Babad Saka Kitab Suci/Wunguné Gusti Yésus

Saka Wikisumber

ANA prayurit sabregada lagi jaga, nanging anèhé sing dijaga iku pasaréan! Prajurit mau padha sikep pedhang lan tumbak, apadené padha nganggo klambi keré, katon gagah-prakosa pilih-tandhing. Sapa sing wani ngayoni? Sapa sing wani nyedhak lan mbukak pasaréan sing dijaga?

Sawengi natas prajurit mau padha ora turu, ana sing lungguhan sinambi omong-omongan, ana manèh sing mlaku wira-wiri. Atiné padha geli déné kapatah njaga pasaréan.... Gèk sapa wongé sing wani teka mrono!

NANGING dumadhakan.... prajurit sing gagah-prakosa mau padha kagèt banget nganti padha ngoplok. Ana cahya gumebyar cumlorot saka ing langit kaya clèréting kilat nyamber. Sanalika prajurit mau padha niba ing lemah, banjur gurawalan tangi mlayu sipat kuping ngungsèkaké uripé.. Bumi gonjang-ganjing, jalaran ana lindhu gedhé. Apa ta iku? Prajurit mau padha ora ngerti, malah iya ora weruh apa sing cumlorot, awit mripaté keblerengen déning gebyaring cahya. Apa iku sing diarani malaékat? Gèk pira cacahé? Prajurit iya ora weruh, jalaran enggoné mlayu pada ora wani nolah-noleh. Satekané ing kutha, banjur njujug ing panggonané para imam lan awèh pawarta bab sing mentas kelakon. Bareng para imam padha ngrungu aturé prajurit mau, sanalika iku uga kabungahan, marga rumangsa wis ilang klilipé bareng karo sirnané Yésus Nasatani, malih dadi giris lan was sumelang Ujaré prajurit mesthi kena dipracaya. Enggoné padha katon wedi lan groyok ature mau mesti ora digawé-gawé. Para imam padha ngandhel, yèn sing mentas diweruhi prajurit mau prakara sing ngebat-ébati. Sing dadi ujaré Yésus Nasarani iku apa nyata bakal kelakon? Apa nyata bisa tangi saka ing antarané wong mati? Apa saiki bisa pulih urip manéh, dadi ora sida mati lan sirna kaya sing dadi pangarep-arepé?.... O, yèn nyata mengkono, gek kepriyé polahé?

Prakara sing kaya mengkono iku kudu dijagani aja nganti kelakon! Awit saupama kelakon temenan, para imam mesthi bakal ketiwasan. Saya manèh yèn nganti kawéntar ing antarané wong golongan. Wong akèh mesthi bakal nutuh para imam, ujaré: "Para imam iku padha ndilomprongaké aku kabèh; wong sing tanpa dosa kok dipatèni. Panjenengané iku sanyata kang jumeneng Sang Mesih, mangka aku padha diajani supaya aja pracaya marang Panjenengané. Iku luputé para imam!" O, ing sabisa-bisa kudu digolèkaké akal, supaya wong golongan aja nganti padha ngerti apa sing kelakon ana ing patamanané Yusup. Para imam padha kerot-kerot lan ngepèl-ngepèl tangan jalaran padha muring-muring sarta weling marang para prajurit mengkéné: "Poma-poma, prakara iki aja pisan-pisan nganti kawentar marang wong akèh. Kowé kabéh padha menenga; aja ana ujarmu sakecap baé mungguh prakara iku. Yèn kowé padha saguh meneng, mesti bakal dakwènèhi ganjaran gedhé. Poma-poma dibisa nyidhem prakara!"

Nanging prajurit mau isih padha ngandhut kuwatir, mulané matur: "Kados pundhi mangké menawi kapiyarsa ing sang bupati Pilatus, punapa kula sami boten kedukan lan kaukum pejah, jalaran keplajeng boten netepi kuwajiban?" Wangsulané para imam: "Aja kuwatir, aku sing bakal mbombong prakaramu ana ing ngarsané bupati Pilatus!. Kowé bakal dakwènèhi dhuwit akèh minangka pituwasé enggonmu nyidem prakara iki. Kowe padha nyebara warta mengkene: "Ing wayah bengi sekabaté padha teka nyolong jisimé, nalika aku padha turu. Wong golongan aja nganti padha duwé pangandel, yèn Yésus Nasarani iku tangi saka ing antarané wong mati.. Wis padha mangkata lan wara-waraa yèn sing nyolong jisimé iku para sekabaté!"

Prajurit mau banjur padha mangkat nyebar pawarta goroh miturut pakoné para imam. Pawarta mengkono iku ing sabanjure kawelantrah ing saindengé tanah Israèl, malah nganti sumebar ing saindengé jagad, mangka akeh wong sing padha ngandel, nganti tekan ing jaman saiki uga.

Pawarta goroh mau ing sakawit perluné mung kanggo ngaling-alingi para imam supaya aja nganti ditutuh déning wong golongan yèn tumindak nasar, nanging sajatiné para imam dhéwé atiné ora bisa jenjem, awit tansah direridhu déning gagasan mengkéné: "Yésus Nasarani wusanané bisa menang, lan aku sing kalah!"

GUSTI Yésus unggul! Apa sing kelakon ing wayah bengi ing sajeroning patamanan, ora ana janma manusa sing ngerti, nanging luwih déning élok lan mulya pinunjul, ngungkuli sakéhing prakara sing tau kelakon ing jagad.

Pasaréan sing peteng lan anyes iku ora bisa masésa marang Gusti Yésus, Gustining kamulyan wungu saka ing séda lan miyos saka ing guwaning pasaréan. Bala malaékat, utusan saka ing swarga tumedhak lan ngglundhungaké watu lawangané pasaréan. Lan ing swarga ana kabungahan gedhé, marga Sang Juru Slamet wis ngasoraké sakèhing pialané manusa, malah unggul saka ing pati.

Saiki Panjenengane wis olèh kaunggulan ing sasampurnane.... Ing jaman purwa pirang-pirang abad kepungkur, marga saka pamurangsaraké bapa Adam lan ibu Hawa padha tumiba ing dosa, temahan wong sajagad kabèh padha kawengku ing dosa, sing njalari manusa padha kasebrataké saka ing ngarsané Allah kang maha suci. Nanging ing jaman purwa iku uga, nalika isih padha ana ing patamanan Pirdus, Gusti Allah wis paring prasatya bakal ngrawuhaké Sang Mesih, iya Juru Panebus, kang bakal mulihaké patunggilané manusa karo Allah .... Lan ing nalika semana Iblis sing tansah ngarah cilakané manusa, wis kaparingan paukumané tumuli, lan wekasané bakal kasoran.

Iku kabèh saiki wis kelakon. Iblis, satruné manusa, bisa nggegasah atiné para imam supaya niksa lan nyédani Gusti Yésus, Putrané Allah. ....Nanging Panjenengané saiki wis wungu saka ing séda. Lan saiki sakèhing pialané manusa ora bakal bisa tumama ing Panjenengane, awit Panjenengané unggul lan jumeneng Gustining swarga lan bumi. Lan sing sapa ngungsi marang Panjenengane nyuwun pitulungan lan pangayoman, bakal slamet ing salawas-lawasé. Panjenengané wis ngalami nandhang sangsara lan séda nyulihi manusa dosa: Panjenengané kang nyanggi paukumaning jagad.... Kang tinemu saiki mung sarwa mulya lan nengsemaké.

Nanging nalika wayah bengi iku ing salumahing bumi ora ana manusa sing nyana, aja manèh sing ngerti lelakon mau.