Babad Saka Kitab Suci/Baturé Panatus Prajurit Rum
ORA antara suwé sapungkuré lelakon ing dhuwur mau Gusti Yésus rawuh manèh ing Kapernaum, kadhèrèkaké wong golongan gedhé. Lan sanalika wong-wong pada kumrubut sowan arep nyuwun pitulungan. Saiki sing padha sowan para pinituwané wong Yahudi. Nanging sowané mau ora kanggo butuhé dhéwé; sing disuwunaké pitulungan iku baturé panatus prajurit Rum, jalaran lara mbebayani ndungkap mati. Gusti Yésus diaturi rawuh ing omahé panatus prajurit mau, supaya marasna baturé sing lagi lara.
Yèn digagas, satemené kalebu anèh, déné ing atasé pinituwané wong Yahudi kok nganti padha gelem ngaturi Gusti Yésus rawuh ing omahé wong Rum, mangka sing lara iku mung batur, malah bisa uga batur tukon. Mulané wong Yahudi mau padha nyaosi katerangan, yèn wong Rum sing ngaturi Gusti Yésus iku wong becik, ora ambek siya ing atasé bangsa Yahudi, malah saking tresnané nganti ngyasakaké mesjid ing kutha Kapernaum.
Katerangan mau dhasar kepara nyata. Panatus prajurit Rum mau pancèn wong sing luhur budiné. Yèn ora mengkonoa, mangsa wong Yahudi nganti gelem dadi kongkonané. Wong Rum mau nganggep sapadha-padha marang bangsa Yahudi, senajan bangsa telukan. Jalaran wong Rum mau wis wanuh marang Allahé bangsa Israèl, malah iya ngabekti marang Allah, mulané bisa nduwé katresnan marang bangsa Yahudi .... Wong mau mesthi baé luhur budiné, apamanèh ambek welasan, katélak saka enggoné keraya-raya golèk ichtiyar murih warasé baturé sing lagi lara banget. Endi ana wong Rum sing gelem nggumatèni batur? ....
GUSTI Yésus midangetaké aturé wong Yahudi mau klawan rena galihé. Enggoné wong-wong mau padha tresna-tinresnan iku kang njalari renaning galihé. Mulané Gusti Yésus sanalika banjur tedhak mbarengi lakuné wong-wong mau.
Unjuké panatus prajurit kang lumantar para pinituwané wong Yahudi mengkéné: "Réncang kawula sakit sanget wonten ing griya kawula, langkung sanget anggènipun ngraos sakit. Mugi Tuwan kepareng nyarasaken ...." Sanalika dhawuhé Gusti Yésus: "Aku teka mrana, marasaké."
Nanging bareng wis cedhak ing omahé panatus prajurit mau, banjur ana kongkonan manèh marek ing ngarsané Gusti Yésus kapurih munjuk: "Dhuh Gusti, sampun ndadosaken damel Tuwan, margi boten pantes ing atasipun kawula, menawi Tuwan ngantosa rawuh lumebet ing wangon kawula. Kawula inggih sampun rumaos boten pantes menawi sowana piyambak, nanging Tuwan mugi nyabdakaken kémawon, temtu réncang kawula badhé saras. Kawula punika rak inggih tiyang ingkang kapréntah sarta mbawahaken prajurit. Mangka menawi kawula akèn, préntah kawula mesthi dipun lampahi sanalika, lan menawi kawula dipun paringi dhawuh, kawula temtu énggal-énggal ngéstokaken dhawuh .... Dhuh Gusti, Tuwan punika kagungan pangwaos ingkang linangkung, inggih nguwaosi sadhéngah kawontenan, malah inggih nguwaosi sesakit. Dhuh Gusti, mugi Tuwan kepareng nyabdakaken, temah réncang kawula temtu badhé saras."
Gusti Yésus midhangetaké atur mengkono klawan banget renaning penggalih, déné nguningani pangandel sing nganti semono gedhéné, mangka sing duwé pangandel mau wong Rum. Mulané semu sedhih pangandikané Gusti Yésus, nalika minger lan mangandikani wong-wong kang padha ndhèrèk .... Panjenengané ora kekilapan, yèn ing antarané bangsa Yahudi dhéwé isih akèh wong sing padha ora pracaya marang Panjenengané, malah padha nyepèlèkaké, lan padha ngarani Gusti Yésus iku dudu Sang Mesih, nanging wong culika.
Pangandikané Gusti Yésus: "Pituturku ing kowé: senajan ing bangsa Israèl, aku durung nemu pangandel kang gedhéné seméné iki. Nanging Aku pitutur ing kowé yèn bakal ana wong akèh teka saka ing wétan lan ing kulon, padha mèlu kembulan karo Abraham, Iskak lan Yakub ana ing kratoné swarga. Mangka para putrané kraton padha kabuwang metu marang pepeteng ing jaba pisan ...."
Pangandika mau isi pamelèh sing pedhes tumrap wong Yahudi sing padha ngegung-egungaké enggoné padha dadi tedhaké Abraham, temah padha ngira yèn mesthi bakal olèh swarga .... Mangka Gusti Yésus ngandika, yèn panatus prajurit mau, senajan wong Rum, dadiné iya wong kapir, apadéné wong akèh saka ingwétan lan ing kulon, bakal padha ndhisiki bangsa Yahudi enggoné ketampan lan mlebu ing kraton swarga, Déné bangsa Yahudi dhéwé bakal padha kabuwang metu ing jaba.
Wong Yahudi ngrungu pangandika mengkono iku, atiné serik banget.
Nanging para pinituwa suruhané panatus mau padha kaparingan pangandika kang banget ngresepaké ati, mengkéné: "Wis, mundura, kowé ketekana kaya kang dadi pangandelmu." Bareng para pinituwa mau tekan ing omahé panatus prajurit, batur sing lara banget mau wis ketemu waras.
Pangandelé wong Rum sing semono gedhéné mau dadiné ora nganti kawirangan.