Babad Saka Kitab Suci/Saul Mertobat

Saka Wikisumber

ING ngarep wis dicritakaké, nalika Stéfanus dibenturi watu, ana wong nonoman njaga jubahé wong-wong sing padha ngwutahaké getih resik. Wong nonoman mau aran Saul.

PRIYAGUNG ÉTIOPI LAN FILIPPUS

Wataké katoné padha baé karo wong-wong sing mbenturi watu Stéfanus: kamitegan lan mentalan ....

Nalika Stéfanus ambruk lan pegat nyawa, Saul mèlu nyuraki; ing batin bungah lan nyukuraké, jenèh wong iku pracaya marang Yésus Nasarani, lan wong panunggalané kuduné iya dipatrapi kaya mengkono uga ....

Nalika para imam padha nggolongaké rembug arep numpes sakèhé wong Kristen, Saul saguh nyumbangaké tenagané ngréwangi numpes golongan anyar mau, lan janjiné mau ditetepi temenan. Saul iku pancèn wong temen lan antepan, yèn wis saguh, ora tau mblénjani.

WIS kepara suwé Saul manggon ing Yerusalèm meguru marang golongané wong Farisi sing wis kalok kawasisané; sarak lan saréngaté agama Yahudi wis chatam kabèh uni lan isiné. Pangarep-arepé ing tembé bisaa dadi wong Farisi kayadéné guru-guruné, mursid lan ngibadah, mung tansah netepi apa sing wis kasebut ana ing angger-angger. Ing satemené Saul kepéngin dadi abdiné Allah, awit dhasaring atine pancèn sumuyud marang Allah, lan ngabekti klawan gumolonging atiné. Enggoné masrahaké jiwa-ragané numpes golongan anyar mau mung tumuju marang kaluhurané Allah ....

Miturut panganggepé Saul, para rasul lan murid-muridé kabèh, dalah guruné pisan, yaiku Yésus Nasarani, iku kabèh padha nyenyamah asmané Allah, dadi satruné Allah. Mulané wis pantes lan bener yèn wong-wong iku kudu dikuya-kuya lan didadèkake bebandan lan dipatèni. Saul saguh nyirnakaké golongané wong-wong mau, ing saben wayah lan ing saenggon-enggon, nganti wong mau padha tumpes tapis tekan cindhilé abang.

Sedyané Saul sing mengkono iku ora mung kagawa saka bektine marang Allah ....

Pamurihé supaya bisaa oleh ganjaran katentreman tumrap batiné dhéwé. Saul kena disebut wong pinter keblinger! Apa katentreman batin bisa digayuh sarana nindakaké pangroda-peksa? ....

KOCAPA, ing dalan gedhé sing saka Yerusalèm nratas ara-ara samun anjog ing Damaskus, kutha-krajané tanah Siria, ana prajurit jaranan sabregada mlaku ngener menyang Damaskus. Sing nunggang jaran ing tengah Saul, tetindhihe prajurit, isih enom, tur kendel lan kebak kawanteran. Ing batin wis ngejibaké yèn mulihé saka Damaskus bakal nggawa bandhangan lan bebandan wong Kristen, lanang lan wadon, padha didhabyang menyang Yerusalèm kaladèkaké marang para imam. Polatané katon sumringah gambira, atiné tatag lan mantep, jalaran wis nganthongi layang pangwasa ngobrak-abrik padunungané satru .... Saul enggoné budhal menyang Damaskus jalaran ngerti yèn para muridé Yésus Nasarani akèh sing padha ngungsi mrana. Wong-wong mau sing padha ditututi arep didhabyang dadi bebandan menyang Yerusalèm. Panggawé sing utama iki bakal sumaos minangka kaluhurané Allah pepundhèné, mengkono gagasané Saul.

KUTHA Damaskus dumunung ing sajabané tanah Yahudi, adoh saka Yerusalèm, nanging ing kana uga wis akèh wong sing padha wanuh lan pracaya marang Gusti Yésus lan padha dadi kagungané. Marga saka pangancam-ancam lan panguya-uyané para imam, akèh wong Kristen ing Yerusalèm sing dipatèni, sing mrucut saka tangané para imam padha ngungsi pating slebar menyang tanah manca. Ora béda karo kaanan ing alam jembar: samangsa patamanan katempuh ing angin gedhé, akèh wit-witan sing rubuh, pang-pang sempal, gegodhongan lan woh-wohan kabuncang katut ing angin. Akèh wit-witan sing rusak, nanging ana ing ngendi tibané woh-wohan, ana ing kono wijiné iya banjur thukul, banjur nuwuhaké wit anyar sing ing tembé bakal metokaké woh, malah terkadhang tibaning wiji mau ana ing panggonan sing ora kanyana-nyana .... Mengkono uga panguya-uyané para imam ing Yerusalèm tumrapé wong Kristen, njalari golongan anyar mau buyar sumebar mratani ing satanah kabèh, lan ana ing panggonan endi baé sing ditekani wong mau padha nggelaraké pangandikane Injil. Kaya mengkono mula bukané ing Damaskus, senajan kuthané bangsa kapir, tinemu akèh wongé Yahudi sing padha manjing pracaya marang Gusti Yésus.

Kadadéyan sing mengkono mau njalari sangsaya wuwuh muntab nepsuné para imam ing Yerusalèm .... Kebeneran banget déné bisa olèh wong kaya Saul sing kena dipitaya ngrampungi gawé. Saul ambeké muntab enggoné ngancam-ancam lan mematèni para muridé Gusti. Kutha-kutha ing wilayah kono diubres nganti tapis. Lan wekasané banjur séba marang imam agung, nyuwun layang pangwasa menyang ing masjid-masjid Damaskus nggolèki sing padha ngungsi mrana. Ciptaning atiné, wis mesti ora ana wong Kristen siji baé sing bakal bisa mrucut saka ing tangané.

Bareng wis olèh layang pangwasa. Saul banjur budhal. Para pangarepé wong Yahudi lan para wong Farisi, yèn dituduhi layang mau, wis mesthi bakal padha ngréwangi Saul ngubres wong-wong sing mèlu dadi wargané golongan anyar, lan sedhéla baé .... bebasan suwé mijet wohing ranti.

"TUWAN PUNIKA SINTEN, GUSTI?"

Lakuné Saul wis ora adoh manèh saka kutha Damaskus, saka kadohan katon putih kethap-kethap. Lakuné digelak daya-daya énggal tekan ing kutha, lan mesthi ora bakal mlèsèt saka pethèké, mulihé saka kana bakal nggawa bandhangan lan bebandan akèh, apadéné atiné bakal ngrasakaké ayem lan tentrem, déné bisa ngunjukaké darma-bekti semono gedhéné marang Allahé ....

NANGING sasuwéné mlaku, dumadakan bareng wis cedhak ing Damaskus, Saul dalah kanthiné kaclérétan ing cahya saka ing langit. Marga saka kagèté Saul niba ing bumi, mripaté merem awit ora tahan ndeleng pepadhang sing nggegirisi, tangané kumlawé kaya-kaya arep nangkis sing nempuh awaké .... Ing kono banjur ana swara, pinangkané saka ing langit, mangandikani Saul mengkéné: "Saul, Saul, yagéné teka sira nguya-uya marang Ingsun?" Sapa sing ngandika mengkono iku? Sapa sing rawuh mawa cahya gumebyar? Kakendelan lan gambirané Saul larud sanalika, banjur munjuk: "Tuwan punika sinten, Gusti?" Ing kono Saul banjur kaparingan wangsulan, cetha pangrunguné Saul, pangandikané swara mau: "Ingsun iki Yésus kang sira kuya-kuya. Rekasa sira nyépak angkus!" Awaké sakojur gumeter tanpa daya. Sing ngandika iku Yésus Nasarani! Apa nyata Panjenengané iku pinarak ana ing swarga, ana ing langit dhuwur, kaya sing dikandhakaké Stéfanus nalika semana? .... Yèn mengkono rak cilaka awaké! Saiki Saul wis dipethukaké satruné sing diincim-incim, mangka Saul rumangsa yèn wis kasoran daya prabawa. Atiné wedi banget kaworan getun, déné kumawani ngayoni marang Yésus Nasarani sing kagungan pangwasa mengku swarga lan bumi, mulané unjuké kaya patrapé wong sing pasrah pati-urip, mengkéné: "Gusti kawula Tuwan karsakaken nglampahi punapa?" Pangandikané Gusti Yésus: "Ngadega, lumebua ing negara, nuli sira bakal didhawuhi apa kang perlu sira lakoni." Sawisé mengkono, cahya mau ilang, lan swarané ora keprungu manèh. Wong-wong kanthiné Saul mung padha njenger, marga iya ngrungu swara, nanging ora weruh sapa-sapaa. Saul banjur ngadeg manèh, gragap-gragap kaya wong picak, senajan mripaté melèk, nanging ora katon apa-apa. Banjur dikanthi tangané déning wong kanthine, katuntun menyang ing Damaskus. Ana ing kana Saul banjur mondhok ing omahé tepungané. Telung dina telung bengi Saul ora metu-metu saka ing kamar, mripaté ajeg ora bisa ndedeleng, lan nglakoni tirakat ora mangan ora ngombé .... Perluné sing wigati enggoné teka ing Damaskus wis ora dipikir, maneh, layang pangwasa saka imam agung saiki wis tanpa teges, sedyané enggoné arep ngglandhang wong-wong Kristen saka Damaskus menyang Yerusalèm, larud kaya kukus kabur ing angin, mengkono uga rasa sengit lan gething wis sirna saka ing atiné. Telung dina telung bengi Saul ora metu-metu saka ing kamar. Jagad ing sakiwa-tengené ora katon ana ing mripate. Saul wis ora bisa ndeleng apa-apa sing ana ing jaba, nanging malah sangsaya cetha enggoné ngungak ing sajroning atiné sing kebak piala .... Saiki Saul mung bisa nyenyuwun lan ndedonga, ngèling-èling sing wis kelakon lan ngangen-angen apa sing arep dilakoni. Atiné banget enggoné gegetun, déné lakuné kesasar adoh saka ing dalan sing bener, mulané sing disesuwun rina lan wengi muga kaparingana pangapura ing atasé sakèhing kaluputané.

Lan nalika semono sajroning wahyu Saul weruh ana wong tuwa mlebu ing kamaré, banjur numpangi tangan, temahan bisa ndeleng manèh .... Nanging iku mung wahyu dadi katoné kaya ing sajroné ngimpi, éwadéné kena diarani sasmita peparingé Gusti Yésus jalaran bareng wis olèh telung dina enggoné mempen ana ing kamar, Saul kadhayohan wong tuwa temenan.... Wong mau aran Ananias, kalebu muridé Gusti Yésus sing setya. Tekané mrono dhasar kautus déning Gustiné, dhawuhé Gusti ing sajroné wahyu: "Ngadega, menyanga ing lurung kang aran Lurung Kenceng, ana ing omahé Yudas takokna wong kang jeneng Saul, wong ing Tarsus, awit wong iku lagi ndedonga."

Ananias banjur mangkat ngéstokaké dhawuh. Wiwitané Ananias kuwatir banget, jalaran wis ngrungu warta yèn Saul iku wong sing nguya-uya para kagungané Gusti Yésus, nanging bareng diparingi pirsa mungguh karsané Gusti ingatasé Saul mau, was sumelanging atiné sirna sanalika.

Ananias banjur mlebu ing kamar panggonané Saul; sawisé ditumpangi tangan, Saul banjur dipituturi: "Saul, sedulur, aku diutus déning Gusti, iya Yésus kang ngetingal marang kowé ana ing dalan kang mentas koambah, supaya kowé bisaa ndeleng manèh lan kapanjingana Roh Suci." Lan sakal ana kang rupané kaya sisik runtuh saka mripaté, banjur bisa ndeleng manèh, bisa nyawang Ananias, utusané Gusti Yésus, bisa weruh padhangé srengéngé, bisa tumenga menyang langit pinangkané cahya sing mblerengi mripaté, iya padalemané Yésus Nasarani, sing saiki disebut Gusti lan Juru Slameté. Saiki atiné wis kapenuhan ing katentreman sing tansah diupaya klawan ngetog kakuwatan. Satruné Gusti Yésus sing saguh numpes para kagungané, saiki wis ditelukaké, malah didadèkaké murid sing setya-tuhu, — langgeng tumeka ing delahan.

Nalika iku uga Saul banjur kabaptis.

KACARITA, ora antara lawas, pinuju wayah wengi, nalika kutha Damaskus wis sepi nyenyet ora ana kumliweré wong liwat, ing sawijining omah sing dumunung ing sadhuwuring baluwarti, ana klesak-klesiké wong sawetara padha nandhangi pagawéan sing nyalawadi; jendhéla sing ngungak ing sajabané baluwarti wis dibukak, saka ing kono ana bronjong gedhé diudhunaké alon-alon nganti tekan ing lemah. Bareng wong sing ana ing bronjong mau wis mudhun, bronjongé banjur diunggahaké manèh, lan jendhélané dikancing. Wong sing diudhunaké nganggo bronjong mau .... Saul!

Mangkaté menyang Damaskus dadi tetindhihe wong sikep gegaman sabregada, nanging enggoné ninggal kutha Damaskus kayadéné wong minggat.

Kepriyé nalaré dadi mengkono?

Kocapa para wong Farisi sing padha manggon ing Damaskus, ngrungu warta, yèn Saul, sing dadi agul-agulé para imam pinitaya nyirnakaké sakèhé para muridé Yésus Nasarani, saiki jebul malah teluk lan katut marang pihak satru, kabaré wis dibaptis lan manjing dadi panunggalané wong Kristen, malah memulang ana ing masjid yèn Yésus Nasarani iku kang jumeneng Putrané Allah, iya kang jumeneng Sang Mesih. Bareng mengkono kadadéyané, wis mesthi baé golongané para wong Farisi nepsu banget lan ngancam-ancam arep nyirnakaké Saul. Rina-wengi wong-wong mau padha njagani lawang sekèthèng, supaya Saul aja nganti bisa oncat saka Damaskus, temah gampang disirnakaké. Saul wis cidra ing janji lan mblénjani kasaguhané, mulané kudu disirnakaké! Saul kudu dipatèni!

Nanging marga saka rékadayané para murid lan wong Kristen panunggalané, Saul bisa oncat saka ing bebaya, metu saka kutha Damaskus klawan slamet.

Saul piniji déning Gusti, dikersakaké dadi Rasul. Saiki Saul durung ngerti bubuhan apa sing diparingaké Gusti ana ing pundhaké. Sing wis cetha saiki yaiku yèn atiné bisa ngrasakake katentreman lan kaayeman, lan peparing sing wis ditampa ana ing atiné iku bakal ditularaké marang angger wong sing gelem nampani ... Bokmenawa isih akeh wong sing kliru pamawasé marang Gusti Yésus, kayadéné Saul dhéwé biyèn nalika atiné kebak pangancam-ancam marang para muridé Yésus Nasarani. Saiki Saul arep martakaké marang jagad bab gedhéning sih katresnané Gusti Yésus nganti kepareng nyawisi pangapura tumrap wong dosa.

LAN nalika wayah bengi iku Saul, sawisé ninggal kutha Damaskus, banjur bablas lakuné ora nganti konangan déning satruné. Senajan katoné kaya wong inggatan, éwadené atiné wis pulih gambira lan kendelé, jalaran arep ngayati pagawéan anyar sing luwih déning mulya, apadéné ora duwé was sumelang jalaran yakin, yèn sedyané mengkono mau mesthi bakal kaleksanan.

Yésus, Sang Mesih piyambak, kang bakal nganthi lan nunggil abdi pilihané ing salawasé uripe.