Babad Saka Kitab Suci/Wong Lara Saraat Utawa Budhug

Saka Wikisumber

KACARITA satumedhaké Gusti Yésus saka ing gunung banjur kadhèrèkaké déning wong golongan pirang-pirang. Ing kono ana wong nandhang lara saraat. Awaké sakojur katon pating benyinyih putih-putih; awaké krasa lara lan lungkrah, apadéné atiné sedhih jalaran disingkang-singkang déning wong pepadhané. Wong lara saraat iku ora kena manggon ana ing kutha, malah mlebu menyang kutha baé ora kena; pamanggoné kapisah ana ing sajabané kutha. Lelara kang nggegirisi mau kalebu lelara nular. Sapa sing nganti gepok sénggol karo wong lara saraat, bisa ketularan. Mangka yèn ketularan, tangèh bisané mari, temah sajegé urip mung tansah nandhang lara lan sedhih nganti tekan ajalé. Mulané wong sing wis kecandhak lara saraat dipapanaké pamanggoné ana ing sajabané kutha. Yèn pinuju lumaku ing dalan, kudu awèh sasmita klawan alok-alok: "Najis, najis!"

Wong-wong sing nandang lelara saraat iku tansah disirik déning angger wong, malah dianggep najis. Mangka lelara mau ora bisa mari. Lelarané saya suwé saya banget, nganti sing lara tumeka ing ajalé. Ing jaman semono durung tau ana dhukun sing bisa nambani lelara saraat .... Nalika semono ana wong nandhang lara saraat lumaku ing dalan. Sandhangan sing dienggo suwèk-suwèk, kaya wong lagi nandhang susah marga kasripahan; rainé separo katutupan ing gombal .... Nanging .... mripaté sing adaté katon loyop-loyop, saiki katon sumilak padhang, kaya-kaya ana sing nenangi pangarep-arepé.

Wong mau wis ngrungu warta bab Gusti Yésus. Iku kang nenangi pangarep-arepé ana ing atiné: "O, Gusti Yésus mesthi kwasa marasaké aku .... "Semuné prakara sing mokal lan nglengkara, awit lelara saraat iku wis kawentar madal tamba. Nanging wong sing nandhang lara mau ana ing atiné wis mantep pangandelé: "Mung Gusti Yésus kang kwasa marasake ...."

Mulané wong mau banjur nempuh byat ninggal panggonané, banjur nggolèki Gusti Yésus. Saya bungah atiné, bareng saka kadohan weruh untabé wong golongan sing padha medun saka ing gunung, ndhèrèkaké tindaké Gusti Yésus. Lakuné banjur digelak, laraning awaké wis ora digawé rasa. Bareng tekan ing ngarsané Gusti Yésus, banjur sujud sarta munjuk: "Gusti, menawi Tuwan karsa, inggih kawasa mbirat najis kawula." Tumrapé wong sing lara wis ora ana wong liyané manèh sing dipandeng kejaba mung Gusti Yésus. Wong golongan sing piyak marga nyingkiri wong lara saraat mau, dianggep sepi. Apadéné saraking angger-angger sing turun-tumurun diparingaké marang bangsané, diterak wani, ujer mung sawiji sing dadi paraning atiné: birat najisé marga pitulungané Gusti Yésus. Mulané bareng wis tekan, wong mau ora taha-taha banjur sujud lan munjuk.

Mungguh Gusti Yésus piyambak kepriyé? Apa Panjenengané ajrih kagepok ing wong lara saraat mau? Apa iya kuwatos yèn kasucèné bakal katularan najisé sing nandhang lara saraat mau? Apa Gusti Yésus iya runtik galihé kayadéné wong golongan? .... Ora, Gusti Yésus ora mengkono.

Nanging Gusti Yésus banjur mulung astané, ndemèk marang wong mau sarta ngandika: "Aku karsa, birata najismu!" Padha sanalika kabirat malané saraat dadi resik. Sing pating benyinyih putih-putih ilang babar pisan, kulité pulih kaya wingi uni, lan awaké sing lungkrah malih dadi kuwat manèh. Durung nganti munjuk apa-apa manèh, wong mau wis didhawuhi Gusti Yésus supaya aja kandha-kandha marang wong apa sing mentas kelakon; wong mau diatag supaya énggal nuduhaké awaké marang imam lan nyaosaké kurban miturut dhawuhé nabi Musa .... Sawisé nglakoni iku kabèh, wong sing wis mari larané mau lagi bisa manggon manèh ing kutha awor sanak seduluré.

WONG sing wis birat lelarané mau banjur lunga klawan kabungahan gedhé. Atiné prasasat mbludag suka sokur marang Allah déné diparingi kanugrahan sing tanpa upama gedhéné, temah ora kena dicandhet manèh grengsenging atiné arep nyritakaké lelakoné kang nggumunaké mau. Ing sadalan-dalan ora lèrèn-lèrèn enggoné nyritakaké kaélokan sing mentas tumanduk ing awaké. Sapa baé sing gelem ngrungokaké dicritani, awit kabegjan sing semono gedhéné mau ora amot disimpen ana ing atiné.