Babad Saka Kitab Suci/Sauruting Dalan

Saka Wikisumber

SAIKI wis ndungkap waktuné, nanging ora ana wong sing weruh lan ora ana sing ngerti.

Mung Gusti Yésus piyambak kang mirsa apa kang bakal kelakon ing imbangé pagunungan ing negara Yerusalèm. Lan iya mung Panjenengané piyambak kang ngerti, apa sebabé kudu kelakon mengkono. Ewadéné Panjenengané babar pisan ora geter, senajan wis mirsa yèn sing bakal kelakon iku nggegirisi banget.

Saiki Panjenengané tindak menyang ing Yerusalèm, nglangkungi lembah Yardèn nratas kutha Yericho liwat ing pagunungan. Tindaké Gusti Yésus ngener ing séda ngambah ing marga-laya!

KACARITA nalika semono dalan gedhé sing nrajang lembah Yardèn katon ramé banget. Wong lanang wadon, nom tuwa saka ing désa ngadésa sauruté kali Yardèn, padha bebarengan mlaku ngenér menyang ing Yerusalèm, jalaran wis ngarepaké riyaya taunan sing gedhé dhéwé, yaiku riyaya Paskah.

Mengkono uga Gusti Yésus dalah para sekabat nyarengi lakuné wong golongan sing padha bebarengan munggah menyang ing Yerusalèm, saka ing lembah Yardèn.

Wong golongan mau sing akèh asalé saka ing jajahan Galiléa, tepangané Gusti Yésus, mulané wis padha ngerti bab pandamelé kang sarwa élok. Wong-wong mau padha rerasan yèn saiki wis ndungkap waktuné, malah mbokmenawa mengko mbarengi riyaya Paskah ing Yerusalèm, Panjenengané bakal jumeneng Ratu, banjur nyirnakaké bangsa Rum ....

Ratune bangsa Yahudi! .... Tetembungan mengkono iku wis dadi kembang lambéné wong akèh, saben wong kepethuk karo Gusti Yésus, banjur mbisiki kancané: "Kaé lo Ratuné bangsa Yahudi!" Paraning panyawangé wong akèh ngener marang Gusti Yésus, lan kabèh padha wedi sarta éring marang Panjenengané.

Nanging kocapa .... sing digadhang-gadhang jumeneng Ratu kepriyé? Panjenengané nimbali marek para sekabaté, banjur didhawuhi mengkéné: "Aku lan kowé padha menyang ing Yerusalèm, lan Putrané manusa bakal diulungaké marang para pangarepé imam lan para ulama, tumuli dipatrapi paukuman pati, sarta diulungaké marang para wong kapir, supaya dipoyoki lan disapu tuwin disalib, .... lan ing telung dinané bakal katangèkaké! ...."

Lo, Gusti Yésus saiki kok ngandikakaké manèh bab enggoné bakal nandhang sangsara lan séda, malah luwih cetha katimbang sing wis dipangandikakaké. Nanging bokmenawa pangandikané mau adhapur sanépa utawa pasemon. Rak éman banget ta, saupama saiki Panjenegané banjur séda, mangka beneré kudu jumeneng Ratu! Para sekabat babar pisan padha durung bisa nyandhak apa perluné Gusti Yésus rawuh ing jagad, luwih manèh wong golongan sing padha arep ngriyayakaké Paskah.

"Kaé lo Ratuku!" mengkono ujaré wong akèh, lan para sekabat iya padha seneng nirokaké ujaré wong akèh mau ....

Lakuné wong golongan wis cedhak karo Yericho, kutha kang misuwur kurmané. Pawarta bab rawuhé Gusti Yésus wis sumebar ing kono, mulané wong-wong Yericho gumrudug padha methukaké rawuhé, jalaran kepéngin weruh Panjenengané.

SAUPAMA ana ratu liyan negara rawuh ing sawijining kutha, tamu agung mau rawuhé mesthi disaosi pakurmatan gedhé, para priyagung padha methukaké ing sajabaning kutha, banjur nyarengi tindaké mlebu ing kedhaton, ing sauruting dalan rèntèp wong padha nonton, ramé swarané wong padha surak-surak.

Tamu agung mau enggoné nglangkungi wong-wong sing padha nonton mung sakeplasan, banjur terus mlebu ing kedhaton .... Sing dipireng akèh lan sing ditingali iya warnawarna, nanging sing diajak ngandikan mung para priyagung lan panggedhéné kutha kono; déné wong cilik, wong miskin lan asor, turuné wong pidak-padarakan, ora kocap babar pisan ana ing ngarsané tamu agung, jalaran ora wanuh lan iya ora ditepangaké, apamanèh ora ngerti apa sing dadi osiking atiné wong akèh ....

Kosokbaliné Gusti Yésus, samangsa Panjenengané rawuh ing sawijining kutha, Panjenengané pirsa mobah-mosiké wong lan ora kasamaran marang pasambat lan pangadhuh sing tumuwuh ana ing atiné wong cilik, mangka Panjenengané tansah madosi panunggalané wong sing nandhang sangsara lan kaniaya ....

KOCAPA nalika tindaké Gusti Yésus wis tekan ing sacedhaké kutha Yericho, ana wong picak lungguh ndhéprok ing pinggir dalan pepriman, wong mau arané Bartiméus. Saben dina Bartiméus lungguh ana ing kono, tangané nyadhong njaluk sidhekahé wong liwat sing loma atiné, nanging saiki .... sapa sing arep nggatèkaké wong ngemis ing pinggir dalan, wong picak lan mlarat, cala ina lan papa? Saiki .... kabèh padha mindeng ndhèrèkaké tindaké Rabbi saka Nasarèt, sing bakal jumeneng Ratu ing Yerusalèm.

Bartiméus bareng krungu sabawané wong golongan gumrudug liwat_ing ngarepé, banjur takon ana apa. Ana wong sing gelem ngandhani, yèn iku Yésus Nasarani kang langkung.

Ing kono Bartiméus banjur nguwuh-uwuh seru, unjuké: "Dhuh Yésus tedhakipun Dawud, kawula mugi Tuwan welasi!" Wong-wong sing ana ing cedhaké banjur nyendhu, ujaré: "Hus , meneng! Aja ngrusuhi Gusti! Panjenengané saiki calon Ratuné wong Yahudi, lagi tindak menyang Yerusalèm!" Nanging Bartiméus malah saya nemen panguwuhé: "Dhuh tedhakipun Dawud, kawula mugi Tuwan welasi!" Senajan swarané kesilep déning gederé wong golongan, éwasemono ora kandheg enggoné nguwuh-uwuh, malah saya seru. Bartiméus wis kerep ngrungu crita bab Gusti Yésus, Rabbi saka Nasarèt, sing bisa ngelèkaké mripaté wong picak .... Bokmenawa saiki lagi tumbuk begjané Bartiméus, dalan panggonané ndhéprok dilangkungi Gusti Yésus, mangka atiné wis suwé enggoné kepéngin nyuwun pitulungan .... Senajan swarané Bartiméus mung lamat-lamat kepireng ing talingané Gusti Yésus, éwasemono Panjenengané kepareng kèndel, jalaran sing dipireng ora mung swaraning cangkemé, dalah swaraning atiné Bartiméus sing kebak pangadhuh iya wis kapireng ing Panjenengané.

Bareng Gusti Yésus kèndel, wong golongan iya kandheg lakune, para pangarepé bangsa lan para panggedhé sing padha metu saka ing kutha Yericho methukaké Gusti Yésus, kabèh padha mandheg kepéngin weruh enggoné Gusti Yésus ngandikan karo wong ngemis, wong cala ina lan papa, Gusti Yésus banjur dhawuh nimbali marek Batiméus. Sawisé ngrucat jubahé, banjur gurawalan ngadeg sarta katuntun marek marang ngarsané Gusti Yésus. Pangandikané Gusti Yésus: "Karepmu dakkapakaké?" Bartiméus ora bisa nyawang Gusti Yésus, nanging kupingé bisa ngrungu swaraning pangandika kang mengku sih kawelasan. Groyok aturé Bartiméus: "Dhuh Gusti, kawula mugi sageda ningali." Dhawuhé Gusti Yésus: "Dibisa ndeleng; pangandelmu kang mitulungi kowé." Padha sanalika mripaté byar padhang, jagad lan saisiné katon cetha gumelar ana ing ngarepé .. Lan ing satengahé wong golongan Bartiméus nyawang Priya siji, sing mentas mbirat cacading awaké, sing wis dirungu wartané yèn tansah dhangan ing panggalih maringi pitulungan marang wong papa lan sangsara. Panjenengané iku kang bakal tansah didhèrèk ing satindaké. Atiné Bartiméus kebak suka sokur marang Allah, déné wis marengaké bisa sowan ing ngarsané Gusti Yésus, bisa ngalami kabegjan ana ing uripé. Saiki atiné mantep enggoné pracaya marang Sang Juru Slamet. Bareng Gusti Yésus nglajengaké tindaké, Bartiméus ora gelem kari, klawan bungah ndhèrèkaké tindaké ana ing dalan.

KACARITA bareng Gusti Yésus lumebet ing kutha Yericho, nratas tindaké.

Ing kono ana wong sugih aran Zachéus; nalika Gusti Yésus rawuh ing Yericho, Zachéus enggoné arep ndeleng Gusti Yésus dilakoni mènèk ing wit jaitun ing pinggir dalan sing arep dilangkungi. Kepriyé nalaré kok dadi mengkono?

Zaehéus iku wong sugih, omahé becik lan gedhé, praboting omah sarwa pèni, éwasemono kelakon mènèk ing wit lan lungguh ana ing epang kaya bocah cilik. Mulané nganti dilakoni mengkono, jalaran saka kepénginé ndeleng marang Gusti Yésus kaya apa wujudé, nanging ora bisa, marga saka cèndhèking dedegé, temah tansah kaling-kalingan ing wong akèh. Sadurungé Gusti Yésus langkung ing kono, Zaehéus wis lumayu ndhisiki, banjur mènèk ing wit. Enggoné nglakoni mengkono, jalaran kepeksa déning kaanan, awit saupama arep ndhresel ing antarané wong akèh, Zachéus kuwatir mbokmenawa dielokaké lan disingkang-singkang ing wong akèh. Wong ing Yericho kabèh wis padha ngerti marang Zachéus, juru mupu béya sing sugih, nanging kasugihané mau, jaréné wong akèh, ora kalal, jalaran asalé saka enggoné meres bangsané dhéwé. Juru mupu béya iku dadi budhaké bangsa Rum, bangsa kapir, dipatah mupu pajegé bangsa Yahudi, nanging enggoné mupu pajeg mau diundhakaké tikel tekuk. Patrapé sing mengkono iku njalari sugihé, nanging iya njalari awaké digethingi déning bangsané, malah dianggep dadi panunggalané wong dosa lan wong ala, dijabakaké saka ing pasrawungan .....

Sarèhné wis ngrumangsani asoring drajaté, Zachéus ora wani ndhresel ing tengahé wong golongan, malah pangirané, Rabbi saka Nasarèt iku iya padha baé karo para ulama lan para imam, yèn kepethuk, mesthiné ora bakal kersa ngaruh-aruhi kagawa saka éwané.

Zachéus énak-énak lungguh ing pangé wit, ing batin wis nemtokaké yèn saiki mesthi bakal bisa ndeleng Gusti Yésus klawan cetha. Senajan akèh sing padha ngelokaké lan nggeguyu patrapé, éwadéné Zachéus wis ora ngrèwès ujaring wong. Wis suwé enggoné ngrantam-rantam kepriyé rékané supaya bisa ndeleng Guru sing pandamelé dadi pocapané wong akèh. Iba begjané yèn nganti kelakon bisa nyawang Sang Maha Guru, senajana mung saka kadohan. Satemené Zachéus ora rumangsa begja ketunggon ing bandha akèh, kasugihané iku ora bisa nentremaké atiné. Zachéus kepéngin nggayuh sing ngungkuli bandha kadonyan. Nanging kepriyé bisané kelakon?

Kocapa lakuné wong golongan wis nyedhaki panggonané Zachéus. Atiné dheg-dhegan, sepisan iki mesthi bakal bisa ndeleng marang Gusti Yésus, Zachéus wis mapan enggoné lungguh, tangané cekelan pang supaya aja nganti tiba, mripaté awas nggolèki sing lagi dirubung ing wong akèh. Lah, kaé sing ana ing tengah, kaé mesthiné sing disuwuraké dadi Guru saka Nasarèt. Atiné krasa lega déné saiki bisa ndeleng marang Gusti Yésus. Nanging dumadakan .... apa iki?

Sarawuhé Gusti Yésus ing panggonan kono, banjur kèndel lan tumenga ningali Zachéus. Apa sebabé? ....Zachéus entèk atiné jalaran sumelang yèn pratingkahé mau ora ndadèkaké sarjuning panggalihé sing arep langkung sangisoring wit. Nanging bareng nyawang pasuryané Gusti Yésus, atiné dadi ayem, jalaran ora ngetarani babar pisan yèn runtik galihé. Nanging Zachéus ora ngerti apa sebabé Gusti Yésus kèndel.

Gusti Yésus kèndel ana ing ngisor wit iku pancèn mligi tumuju marang Zachéus, juru mupu béya, sing dijabakaké saka ing pasrawungané bangsané, Panjenengané pirsa apa sing njalari samaring atiné Zachéus, malah iya wis mireng pasambat sing sumengka saka ing telenging atiné .... Wong liya durung ana sing ngrungu, malah Zachéus dhéwé iya durung nglairaké pasambaté nanging mungguh ing Gusti Yésus ora ana prakara kang samar .... Mengkono uga samobah-mosiking atiné Zachéus wis kapirsan kabèh.

Gusti Yésus kèndel sarta tumenga ningali Zachéus. Zachéus krasa yèn ditingali, nanging tingalé mau bisa gawé ayem lan tentreming ati. Ing kono Zachéus banjur krungu yèn dipangandikani, cetha pangrunguné: "Zachéus, diénggal mudhuna, sebab ing dina iki Aku perlu lèrèn ana ing omahmu."

Gagasané Zachéus: "Ing omahku, omahé juru mupu béya, wong dosa? Apa temenan Panjenengané kersa rawuh ing omahku? ..." Zachéus banjur mudhun rerikatan, mlayu mulih perlu cecawis enggoné arep nampani rawuhé Gusti Yésus, tamu agung sing ora dinyana-nyana kersa rawuh ing omahé.

Wong golongan sing ngrungu pangandikané Gusti Yésus mau, padha pating kedumel, enggoné padha rerasan mengkéné: "Ing omahé juru mupu béya, wong dosa, kepriyé déné Panjenengané kok kersa rawuh?" Wong golongan mau senajana pating kedumel nggrundeli Gusti Yésus, ora wurung padha ndhèrèk nganti tekan ing omahé Zachéus, lan padha ngentèni ing jaba. Nanging Gusti Yésus banjur lumebet ing omahé Zachéus sarta pinarak sawetara suwéné, apamanèh kersa nampani pasugatané Zachéus.

Ana ing ngarsané Gusti Yésus, Zachéus ngrumangsani banget enggoné nasar lakuné, uripé ing saben dinané mung tansah lumèngkèt karo piala, nanging ing samengko uga atiné ngrasakaké ayem lan tentrem, déné Gusti Yésus kepareng ngrawuhi omahé, malah kepareng imbal pangandika karo wong dosa lan wong urakan kaya awaké, Zachéus tumuli maju sarta munjuk marang Gusti Yésus: "Gusti, lah sabarang gadhahan kawula sepalih kawula sukakaken dhateng tiyang miskin. Sarta menawi wonten tiyang ingkang kawula pendheti punapa-punapanipun srana paékan, punika kawula wangsulaken tikel sekawan. "Gusti Yésus banjur ngandika: "Ing dina iki omah kéné ketekan karahayon. Déné tekané Putrané manusa iku nggolèki lan mitulungi rahayu kang ketriwal."

Iba senengé nampani pangandika kang mengkono iku. Wong-wong liyané bisa uga ora ngerti karepé, nanging Zachéus wis bisa nyandhak kersané Gusti Yésus. Zachéus rumangsa begja lan rahayu, jalaran dosané kabèh kaapura. Atiné saiki wis ora ngangah-angah manèh marang bandha lan kasugihan, jalaran saiki wis kaparingan bandha sing ajiné ngungkuli sakèhing rajabrana ing donya, yaiku tresna marang Allah. Iku kang dadi karahayoning uripé, langgeng ing salawas-lawasé.

SAWISÉ lelakon iku mau Gusti Yésus nglajengaké tindaké, kadhèrèkaké ing wong golongan. Dalané mayat munggah menyang ing Bètani, saya suwé saya cedhak karo Yerusalèm. Gagasané wong-wong sing padha ndèrèkaké Gusti Yésus: "Saya cedhak karo Yerusalèm, saya cedhak karo kamuktèn lan kawibawan, samangsa Gusti Yésus sida jumeneng Ratu lan aku padha kepareng dadi abdiné!

Nanging ora mengkono panggalihé Gusti Yésus: "Saya cedhak karo Yerusalèm, saya cedhak karo sangsara lan pati!" Éwadéné Gusti Yésus enggoné tindak katon ayem baé. Panjenengané rumaos yèn kedah ngemban dhawuh karsané Kang Rama lan iku kang gawé lejaring galihé. Panjenengané nemaha murugi kasangsaran kagawa saka gedhéning sihé marang manusa, jalaran Panjenengané sagah nyanggi paukuman sing beneré kudu disangga déning manusa dosa. Panjenengané tindak menyang Yerusalèm lan wekasané Panjengané bakal olèh kaunggulan, apadéné iya bakal jumeneng Ratu agung binathara, ngungkuli sakèhing ratu ing donya.

Apa sing arep kelakon ing Yerusalèm mengko iku béda banget karo sing diangen-angen ing wong golongan. Wong-wong mau padha ora ngerti, yèn Panjenengané, kang jumeneng Juru Slameté, kedah nglangkungi marganing sangsara kang ngener menyang kamulyan. Bésuk ing tembé wong-wong mau lagi padha bisa ngerti!