Babad Saka Kitab Suci/Maryam Kelair Tresnané Lan Yudas Ngendhem Sengit

Saka Wikisumber

KACARITA, nalika Gusti Yésus rawuh ing désa Bètani, ing omahé Simon saraat, yaiku Simon sing wis tau nandhang lara saraat, nanging wis disarasaké, ing kono Panjenengané disaosi dhahar, bareng karo para sekabat lan tamu liyané, kayata: Maryam lan Martha, apadéné Lasarus sing ditangèkaké saka ing antarané wong mati.

Gusti Yésus pinarak ana ing kono, diladosi para mitrané sing padha bungah-bungah jalaran Panjenengané kepareng ana ing tengahé. Kabèh sing padha ana ing pajagongan katon bungah lan warna-warna patrapé enggoné nglairaké katresnan marang Panjenengané.

ÉWADÉNÉ swasana sing ngemu rasa seneng lan gambira, meksa ketlusuban ing rasa sedhih lan prihatin.

Maryam, sing mèlu lungguh ana ing kono, wis suwé ngingetaké marang Gusti Yésus, nanging enggoné mèlu bungah-bungah jalaran karawuhan ing Gustiné, meksa kaworan ing sedhih. Wong-wong liyané bisa ngrasakaké kabungahan, mbokmenawa ora mikir apa sing bakal kelakon ingatasé Gusti Yésus. Nanging Maryam ora bisa lali-lali yèn kurang sedhéla engkas bakal ana lelakon sing nyedhihaké, awit Panjenengané bakal nemahi séda. Mulané saiki mumpung ketuju waktuné, Maryam arep nglairaké sepira gedhéning sih katresnané marang Gusti lan Guruné. Maryam ngadeg, banjur ngglenes metu. Ora antara suwé bali manèh nggawa gendul isi lenga jebad sing larang banget regané. Alon-alon Maryam nyelaki Gusti Yésus, lengané jebad banjur diesokaké ing mastakané Gusti Yésus: Maryam rumangsa begja lan bungah banget déné isih bisa nélakaké gedhéning katresnan lan pakéring marang Guruné sadurungé ngalami séda. Senajan atiné bungah, éwadéné meksa kaworan sedhih yèn ngélingi sangsara sing bakal nempuh Panjenengané, Maryam banjur sujud ing sampéyané Gusti Yésus, saking sedhihé nganti nètès eluhé, banjur diusapi nganggo rambuté .... Para tamu enggoné padha dhahar kepeksa kèndel, kabèh pada nyawang pratingkahé Maryam. Akèh sing padha ngalembana marang lekasé Maryam enggoné saos pakurmatan marang Gusti Yésus. Gandaning jebad wangi ngambar-ambar ngebaki sagutheké omah kono.

Déné Gusti Yésus piyambak banget kepranan ing galih nampèni pakurmatané Maryam.

NANGING kocapa, pratingkahé Maryam mengkono mau ora ndadèkaké panujuning atiné salah sawijining sekabat sing aran Yudas. Yudas nyipati dhéwé apa sing ditindakaké déning Maryam. Lenga jebad sing akèh ajiné ora éman-éman disuntak ana ing mastakané Gusti Yésus. Ujaré Yudas: "Jebad iku yagéné teka ora diedol, payu telung atus dinar, kena didanakaké marang wong miskin?" Ujaré Yudas mengkono iku ing semu pancèn bener. Wong-wong sing ngrungu ujar mau akèh sing manthuk-manthuk mbeneraké Yudas. Nanging ujar mau pancèn mung semu lan tata-lair baé. Gusti Yésus kang mirsani ing sajeroning atiné wong, iya mirsa apa sing aling-alingan ing saburining semu. Ing semu Yudas iku ambek welasan, tansah ngélingi marang wong miskin, nanging sajatiné Yudas iku atiné cethil lan ambek culika. Yudas iku kapasrahan nyekel kanthong dhuwit. Yèn kepetuk karo wong pepriman, sing kajibah ngulungaké dana iku Yudas. Enggoné duwé ujar mengkono iku pancèn ana pamrihé, yaiku supaya olèha alem saka wong akèh lan saka Gusti Yésus .... Nanging Gusti Yésus mirsa culikaning atiné. Saupama lenga jebad mau diedol, pepayon telung atus dinar iku ora kok bakal mligi kanggo wong miskin kabèh, nanging Yudas dhéwé iya bakal olèh-olèhan, awit adaté sok nyeler sing dilebokaké ing kanthongé. Mulané dhawuhé Gusti Yésus marang Yudas dirungu ing wong akèh, mengkéné: "Nengna baé ta wong wadon iki enggoné mbeciki Aku. Wong miskin iku salawasé ana ing kowé, nanging anaku ing kowé ora salawasé. Wong wadon iku nindakaké ing sakadaré. Enggoné njebadi Aku iku minangka cadhangan ngarepaké dinané enggonku kakubur."

Gusti Yésus banget rena ing galih mirsani tandangé Maryam, lan pangandikané marang wong liyané sing padha ana ing kono: "Ing endi-endia ana ing sajagad kabèh panggawéné Maryam iki bakal kacaritakaké minangka pangéling-élingé." Ing jaman sapungkuré lelakon mau carita bab katresnané Gusti Yésus bakal kagiyaraké ing sajagad kabèh, lan carita bab katresnané Maryam marang Gusti Yésus iku mesthi bakal ora dilalèkaké.

ENGGONÉ padha kembulan dhahar banjur diterusaké. Maryam lan Yudas padha mapan manèh ana ing méjané. Wong loro mau padha ngerti yèn Gusti Yésus wis ndungkap waktuné ngalami séda. Prakara mau dicethakaké manèh déning Gusti piyambak sarana pangandikané: "Sebab enggoné ngesokaké lenga iki marang badanku, kanggo nyamektani enggonku bakal kakubur."

Dadi karo-karoné wis padha ngerti yèn Gusti mung kari sedhéla enggoné tetunggilan karo para murid ....

Déné Maryam kagawa saka tresnané marang Gusti Yésus mung tansah mrihatinaké Gusti Yésus enggoné arep nandhang sangsara lan séda. Kosokbaliné Yudas, sing tansah dadi gagasané mung awaké dhéwé, déné gegayuhané caloné ora kecekel. Gusti Yésus iku pirsa sadurungé kelakon, dadi apa sing dipangandikakaké iku nyata lan mesthi bakal kelakon temenan. Yèn wis nyata Gusti Yésus bakal ngalami séda, apa gunané ndhèrèk wong sing wis cepak patiné? Yudas kepéngin ndhèrèk lan nyuwita marang wong sing kena diandelaké, sing bisa maringi pangkat lan drajat, apadéné kasugihan.

Sarèhné rumangsa gela banget atiné jalaran ora bakal ketekan kakarepané, mulané banjur tuwuh gethingé marang Gusti Yésus .... Saiki atiné wiwit ngrantam-rantam kepriyé enggoné arep golèk pepulih sarèhné rumangsa wis digawé gela.

MUNGGUH Gusti Yésus piyambak kepriyé? ....

Panjenengané mirsa samubarang. Panjenengané nguningani katresnané Maryam, lan iya ora kekilapan yèn Yudas wiwit ngendhem sengit.