Babad Saka Kitab Suci/Bujana Paskah Kang Wekasan

Saka Wikisumber

KACARITA nalika semono mbeneri dina kang kalima ing sajeroning minggu sing lagi lumaku. Ing dina iku saben brayat Israèl nyembelèh cempé lan ngolah roti tanpa ragi apadéné jangan kang pait ....

Patrapé bangsa Israèl mengkono iku ngleluri tata-carané para leluhur ing jaman kuna, nalika Gusti Allah ngarepaké ngentas bangsa Israèl saka ing pangawulan ing tanah Mesir, lan sapungkuré iku patrap mengkono mau saben taun tansah dileluri déning bangsa Israèl nganti tekan jaman semono, senajan wis let pirang-pirang atus taun.

Adat mengkono mau diarani riyaya Paskah, riyaya sing kebak kabungahan lan panuwun sokur marang sih kadarmané Allah.

Ing jaman kuna nalika wiwitané bangsa Israèl nampani dhawuh supaya nganakaké riyaya mau, dadi nalika bangsa mau ngarepaké budhal saka ing tanah Mesir, saben brayat Israèl ana ing omahé dhéwé padha kembulan mangan daging cempé panggangan karo roti tanpa ragi lan jangan pait.

Saiki, ing jamané Gusti Yésus, ing dina wiwitané riyaya Paskah, bangsa Israèl kabèh iya padha arep kembulan mangan Paskah ana ing omahé dhéwé-dhéwé, Nalika semono Gusti Yésus ngutus Pétrus lan Yochanan dhawuhé: "Kowé padha lungaa nyawisaké enggon kita padha mangan Paskah." Unjuké kang diutus: "Karsa Tuwan anggèn kawula nyawisaken wonten ing pundi?" Dhawuh wangsulané Gusti Yésus ora kaya salumrahé wong yèn ngancer-anceri prenahé omah utawa jenengé wong sing kudu diparani. Pétrus lan Yochanan mau mung kadhawuhan menyang ing negara, ing sacedhaking gapura bakal kepethuk karo wong sing ngindhit jun isi banyu. Wong mau kudu dietutaké nganti mlebu ing omah. Pétrus lan Yochanan kadhawuhan mlebu ing omah kono uga lan matur marang kang duwé omah mengkéné: "Piwelingipun, Guru dhateng sampéyan: Ana ing ngendi gedhong pamondhokan, panggonanku mangan Paskah karo sekabatku." Wong mau mesthi bakal nuduhaké gedhong gedhé lan ing lotèngé wis ditata miranti kanggo kaperluané Paskah. Lan ana ing lotèng mau Pétrus lan Yochanan padha kadhawuhan nyawisaké Paskah.

Dhawuh wangsulané Gusti Yésus mau, senajan semuné durung pati gumathok, nanging tumrapé Pétrus lan Yochanan pangandikané Guruné iku wis dianggep padha karo prakara sing nyata. Bareng padha dilakoni apa sapiwelingé Gusti Yésus, tinemuné kabèh ora ana sing nlisir. Ana ing kono Pétrus lan Yochanan banjur padha nyawisaké Paskah.

Bareng wis tumeka wayahé, Gusti Yésus karo para sekabaté rawuh ing panggonan kang katata miranti mau. Karo para sekabate kabèh .... dadiné Yudas iya ndhèrèk. Nanging sedyaning atiné sing ala ora ana sing ngerti, kejaba Gusti Yésus piyambak.

Satekané ing lotèng, trumpahé padha dicopoti lan ditinggal ing sangarepé lawang; para sekabat énggal padha mapan ana ing resban sing ditata sakupengé méja dhahar .... Nalika iku ora ana batur sing ngwisuhi sikilé para tamu, kaya sing dadi adat kalumrahané bangsa Israèl sadurungé para tamu diacarani mapan lenggah.

Nanging .... senajan ora ana batur, para sekabat satemené rak bisa nindakaké pagawéan mau dhéwé, awit ing kono wis disadhiyani banyu sapirantiné wisuh kabèh. Nanging sapa sing gelem nglakoni pagawéaning batur? Para sekabat rolas mau ora ana siji baé sing gelem ngesoraké awak, ngladèni kancane; kabèh padha ngarah supaya diladèni, dadiné luwih kajèn. Pancèn ing sadurungé wis ana diya-diniya ing antarané para sekabat bab panunggalané sapa sing dadi pangarep ....

. . . . BANJUR LEKAS NGWISUHI SIKILÉ PARA SEKABAT . . . .

Mungguh Gusti Yésus piyambak kepriyé? .... Panjenengané mirsani sakabèhing rasa-pangrasa sing ana ing atiné para sekabat, mulané banjur keparang maringi pameléh. Bareng kabéh wis padha mapan ana ing papané dhéwé-dhéwé, Gusti Yésus banjur jumeneng saka ing bujana, lukar pangageman, sarta mendhet lawon, tumuli ngesok banyu ing pawisuhan, banjur lekas ngwisuhi sikilé para sekabat, sarta diusapi nganggo lawon sing diubedaké mau.

Para sekabat padha weruh apa sing ditindakaké Gusti Yésus, temah padha rumangsa kewelèh. Gusti Yésus nindakaké pagawéan sing adaté dilakoni déning batur. Panjenengané sing mesthiné kudu diladosi déning para sakabaté, saiki malah ngladosi. Panjenengané kang maha suci lan kagungan pangwasa, kersa ngesoraké sarira nganti jèngkèng ana ing ngarepé para sekabat ngwisuhi sikilé. Para sekabat ngerti piwulang apa sing diparingaké sarana patrap mengkono mau. O, la kok mau-mau ora ana sing duwé gagasan wisuh dhéwé utawa ngwisuhi kancané!

Mengkono sabacuté para sekabat padha genti-genti diwisuhi sikilé dening Gusti Yésus, nanging satekané ing panggonané Simon Pétrus, ing kono Pétrus mopo. Pétrus weruh enggoné Gusti Yésus jèngkèng ing ngerepé kanca-kancané lan ngwisuhi sikilé, nanging ing batin Pétrus ora lila ndeleng Gusti Yésus nindakaké panggawéan batur, gagasané: "Aja nganti aku diwisuhi Gusti!" Bareng Gusti Yésus wis jèngkèng ana ing ngarepé, Pétrus kepeksa munjuk: "Gusti, punapaa Tuwan kersa ngwisuhi suku kawula?" Nanging Gusti Yésus banjur paring wangsulan, pangadikané: "Panggawéku iki samengko kowé durung nyandhak tegesé, nanging bésuk kowé bakal ngerti!" Senajan Pétrus saiki durung ngerti, éwadéné meksa mopo, unjuké: "Ing salami-laminipun sampun ngantos Tuwan ngwisuhi suku kawula." Nanging Gusti Yésus banjur mangsuli pangandikané: "Menawa kowé ora dakwisuhi, dadi ora nunggal panduman karo Aku." Pangandikané Gusti mengkono iku gawé kagèt lan getuné Pétrus, awit ora nyana babar pisan yèn unjuké mau bakal mitunani awaké dhéwé. Ora nunggal panduman karo Gustine, dadiné ora kepareng ndhérék ing satindaké lan ora kepareng dadi sekabaté? O, muga-muga sing kaya mengkono aja nganti kelakon! .... Pétrus wis mantep tékadé arep ndhérék Gusti Yésus klawan gumolonging atiné ing sajegé urip, mulané gupuh-gupuh unjuké: "Gusti, sampun ngamingaken suka kawula kémawon, mugi dalah tangan kaliyan sirah pisan." Enggoné Pétrus munjuk mengkono iku karepé masrahaké jiwa lan ragané supaya kepareng nunggal karo Gustiné. Nanging iku ora perlu, wis cukup yèn sikilé baé sing diwisuhi. Kaya mengkono patrapé Gusti Yésus enggoné ngladosi Pétrus lan sekabat liya-liyané, nganti kabèh padha diwisuhi sikilé.

Gusti Yésus sarampungé ngwisuhi sikilé para sekabat, banjur ngagem pangagemané sarta pinarak manéh ngepang méja lan ngandika: "Kowé apa padha nyandhak tegesé panggawéku marang kowé iku mau?"

APA para sekabat padha bisa nyandhak piwulang sing diparingaké Gusti Yésus sarana pandamelé mau? Para sekabat mung padha tumungkul isin lan ora munjuk apa-apa. Enggoné padha mangkat menyang ing bujana Paskah mau atiné wis nggawa rasa ora kepénak, jalaran kaya-kaya wis ngarepaké prakara sing nggegirisi, sing asring dipangandikakaké déning Gusti Yésus piyambak. Bola-bali Gusti ngandikakaké bab bakal sédané .... Mangka atiné wis kadhung tresna marang Panjenengané, lan yèn Gustiné nganti nemahi séda temenan, gèk kepriyé polahé? Mulané ora nggumunaké yèn tekané ana ing bujana Paskah mau atiné wis ngandhut sedhih.

Ewadéné senajan ana prakara sing luwih déning gawat, para sekabat isih padha kober diya-diniya rebut ngarep, nanging saiki padha ngerti, yèn enggoné padha padu mau mungmuwuhi trenyuhing galihé Gustiné.

Nanging Gusti Yésus ora ketingal yèn rengu galihé, lan para sekabat padha ora didukani. Gusti Yésus mung mundhut wadhah banyu lan lawon, banjur ngwisuhi sikilé para sekabat. Panjenengané ngesoraké sarira ngladosi para sekabat. Sarana patrap mengkono Gusti Yésus nedahaké klawan cetha apa sing kudu ditindakaké para sekabat. Para sekabat diparingi tuladha yèn kudu padha ngesoraké awak, lan ngladèni pepadhané klawan katresnan.

Bareng para sekabat mung padha meneng bae, Gusti Yésus nglajengaké pangandikané: "Aku kosebut Guru lan Gusti, lan wus bener panyebutmu iku, awit dhasar mengkono Aku iki. Kang iku menawa Aku iki kang dadi Gusti lan Guru, wus ngwisuhi sikilmu, dadi kowé iya padha kuwajiban wisuh-winisuhan sikil. Awit Aku wus awèh tuladha marang kowé, supaya kaya kang dadi panggawéku marang kowé, kowé iya padha nglakonana mengkono uga. Satemen-temené pituturku ing kowé: Kang jeneng abdi iku ora ngungkuli bendarané, utawa kang jeneng utusan iya ora ngungkuli kang ngutus. Menawa kowé sumurup prakara iku, rahayu kowé menawa iya padha nglakoni." Para sekabat saiki wis cetha pangertiné marang piwulang sing diparingaké Gusti Yésus, lan banjur padha kelingan pangandikané bab andhap-asor mengkéné: "Sing sapa mélik dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia budhaking akèh".

ENGGONÉ padha ngepung bujana Paskah dibacutaké, nanging papan ing bujana mau kaya-kaya kalimputan ing swasana sedhih. Para sekabat ora ana sing kumecap. Gusti Yésus banjur ngandika manèh: "Wus banget kepénginku mangan Paskah karo kowé sadurungé Aku nandhang sangsara. Awit pituturku ing kowé: Aku bakal ora mangan iku manèh kongsi tumeka bésuk kayektèné ana ing kratoné Allah." ....

Rungokna ta, saiki Gusti Yésus ngandikakaké manèh bab enggoné bakal nandhang sangsara lan séda; pangandikané iku dudu saloka utawa pasemon, nanging pangandika wantah, wong sing ngrungu mesti ngerti kersané.

Para sekabat padha nyawang Gusti Yésus klawan sedhih, kaya patrapé wong sing padha nyawang seduluré sing arep pecat nyawa lan sedhéla engkas talining katresnan mesthi pedhot déning dayaning pati. Para sekabat padha rumaket marang Gustiné lan Gusti Yésus piyambak iya kasok tresnané marang para sekabaté. Gusti Yésus kepéngin banget dhahar Paskah bareng karo para sekabat sadurungé séda, dadi mung kari sepisan iki enggoné padha bisa tetunggalan, nanging tetunggalan sing wekasan lan sing banget nrenyuhaké.

Nanging para sekabat malah saya samar lan ngungun atiné apadéné kodheng pikiré, bareng ngrungu Gusti Yésus ngandika manèh: "Satemené pituturku ing kowé: Sawijining panunggalanmu bakal ngulungaké Aku."

Ngulungaké? Ngulungaké Gusti marang mungsuh? Ngulungaké Guru lan Gustiné sing padha ditresnani lan sing suci sampurna tanpa kaluputan? Dadi nyidra marang Guruné sing mung tansah nindakaké kasaénan? Kaya-kaya ora ketemu ing nalar yèn nganti kelakon mengkono!

Nanging prakara iku mesthi bakal kelakon temenan, jalaran Gusti piyambak sing ngandikakaké. Gusti Yésus isih nyambeti pangandikané: "Lungané Putrané manusa iku iya nurut ing pepesthèn, nanging bilai wong kang dadi margané enggoné kaulungaké. Begja wong iku saupama ora kelakona lair."

Para sekabat tumuli padha pandeng-pinandeng kambi melang-melang, sapa baya kang dipangandikakaké iku. Ing batin padha nakoni awaké dhéwé-dhéwé: "Apa nganti kelakon aku ngulungaké Gustiku dhéwé?" Para sekabat banjur padha nyedhaki Gusti Yésus sarta genti-genti padha munjuk: "Kawula rak boten, Gusti?" Kaya-kaya para sekabat mau padha arep munjuk mengkéné: "O, Gusti, mugi kawula Tuwan ayomi, sampun ngantos nglampahi pandamel maksiyat punika!"

Yochanan, sekabat sing tansah cedhak karo Gusti Yésus, enggoné lungguh ana ing sandhing pangkoné. Iku banjur disasmitani déning Pétrus kapurih munjuk pitakon sapa sing dipangandikakaké iku. Panunggalané para sekabat salah siji! Gèk sapa wongé? Yochanan mau banjur manglung ing jajané Gusti Yésus sarta munjuk pitakon: "Gusti, sinten tiyangipun?"

Gusti Yésus banjur paring wangsulan cetha: "Kang bakal dakwènèhi pulukan sawusé dakcelupaké, iya iku wongé." Nanging pangandika mau mung Yochanan dhéwé sing ngrungu.

Nalika semono lungguhé Yudas adhep-adhepan karo Gusti Yésus. Bareng ngrungu pangandikané Gusti Yésus bab wong kang bakal ngulungaké Panjenengané, yaiku panunggalané para sekabat, Yudas kagèt banget. Apa Gusti iya wis pirsa tekan ing batiné, yèn kebak pangarah ala lan pangigit-igit marang Panjenengané? Nanging senajan rumangsa wis kejodhèran, sedyané sing ala mau arep disamudana, mulané banjur mèlu munjuk kaya sekabat liya-liyané: "Kawula rak boten ta, Rabbi?" Ing kono wangsulané Gusti Yésus ora ngagem tèdhèng aling-aling: "Kowé wus ngarani!" Dhawuh wangsulan mau tumadané kaya sumelèté cemethi ana ing rainé Yudas. Pangandika mau cethané mengkéné: "Iya, Yudas, kowé dhéwé wis ngrumangsani. Apa perluné kowé ndadak isih nganggo samudana?"

Gusti Yésus banjur mendhet roti pulukan, sawisé dicelupaké, diparingaké marang Yudas. Sawisé nampani pulukan mau, Yudas banjur dipangandikani déning Gusti Yésus: "Kang dadi sedyamu iku énggalna!"

Para sekabat sing padha kembulan kabèh ora ana sing ngerti apa tegesé pangandikané Gusti Yésus marang Yudas mau. Ora ana sing nyana babar pisan yèn panggawé sing arep dilakoni Yudas iku nggegirisi banget. Malah ana sing duwé pangira, sarèhné Yudas kang nyekel kantong dhuwit, dadi didhawuhi déning Gusti Yésus supaya tukua kang dadi kaperluanè riyaya Paskah mau, utawa dikersakaké dedana marang wong miskin.

Déné Yudas sawisé nampani pukulan mau, banjur ngadeg, lan metu tanpa pamit saka ing kono. Mangka wayahé bengi.

Ana ing papaning bujana, ing panggonan sing padhang, cedhak karo Gusti Yésus sing bisa nguningani tekan ing dhedhasaring ati, ana ing kono Yudas tansah rumangsa ora kepenak atiné. Nanging bareng tekan ing jaba ing panggonan sing peteng, atiné lagi bisa jenjem. Pancèn piala iku mungguh banget dumunung ana ing pepeteng.

KOCAPA salungané Yudas, bujanané Paskah dibacutaké. Gusti Yésus mirsani para sekabat, saiki mung kari sewelas, awit Yudas wis lunga. Bareng karo lungané Yudas, rasa sing nyengkal lan slénca ana ing pajagongan iya banjur ilang sanalika. Gusti Yésus saiki mung diadhep para sekabaté sing padha wedi asih marang Panjenengané. Sawusé padha saos sokur nganggo kidung pamuji, kaya adaté wong Israèl sadurungé mangan Paskah, Gusti Yésus banjur mendhet roti, sawisé diberkahi, tumuli dicuwil-cuwil lan diparingaké marang para sekabat, kambi ngandika: "Padha tampanana, panganen, iki badanku." Nuli mendhet tuwung isi anggur, sawisé saos sokur, banjur diparingaké marang para sekabat, dhawuhé: "Padha ngombéa kabèh ing tuwung iki, awit iku getihku kang mungguh ing prajanjian anyar, kang kawutahaké kanggo ing akèh murih apuraning dosa." Para sekabat padha mangan roti lan ngombé anggur peparingé Gusti kambi nyawang Panjenengané klawan gumun.

Gusti Yésus iya ngandika: "Enggonmu padha nglakoni iku gawénen pangéling-éling marang Aku." .... Nanging apa kersané maringi dhawuh mengkono iku? Apa kersané supaya para sekabat aja nganti lali marang Panjenengané? Apa para sekabat kadhawuhan padha mangan roti lan ngombé anggur bebarengan minangka enggoné padha ngéling-éling marang Gusti lan Guruné? Apa mengkono sing dikersakaké?

Lan manèh apa maknané Gusti ngandika yèn roti iku sarirané lan anggur iku rahé kang kawutahaké? Nalika isih padha ngepung bujana, para sekabat durung ngerti tegesé pangandikané Gusti Yésus sing tansah ngéling-élingaké marang sangsara lan sédané. Apa nyata yèn mung kari sepisan iki enggoné padha bisa tetunggalan mangan Paskah karo Gustiné? Dadi iki bujana Paskah sing wekasan?

Para sekabat padha mangan roti lan ngombé anggur, ora ana sing kumecap, jalaran atiné kisruh déning gumun kaworan sedhih.

BÉSUK ing tembé, sawisé lelakon mau kepungkur suwé, para sekabat lagi bisa nyandhak tegesé pangandikané Gusti Yésus mau. Ing tembé para sekabat bakal padha nglumpuk, saben dina, lan mangan roti karo ngombé anggur bebarengan, nanging Gusti Yésus wis ora ana ing tengahé, mung katresnané sing tansah padha diéling-éling, yaiku: enggoné Gusti Yésus wis masrahaké sakagungané kabèh, sarira dalah rahé, jiwa ragané, malah sakamulyané kabèh, kanggo wong akèh lan iya kanggo para sekabat dhéwé.

Bujana Paskah iku bujana pangéling-éling. Wong Israel padha nyembelèh cempé lan padha mangan roti tanpa ragi, minangka pangéling-éling marang pangentasané bangsa Israèl ing jaman kuna saka ing tanah Mesir.

Bujana Suci kaya sing didhawuhaké déning Gusti Yésus marang para sekabat mau, mangan roti lan ngombé anggur, iku iya dadi bujana pangéling-éling marang pangentasan saka ing pamisésané dosa. Gusti Yésus nglampahi nandhang sangsara lan séda iku kanggo ngentasaké para kagungané saka ing pamengkuné dosa, temah padha bisa olèh karahayon langgeng.

Ing tembé para sekabat padha bisa ngerti tegesé pangandikané Gusti Yésus, temah trenyuhing atiné nalika semono malih dadi kabungahan gedhé.

Lan ora mung para sekabat sewelas sing padha ngéstokaké dhawuhé Gusti Yésus .... Pirang-pirang atus taun sapungkuré Gusti Yésus séda, ing endi-endi panggonan ing jagad wong-wong sing padha wanuh lan tresna marang Gusti Yésus, padha ngéstokaké dhawuh mau, lan saben-saben padha tetunggalan nganakaké bujana suci.

"Enggonmu padha nglakoni iku gawénen pangéling-éling marang Aku!" .... mengkono dhawuhé Gusti Yésus sing wekasan marang para sekabaté. Lan dhawuh mau diéstokaké déning wong éwon lan yutan ana ing salumahing bumi. Saben-saben ana pakumpulané wong-wong mau padha tetunggalan mangan roti lan ngombé anggur kambi ngéling-éling marang sihé lan marang sédané Gusti Yésus. Lan dhawuhé mau bakal lestari diéstokaké jalaran wong-wong mau padha ngerti, yèn mung sihé Gusti Yésus, sing bisa ngolèhaké karahayon langgeng, temah katarimah manèh ana ing ngarsané Allah.

Nanging nalika wengi iku para sekabat durung bisa nyandhak eliding dhawuh sing diparingaké déning Gusti Yésus. Kejaba prakara mau lagi ketembèn tumrapé para sekabat, atiné dhéwé iya bebeg ngrasakaké Gustiné enggoné bakal nandhang sangsara.

Déné Gusti Yésus piyambak kepriyé? .... Ora ana wong sing ngerti lelakon apa sing bakal kelakon ing bengi iku, kejaba mung Gusti Yésus piyambak. Senajan mengkono, éwadéné Gusti Yésus mung tansah migatosaké para sekabaté, sing padha katon sedhih atiné, temah padha diparingi panglipur.

Pangandikané Gusti Yésus: "Atimu aja melang-melang. Pada kumandela ing Allah, iya kumandela ing Aku uga. Ing dalemé Ramakku akèh panggonané. Aku lunga nyawisi papan marang kowé. Déné menawa Aku wus lunga nyawisi papan marang kowe, tumuli Aku bakal bali ngalap kowé marek marang Aku, supaya ing endi dunungku, kowé iya padha anaa ing kono uga. Mangka ing endi paranku kowé wus padha sumurup, lan iya padha sumurup dalané .... Aku iki dalané, sarta jatiné kayektèn lan kauripan. Ora ana wong kang marek marang Sang Rama menawa ora metu ing Aku ... Kowé bakal ora daktinggal lola, Aku nemoni kowé."

Para sekabat padha marem ngrungokaké pangandikané Gusti Yésus lan atiné padha kalipur. Gustiné bakal rawuh manèh, malah ing tembé bakal padha tetunggalan karo Panjenengané ing salawas-lawasé.

Isih akeh sing dipangandikakaké Gusti Yésus ana ing bujana Paskah iku. Senajan Gusti Yésus bakal nilar para sekabaté ana ing tengahing jagad, éwadéné ora ditilar tanpa kanthi, awit bakal disuwunaké marang Sang Rama supaya diparingana Juru Pirembag, yaiku Sang Roh Suci, kang bakal dedalem ana ing atiné, nuntun ing salaku-lakuné, apadéné nedah-nedahaké apa sing durung dingertèni déning para sekabat.

Gusti Yésus iya mangandikakaké bab katresnan sing dadi dhasaré patunggalan ing antarané para sekabat. Pangandikané: "Kowé padha dakwènèhi pakon kang anyar, supaya kowé padha tresna-tinresnana. Dikaya enggonku tresna marang kowé, kowé iya padha tresna-tinresnana uga. Iya iku margané ketitik marang wong kabèh yèn kowé padha dadi muridku, menawa kowé padha tresna-tinresnan." Kaya mengkono patrapé enggoné Gusti Yésus maringi panglipur marang para sekabaté, ora kendhat-kendhat enggoné menggalih, ngreksa lan ndongakaké marang para kagungané. Mangka waktuné nandhang sangsara saya suwé saya nyedhaki, nanging para sekabat ora ana sing ngerti, kejaba mung Gusti piyambak.

Sawisé padha saos sokur lan sarampungé bujana Paskah mau, Gusti Yésus banjur ngandika marang para sekabat: "Mara padha ngadega, payo padha mangkat saka ing kéné."