Babad Saka Kitab Suci/Priyagung Ètiopi

Saka Wikisumber

KACARITA ana ing dalan sing sepi lan samun, dalan saka Yerusalèm ngliwati Hebron mudhun anjog ing Gaza, terusané ngener menyang ing tanah Mesir, ana ing dalan mau katon arak-arakané kafilah sing lakuné arep menyang tanah Mesir. Sing mlaku ing ngarep lan ing buri wong sabregada padha sikep gegaman kanggo ngwékani drigamaning dalan, déné sing ana ing tengah priyagung nitih kréta. Yèn ndeleng kréta dalah pangiringé, priyagung mau wong sugih lan kajèn kéringan. Yèn nitik agem-agemané, priyagung mau dudu wong Yahudi utawa wong Rum. Pinangkané saka ing tanah Étiopi, priyagung punggawané Kandaké, ratu èstri bangsa Étiopi, kang dipitaya mengku rajabranané kabéh.

Nalika semono priyagung mau lagi baé kondur saka Yerusalèm. Enggoné tindak menyang Yerusalèm iku arep sembahyang ana ing padaleman suci, saos pangabekti marang Allahé bangsa Israèl, murih olèha katentreman lan karahayon lair lan batin.

Jalaran priyagung mau, senajan sugih singgih lan kajèn kéringan ana ing negarané, atiné ora bisa ngrasakaké kaayeman lan katentreman, lan déwa sesembahané bangsané ora bisa gawé mareming atiné ....Saréhné kepéngin nyatakaké pawarta sing wis dirungu bab kasekten lan pangwasané Allahé wong Israèl, mulané keraya-raya lunga saka ing negarané menyang Yerusalèm, ora ngètung adoh lan rekasané ana ing dalan, padha kaya lelakon pirang-pirang atus taun kepungkur nalika ratu èstri ing Sèba tindak menyang Yerusalèm nuwèni Sang Prabu Suleman.

Sakonduré saka Yerusalèm kepriyé? .... Akèh sing ditingali lan akèh sing ditilingaké, nanging katentreman lan kaayemaning ati sing diudi, ora tinemu ing padaleman suci utawa ing pasrawungané karo para ulama lan ahli kitab sing kalok kamursidan lan pangibadahé. Éwadéné sarèhné isih kenceng pangudiné murih undhaking sesurupané mungguh ing Allahé wong Israèl, priyagung Étiopi mau merlokaké mundhut kitab, kaampil kondur menyang ing tanahé .... Kitab mau kitab pamedharé wangsit nabi Yesayah, wujudé gulungan kitab sing ditulis nganggo tangan, mula larang regané, nanging priyagung mau ora ngéman dhuwit, awit pancén sugih.

Ing sasuwené nitih kréta, priyagung mau wiwit maca kitabé, jalaran kepéngin banget ngerti lan waruh marang Allah sing ditakokaké ana ing atiné. Nanging kepriyé bisané arep ngerti surasaning kitab sing ditulis ing basa manca lan isiné ngemot pamedharé wangsit nabi ing jaman kuna? Kitab mau dijinggleng lan diwaca bola-bali, nanging meksa ora bisa nyandhak eliding pangandika sing katulis ana ing kono. Uniné mengkéné: "Kaya wedhus enggoné katuntun menyang ing pasembelèhan, lan kaya cempé kang ora nyuwara ana ing ngarepé kang mbathili, mengkono enggoné ora mbikak lathi."

Sapa sing dicritakaké mengkono iku? .... Semuné nabi Yesayah ngandikakaké bab sawijining priya sing kudu nandhang sangsara krana bangsané, lan kudu nyangga paukuman sing beneré kudu dietrapaké marang bangsané mau .... Priya iku sapa?

Priyagung Étiopi mau mung gèdhèg-gédhég, pangandikané nabi mau ora béda karo cangkriman sing ora kena dibatang!

Nalika putek nalaré nyuraos isining kitab, dumadakan ana wong mlayoni mbarengi lakuning krétané, banjur matur: "Panjenengan punapa inggih mangertos ingkang panjenengan waos punika?" Priyagung mau rada kaget déné ana wong kumawani matur pitakon, nanging ing atiné malah bungah, awit wong Israèl iki mesthiné bisa madhangaké prakara sing njudhegaké pikiré, mulané énggal banjur mangsuli: "Kadospundi anggèn kula saged, menawi boten wonten ingkang nuntun. Kula saged maos tembung-tembung punika, nanging kula boten saged ngertos suraosipun. Suwawi sampéyan minggah ing kréta ngriki, lan menawi kersa, kula mugi sampéyan paringi sesuluh, supados kula saged mangertos dhateng suraosipun ingkang winados." Wong Israèl mau banjur munggah ing kréta lan lungguh jèjèr karo priyagung sing pinangkané saka negara adoh.

WONG Israèl mau tilas sekabaté Gusti Yésus sing aran Filippus .... Nalika ing Yerusalèm wiwit ana panguya-uya kang banget marang pakumpulané wong Kristen, marga saka panggawéné para imam, ing kono wong-wong Kristen padha buyar pating slebar ngungsi menyang tlatahé tanah Yudéa lan Samaria. Mengkono uga Filippus oncat saka Yerusalèm menyang Samaria lan ana ing kono nerusaké enggoné ngabaraké Injil, temahan akèh wong ing kutha Samaria padha manjing pracaya marang Gusti Yésus.

Ing sawijining dina dumadakan Filippus karawuhan malaékaté Pangéran lan dipangandikani: "Ngadega, mangkata mengidul metu ing dalan kang saka ing Yerusalèm mudhun anjog ing Gaza, ing dalan kang samun."

Filippus ngéstokaké dhawuh, banjur mangkat durung ngerti apa sing arep kelakon. Saiki ngerti apa nalaré kautus budhal menyang panggonan sing adoh. Saiki Filippus ngerti, bareng wis lungguh jèjèr karo priyagung negara manca, sing asalé saka bangsa kapir, nanging sing atiné kapéngin nggayuh prakara sing adiluhung, sing ngungkuli ajiné panembah marang brahala lan déwa.

Filippus rumangsa begja banget déné diatag munggah ing kréta. Saiki Filippus bisa nindakaké ayahané sing mulya, yaiku nyritakaké bab kawontenané Sang Juru Slamet marang pepadhané.

Priyagung Étiopi mau banget enggoné nggatékaké marang andharané Filippus. Dadi sing disebut ana ing kitabé nabi Yesayah kaya déné wedhus katuntun menyang ing pasembelèhan, iku Gusti Yésus, sing nandhang sangsara lan séda, nyulihi para manusa enggoné padha kudu nandhang paukuman karana dosané, lan ngolèhaké karahayon langgeng marang angger wong sing pracaya marang Panjenengané ....

Prakara sing wigati mau dijlèntréhaké Filippus nganti tapis lan tlesih, kagawa saka mantep lan setya-tuhuné marang Gustiné.

Priyagung mau rumangsa bungah lan marem déné bisa ngerti surasaning kitab lan suwe-suwé atiné tuwuh krekaté sing durung tau timbul ing mauné .... lan marga saka iku atiné iya ketuwuhan rasa bungah.

Sasuwéné padha nglajengaké tindak, banjur mrangguli panggonan banyu. Sanalika priyagung mau banjur ngandika: "Lah punika wonten toya. Kula ugi kepengin ndhérek Gusti Yésus. Punapa wonten pambenganipun enggèn kula badhé kabaptis?"

Aturé Filippus: "Kersa panjenengan punika prayogi sanget. Boten wonten pambengan punapa-punapa, waton panjenengan pitados ingkang terus ing galih, inggih kelilan kabaptis. Ing kono wangsulané priyagung tanpa mangu-mangu: "Kula pitados bilih Yésus Kristus punika Putranipun Allah".

KRÉTANÉ tumuli diandhegaké. Priyagung karo Filippus banjur padha medhun ing banyu lan ana ing kono priyagung mau banjur kelakon dibaptis, temah manjing muridé Gusti Yésus, lan atiné bisa nggayuh katentreman langgeng. Priyagung mau, saupama bisaa, kepengin ngajak Filippus menyang ing negarané, arep disowanaké ing ngarsané ratu gustiné, nanging durung nganti dijawab, Filippus wis musna saka ing pandeleng. Priyagung mau banjur nglajengaké tindaké klawan bungah. Sing diupaya, saiki wis ketemu; enggoné tindak adoh menyang Yerusalèm, sing wiwitané dikira ora ana paédahé, saiki jebul ngolèhaké kabungahan lan kabegjan sing ora kena dikerta-aji nganggo bandha kadonyan.

ING sabanjuré ora ana wong sing ngerti kepriyé kabaré priyagung mau sakonduré ing negarané. Nanging wong sing bisa olèh kabegjan semono gedhéné, ora bakal meneng baé!