Babad Saka Kitab Suci/Lasarus Mati Katangèkaké

Saka Wikisumber

ORA adoh saka negara Yerusalèm ana désa cilik aran Bètani. Ing désa kono ana wong telu sasedulur, yaiku Maryam, Martha lan Lasarus seduluré lanang. Sedulur tetelu mau kalebu wong becik, akèh pawong mitrané ana ing kalangané, wong gedhé utawa wong cilik. Malah Gusti Yésus piyambak iya kagolong mitrané. Panjenengané asring rawuh ing omahé Lasarus lan seduluré wadon, perlu lerem sawetara ana ing panggonan sing tentrem, yaiku ing désa cilik Bètani.

Kocapa omahé para mitrané Gusti Yésus kambah ing kaprihatinan. Lasarus lara, malah larané mbebayani. Maryam lan Martha sedhih banget ngrasakaké seduluré sing lara. Gèk kepriyé polahé yèn seduluré lanang nganti tumeka ing pati, mangka mung siji kuwi? Mulané banjur padha kongkonan nggolèki Gusti Yésus ana ing laladané kali Yardèn, lan padha diweling munjuk: "Gusti, samangké kekasih Tuwan sakit."

Saupama Gusti Yésus pirsa yèn Lasarus lara banget, Panjenengané mesthi tumuli rawuh! O, muga-muga Gusti Yésus énggal-énggal rawuh!

Saungkuré kongkonan, larané Lasarus mundhak banget. Maryam lan Martha ora kurang-kurang enggoné setiyar mulasara seduluré sing lara; sawernaning jamu wis ditamakaké, nanging larané Lasarus semu-semuné madal tamba .... ing wekasané Lasarus mati.

Maryam lan Martha banget enggoné kapetel ing sedhih, kélangan sedulur lanang sing dadi sapu-kawaté. Saiki sapa sing bakal dadi andel-andelé? Omahé saiki sepi nyenyet, jagad sing ramé saiki katoné mung kaya ara-ara samun .... O, enggoné padha nglakokaké kongkonan iku tanpa guna. Saupama Gusti Yésus rawuh, iya wis kasèp, awit Lasarus wis mati ..

Sawisé diulesi, layoné banjur diuntapake menyang ing pakuburan, kasèlèhaké ana ing kubur kang adhapur guwa, katutupan ing watu minangka inebé. Ing kono panggonan sumelèhé Lasarus nganti tekan jaman kiyamat.

".... SARTA PADHA DIBERKAHI KAMBI KATUMPANGAN ASTA ....

O, mesakaké temen Maryam lan Martha! Wong sadésa Bètani padha nglayat kabèh; warna-warna patrapé enggoné nélakaké béla sungkawa. Nanging kaprihatinané Maryam lan Martha ora bisa lipur. Omahing katentreman sing asring dirawuhi Gusti Yésus, saiki dadi omah palayatan. Wis olèh patang dina enggoné padha nandhang prihatin, nanging Gusti Yésus durung katon rawuh.

Nanging ing patang dinané ana kang nggawa warta yèn Gusti Yésus rawuh ing Bètani. Bareng ngrungu yèn Gusti Yésus mlebu ing désa, Martha banjur énggal-énggal methukaké tindaké, nanging Maryam kari dhelog-dhelog ana ing omah, gela banget déné rawuhé Gusti Yésus wis kasèp. O, rawuhé kok ora dhèk wingi-wingi ing sadurungé Lasarus mati!

GUSTI Yésus wis ngancik ing wilayahé désa Bètani. Tindaké sarèh, kaya-kaya ora ana prakara sing gawat. Ing sadalan-dalan ngandikan karo para sekabat lan murid-murid liyané kaya adaté. Gusti Yésus ora tau kesesa tumandang ing damel, jalaran Panjenengané pirsa ing sadurungé winarah.

Nalika kongkonan saka Bètani marek ana ing ngarsané sarta munjuk: "Gusti, samangké kekasih Tuwan sakit." Gusti Yésus ora kejot. Dhawuh wangsulané Gusti Yésus nélakaké ayem lan tentreming galihé, pangandikané: "Larané iku ora tumeka ing pati, nanging tumeka ing kaluhurané Allah ...." Senajan wis diaturi rawuh ing Bètani, Gusti Yésus isih lereb rong dina ana ing laladané kali Yardèn. Sawisé mengkono banjur ngandika marang para sekabat: "Payo padha menyang ing tanah Yudéa manèh."

Menyang ing tanah Yudéa? Menyang ing wewengkoné negara Yerusalèm, ing panggonane para ulama sing padha arep mbenturi watu Gusti Yésus? Apa arep ngetrepi uniné bebasan: kutuk marani sunduk? .... Para sekabat padha kagèt ngrungu pangandikané Gusti Yésus mengkono iku. Tumrapé Gusti Yésus tindak menyang ing tanah Yudéa iku rak kena diarani njarag marang rerubed lan kacilakan. Mangka Lasarus iya ora kudu tumuli ditulungi, awit Gusti Yésus wis ngandika marang kongkonan saka Bètani, yèn larané iku ora tumeka ing pati, dadi mesthiné Lasarus bakal mari karepé dhéwé. Para sekabat babar pisan ora ngerti bab patiné Lasarus lan bab kasusahan sing ana ing Bètani. Sing nguningani iku mung Gusti piyambak, nanging pangandikané: "Lasarus, mitra kita, lagi turu, nanging Aku mrana bakal nggugah enggoné turu."

Para sekabat banjur padha matur: Gusti, menawi tilem, badhé saras. Menawi mekaten rak boten perlu tindak dhateng Yudéa, awit ingrika kathah bebayanipun!" Para sekabat ora bisa nyandhak sing dadi pangandikané Gusti Yésus, mulané banjur diblakani supaya padha ngertia anané lelakon sing nyedhihaké, dhawuhé: "Lasarus wis mati! Mangka Aku bungah ..!" Sanalika para sekabat padha kagèt banget ngrungu yèn Lasarus wis mati, mangka Gusti Yésus ngéca-éca lereb ana ing tanah kono nganti rong dina suwéné. Lan sing nggumunaké manèh, déné swarané Gusti Yésus ora ngetarani yèn sedhih, malah kelair pangandikané: "Aku bungah .... bab ing ngatasé kowé déné mau Aku ora ana ing kana, supaya kowé padha pracayaa; nanging payo padha mrana! Gusti Yésus banjur énggal samekta ing tindaké menyang Bètani, kadhèrèkaké para sekabat, ngliwati dalan sing rumpil munggah medhun pepunthuk.

Para sekabat sing mauné padha wedi ngambah tanah Yudéa, bareng padha weruh yèn Gusti Yésus budhal, iya padha ora gelem kari. Tomas kandha marang kancané para sekabat: "Payo padha ndhèrèk béla mati." ....

Lakuné saiki wis ngancik wewengkoné désa Bètani.

SAKA ing désa kono ana wong wadon methukaké sing lagi padha rawuh, polatané katon suntrut, ngetarani yèn atiné kebak kaprihatinan. Wong mau Martha, sing ora sabar ngentèni nganti sarawuhé Gusti Yésus ana ing omahé. Gusti Yésus mirsani Martha klawan banget welasé. Unjuké Martha: "Gusti, menawi Tuwan wontena ingriki, sadhèrèk kawula mesthi boten èstu pejah." Pangandikané Gusti Yésus: "Sadulurmu bakal tangi manèh!" Nanging Martha durung bisa nyandhak tegesé pangandika mau, mulané atiné isih sedhih. Bakal tangi manèh? O, Martha iya ngandel yèn bésuk kiyamat ing dina wekasan kabèh wong sing wis padha mati bakal ditangèkaké manèh lan Gusti Allah bakal nindakaké pangadilan: ana sing dilebokaké ing kamulyan langgeng lan ana sing kacemplungaké ing naraka .... Nanging saiki, patangèning raga ing jaman wekasan iku ora bakal mulihaké Lasarus kaya wingi-wingi.

Gusti Yésus banjur ngandika manèh: "Aku iki jatiné kiyamat lan kauripan. Wong kang pracaya marang Aku iku bakal urip, sanajan wusa mati." Unjuké Martha: "Inggih Gusti, kawula sampun pitados bilih Tuwan punika Sang Kristus, Putranipun Allah." Polatané Martha saiki wis katon bungah, atiné wis lejar; pancèn Martha wis ora gajeg-gajeg atiné mungguh ing Gusti Yésus, Panjenengané iku kang jumeneng Sang Mesih, Juru Slameté jagad; Panjenengané iku maha welas lan maha kuwasa, bisa nglejaraké atiné wong sedhih, malah bisa maringi karahayon samengko ana ing donya, lan ing tembé ana ing swarga. Bareng Martha wis ngrasa yèn Gusti Yésus saiki ana ing sacedhaké, apa perluné isih nandang sedhih lan kuwatir?

"LASARUS, METUA!"

Sawisé munjuk mengkono mau, Martha banjur mundur arep ngundang Maryam, sing isih kari ana ing omah. Maryam banjur dibisiki: "Guru wis rawuh, nimbali kowé." Maryam bareng ngrungu banjur ngadeg marani menyang ing ngarsané Gusti Yésus bareng karo Martha.

WONG-WONG sing padha lagi nglayat ana ing omahé, bareng weruh Maryam maknyat ngadeg sarta metu, banjur padha ngetutaké lakuné .... Pangirané wong-wong mau parané Maryam menyang ing kubur arep nangis ana ing kono, mulané ngetut buri arep ngétokaké enggoné padha béla sungkawa. Nanging Maryam lan Martha ora menyang ing kubur; lakuné arep methukaké Gusti Yésus.

Gusti Yésus mirsani tekané Maryam lan Martha ditut-buri wong akèh, Panjenengané iya mirsa Maryam lan Martha sing padha kembeng-kembeng eluhé, mratandhani gedhéning kaprihatinan sing ana ing atiné, mengkono uga mirsa kaprihatinané wong akèh sing padha béla sungkawa. Bareng Gusti Yésus mirsa Maryam nyungkemi sampéyané kambi nangis lan wong Yahudi kang ngetutaké iya padha nangis, ing kono Gusti Yésus banjur rengu ing batos lan aruhara ing galih, kaprihatinané wong akèh mau karaos-raos ana ing galihé piyambak. Gusti Yésus banjur ndangu: "Enggonmu ngubur ana ing endi?" Kang kadangu padha munjuk: "Sumangga Gusti, Tuwan tingali." Sarawuhé ing pakuburan, Gusti Yésus muwun ngedalaké waspa. Gusti Yésus bareng jumeneng ing ngarepé kuburé Lasarus, adhapur guwa katutupan ing watu, kawistara enggoné rengu ing batos. Clathuné wong Yahudi; "Lah saiba enggoné ngasihi. "Nanging ana manèh sing duwé ujar mengkéné: "Kang wis ngelèkaké mripaté wong picak, apa mauné ora bisa uga murungaké patiné wong iki?" Nanging ora ana siji bas sing bisa mbadhé apa sing arep ditindakaké Gusti Yésus saiki!

Gusti Yésus pirsa — lan iki sing njalari Panjenengané rengu ing batos — yèn mula bukané ana pati ing jagad iku marga saka anané dosa. Mangka sing kuwasa ngasoraké pati iku mung Panjenengané piyambak. Saiki Panjenengané arep nedahaké pangwasa lan kaluhurané Allah ana ing ngarepé wong akèh. Pangandikané Gusti Yésus: "Watune singkirna!" Martha kagèt, banjur énggal munjuk: "Sampun, Gusti, sampun mambet, margi sampun angsal kawan dinten." Nanging Gusti Yésus banjur tumenga sarta ndedonga, matur marang Allah Sang Rama kang ana ing swarga. Watu tutuping kubur banjur disingkiraké, guwa panggonan sumèlèhé kang mati menga, lan layoné Lasarus isih gumléthak ana ing kono, Gusti Yésus banjur nguwuh klawan swara kang sora, dhawuhé: "Lasarus, metua!" Sanalika kang mati tangi njenggèlèk, banjur metu, tangan lan sikilé isih kablebed ing ules, rainé kaaweran ing kacu. Lasarus wis pulih urip manèh. Swarané Gusti Yésus kang sora mau mengku pangwasa, nangèkaké Lasarus saka ing kubur. Wong-wong sing padha ndeleng lelakon mau, padha ndomblong kamitenggen, nanging iya kaworan bungah. Pangandikané Gusti Yésus: "Uculana ulesé, kerebèn lunga." Ulesé énggal diuculi, Lasarus banjur dipasrahaké marang Maryam lan Martha, dikanthi lakuné alon-alon mulih menyang ing omahé, diuntapaké ing wong akèh. Sing mauné padha nandhang prihatin marga saka patiné Lasarus saiki padha bungah-bungah marga Lasarus wis urip manèh. Wong Yahudi sing padha meruhi pandamelé Gusti Yésus iku mau, akèh kang manjing pracaya marang Panjenengané, nganggep yèn Gusti Yésus iku kang sanyata jumeneng Sang Mesih, Putrané Allah. Kaélokan kang ditindakaké Gusti Yésus ana ing désa Bètani, sedhéla baé wis sumebar wartané menyang ing saindengé negara.