Menyang kontèn

Babad Saka Kitab Suci/Gusti Allah Nguningani Sedhenging Mangsa

Saka Wikisumber

GUSTI Allah mirsa samubarang lan nguningani samubarang, iya sing becik, iya sing ala .... Éwadéné Gusti Allah ora naté maringaké pitulungané énggal-enggalan marang wong kang padha mbutuhaké lan temen-temen pandongané. Lan dosa iya ora tumuli kadhawahan paukuman. Miturut gagasané manusa: pancèn ora tumuli! Nanging Gusti Allah ora naté nyupèkaké titahé siji-sijia, iya sing becik, iya sing ala, mung baé peparingé ganjaran lan paukuman iku nganggo mangsané dhéwe-dhéwé. Lan Gusti Allah nguningani sedhenging mangsa.

KACARITA ing jero sèl buwèn ing kutha Yerusalèm ana prantéan turu nggléthak ing damèn sing dienggo lèmèk. Tangané kiwa tengen diranté kaolèhaké tangané prajurit loro sing jaga ing jero sèl. Lawangé kakancing lan ing ngarep lawang ana prajurit loro padha jaga ing sisih jaba. Dadiné prantéan siji dijaga prajurit papat padha sikep gegaman, mokal bisané oncat saka ing buwèn. Sing tinanggenah njaga prantéan mau prajurit patang golongan, sagolongané wong papat. Yèn tekan gilirané diaplos, prajurit mau padha metu ing buwèn, diganti prajurit liyané, nanging prantéan mau ora bisa lunga babar pisan. Enggoné ana ing buwèn wis olèh sawetara dina, lan salebaré riyaya Paskah lagi arep diladèkaké marang pangadilané wong Yahudi. Prantéan sing dilebokaké ing sèl buwèn lan direksa déning prajurit papat sikep gegaman, mesthiné durjana gedhé utawa bénggoling kècu.

Nanging prantéan mau saben-saben katon tumenga kambi umak-umik ndedonga, lan tangané ngapurancang. Apa wong sing kaya mengkono iku durjana?

NALIKA semono sing jumeneng ratu ing tanah Yahudi sang prabu Hérodhès Agrippa, pernah kepénakané raja Hérodhès Antipas sing nyédani Yochanan Pambaptis. Raja Hérodès Agrippa ambeké adigang adigung adiguna lan angkara-murka, sing diudi mung bisane tansah olèh pangalembanané kawula kabèh ....

Para muridé Gusti Yésus wis ana sawetara sing dicekel lan dikaniaya atas dhawuhé Hérodhès, malah Yakobus, panunggalané para sekabat, disédani srana katigas janggané. Tindak siya mengkono iku disedya déning sang prabu murih olèha pangalembanané para pangarepé bangsa Yahudi, sing padha sengit marang Gusti Yésus. Apa tindaké mau adil lan bener, ora dipanggalih babar pisan.

Bareng mirsa yèn kang mengkono mau ndadèkaké senengé wong Yahudi, Hérodhès ndadra dhawuh nyepeng marang Pétrus, nuju ngarepaké riyaya Paskah. Pétrus iku padha-padha muridé Gusti Yésus, rak klebu dadi pangarep, tuwa-tuwané golongan Nasarani. Wah, saupama kelakon bisa nyimakaké rasulé Yésus sing wis kawéntar jenengé, saiba enggoné para imam lan wong Yahudi kabèh nyuba-nyuba lan ngalembana marang sang prabu!

Nanging beciké enggoné nibakaké paukuman yèn riyaya Paskah wis kepungkur. Ing kono Pétrus bakal diladèkaké marang pangadilané wong Yahudi, lan mesthi bakal kaukum pati kayadené Yakobus! Mulané kudu dikunjara dhisik, dipasrahaké ing pangreksané prajurit patang golongan, sagolongané wong papat, apadéné kudu diblenggu nganggo ranté kaya patrapé ngunjara durjana gedhé.

Satemené Hérodhès ngemu kuwatos ing galih ing ngatasé Pétrus dalah golongane. Nanging temboké buwèn sing kandel lan santosa, prajurit sikep gegaman sing gagah-gagah lan kendel, lawang lan régol wesi sing dikancing rapet lan dijaga, iku rak wis miyatani! Sapa sing arep wani ngrebut Pétrus saka ing astané Hérodhès?

Hérodhès mèsem-mèsem jalaran lega panggalihé.

PRANTÉAN sing lagi turu ing damèn ana ing jero sèl buwèn iku ora liya Pétrus. Enggoné saré katon kepénak, nélakaké yèn galihé jenjem, ora sedhih lan ora kuwatir, awit wis pasrah jiwa-ragané marang Gustiné. Yèn pancèn dikersakaké kudu ngalami dikaniyaya nganti tumeka ing pati pisan, Pétrus ora bakal suwala idhep-idhep enggoné nglabuhi Gustiné. Lan yèn mantep nganti tumeka ing wekasan, Pétrus wis nemtokaké yèn bakal kepanggih karo Gustiné ana ing kamulyaning swarga.

Anadéné para pawong mitrané sing padha tansah kekembulan ing kutha Yerusalèm, padha mempeng enggoné ndongakaké marang Allah. Pétrus iya ngerti yèn pandongané para mitrané ora kendhat sumengka ing pangayunané Allah, lan Pétrus iya ora ngarep-arep pitulungan liyané manèh kejaba pandongané para mitra.

Mangka pandongané para wong mursid iku mengku daya kakuwatan sing ngédab-édabi lan dadi panglipur tumrap wong prihatin. Ing sajroning pandonga mau kaya-kaya para mitrané padha bebarengan ngungsi marang pangayomané Gustiné; kaya-kaya pandonga mau dadi bètèng kang santosa sing bisa ngayomi Pétrus, abdhi sing setya-tuhu. Saben dina para mitra mau padha mbatek ing pandonga, nanging Gusti ora paring wangsulan. Mangka dina tibaning paukuman saya suwé saya cedhak lan ing kono Pétrus mesthi bakal disédani.

Mungguh Hérodhès kang ambek angkara-murka, saben dina saya ndadra enggoné nindakaké piala, éwadéné Allah ing swarga kèndel baé, lan saya mundhak dina saya mundhak kumlungkungé Hérodhès lan saya mundhak enggoné tumindhak sawenang-wenang .... tumrap para kagungané Gusti Yésus; durung lega galihé samangsa durung kelakon nyirnakaké golongan Nasarani nganti tapis!

KOCAPA, riyaya Paskah wis kepungkur; ésuké Pétrus kudu diladèkaké ing ngarepé pangadilan lan nampani paukumané.

Nanging ing wengi iku uga .... Pétrus lagi saré kepati, astané kiwa-tengen isih diblenggu nganggo ranté. Prajurit sing jaga padha mèlu turu ....

Dumadakan ana padhang sumorot ing jero sèl buwèn sing peteng mau lan ing sajeroné pepadhang mau katon ana malaékaté Pangéran jumeneng cedhak. Malaékat mau banjur nggugah marang Pétrus srana diceblèk lambungé, pangandikane: "Tangia dikebat!" Pétrus kagèt banjur wungu. Ranténé sanalika runtuh saka ing astané .... Prajurit sing jaga isih turu pules, ora krasa apa-apa.

Malaékat banjur ngandika manèh: "Sabukana lan sayuten trumpahmu." Bareng wis dilakoni, banjur dipangandikani manèh: Anggonen jubahmu lan melua aku!"

Pétrus banjur metu ndhèrèkaké malaékat, mangka ora nyana yèn sing ditindhakake dening malaékat mau kelakon temenan, rumangsané mung lagi ngimpi utawa ndeleng wahyu. Pangunandikané Pétrus: "Iki rak mung impèn. Mengko yèn aku tangi, rak isih ana ing buwèn sing peteng!" Sawisé ngliwati wong jaga kang kapisan lan kang kapindho, banjur tekan ing régol wesi sing anjog ing kutha, lawangé sing kinancing banjur menga dhèwè .... Pétrus wis jumeneng ing sajabaning kunjara, tindaké isih terus ndhèrèkaké malaékat mau nganti tutug ing pungkasané lurung. Bareng tekan ing kono, Petrus banjur ditilar déning malaékat. Bareng Pétrus émut wewèntèhan, banjur ngerti yèn ora ningali wahyu, nanging sing dinyana impèn mau jebul kelakon temenan. Sanyatané Gusti Allah wis ngutus malaékaté kadhawuhan ngluwari abdiné saka ing astané raja Hérodhès lan saka sakèhé pangarep-arepé wong Yahudi. Saiki wis oncat saka ing bebaya, banjur gegancangan tindak menyang ing omahé pawong mitrané salah siji arep ngabari bab gedhéning pangwasané Allah enggoné wis maringi pitulungan srana patrap sing ngéram-éramaké .... Sawengi iki mitrané mesthi ora ana sing turu, kabèh mesthiné padha lèklèkan lan ndedonga bebarengan nyuwun pitulungan marang Allah. Ndedonga nyuwun pitulungan? O, saiki ora perlu nyuwun pitulungan manèh, pawong mitrané saiki kudu saos sokur marang Allah, jalaran pandongané wis kajurungan.

Ora kacrita tindaké ana ing dalan, Pétrus wis tekan ing ngarep régol omahé mitrané sing jeneng Yochanan kang peparab Markus. Ing kono lagi ana wong akèh padha kumpulan ndedonga. Nalika Pétrus nothok lawang régol, banjur ana batur wadon, jenengé Rodé, marani nilingaké sapa sing ana ing jaba. Rodé ora pangling karo swarané Pétrus sing mundhut diwengani lawang, nanging saking bungahé ora nganti ngengakaké règol, rikat mlayu mlebu ngaturi priksa, yèn Pétrus jumeneng ing ngarep règol. Wong-wong sing ana ing kono ora ana sing ngandel, malah Rodé diunèni: "Kowé iku ngomyang. Mokal yèn Pétrus bisa rawuh mréné saiki!" Nanging Rodé ngukuhi aturé yèn nyata, tembungé: "Boten, kula sumerep saèstu, bilih ingkang wonten ing ngajeng régol punika Pétrus piyambak .... Sumangga kapiyarsakna, Petrus taksih nglajengaken thothok thothok!" Bareng wis diwengani lawang, banjur padha weruh rupané, temah padha kegawokan banget. Ora ana sing nyana babar pisan yèn Pétrus bisa metu saka ing pakunjaran. Kepriye bisané? .... Nanging kabèh padha bungah déné Pétrus wis luwar saka ing bebaya. Bareng paukuman pati wis mèh katibakaké, ing kono tekané pitulungan sing diarep-arep, ora nganti kasèp.

SAWENGI iku para mitrané Pétrus padha bungah-bungah lan padha saos sokur marang Allah déné kepareng mitulungi abdiné srana patrap sing luwih déning élok.

Senajan mengkono, wong-wong mau ora kena tinggal kaprayitnan. Ora prayoga yèn Pétrus terus manggèn ing kitha Yerusalèm, jalaran akèh mutawatiré. Sadurungé byar raina, Pétrus wis mangkat tindak menyang liya panggonan .... Bebaya apa sing arep nempuh uripé ana ing panggonan liya, Pétrus ora sumelang, jalaran wis ngalami dhéwé yèn Gustiné iku setya-tuhu lan kwasa paring pitulungan.

KACARITA, salebaré riyaya Paskah raja Hérodhès tindak saka Yerusalèm menyang ing kutha Késaréa lan kendel ana ing kono .... Bab musnané Pétrus saka ing pakunjaran, njalari gumun lan kagèté Hérodhès. Ora ana wong jaga siji-sijia sing ngerti kepriyé bisané Pétrus metu saka ing pakunjaran lan ora ana sing weruh menyang ngendi parané lan ana ing endi dunungé saiki, sawisé metu saka Yerusalèm.

Nanging Hérodhès ing sajroning kamulyan lan kaluhurané, ora menggalih manèh bab Pétrus.

Ora antara lawas sapungkuré lelakon mau, Hérodhès ketutugan sing dadi idham-idhamaning galihé. Nalika kèndel ing kutha Késarea, Hérodhès nampani pisowané para utusané kutha Tirus lan Sidon perlu ngunjukaké panuwun, déné sang prabu nyandekaké enggoné kersa nggitik perang kutha loro mau. Nalika semono Hérodhès ngrasuk kaprabon lan pinarak ing dhampar, ingadhep para mantri bupati lan kawula akèh. Ing kono sang prabu medhar sabda minangka wangsulan marang utusan mau. Wong akèh padha sumlengeren ndeleng éndahing busanané sang prabu apadéné ngrungu pangandikané. Akeh sing padha alok: "Punika pangandikaning déwa, sanès wicantening manusa!"

Midhanget pangalembanané wong akèh mau, sang prabu banget karenan galihé; durung naté sang prabu nampani pakurmatan sing semono gedhené! Wong-wong sing padha ngunggul-unggulaké sang prabu nganti luwih saka ing kad, padha ora dipenggak, nanging malah njalari mongkoging galihé, supé yèn isih ana Allah ing swarga sing kagungan sakèhing kaurmatan. Awit saka kumlungkungé mau padha sanalika iku Hérodhès banjur digebag déning malaékaté Pangéran, temahan ambruk jalaran kataman ing lelara nggegirisi .... Ora ana wong sing weruh tekané malaékat sing nggawa bebenduné Allah. Wong sing awaké katoné waras wutuh, dadakan dadi lara, mangka larané mau kamangsa ing singgat sing nggegilani. Hérodhès gerahé mung sawetara dina, banjur pegat nyawa.

GUSTI Allah mirsa samubarang lan nguningani samubarang, iya sing becik, iya sing ala .... Éwasemono sapa sing ngungsi marang Panjenengané samangsa katempuh ing pakéwuh, ora énggal-énggal kaparingan pitulungan lan dosa iya ora tumuli kadhawahan paukuman. Ora tumuli! Nanging Gusti Allah ora naté nyupèkake titahé siji-sijia, iya sing becik, iya sing ala. Gusti Allah nguningani sedhenging mangsa.