Menyang kontèn

Babad Saka Kitab Suci/Wong Siji Dadi Tawur Krana Wong Akèh

Saka Wikisumber

PAWARTA bab kaélokané Gusti Yésus enggoné nangèkaké Lasarus saka ing antarené wong mati uga wis sumebar ing Yerusalèm. Nanging para pangarepé imam lan para Farisi padha mokalaké lelakon mau, ujaré: "Mokal, wong mati sing wis dikubur nganti patang dina suwéné, kepriyé bisané urip manèh? Mustahil bisané kelakon!"

Pawarta mau tular-tumular nyrambahi wong sanegara; akèh wong sing padha ngandel lan ngalembana pangwasa lan kaluwihané Gusti Yésus. Nanging tumrapé para imam pawarta mau mung memanas ati; wong-wong mau padha suthik ngrungu bab pangwasa lan kaluwihané Gusti Yésus, padha dadi satru-ati lan ngendhem sengit, jalaran Gusti Yésus kerep melèhaké kaluputané tanpa tèdhèng aling-aling, apa manèh Panjenengané tansah sesrawungan karo para wong asor, wong mlarat, juru mupu béya lan wong dosa liyané, lan kerep nerak wewaler dina Sabbat .... Mulané para imam nganggep Gusti Yésus iku guru apus-apusan.

Ewadéné wong golongan padha seneng ngrungokaké pangandikané lan padha martak-martakaké kaélokaning pandamelé Gusti Yésus, — lan suwé-suwé wong golongan mung mindeng ndhèrèkaké Gusti Yésus lan ngrungokaké sakéhé piwulangé, temah padha nglalèkaké anané para imam lan para ulama apadéné para ahli kitab lan para pangarepé wong Yahudi .... O, sing kaya mengkono iku aja pisan-pisan nganti kelakon! Guru apus-apusan iku aja nganti menang papan! Para imam lan para pangarep iku tetepa dadi panuntuning bangsa. Embuh kepriyé carané, utawa sepira kangèlané, nanging sing jeneng Yésus iku kudu disingkiraké!

PRADATA agung ing Yerusalèm, Sanhédrin, padha nglumpuk marepat; sing padha nglumpuk yaiku para pangarepé imam, para Farisi, para ahli kitab lan para pinituwa, wong-wong iku mau kabèh padha nyatru Gusti Yésus, kejaba ana siji loro sing padha dadi mitrané.

Sing padha dirembug yaiku lelakon sing mentas padha diseksèni ing wong akèh ana ing désa Bètani, lelakon sing njalari seriking atiné.

Enggoné padha rembugan mengkéné: "Pratingkah kula kadospundi, déné tiyang punika damel pratandha kathah? Menawi kauja makaten, mesthi tiyang sadaya sami pitados dhateng piyambakipun, lan kula sami kawastanan ngadegaken ratu énggal, lajeng sami kalurugan déning tiyang Rum, sami ngrebat negari kula, dalah bangsa kula pisan. Prakawis punika sampun ngantos kelampahan; tangsuling pamitran kaliyan bangsa Rum sampun ngantos pedhot. Sapunika punapa ingkang kedah sami kula tindakaken ingatasipun Yésus?"

Prakara mau ramé dirembug nganti dedreg, lan wekasané panunggalané salah siji, nama Kayafas, kang jumeneng imam agung ing taun kang lumaku iku, banjur ngandika: "Sampéyan teka boten ngertos punapa-punapa, sami boten manah bilih maédahi dhateng sampéyan, menawi wonten tiyang setunggal pejah krana tiyang kathah, sampun ngantos saumat tiwas sadaya." Pangandikané iku mau yèn dicethakaké mengkéné: "Punapa ta ingkang sami sampéyan kuwatosaken? Menawi Yésus punika dipun cepeng, lajeng dipun sirnakaken, daya pangaruhipun dhateng tiyang golongan sakedhap kémawon rak tumunten sirna ugi .... Langkung prayogi wonten tiyang satunggal ingkang dados tawur minangka sulihipun tiyang kathah katimbang kaliyan tiyang kathah nandhang sangsara namung krana tiyang setunggal." Pamrayogané imam agung mau dirujuki déning rapaté Sanhédrin: Yésus kudu dicekel lan disirnakaké. Wong siji dadi sulihé wong akèh.

PANGANDIKANÉ imam agung Kayafas kang mengkono mau dhasar nyata lan benér, Gusti Yésus kudu nglampahi séda kanggo saumat kabèh. Rawuhé Gusti Yésus marang jagad pancèn mengku sedya ngrembat lan ngésahaké dosa, sarana nyanggi sakèhing paukuman kang tumuju marang saumat kabèh, pamurihé supaya mulihaké karukunan ing antarané jagad lan swarga, ing antarané manusa lan Allah. Gusti Yésus piyambak wis sagah nyanggi sakèhing sangsara sing beneré kudu disangga déning manusa marga saka dosané. Wong siji nyulihi wong akèh.

Pangandikané Kayafas iku nyata, malah medharaké pameca. Enggoné jumeneng imam agung iku kagem lantaran déning Allah nglairaké pameca ingatasé Gusti Yésus. Nanging Kayafas dhéwé ora ngerti yèn mung kagem lantaran; déné kelairing pangandikané mau saka ing atiné sing ngendhem sengit marang Gusti Yésus, daya-daya énggala sirna sing dadi klilipé.

Wiwit nalika iku ana dhawuh, sapa-sapa sing weruh papan dunungé Gusti Yésus, kudu nglapuraké marang para imam, supaya énggal kaleksanan kaya sing dadi putusané Sanhédrin. Lan iku ora let suwé iya bakal kaleksanan temenan.

Ing kono bakal tumeka ing waktuné Gusti Yésus kaulungaké marang tangané wong dosa, kaya sing wis asring dipangandikakaké marang para sekabaté. Lan ing kono Panjenengané bakal sida nglampahi séda. Wong siji dadi tawur krana wong akèh!