeneng Raja ing swarga lan ing bumi, ginarebeg ing para Malaékat suci, lan Panjenengané pinarak ana ing dhamparing kamulyan.

Ing kono sakèhé para umat ing salumahing bumi bakal padha kaklumpukaké ana ing ngarsané kaya ana ing ngarsané Hakim. Padha kaya pangon enggoné nyilah-nyilahaké wedhus gembel karo wedhus berok, mengkono uga Gusti Yésus iya bakal nyilah-nyilahaké para umat. Kang gèmbèl padha diprenahaké ana ing tengene, lan kang berok ana ing kiwané. Tumuli Panjenengané bakal ngandika marang kang ana ing tengené mau: "Hé para kang binerkahan déning Ramaningsun, mara padha nampanana warisan kraton, kang wus kacawisaké marang sira wiwit jagad tinalesan. Awitdéné nalika Ingsun kerapan, sira saosi dhahar, nalika Ingsun kasatan, sira soasi ngunjuk, nalika Ingsun lelana, sira saosi pakuwon, nalika Ingsun kelukaran, sira agem-agemi, nalika Ingsun gerah, sira tiliki, nalika Ingsun kinunjara, sira temoni."

Ing kono para wong sampurna mau bakal padha mangsuli, unjuké: "Dhuh Gusti kala punapa Panjenengan dalem kawula tingali kerapan, lajeng kawula saosi dhahar? utawi kasatan, kawula saosi ngunjuk? Kala punapa Panjenengan dalem kawula tingali lelana, lajeng kawula saosi pakuwon? utawi kelukaran, kawula agem-agemi? Mekaten malih kala punapa Panjenengan dalem kawula tingali gerah utawi kinunjara, lajeng kawula sowani?"

Ing kono Gusti bakal mangsuli, pangandikané: "Satemené dhawuhingsun marang sira: Sepira panggawénira mengkono mau marang sedéngaha para saduluringsun kang cilik dhéwé iki, yaiku panggawénira marang Ingsun."

Sawusé mengkono Gusti iya bakal ngandika marang kang ana ing kiwané: "Èh wong kang kena ing laknat, padha sumingkira saka ing ngarsaningsun menyang ing geni langgeng kang wus kacawisaké marang Iblis lan samalaékaté. Awitdéné nalika Ingsun kerapan, ora sira saosi dhahar, nalika Ingsun kasatan, ora sira saosi ngunjuk, nalika Ingsun lelana, ora sira saosi pakuwon, nalika Ingsun kelukaran, ora sira agem-agemi, nalika Ingsun gerah utawa kinunjara, ora sira tiliki."

Ing kono wong mau bakal padha mangsuli, unjuké: "Dhuh Gusti, kala punapa Panjenengan dalem kawula tingali kerapan utawi kasatan, lelana utawi kelukaran, gerah utawi kinunjara, mangka boten kawula ladosi?"

Gusti iya bakal maringi wangsulan, pangandikané: "Satemené dhawuhingsun marang sira: Sepira ora anané panggawénira mengkono mau marang sedhéngaha para kang cilik déwé iki, iya iku ora ana panggawénira mengkono marang Ingsun."

Déné wong-wong iku bakal padha lumebu ing siksa langgeng, nanging para wong sampurna padha lumebu ing urip langgeng.

PARA sekabat padha ngrungokaké klawan tumemen, lan saiki luwih cetha panampané marang dhawuhé Gusti Yésus mungguh ing angger-angger kang gedhé dhéwé, kaya sing wis dipangandikakaké marang wong Farisi, mengkéné: "Sira tresnaa marang Pangéran Allahira diklawan gumolong atinira, lan gumolong nyawanira, sarta gumolong budinira, apadéné klawan sakakuwatanira. Iya iku pakon kang luhur dhéwé, déné kang kapindho kang padha uga kaya kang ngarep mau: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé."

Mengkono manèh saiki dadi saya luwih cetha tumrapé para sekabat, yèn Gusti ora kersa yasa kraton kadonyan, nanging yèn ing tembé Panjenengané bakal rawuh manèh, banjur jumeneng Ratu ngerèhaké jagad lan swarga.

Déné para sekabat lan wong-wong sing padha tresna marang Panjenengané kadhawuhan padha ngentèni klawan sabar mantep; lan padha kadhawuhan tansah padha dhangan tetulung marang sedhéngah wong kang ringkih lan asor, marang sedhéngah para kang cilik, kang padha ditresnani déning Gusti piyambak.

Para sekabat mung padha nyawang marang Gusti Yésus, sedhihing atiné ketara ana ing polatané. Gèk bésuk apa enggoné Gusti arep nilar para kagungané?

Senajan katoné padha ngandhut sedhih, éwasemono isih ana pangarep-arep kang nuwuhaké kabungahan: ing tembé Gustiné, Juru Slameté, bakal rawuh manèh lan bakal jumeneng Ratu, malah Ratuning kalanggengan!