Menyang kontèn

Babad Saka Kitab Suci/Tindaké Rasul Paul Kang Kapisan Nggelaraké Injil

Saka Wikisumber

KACARITA ing sawiyining dina ana prau layar lelayaran ing tengah segara, kombak-kombul katut ing aluning banyu; layaré kumrebet katempuh ing angin, temah laju lakuné prau mau, diréwangi para pambelah sing padha nyolahaké welahé ....

Prau mau momot barang dagangan warna-warna kawadhahan ing karung lan pethi gedhé-cilik. Kejaba para pambelah lan sing padha nglakokaké prau, ana wong-wong liyané sing mèlu lelayaran, kayata: sudagar sing padha nggawa barang dagangané. Ing antarané wong-wong mau isih ana wong Yahudi telu sing ora nggawa barang dagangan kaya liya-liyané. Wong telu mau katon anteng lan ulem, pasaja lan andhap-asor solah-tingkahe. Nanging wong telu malah nggawa bandha sing ora katon, nanging sing ajiné ngungkuli sakèhing rajabrana kadonyan.

Sing tansah digagas lan digunem para sudagar ora liya mung bab bebathen sing arep dikeruk samangsa wis tekan ing negara manca. Para pambelah iya wis ngétung pira opah lan umbalané sing bakal ditampa, yèn prauné slamet tekan ing panggonan sing diparani. Ringkesé wong-wong mau padha nggagas prakara sing bakal ditampani.

Nanging wong Yahudi telu mau padha nggagas apa sing arep diwènèhake, sing arep diluntakaké menyang negara manca, marang wong maèwu-èwu sing padha manggon ing tanah manca, lan sing ora ngerti yèn ing tengahing jagad ana bandha sing luwih déning mulya.

Bandha mau arep disebar ing saenggon-enggon sing ditekani, lan saben wong sing kesdu nampani, bakal diwènèhi kanthi lelahanan ....

Bandha mau senajan wis diedum-edum, ora bakal suda utawa susut, jalaran gedhéné ngluwihi, nganti bisa ngebaki jagad.

Wong telu mau padha ngawasake lakuning prau, nanging ing batin padha nggagas, apa wong-wong sing arep diwènèhi bandha mau padha gelem nampani pawèwèhé klawan bungah apa ora. Wong telu mau padha ngawasaké jembaring langit sing mayungi lumabing segara .... lan ing batin padha ngucapake pandonga.

WONG telu mau padha wong Yahudi, jenengé: Saul, yaiku sing tau nguya-uya wong Kristen, nanging saiki dadi rasulé Gusti Yésus sing setya, lan rowangé loro sing jeneng: Barnabas' lan Yochanan kang peparab Markus.

Wong telu mau pinangkané saka Antiochi, kutha ramé ing tanah Siria, lan ing kono ana pasamuwan Kristen sing wis gedhé.

Anadené wong telu mau dadi utusané pasamuwan ing Antiochi, padha kabubuhan njajah désa lan negara perlu nggelaraké Injil marang jagad, marang sadéngah bangsa, supaya padha ngertia yèn ana kabar kabungahan sing martakaké bab panebusing dosa lantaran sédané Gusti Yésus, waton padha gelem pasrah suméndhé lan pracaya marang Gusti Yésus, apadéné padha tresna marang Panjenengané .... Kaya mengkono iku wujuding bandha sing bakal diparingaké lelahanan, tanpa prabéya mung karana sih-rahmat. Bandha iku sing bakal bisa ngolèhaké karahayon lan urip langgeng kanggo sadéngah wong sing pracaya.

Kabar kabungahan mau ora mligi kanggo wong Yahudi lan bangsa liya-liyané sing padha manggon ing tanah Yahudi, nanging iya kacadhangaké tumrap sakèhing para bangsa ing salumahing jagad.

Dhawuhe Gusti Yésus sadurungé minggah menyang swarga, mengkéné: "Padha njajaha ing sajagad kabèh, Injil undangna marang sarupané tumitah.

Mulané wong telu mau padha budhal arep ngéstokaké dhawuh mau, kadereng déning katresnané marang Allah lan marang manusa pepadhané ....

Wong telu mau ora lali yèn pagawéan sing diayahi rekasa lan akèh mutawatiré, malah kudu diréwangi lara-lapa, nanging padha tansah gambira atiné tan ora ngandhut was sumelang. Lan saupama kudu ngalami panganiaya, pamemada lan kawirangan, iku mung bakal dianggep kaya enggoné nglabuhi Gustiné sing wis nandhang sangsara sing luwih banget.

Mulané wong telu mau tatag lan gambira atiné.

SATEKANÉ ing pulo Kipros (Cyprus), banjur padha ndharat ing kutha Salamis. Wong telu mau tumuli wiwit nggelarake Injil ana ing masjid-masjidé wong Yahudi .... Nalika jaman semono wong Yahudi akèh sing metu saka ing tanahé banjur bebara utawa laku dagang ana ing tanah manca, lan ing endi ana pakampungané wong Yahudi, ing kono iya ana masjide. Ana ing masjid-masjid mau enggoné Saul lan rowangé arep nggelaraké pangandikané Allah kang kawitan lan tumuju marang wong Yahudi.

Sawisé padha njajah pulo mau, wekasané tekan ing kutha Pafos, kutha-krajané pulo Kipros lan padunungane bupati Rum. Sing jumeneng bupati nalika semono Sèrgius Paul, wong sing limpad ing budi, nimbali Barnabas lan Saul, kepéngin miyarsakaké pangandikané Allah. Jagad dalah kamuktèn lan kawibawané kabèh ora bisa gawé marem lan tentreming galihé. Bokmenawa wong sing nggelaraké wulangan anyar iki bisa tuduh dalaning katentreman.

Bareng Saul wiwit nggelaraké piwulang, bupati mau miyarsakaké klawan mindeng ....

NANGING kocapa ― ing dalem kabupaten kono iya ana wong Yahudi sing ngaku-aku nabi lan dadi juru sichir, jenengé Élimas, klebu pangiringé bupati Sèrgius Paul sing katengen dhéwé marga saka pinteré enggoné ngapus-krama. Bareng weruh Saul medhar sabda ana ing ngarsané bupati, temah ing semu kèlu marang rembagé Saul, Élimas banjur panas atiné. Sapa ta wong iki déné kok cumanthaka ngaturi rembag marang bupati. Yèn bupati Sèrgius Paul nganti ndhahar aturé wong anyar iki, ora becik kadadéyané tumrapé Élimas, awit ing sabanjuré sing bakal digega rembagé Saul, lan Élimas bakal kesingkur.

Ing kono Élimas wiwit madoni rembugé Saul, pangarahé ngèngetaké sang bupati supaya aja nganti pitados marang Yésus Nasarani sing lagi diaturaké Saul.

Nanging Saul — kang uga nama Paul — kapenuhan ing Roh Suci, banjur mancerengi marang Élimas sarta ngandika: "Èh, anake Iblis, .... yagéné kowé wani ngayoni Rohé Pangéran? .... Lah kang iku samengko kowé kena ing astané Pangéran, temah dadi picak, nganti ora ndeleng srengéngé sawetara mangsa!" Sanalika Élimas mau kesaput ing peteng limengan, temah ora bisa weruh apa-apa; tangané gagap-gagap golèk wong sing gelem nuntun metu saka ing kono ....

Bupati Sèrgius Paul nyipati piyambak enggoné Élimas sing jaréné duwé ngèlmu lan kasektèn, ora bisa mangga pulih nalika katempuh ing astané Pangéran. Sang bupati saiki pirsa yèn Élimas iku wong culika lan kabèh aturé iku goroh, nanging iya wis neksèni piyambak yèn aturé Saul iku mawa daya lan prabawa kang élok, temahan pitados marang Gusti Yésus.

KACARITA sawisé lelakon iku mau Paul sakanthiné banjur mancal saka ing Pafos menyang ing Pergé, kutha ing tanah Asian-cilik. Saka ing kono Paul lan Barnabas mbacutaké tindake ndlajahi tanah pagunungan, nanging Yochanan pamitan mulih menyang ing Yerusalèm ....

Tindaké Paul lan Barnabas nglangkungi dalan sing rumpil-rumpil, munggah ing gunung, tumurun ing jurang, ora ngètung sayah lan pakéwuh ing dalan.

Kutha-kutha sing diampiri kayata: Antiochi, Ikoni, Listra, lan Derbé. Ing saenggon-enggon Paul lan Barnabas ora lèrèn-lèrèn enggoné memulang marang wong Yahudi lan uga marang wong kapir bab gedhéning katresnané Allah marang manusa, nanging iya mratelakaké bab paukumané Allah marang sadhéngah wong sing ora gelem pracaya marang Gusti Yésus. Lumrahé wong Yahudi padha mangkotaké atiné lan ora pracaya marang Gusti Yésus. Kosokbaliné wong kapir padha nggatèkaké marang piwulangé Paul lan Barnabas, lan akèh sing padha manjing pracaya, temahan padha kabaptis.

Nanging suwé-suwé wong Yahudi padha panas atiné lan padha nglawan marang Paul lan Barnabas. Saka wewengkon Antiochi Paul lan Barnabas ditundhung, lan iku kelakoné marga saka pangojok-ojoké wong Yahudi, supaya padha nguya-uya marang wong loro mau .... Ing kutha Ikoni Paul lan Barnabas mèh baé dibenturi watu .... jalaran Paul wani mulangaké wulangan anyar sing durung dirungu déning para pangarepé wong Yahudi sing misuwur kapinterané lan kamursidané!

Lan ana ing kutha Listra .... ana ing kono Paul lan Barnabas luwih banget enggoné nandhang panganiayané mungsuh. Mula bukané mengkéné: ing Listra kono ana wong lumpuh lair mula. Saben dina ndhéprok sacedhaké gapuraning kutha, ora adoh saka panggonané Paul memulang. Sasuwéné Paul memulang, wong lumpuh mau tansah nilingaké pangandikane Paul, lan suwé-suwé wong mau duwé pangandel. Saben Paul ningali wong lumpuh mau, mesthi rentah welase. Ing sajroning galih iya rumangsa begja, déné saiki bisa nedahaké marang wong akeh sepira gedhéning pangwasa lan katresnané Allah .... Paul pirsa yèn wong mau wis kadunungan pangandel, banjur didhawuhi: "Ngadega jejeg!" Wongé tumuli njumbul ngadeg sarta mlaku-mlaku. Wong-wong bareng weruh pandamelé Paul mau, banjur surak gumuruh lan padha nguwuh-uwuh nganggo tembung sing Paul ora ngerti, ujaré: "Wong loro iki dudu manusa lumrah, nanging déwa sing mindha manusa nedhaki kita saka ing kayangan!" Barnabas sing ora akèh pangandikané, diarani Yupiter, déné Paul diarani Merkur, awit akèh enggoné ngandika. Mangka ing ngarepané sekèthèngé negara ana kabuyutan kanggo déwa Yupiter; bareng pangulu ing kabuyutan mau ngrungu yèn Jupiter ngéja-wantah ing kutha kono, énggal-énggal banjur ngajokaké sapi rinengga-rengga ing oncèn-oncèn kembang lan gegodhongan menyang ngarepé gapura arep ngladèkaké sajèn karo wong golongan, minangka pakurmatan ing rawuhé Jupiter lan Merkur mau ....

Wiwitané rasul Paul lan Barnabas ora ngerti apa karepé wong akèh padha surak-surak lan apa tegesé wong padha nggiring sapi sing direngga-rengga oncèn-oncèn, nanging bareng wis bola-bali ngrungu tembung Jupiter lan Merkur lagi baé padha ngerti yèn wong akèh mau padha arep saos kurban, mangka sing disaosi kurban iku awaké dhéwé sing dikira déwa ngéjawantah. Patrap mengkono mau wis mesthi kliru banget, jalaran enggoné Paul lan Barnabas marasaké wong sing lumpuh mau tujuané supaya wong akèh padha ngertia sepira pangwasané lan maha welasé Allah ing swarga. Dudu karepé Paul lan Barnabas golèk pakurmatan, mulané banjur padha nyuwèk-nyuwèk pangagemané, sarta dumrojog mlayoni wong golongan kambi nguwuh-uwuh, pangandikané: "Hé kanca-kanca, kepriyé déné kowé padha arep tumindak mengkono? Aku iki iya padha munusa, padha dhasaré kaya kowe .... Gustiku kang dakwartakaké marang kowé, iku kang jumeneng Allah kang sipat gesang. Iya Allah iku kang pantes padha kosaosi kurban lan pakurmatan, dudu aku!"

Dadiné wong-wong mau padha ora sida saos kurban, lan Paul karo Barnabas ora sida dipundhi-pundhi kaya déwa, wurung enggoné padha arep nindakaké panggawé sing kliru lan dosa.

Nanging lagi baé wong akèh mau kena disarèhake, ketungka tekané wong Yahudi saka ing Antiochi lan Ikoni, padha ngala-ala marang Paul lan Barnabas ing ngarepé wong golongan. Bareng wong golongan pasah dibebangus dening wong Yahudi mau, banjur salin slaga, mauné padha mundhi-mundhi Paul lan Barnabas kaya marang déwané, saiki padha ngancam-ancam. Wekasané rasul Paul banjur dibenturi watu, sarta banjur dilarak menyang sajabané negara marga disengguh wis séda.

Bareng sing mbenturi watu wis padha mulih, ana murid sawetara padha teka, yaiku wong-wong sing padha pracaya marang piwulangé Paul, bokmenawa wong sing mauné lumpuh iya mèlu teka; Paul gumléthak ing lemah asawang layon, nanging bareng dirubung ing para murid mau, banjur njenggèlèk wungu sarta lumebet ing negara manèh. Gustiné ing swarga nguningani pagawéané abdiné sing setya, lan ora négakaké ing sajroning pakéwuh.

Ésuké Paul lan Barnabas banjur nglajengaké tindaké njajah ing tanah kono. Ing sadhéngaha panggonan sing dirawuhi, ing negara gedhé utawa ing désa cilik, ing kono mesthi ana wong sing padha nampani pawarta bab Gusti Yésus lan padha pracaya marang Panjenengané. Luwih-luwih saka ing kalangané bangsa kapir akèh sing padha manjing dadi muride Gusti, nanging wong Yahudi sing pracaya lan ndhèrèk Gusti, cacahé kena diwilang.

Sawisé kemput, Paul lan Barnabas banjur mbalèni panggonan-panggonan sing wis diambah, perluné arep nyantosakaké atiné para murid, diperdi supaya mantepa ing pracaya lan ora pareng padha wedi yèn katempuh ing sangsara, awit Gusti mesthi ora bakal négakaké para kagungané, .... malah padha dicawisi urip langgeng ana ing swarga.

Sapungkuré lelakon ing ngarep mau ing tengah segara ana prau lelayaran ngener menyang pesisiré tanah Siria. Tindaké rasul Paul lan Barnabas kang kapisan nggelaraké Injil wis kepungkur, sedhéla manèh bakal padha ketemu karo para sedulur ing Antiochi lan Jerusalém utawa kutha liya-liyané, padha arep dicritani apa sing mentas kelakon sajrone padha njajah ing negara manca .... Paul lan Barnabas mesthi ora bakal nyritakaké bab awaké dhéwé enggoné tansah kaancam ing bebaya utawa nandhang sangsara, awit ana prakara sing luwih wigati kanggoné para sedulur, yaiku yèn Gusti Allah wis kepareng nimbali wong pirang-pirang ginadhang-gadhang mlebu ing Kratoning swarga.