Menyang kontèn

Babad Saka Kitab Suci/Stéfanus

Saka Wikisumber

KACARITA para murid sing padha nampani piwulangé para rasul saya wuwuh akèh banget ing Yerusalèm. Sapa sing nampani piwulang lan manjing pracaya marang Gusti Yésus, iku padha dibaptisi, temahan pasamuwan Kristen wiwitan saben dina tansah mundhak-mundhak cacahing wargané.

Nanging — golongané para imam, wong Farisi lan para ulama, saya mundhak gethingé.

Yésus Nasarani wis kelakon kasirnakaké éwadéné meksa tanpa guna. Saumat kabéh saiki padha kèlu ngrungokaké marang piwulangé para sekabaté. Nanging pitutur lan wulang wuruké para pangarepé wong Yahudi ora dirèwès, lan kamursidan lan kapinterané nerangaké surasané Kitab padha ora digapé.

Nanging para imam tansah mbebangus kanca-kancané, ujaré; "Aja nganti golongané para ulama kena kalindhih. Para rasul iku lan kabèh baé sing padha manut marang piwulangé, kudu padha ngrasakaké dhéwé sepira pangwasané para ulama." Wong-wong mau banjur padha ngrantam-rantam apa sing prayoga ditindakaké murih sirnaning mungsuhé. Saiki tuwuh manèh memungsuhané kaya nalika sugengé Gusti Yésus.

Senajan mengkono, para rasul ora maèlu marang pangancam-ancamé para imam, saben dina ora nganti kandheg enggoné memulang lan mulasara wong miskin, apadéné marasaké wong lara nganggo daya kakuwatan peparingé Gustiné.

Nanging pagawéan ngrumati lan ngladèni para wong randha, wong jempo, lan miskin, mangka isih kudu memulang nggelaraké Injilé Gusti, iku kabéh njalari para rasul dadi kewowogen. Mulané para rasul banjur milih wong pitu, wong-wong mursid lan becik kaloké, apadéné kapenuhan Roh Suci lan kawicaksanan, banjur padha kaparingan bubuhan niliki lan ngrumati para sadulur panunggalan lanang wadon, lan mitulungi kang padha kacingkrangan. Wong-wong iku ing sabanjure padha kasebut diaken utawa juru pamulasara.

Panunggalané juru pamulasara mau ana kang aran Stéfanus.

ANADÉNÉ Stéfanus mau wong kang penuh pracaya marang Gusti Yésus, lan penuh Roh Suci, wong kendel lan sregep ing gawé, apadéné wasis micara. Ing endi-endi baé samangsa perlu, Stéfanus klawan bungah nyritakaké bab sihé Gusti Yésus, lan kabegjan sing wis dirasakaké ana ing atiné kudu ditularaké marang wong pepadhané, supaya padha bisa mèlu ngrasakaké kabegjan mau.

Stéfanus uga nindakaké kaélokan lan pratandha kang linuwih atas Asmané Gusti Yésus ana ing antarané wong akèh: wong sing nandhang sedhih padha dilipur, sing ketingkrangan padha dipitulungi lan sing nandhang lara, padha diwarasaké. Jeneng Stéfanus wis kawentar ing antarané wong Jerusalém, méh saben wong ngerti apa sing ditindakaké Stéfanus.

Lan golongané para ulama iya ngerti sapa sing jeneng Stéfanus mau. Ana sawenèhing wong golongané wong Farisi nyoba bebantahan karo Stéfanus nalika nyritakaké bab Gusti Yésus; karepé wong-wong mau arep nyrékal Stéfanus srana pinteré ngikal basa, kaya patrapé para ulama nalika mabéni Gusti Yésus.

Nanging wong-wong mau ora keconggah nyembadhani kawicaksanané lan pamicarané Stéfanus marga saka sawabing Roh. Saben-saben ngajokaké pitakonan, wong-wong Farisi mau mesthi ketlèyèk wicarané, iku malah njalari wong akèh padha luwih seneng ngrungokaké katerangané Stéfanus, nanging iya njalari saya wuwuh gethingé gelengané para ulama marang Stéfanus, ― ora béda karo nalika sugengé Gusti Yésus, samangsa para ulama padha kejodhéran ana ing ngarsané Gusti marga saka kaluwihané.

Saya wuwuh njering rasaning atiné para ulama, yèn ngélingi sapa Stéfanus mau, déné kok kumawani nglawan marang para ulama! Yèn pancèn mbandakalani, para ulama ora kurang réka lan daya yèn mung arep ningkes wong siji baé. Jalaran sing wis kelakon iya mengkono patrapé enggoné padha nyritakaké klilipé, yaiku Yésus Nasarani sing dadi Guruné!

Ing kono para ulama banjur padha ngopahi wong sawetara lan padha diodiok-ojoki ngala-ala Stéfanus ana ing ngarepé wong akèh lan padha ngajokaké pandakwa nglawan Stefanus, uniné: "Kula sami mireng tiyang punika nyenyamah dhumateng Musa tuwin Allah." ...

Awit saka panggawéné antèké para ulama mau, Stéfanus kelakon dicekel lan kaladèkaké ing ngarepé pradata Yahudi, mangka mung landhesan seksi goroh. Ana ing ngarepé pradata aturé seksi rerékan diwuwuhi gugatan warna-warna, malah ana sing ngembèt-embèt critane yèn Yésus Nasarani bakal mbubrah padaleman suci lan bakal nyalini saréngat manut angger-anggeré nabi Musa .... Gugatan mau kabèh goroh, senajan enggoné padha ngaturaké klawan getem-getem lan mancereng mripaté, nélakaké yèn wong-wong mau padha gregeten ndeleng marang Stéfanus.

Nanging ing satengahé pangancam Stéfanus ngadeg klawan tatag atiné tanpa was sumelang mangka sing padha lenggah ana ing papané pradata mau, nalika pada mandheng marang Stéfanus, weruh rainé katon kaya wedananing malaékat, gumebyar padhang mawa praba.

ING kono imam agung banjur ngandika: "Apa iya bener kang mengkono iku?" Stéfanus banjur wiwit medharaké rasaning atiné, lan pitembungan sing dilairaké iku gawé pinggeting atiné para ulama. Marga saka kuminteré lan sumuci-suciné, para ulama padha nglirwakaké Allah Sang Rama lan Sang Putra, iya kang jumeneng Sang Mesih. Sing padha dipundhi-pundhi iku padaleman suci lan awaké dhéwé padha dianggep wis sampurna lan suci jalaran padha netepi apa sing katulisan ana ing angger-angger tuwin pepacak gawéané dhéwé. Nanging para ulama mau padha ora ngerti sing diarani sajatining tresna marang Allah .... Iku kabèh diwedharaké déning Stéfanus ana ing ngarepé para ulama, malah Stéfanus iya ngandhakaké yèn para leluhur ing jaman kuna padha nguya-uya para nabi, lan para utusané Allah padha disédani, malah para ulama mentas baé padha nyalib Putrané Allah, iya Yésus Nasarani, kayadéné durjana. Wusanané Stéfanus nguwuh seru: "Èh bangsa ingkang wangkot, ingkang ikutan ing manah sarta ing kuping, sampéyan tansah sami mbangkang dhumateng Roh Suci kadosdéné para leluhur jengandika!"

Bareng mengkono ....

Bareng para ulama padha ngrungu pitutur lan pamelèh sing pedhes mengkono mau, banjur padha gregeten lan wringuten, banget pangigit-igité marang Stéfanus, padha geget-geget untu lan ngepel-ngepel bithi kaya arep nubruk-nubruka marang Stéfanus, lali yèn padha lenggah ana ing pradata, upama bisaa Stéfanus wis dijuwing-juwing.

Weruh mungsuhé krodha mangkrak mengkono iku, Stéfanus ora ngedhap atiné lan ora gigrig babar pisan, katon ayem lan tatag, malah katon sumèh polatané kaya lagi ngrasakaké kabungahan gedhé, bareng tumenga mandhuwur, sing katon dudu epyané padaleman suci utawa langit biru .... Stéfanus diparengaké nyawang kamulyané Allah lan Yésus jumeneng ana ing tengené Allah.

Stéfanus nyawang marang Gustiné sing jumeneng ana ing kamulyan, bungahing atiné ora kena kinira-kira, lali yèn lagi dirubung ing mungsuh, bebasan kinepung wakul binaya mangap, sing katon ana ing mripaté mung Gustiné sing ngasta pangadilan luhur lan bakal rawuh ngadili sarupaning tumitah. Ing kono pangucapé Stéfanus: "Lah, aku ndeleng swarga menga lan Putrané manusa jumeneng ana ing tengené Allah.

Para imam lan para ulama padha ngrungu tembung mau .... Yésus Nasarani, sing padha disalib, apa saiki wis ana ing swarga lan malah jumeneng ing tengené Allah? Ujaré wong-wong mau: "Mokal!", banjur padha nguwuh-uwuh seru lan nutupi kupingé supaya aja nganti ngrungu jeneng Yésus manèh-manèh. Wusanané wong-wong mau regedeg maju bebarengan nubruk Stéfanus, banjur diglandhang kabuwang menyang sajabané negara, arep dibenturi watu. Wong sing wani nyenyamah marang Allah dalah pasucené, iku kudu kaukum pati.

BARENG tekan ing sayabané negara, Stéfanus banjur dibenturi watu. Wong-wong sing padha diopahi déning para imam, iku sing miwiti tumandang mbenturi. Stéfanus dikrutugi watu wong pirang-pirang, watuné gedhé-gedhé, ana sing ngenani sirah, ana sing ngenani dhadha, awaké sakojur biru èrem pating penyonyo, wekasané Stéfanus ambruk disuraki wong akèh, nanging tangané ngapurancang, mripaté tumenga mendhuwur, nyawang marang Gustiné, sing ora bakal nilar senajan kinalang-kalang ing bebaya pati.

Ndeleng patrapé Stéfanus mengkono, saya mundhak wringuten tandangé wong Yahudi, para imam, para ulama, para wong Farisi lan para pinituwa, pada cancut lan cucul jubah, arep mèlu mbenturi watu.

Ing cedhak kono ana wong nonoman sing nampani jubahé para ulama mau, banjur diprenahaké ing panggonan sing prayoga; rumangsané wong nonoman mau wis nindakaké darma-bekti, jalaran para ulama mau, lagi nyirnakaké wong duraka sing wani nyenyamah asmané Allah .... Wong mau aran Saul.

Stéfanus dikrutugi watu mengkono iku, polatané ora katon miris utawa nesu, ora béda karo Gusti Yésus nalika wis ngarepaké séda ana ing kayu salib, pasuryané iya ora katingal miris utawa duka.

Bareng wis ora kuwat nahan lara lan wis cepak patiné, Stéfanus banjur jèngkèng sarta nguwuh seru swarané: "Dhuh Gusti Yésus, Tuwan mugi nampani nyawa kawula." Lan sadurungé ngajal, Stéfanus isih nguwuh sepisan manèh: "Dhuh Gusti, tiyang punika mugi sampun Tuwan tempahaken dosa punika." Sajroné munjuk mengkono banjur ngajal. Panguwuhé sing wekasan iku wujuding pandongané Stéfanus tumrap mungsuhé sing ambek siya, kayadéné pandongané Gusti Yésus tumrap para mungsuhé.

Stéfanus wis mati, nanging para ulama sing wis padha lali, isih padha terus mbenturi watu, nganti watuné tumpuk undhung nutupi awaké Stefanus. Kaya mengkono enggoné para ulama mau ngumbar hardaning nepsuné.

BARENG wis wayah soré .... Para imam lan para ulama liyané padha nglumpuk arep nggolongaké pikir. Saiki Stéfanus wis kelakon mati, nanging sirnané wong siji baé durung cukup. Wong-wong liyané, kayadéné sing disebut para rasul utawa para juru pamulasara, lan kabeh baé sing padha ngaku dadi muridé Yésus Nasarani, iku iya kudu disirnakaké .... Yésus Nasarani dalah saraksaréngaté sing diwulangaké, iku kudu disirnakaké saka ing bumi. Para pangarepé wong Yahudi sing padha ngerti marang isining angger-angger, iku kang padha wajib diturut piwulangé.

Anadéné Saul — wong nonoman sing dipasrahi ngrumati jubah, nalika Stéfanus dibenturi watu — nyaguhi para ulama ngleksanani sing dadi karepé. Saul iku pancèn muridé wong Farisi; miturut panganggepé, mbenturi watu wong kaya Stéfanus iku klebu panggawé becik lan mesthi bakal katarimah ing ngarsané Allah. Saul gething banget karo Yésus Nasarani, lan dianggep mungsuhé. Enggoné arep nglairaké darma-bektine marang Allah yaiku sarana nindakaké panguya-uya marang golongané wong Kristen. Kasaguhané mau ditampani déning para imam klawan bungah.

Wiwit nalika semono golongané wong sing padha pracaya lan ndhèrèk marang Gusti Yésus ngalami panguya-uya lan panindhes kang banget.

BARENG wis wayah soré .... Ing sajabaning negara ana wong lanang sawetara padha mbréngkali tumpukan watu sing nindhihi layoné Stéfanus. Bareng wis rampung enggoné ngulesi layoné Stéfanus banjur digotong menyang ing pakuburan, dipetak ana ing kono klawan ditangisi kang banget. Wong-wong mau padha mitrané Stéfanus, iya wong Kristen panunggalané para murid. Wong-wong mau padha katon sedhih jalaran kélangan mitra, nanging sajatiné iya bungah .... Stéfanus, mitrané, enggoné ngajal mawa patrap kang utama, yaiku ing sajeroné nglakoni ayarané Gustiné, Stéfanus diparengaké mati sahid, yaiku mati neksèni Juru Slameté, enggoné ngandhemi Gustiné nganti ditohi pati.

Ana ing endi saiki Stéfanus? ... Sing gumléthak ana ing lemah kuthah getih, iku mung badan wadhagé Stéfanus. Déné nyawané wis sumengka menyang swarga, menyang ing kamulyan kang langgeng, sowan ana ing ngarsané Gustiné, sing dideleng saka ing bumi, nalika swarga binuka, katon cetha jumeneng ana ing tengené Allah Sang Rama, kaya lagi nganti-anti pisowané abdi kang setya-tuhu.

Gusti Yésus wis naté ngandika marang para sekabat, mengkéné: "Ana ing donya kowé bakal padha nemu sangsara. Nanging paddha ditatag. Aku iki wus ngalahaké donya ...."

Wong-wong mau padha tumenga mendhuwur, ngawasaké langit, ana ing kana dunungé swarga dalemé Gustiné kang asipat setya-tuhu, kang ora bakal nilar para kagungané.

Lan mripaté katon sumringah, nélakaké ayem lan tentrem ing atiné.