Babad Saka Kitab Suci/Warsita-Arga

Saka Wikisumber

SEKABATÉ Gusti Yésus saiki cacahé wis ganep rolas. Saka ing antarané wong-wong sing padha pracaya marang Panjenengané, apadéné sing padha tresna lan saguh ndhèrèkaké ing satindaké, Gusti Yésus milih wong pitu kanggo ngganepi sekabat lima sing dhisik.

Apa sebabé Gusti Yésus nindakaké sing mengkono iku lan apa sebabé Gusti tansah didhèrèkaké tindaké, wong-wong mau durung ngerti. Saiki durung ngerti, nanging bésuk ing tembé bakal padha ngerti dhéwé.

Para sekabat mau ing tembé iya kudu memulang marang wong akèh bab kratoning Allah, kayadéné sing tansah ditindakaké déning Gusti Yésus. Malah para sekabat mau bakal uga kaparingan kasektèn nindakaké kaélokan. Bubuhané para sekabat mau ngundhangaké pawarta kabungahan marang bangsa Yahudi, bangsa kapir, lan marang angger wong sing padha gelem ngrungu pawarta mau, yaiku yèn Gusti Yésus rawuh ing jagad perlu nylametaké wong dosa.

Bésuk ing tembé ....! Nanging saiki, nalikané isih ndhèrèkaké Guruné, para sekabat mau durung bisa ngerti. Ing tembé, samangsa Guruné wis kondur menyang ing swarga. Ing tembé padha ora disebut sekabat manèh, nanging para Rasul.

Sekabat rolas mau, yaiku: Simon Pétrus lan Andréas; Yochanan lan Yakobus; Filippus lan Bartoloméus; Tomas lan Mattéus; Yakobus anaké Alféus lan Yudas Taddéus; Simon Zélotès lan Yudas Iskariot.

Nanging para sekabat mau babar pisan durung cukup kawruhé bab kratoné Allah. Panyanané wong-wong mau, Gusti Yésus bakal jumeneng raja ana ing bumi, lan para sekabat bakal kadadèkaké para nayaka.... Jebul nyatané béda babar pisan.

Para sekabat isih kudu ngerti, yèn kawibawan lan kasugihan iku ora bisa gawé slamet lan begjaning wong; sing bisa nylametaké iku mung ati kang wedi asih lan tresna marang Gusti Allah.

KACARITA Gusti Yésus kadhèrèkaké para sekabaté munggah ing gunung arep memulang marang para sekabat lan wong golongan mungguh kepriyé lakuning ngaurip lan apa sing kudu ditindakaké murih bisa dadi putra kagungané Gusti Allah.

Wong golongan sing padha ndhèrèk munggah ing gunung wis padha andhèr ana ing ngarsané, kabèh padha anteng lingguhé sumadhiya nampani wedharing pangandika. Ing kono Gusti Yésus banjur wiwit medhar sabda, memulang marang para murid lan wong golongan, pangandikané: "Rahayu para wong kang rumangsa mlarat ing budi, awit iku kang padha nduwèni kratoné swarga. Rahayu para wong kang prihatin, awit iku kang bakal padha kalipur. Rahayu para wong kang sabardrana, awit iku kang bakal padha olèh warisan bumi. Rahayu para wong kang keluwèn lan ngelak ngorong marang kasampurnan, awit iku kang bakal padha kawaregan. Rahayu para wong kang ambek welasan, awit iku kang bakal padha olèh piwelas. Rahayu para wong kang burus atiné, awit iku kang bakal padha weruh marang Allah. Rahayu para wong kang demen ngrukunaké, awit iku kang bakal padha kasebut para putrané Allah. Rahayu para wong kang dikuya-kuya krana saka kamursidané, awit iku kang padha nduwèni kratoné swarga. Rahayu kowé menawa diwewada lan dioyak-oyak sarta diala-ala ing wong kang klawan doracara, krana saka Aku ....."

LAN bab tresna-tinresnan ing antarané wong lan sapepadhané, pangandikané Gusti Yésus mengkéné: "Pada tresnaa marang satrumu; wong kang nyupatani kowé padha pujèkna becik; gawéa becik marang wong kang padha nyengiti kowé; wong kang nganiaya lan ngoyak-oyak marang kowé, padha dongakna slamet; supaya kowé padha ketitika dadi putrané Ramakmu kang ana ing swarga ...."

GUSTI Yésus iya mangandikakaké bab carané wong dedana. Wong iku yèn dedana sing akèh-akèh ora kagawa saka welasing ati utawa kadereng déning tresnané marang Allah, nanging sing diudi supaya kaweruhana ing wong akèh lan olèha pangalembana enggoné loma lan demen dedana. Nanging para sekabat lan wong liyané sing kepéngin sinebut para putrané Allah, aja pisan-pisan tumindak mengkono.

Pangandikané Gusti Yésus: "Pada diprayitna, aja nganti nglakoni kautamanmu ana ing sangareping wong, kang supaya katona ing wong iku .... Samangsa kowé dedana, aja kojuwarakaké kaya adaté para wong lamis ana ing mesjid-mesjid lan ing lurunglurung, pamurihé supaya kaalema déning wong.... Balik samangsa kowé dedana, tanganmu kang kiwa aja nganti weruh polahé kang tengen, supaya enggonmu dedana ana ing pasingidan, mangka Ramakmu nguningani sajroning pasingidan, iku bakal malesaké marang kowé ana ing edhèngan ...."

Bab ndedonga marang Allah iya diwulangaké déning Gusti Yésus. Panjenengané wis pirsa, yèn akèh wong sing padha dhemen sembahyang ana ing tengahé mesjid, malah ana ing pojoké lelurung, nganggo swara seru lan tembung lalahan pirang-pirang, ora kok marga déning tresnané marang Allah, nanging pamurihé ora liya supaya katona ing wong, temah dianggepa wong mursid lan ngibadah .... Balik pandonga kang sejati ora mengkono patrapé, nanging kudu ditindakaké ana ing pasingidan; pandonga iku aja mung katon ana ing lambé ndremimil, nanging kudu metu saka ing dasaring ati. Lan manèh ora perlu nganggo pitembungan lalawora. Pandonga kang sejati iku pasaja lan kebak pangandel.

Pangandikané Gusti Yésus mengkéné: "Samangsa. kowé padha sembahyang, aja kaya para wong lamis, jenèh iku padha dhemen sembahyang adeg-adegan ana ing mesjid lan ing pojoké lelurung, pamurihé supaya katona ing wong .... Balik kowé samangsa sembahyang, lumebua ing senthonganmu, sarta lawangé kancingen, nuli ndedongaa marang Ramakmu ana ing pasingidan .... Anadéné samangsa kowé padha sembahyang, aja nganggo tembung lalahan kaya para wong kapir, ujer iku padha nduwèni panduga yèn ketrimané marga saka akèh tembungé. Mulané kowé aja madhani wong iku, awit Ramakmu ora kekilapan apa kang dadi kakuranganmu sadurungé koaturi panyuwun ...."

Ing kono Gusti Yésus banjur mulangaké marang para muridé lan para wong kang padha ngrungokaké, pandonga kang dadi pathisarining pandonga, iya musthikaning pandonga ing saindengé jagad. Pangandikané Gusti Yésus: "Kang iku enggonmu padha ndedonga dikaya mengkéné:

Dhuh Rama kawula ingkang wonten ing swarga.

Asma Tuwan mugi kasucèkna, Kraton Tuwan mugi rawuha. Karsa Tuwan mugi, kalampahana, kadosdéné wonten ing swarga, inggih mekatena ugi wonten ing bumi.

Mugi kawula sami Tuwan paringi rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika.

Saha Tuwan mugi ngapunten sakathahipun kalepatan kawula, kadosdéné kawula inggih sami ngapunten ing tetiyang ingkang kelepatan dateng kawula.

Punapa malih kawula mugi sampun ngantos sami katandukaken dateng panggodha, mugi sami Tuwan uwalaken saking pangawak dursila. Awitdènè Tuwan ingkang kagungan kraton saha wisèsa tuwin kamulyan langgeng ing saliminipun. Amin."

ISIH akèh manèh prakara-prakara kang diwulangaké Gusti Yésus marang wong golongan.

Bab bandha utawa rajabrana kadonyan iya dipangandikakaké. Akèh sing padha duwé pangira yèn bakal bisa ngrasakaké kasenenganing urip, samangsa katunggonan ing bandha. Mulané sajroning uripé mung mindeng nglumpukaké rajabrana ing donya, temah lali lan nglirwakaké marang Allah kang dadi etuking kabegjan.

Pangandikané Gusti Yésus mengkéné: "Aja padha nglumpukaké bandha ana ing donya, kang ana rengeté lan amané ngentèkaké, sarta ana malingé padha mbabah lan nyolong. Nanging padha nglumpukna bandha ana ing swarga ...."

Gusti Yésus pirsa, yèn wong sing karem bandha lan sing atiné kraket karo amal kadonyan iku ora bisa tresna marang Allah. Sapa sing tresna marang Mammon, yaiku kasugihan, mesthi ninggal Gusti Allah.

Pangandikané Gusti Yésus mengkéné: "Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulané; awit ora wurung bendarané kang siji dibaèkaké, sijiné ditresnani, utawa rumaket marang kang siji mejanani marang sijiné. Kowé ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mammon ...."

GUSTI Yésus iya mangandikakaké bab pasrah lan suméndhé marang Allah Sang Rama. Akèh wong sing tansah nyumelangaké uripé, mangka satemené wong urip iku kudu mung tansah pasrah lan suméndhé marang Allah kang ora kendhat-kendhat rumeksa marang para putrané, kayadéné bapa enggoné rumeksa marang anak-anaké. Pangandikané mengkéné: "Aja padha sumelang mungguh uripmu, bab kang kopangan utawa kang koombé, lan mungguh badanmu, bab kang kosandhang. Aja ana celathumu: Kang dakpangan apa? Utawa: Kang dakombé apa? Lan manèh: Kang daksandhang apa? Awit iku kabèh diudi déning para wong kapir. Ramakmu ing swarga rak wus mirsa yèn iku mau kabèh dadi kabutuhanmu. Nanging kratoné Allah lan kasampurnané iku padha upayanen dhingin, nuli samubarang iku mau bakal diwuwuhaké marang kowé. Mulané aja padha sumelang mungguh ing dina sésuk, amarga dina sésuk iku bakal nyumelangaké bagéané dhéwé ....!

Padha mawasa marang manuk ing awang-awang; padha ora nyenyebar lan ora derep, sarta ora tetandho ana ing lumbung, éwadéné padha kaparingan pangan déning Ramakmu ing swarga; kowé apa ora kacèk luwih akèh katimbang karo manuk iku? ...."

GUSTI Yésus mangandikakaké bab watak kumlungkung lan sumuci-suciné wong. Panjenengané pirsa yèn akèh wong sing tansah ngawasaké marang pialané wong liya lan nganggep dosa lan murang sarak, nanging pialané awaké dhéwé sing luwih akèh lan luwih gedhé, ora tau digagas.

Pangandikané: "Kepriyé déné kowé weruh tatal kang ana ing mripaté sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu dhéwé, kowé teka ora weruh? Utawa kepriyé enggonmu bakal tutur marang sadulurmu: Mara dakulapané tatal ing mripatmu, mangka ta ing mripatmu dhéwé ana glondhongé?

Èh wong lamis, glondhong ing mripatmu dhéwé buwangen dhingin, nuli lagi bisa waspada enggonmu ngulapi tatal ing mripaté sadulur-mu iku...."

GUSTI Yésus mangandikakaké bab gedhéning sihé Allah kang tansah midhangetaké pandongané para wong kang suméndé marang Pangéran.

Pangandikané: "Padha nyenyuwuna, temah bakal kaparingan. Padha golèk-golèka, temah bakal nemu. Padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan. Sebab sok wonga kang nyuwun, iku tampa, lan kang golèk, iku nemu, tuwin kang thothok thothok, iku bakal kawenganan. Endi ta ana wong panunggalanmu kang dijaluki roti anaké, rak iya ora diwènèhi watu? Apamanèh saupama dijaluki iwak, rak iya ora diwènèhi ula? Kang iku menawa kowé, senajan ala padha mangerti ing bab pawèwèh kang becik marang anak-anakmu, méndahané manèh Ramakmu ing swarga mesthi peparing kang becik marang wong kang padha ngaturi panyuwun ...."

MENGKONO uga ana pangandikané Gusti Yésus bab wong kang pinter lan kang punggung. Wong kang pinter enggoné ngadegaké omah ana ing padhasan, sentosa pandhemèné; yèn ana udan deres, ora bakal kuwatir .... Déné wong kang punggung enggoné yasa omah ana ing pawedhèn ora bakuh lan sentosa; samangsa katempuh ing prahara ...!

Pangandikané mengkéné: "Saben wong kang ngrungu pituturku, sarta nganggo dilakoni, iku bakal Dakupamakaké kaya wong pinter kang ngadegaké omahé ana ing padhasan. Bareng ana udan deres, lan banjir teka, sarta angin midid, padha nempuh marang omah mau, meksa ora rubuh, amarga katalesan padhasan.

Balik saben wong kang ngrungu pituturku, mangka ora nglakoni, iku bakal diupamakaké kaya wong punggung, kang ngadegaké omahé ana ing pawedhèn. Bareng ana udan deres, lan banjir teka, sarta angin midid, padha nempuh marang omah mau, tumuli rubuh lan banget rusaké ...."

ISIH akèh manèh prakara kang diwedharaké déning Gusti Yésus marang para sekabaté lan wong golongan. Pangandika kang diwedharaké mau kabèh mratélakaké bab kepriyé wewatekané wong lan apa kang kudu dilakoni samangsa padha arep nggayuh dadi putrané Allah, samangsa padha ngarah dadi ahli-warisé kratoning swarga kang diratoni déning Gusti Yésus piyambak.

Sarampungé maringi piwulang, Gusti Yésus banjur kèndel, lan wong golongan kabèh iya padha meneng, jalaran padha kagawokan déning piwulangé. Durung tau ana pamulang kang madhani Gusti Yésus, enggoné arum ngresepaké pangandikané, enggoné jero lan wingit surasané. Malah enggoné mulang mau kaya ngagem pangwasa, ora kaya para ulama.

SAKÈHÉ piwulangé Gusti Yésus ana ing gunung mau ing sangarepé wong golongan gedhé, iku diarani Warsita-arga, kacekak dadi Warsitarga, tegesé: piwulang ing gunung.