Babad Saka Kitab Suci/Gusti Yésus Ngetingal Marang Wong Wadon

Saka Wikisumber

ING dina Achad, wayah ésuk umun-umun, ana wong wadon telu padha budhal saka Yerusalèm menyang ing pasaréané Gusti Yésus nggawa anggi-anggi sing wis dicawisaké. Wong wadon mau, Maryam Magdaléna, Maryam ibuné Yakobus, lan Salomé, sedyané padha arep mindhoni enggoné ngulesi Gusti, jalaran enggoné nyarèkaké Gusti ing dina Jumuwah soré mung mburu cukup, awit wis mèh ngancik dina Sabbat .... Yèn kélingan marang Gusti lan Guruné sing wis dadi layon, atiné karanta-ranta kebak sedhih, temah mbrebel wetuning eluhé. Mengko ing sarampungé enggoné padha ngulesi Gustiné, bakal ora nyawang manèh marang Gusti sing padha ditresnani, ing sajegé urip.

Dumadakan wong wadon mau ana sing kélingan yèn pasaréané Gusti ditutup nganggo watu gedhé, mulané banjur takon: "Sapa sing bakal nulungi ngglundungaké watuné saka ing lawangané pasaréan? Aku wong telu mesti ora kuwat ....!" Èwadené wong wadon mau ora padha bali ing dalan. Mangka iya padha ora ngerti yèn pasaréane wis dicap lan dijaga ing prajurit. Apa sing mentas kelakon ing wayah bengi sing ngrinakaké dina Achad, wong wadon telu mau genah ora ngerti babar pisan.

Satekané ing patamanané Yusup, wong mau padha kagèt, jalaran watuné ketemu wis kaglundungaké lan guwaning pasaréan katon menga, Maryam Magdaléna banjur cengkélak bali menyang ing kutha, arep awèh weruh marang para sekabat. Durjana saka ing endi wani-wani ngrusak pasaréan lan nyolong layoné Gusti?

Kocapa wong wadon sing loro nerusaké lakuné nganti mlebu ing pasaréan .... Mripaté kaca-kaca, jalaran atiné kagèt kaworan sedhih: layoné Gustiné wis ora ana ing pasaréan, mesthiné wis dicolong ing wong. Wong loro mau banjur alon-alon mundur ... tumuli ana malaékat jumeneng ing cedhaké pangagemané mencorong ngungkuli padhangé srengéngé. Bareng padha banget wediné lan padha tumungkul, banjur dipangandikani: "Kepriyé déné kang gesang padha kogolèki ana ing panggonané wong mati? Ora ana ing kené, Panjenengané wis wungu. Padha élinga kang wis dipangandikakaké marang kowé nalika isih ana ing tanah Galiléa, dhawuhé: Putrané manusa pinesthi kaulungaké marang tangané wong dosa, banjur kasalib, sarta wungu ing telung dinané." ....

Wong wadon mau mung padha ngoplok, embuh marga saka kagèt, embuh marga saka bungah déning prakara sing ora dinyana-nyana. Wis wungu saka ing séda? Apa Gustiné saiki gesang manèh?

Saiba begjané saupama kelakon mengkono temenan. Énggal-énggal wong wadon mau banjur padha mlayu bali menyang ing kutha wewarta marang para sekabat.

Nanging durung adoh saka panggonan kono, sasuwéné isih ana ing dalan, wong wadon mau banjur jegagig padha mandeg, jalaran .... atiné padha wedi, nanging iya bungah banget: "Mèmper sapa ta kaé lakune? Apa dudu Gusti piyambak sing katon tindak methukaké? Nalika isih padha mangu-mangu atiné awit bokmenawa padha salah deleng, wong wadon mau banjur krungu dipangandikani: "Bagéa!" Cetha pangrunguné yèn iku swarané Gustiné, mulané banjur padha marek sujud nyungkemi sampéyané.

Ing kono Gusti Yésus banjur ngandika: "Aja padha wedi: padha lungaa awèh warta marang para sadulurku!" .... Sarampungé ngandika mengkono iku, Gusti Yésus wis ora katon manéh, musna ing sanalika. Enggoné ngetingal dadakan, musnané iya tanpa sebawa.

Déné wong wadon mau gegancangan mbacutaké lakuné klawan kabungahan gedhé ing atiné.

Dhawuhé Gusti Yésus cetha mengkéné: "Sadulurku!" Sing dingandikakaké sadulurku iku mau para sekabaté, para mitrané lan kabéh para muridé sing padha ngucira lan nyélaki Gustiné; wong-wong sing padha ora ngerti jatining sangsara, séda lan wungune. Wong-wong sing padha ora duwé pangandel lan sing ora mantep kasetyané, wong-wong sing kaya mengkono iku isih dingandikakaké: "Sadulurku!" Semono ge"éné sih katresnané Gusti Yésus marang para kagungané!