Babad Saka Kitab Suci/"Angona Para Wedhusku"

Saka Wikisumber

KACARITA, nalika semono Pétrus rawuh ing désa Lidda, ora adoh saka palabuhan Yoppé.

Petrus! .... Dhawuhé Gusti Yésus marang Pétrus sing wekasan nalika wayah ésuk ing pinggiré segara Tibérias, sing dipangandikakaké nganti ambal ping telu, tansah cumathet ana ing atiné. Salawasé urip Pétrus ora bakal bisa lali yèn wanti-wanti dhawuhé Gustiné mengkéné: "Angona para wedhusku!"

Pétrus rumangsa katimbalan lan kabubuhan martakaké marang jagad bab kaluhuran lan kamulyané Gusti Yésus, apadéné nggelaraké Injil, yaiku kabar kabungahan bab pangapuraning dosa lantaran sih katresnané Gusti Yésus.

Awit saka iku Pétrus njajah ing saenggon-enggon klawan memulang marang wong akèh. Wong sing padha nampani piwulang lan manjing pracaya saben dina tansah mundhak akèh, lan padha kaparingan panglipur déning Roh Suci.

Mengkono mau Pétrus rawuh ing désa Lidda.

ING jagad tansah ana prihatin lan panandhang, dalah désa sing cilik pisan kayadéné Lidda, iya diambah ing susah lan sangsara.

Ing désa mau Pétrus mrangguli wong sing wis wolung taun ngathang-athang ana ing paturon marga lara sèmpèr. Wong mau aran Énéas.

Bareng mirsa wong mau, Pétrus rentah welasé, nanging iya rumangsa begja déné bakal bisa nyuwunaké pitulungan.

Gusti Yésus, iya Gusti pepundhèné, rak kagungan pangwasa ngasoraké lelara lan pati, jumeneng ratuning urip. Mangka Panjenengané mesthi dangan paring pitulungan. Wong mau banjur didhawuhi déning Pétrus: "Énéas, Yésus Sang Kristus maluyakaké kowé. Tangia lan tatanen paturonmu."

Sanalika Énéas krasa yèn awaké sing jempo kalebon daya kakuwatan sing élok, banjur ngadeg nyat.

Wong akèh padha kaéraman weruh kaèlokan semono gedhéné. Énéas sing tansah katon ngathang-athang tanpa daya, saiki mloka-mlaku kaya-kaya mamèraké enggoné wis nampani kalubèraning sih lan pangwasané Gusti Yésus.

Wong sing padha ndeleng dhéwé utawa ngrungu wartané bab prakara mau, banjur padha mratobat marang Gusti Yésus.

Saiki Pétrus nglakoni dadi pangon-ngengon wedhuse Gustine!