Babad Saka Kitab Suci/Lurah Kunjara
WETARA wayah tengah bengi lurahé kunjara turu pules. Lawang-lawang ing kunjara wis dikancingi kabèh; atine ora ngandhut sumelang, jalaran wis mesthi ora ana prantéan sing bakal bisa metu saka ing kunjara. Wong manca loro, sing awané mentas disapu nganti gegeré pating glaler kebak bilur, wis dilebokaké ing panggonan sing primpen, malah sikilé karo pisan dibelok, kepriyé olèhé arep minggat? Apa luputé déné nganti dilebokaké ing kunjara, lurahé kunjara ora ngerti, sajaké wong loro mau padha didakwa nyebar kabar ngayawara, nyritakaké prakara sing aèng-aèng sing durung tau keprungu ing kutha Filippi kono .... nanging iku rak dudu urusané lurah kunjara, kuwajibané rak mung ngreksa prantéan aja nganti minggat saka kunjara.
Wong loro mau gegeré kebak bilur tilas disapu, saiki krasa njarem banget; awake lungkrah, sayah lan luwé .... Nanging lurah kunjara mau ora merduli babar pisan, wong loro iku rak wong Yahudi, wong manca neneka ing negara kono. Bareng wis nganglang lan prantéan kabèh tinemu isih ganep ana ing panggonané dhéwé-dhéwé, lurah kunjara mau Banjur mapan turu. Atiné ora ngandhut was sumelang.
ING sajroné kunjara, saya manèh ing sèl sing ana ing jero dhéwé, petengé ndumuk irung. Ora ana swarané wong guneman, sing ana ing kono mung pangadhuh lan pasambat, rasa miris lan susah ....
Nanging dumadakan, bareng tengah bengi ana swaraning wong ndedonga lan ngidungaké pamudi konjuk marang Allah, déné wong lelaran liyané padha ngrungokaké klawan gumun ....
Swarané wong ngidung sumengka ing akasa, dumeling ing tengah wengi, ing satengahé pasambat lan pangadhuh, semuné nyengklèng ora laras karo papan lan kaanan ing sakiwa-tengené. Lumrahé sing kelair ing kono mung pepisuh lan panggrundel, utawa pasambat lan pangadhuh, Nanging yèn dirungokaké temenan wong sing ngulukaké pamuji mau nglairaké gambiraning atiné, lan swarané mranani atiné wong sing padha ngrungu.
Pinangkané swara mau saka ing sèl sing ana ing jero dhéwé, panggonané wong manca sing dibelok sikilé lan sing gegeré prasasat ajur jalaran disapu. Wong Yahudi mau padha ngidung bebarengan, ngluhuraké Allahé! .... Prantéan liya-liyané padha tangi ngrungokaké kekidungan mau. Nanging lurahé kunjara isih turu nglépus.
WONG loro mau, wong Yahudi, sing awané mentas disapu déning punggawa negara Filippi, iku Paul lan kanthine sing asma Silas iya diutus nggelaraké Injil kayadéné Paul.
Tindaké rasul Paul iki kang kapindho, nggawa kanthi Silas, arep njajah negara-negara manèh nggelaraké Injil marang wong Yahudi lan wong kapir. Tindaké mau nglangkungi kutha-kutha sing naté dirawuhi, kayata Listra lan Derbé. Ana ing kono rasul Paul kepanggih karo wong nonoman, sing aran Timotéus, sing digulawenthah déning ibuné lan embahné wiwit cilik mula ing bab surasané Kitab Suci. Wiwit nalika iku Timotéus kadhawuhan ndherèkaké tindaké rasul Paul, lan ing tembé Timotéus iya kautus nggelaraké Injil, kagawa saka tresnané marang Gustiné lan marang pepadhané.
Tindaké rasul Paul sakanthiné bablas nganti tekan ing Asia-cilik, mandhap tutug ing Troas kutha cilik ing pesisir sisih lor kulon.
Ana ing Troas kono Paul sakanthiné kèndel sawetara dina. Panuju wayah bengi Paul ningali wahyu, kaya-kaya Paul jumeneng ing pinggir segara, lan ing sabrangané segara katon ana wong Makedoni ngadeg kambi nguwuh-uwuh: "Sampeyan mugi nyabrang dhateng ing tanah Makedoni, mitulungi bangsa kula."
Mangka nalika semono Paul ora kagungan rancangan nglajengaké tindaké menyang ing laladan tanah Makedoni lan Yunani, nanging bareng kaparingan wahyu mengkono, Paul banjur rumangsa yèn angsal dhawuh saka Gustiné ndikakaké nyabrang mrana ngundhangaké pawarta bab sih-rahmaté Allah tumrap para wong dosa. Paul sakanthine banjur mangkat menyang ing tanah Makedoni.
Bareng wis padha ndharat, tindaké banjur njujug ing kutha Filippi, kutha-krajan ing tlatahé tanah Makedoni, sing kebawah ing paréntah Rum.
Nanging — wong Makedoni sing katon ana ing wahyu ora methukaké rawuhé Paul. Bareng wis wiwit memulang, sing padha manjing pracaya mung wong wadon sawetara. Éwasemono Paul sakanthiné ora kemba, saben dina ajeg memulang lan nggelaraké pangandikané Gusti, jalaran padha ngerti, yèn mung Gusti Allah piyambak kang kwasa ngeluk wangkoting atiné manusa, temah padha pracaya lan oleh karahayon ....
Kocapa nalika padha ana ing alun-alun, Paul sakanthiné tansah dietutaké bocah wadon pawongan sing duwé préwangan. Marga saka pinter memethèk, bocah wadon mau akèh enggoné ngasili bendharané. Yèn ngetutaké tindake Paul, bocah wadon mau tansah alok-alok, ujaré: "Wong iku padha abdiné Allah kang Mahaluhur, mulangaké margané karahayon marang kita." Mengkono mau ora mung sepisan pindho, nanging saben dina lan bola-bali. Nanging Paul ngerti yèn pagawéane dirégoni déning dhemit sing manggon ana in bocah wadon mau, saking pegel galihé, banjur dhawuh marang dhemité: "Atas Asmané Yésus Kristus dhawuhku ing kowé: "Metua saka wong iku!" Sanalika demité banjur metu, lan bocah wadon mau pulih waras manèh.
Bocah wadon mau begja déné wis kauwalaké saka pangwasané Iblis, nanging bendarané rumangsa kapitunan, jalaran bocah mau ora bisa metu kasilé manèh; sarèhné wis ora duwé préwangan, dadi iya ora bisa memethèk. Bendarané bocah wadon mau banjur ngajak kanca-kancané nyekel marang Paul lan Silas, padha diglandhang katur ing préntah, dirubung ing wong pirang-pirang. Paul lan Silas padha didakwa nggègèraké negara, lan sarèhné padha wong Yahudi, padha didakwa mulangaké padatan anyar sing nyalahi tata-carané wong Rum. Wong golongan iya padha melu nglawan marang Paul lan Silas lan mbeneraké pandakwa mau. Tanpa dititi-priksa prakarané, Paul lan Silas banjur didhèdhèli sandangané sarta disapu nganti bilar-bilur gegeré. Saupama sing didakwa mau wong Rum, mesthiné ora mengkono tumindaké pangadilan. Nanging sarèhné Paul lan Silas iku wong Yahudi neneka ing tanah kono, dadi ora perlu diéman ....
Sawisé digebugi nganti banget, banjur dilebokaké ing kunjara, lan lurahé kunjara didhawuhi wanti-wanti ngreksa wong loro mau aja nganti minggat. Lurah mau sarèhné kadhawuhan mengkono, mulané Paul lan Silas banjur dilebokaké ing sèl sing ana ing jero dhéwé lan sikilé dibelok.
Paul lan Silas ora suwala dipatrapi sing mengkono mau. Atiné isih ajeg tatag lan gambira, jalaran padha yakin yèn Gustiné ora bakal negakaké. Senajan nalika dikaniaya ing semu ora olèh pitulungan, nanging Paul lan Silas padha rumangsa begja déné kepareng nandhang sangsara karana Asmané Gustine. Lan ana ing jero sèl sing peteng ndhedhet, lan sajroné ngrasakaké pegel lan perih ing gegeré, Paul lan Silas tansah kapirsan déning Gustiné, malah Gustiné tansah ana ing cedhaké. Gagasan sing mengkono iku njalari lejar lan bungahing atiné. Mulané Paul lan Silas bisa ngulukaké swaraning pamuji ngluhuraké Allah kang Mahamirah.
Mangka lurahé kunjara turu baé.
BARENG mengkono dumadakan ana lindhu gedhé, talesé pakunjaran nganti oreg. Lawang-lawang kabèh padha menga, lan ranténé wong prantéan padha nglokro .... Dadi sanalika iku uga wong-wong sing diranté ing pakunjaran lan sing dibelok, bisa luwar saka ing ukuman.
Lurahé kunjara kagèt tangi, lan bareng weruh lawangé kunjara kabèh padha menga, pangirané prantéané kabèh wis padha miruda, mulane banjur ngunus pedhang arep suduk jiwa. Jalaran apa gunané isih urip, yèn prantéan sing dadi tanggungané wis padha ucul kabèh, ora wurung awaké sing bakal digawé ijolé, bakal diérang-érang lan dikaniaya, wekasané dipatèni. Rak aluwung mati ..
Nanging sadurungé kelakon, Paul nguwuh seru, pangandikané: "Sampun mbilaèni sarira, margi kula sami wonten ing ngriki taksih pepak."
Apa? Isih pepak? Ora ana sing minggat? Lurahé kunjara banjur njaluk colok, bareng wis dicoloki, énggal dumrojog mlebu ing panggonané Paul lan Silas, lan sumungkem ana ing ngarsané. Lurahé kunjara mau gagasané malih sanalika, bareng weruh wong loro mau isih pepak ana ing panggonané. Ing atasé dipatrapi paukuman abot, wong mau ora sambat, malah bareng ranté lan beloké padha nglokro lan lawangé menga, wong mau ora gelem metu saka ing kunjara. Wong loro mau mesthi dudu wong ala, dudu durjana gedhé, nanging wong burus lan jujur, malah wong suci, mulané lurahé kunjara mau ora taha-taha sujud jèngkèng ana ing ngarsané Paul lan Silas. Yèn wong mau wong burus lan jujur, mesthiné wulangan sing digelaraké marang wong akèh, iya ora bisa kliru lan luput lan ora bakal nasaraké wong. Wong iku mesthi mengku daya pangwasa sing gaib, temah marga saka tuladhané lan daya pangaruhé, ora ana prantéan siji-sijia sing ucul, kabeh isih pepak ana ing panggonané dhéwé-dhéwé. O, iba begjané yèn bisa madhani wong manca iku, tansah katon ayem lan tentrem, tansah sumèh lan gambira polatané. Lurahé kunjara mau banjur tuwuh gagasané kepéngin nyumurupi apa sing dadi gémbolané wong loro mau lan kepéngin nggeguru ngèlmu sing digelaraké. Ngèlmuné mesthi ngèlmu pethingan, bisa dadi marganing karahayon tumrap sadhéngah wong.
Paul lan Silas banjur diaturi medhal tekan ing jaba, aturé lurah kunjara: "Dhuh Tuwan, kula perlu nglampahi punapa supados kapitulungana rahayu?" Wangsulané Paul: "Sampéyan pitados dhumateng Gusti Yésus Kristus, temah badhé manggih karahayon, inggih sampéyan dalah sabrayat sampeyan."
Bareng sawengi iku uga Paul lan Silas diaturi pinarak ing omahé lurah kunjara, biluré ing geger disirami lan ditambani; disaosi dhahar lan ngunjuk. Sawisé mengkono Paul banjur mulangi lurahé kunjara dalah sabrayaté kabèh, supaya padha wanuha marang Sang Juru Slamet. Wong-wong mau temen-temen enggoné nggatèkaké marang pangandikané Paul lan wekasan padha pracaya marang Gusti Yésus, temahan ing sawaktu iku kelakon lurahé kunjara mau dalah sabrayaté padha kabaptis, lan atiné padha ngrasakaké karahayon lan kabungahan sing durung tau dialami, awit karahayon iku langgeng lan ora saka ing donya pinangkané, nanging peparing saka Gusti Allah.
Mengkono uga Paul lan Silas iya padha bungah jalaran akèh wong ing kutha Filippi padha manjing pracaya marang Gusti Yésus. Wong Makedoni sing ditingali ing sajroning wahyu lan sing nguwuh-uwuh: "Sampéyan mugi nyabrang dhateng ing tanah Makedoni, mitulungi bangsa kawula.", iku saiki wis ana nyatané. Lurahé kunjara dalah sabrayaté kabèh wis olèh pitulungan lan bakal olèh karahayon langgeng.
KOCAPA ésuké ana utusané bupati ing kutha kono nimbalaké dhawuh supaya Paul lan Silas diluwari saka ing pakunjaran ninggal kutha kono. Nanging Paul lan Silas ora kersa tindak medal saka ing pakunjaran mung nganggo patrap sidheman, jalaran pangandikané Paul mengkéné: "Kula sami tiyang Rum dipun sapu wonten ing ngajenganipun tiyang kathah boten mawi kapriksa, lajeng dipun lebetaken ing kunjara. Senajan kula sami tiyang Yahudi, éwadéné kula sami gadhah wewenang sami kadosdéné tiyang Rum, mangka sapunika kula namung badhé dipun tundhung medal sidheman. Murih saé lan leresing prakawis, prayogi menawi pangageng ing kitha ngriki dhateng piyambak ing pakunjaran lan ngirid kula sami medal saking ngriki." Utusan mau banjur ngaturaké pangandikané Paul marang para panggedhéné kutha kono, temahan padha ajrih; enggoné padha rembugan mengkéne: "Yèn nyata wong loro iku wong Rum, senajan asli Yahudi, aku padha keluputan, jalaran wong Rum ora kena disapu. Yèn wong mau ora trima lan ngunggahaké prakarane nganti tekan Sang Prabu ing Rum, aku mesthi padha kaukum."
Para panggedhéné kutha kono banjur énggal-énggal menyang ing pakunjaran sarta padha ngrerepa Paul lan Silas diirid medal lan diaturi nilar kutha Filippi mau.
Bareng wong-wong mau wis padha ngakoni enggoné padha tumindak sawenang-wenang tanpa panitipriksa, lan padha nyuwun ngapura, Paul lan Silas tumuli bidhal nilar kutha Filippi.
Tindaké saiki nratas tanah Yunani saya suwé saya bablas.