Babad Saka Kitab Suci/Pasemon Wong Sugih Lan Lasarus
IBA begjané wong sing sugih tur ginanjar waras awaké! Nanging iba cilakané wong sing mlarat, mangka awaké nandhang lelara!
Kasugihan lan kawarasan iku ora langgeng, mengkono uga kamlaratan lan lelara iku iya ana wusanané.
Jalaran yèn wis tumeka ing ajalé, banjur?
WIS lumrah wong sing uripé sarwa kepénak, disebut: begja. Nanging sing uripé tansah nandhang kamlaratan lan kacingkrangan, disebut: cilaka. Sing dienggo pathokan nemtokaké begja lan cilaka iku mung prakara kadonyan; nanging prakara kaswargan lan jaman achérat iku ora klebu ing gagasaning wong. Mulané Gusti Yésus kepareng maringi pasemon minangka piwulang, supaya manusa iku aja mung nggagas bab kang kadonyan baé, nanging iya mikira bab kang bakal kelakon ing jaman achérat. Gusti Yésus banjur ndhawuhaké pasemon bab wong sugih lan Lasarus.
KACARITA ana wong sugih singgih, ora kurang sawiji apa, malah uripé bisa mubra-mubru. Panganggoné tenunan wungu lan mori alus, ora béda karo pangagemané ratu. Omahé gedhé lan apik, pendhapané kaya bangsal kraton nganggo direngga-rengga rerenggan èdi pèni. Sadina-dina awan lan bengi wong sugih mau karo pawong mitrané padha mangun sukan-sukan sarwa mubyar. Suguhan dhedhaharan lan unjuk-unjukan mbanyu mili wetuné, kaladèkaké abdi lanang lan wadon pirang-pirang. Yèn disawang uripé kaya-kaya mung mujudaké kasenengan lan kalubèran, tanpa ana blentongé sethithik-thithika sing bisa gawé sudaning kabungahan. Kaya-kaya sakèhing kanikmataning ngaurip wis ditumplak ana ing kono!
Lan .... ana ing ngarepé regolé wong sugih mau ana kéré, jenengé Lasarus, ngglungsar ana ing lemah, mangka awaké sakojur korèngen. Saben dina wong mau ora tau mingser saka ing panggonané, karo ngarep-arep bokmenawa ana wong gelem nguncali lorodan pangan saka ing méjané wong sugih, supaya aja kebangeten enggoné nandhang luwé. Nanging sing gelem nekani wong mau mung asu sing padha ndilati korèngé. Mengkono uripé Lasarus tansah ngalami sing ora kepénak, yèn awan ngrasakaké panas déning soroting srengéngé, yèn bengi adhem kasiliran angin, mangka awaké rasané pegel perih kebak korèng. Yèn disawang uripé kaya-kaya mung mujudaké panandhang lan kasangsaran, prasasat kungkum ana ing kedhung kamlaratan lan kacingkrangan, dianggep ina-papa déning pepadhaning tumitah.
KAANANE jagad tansah gilir gumanti, mengkono uga tumrapé wong sugih sing ceciblon ana ing kanikmataning ngaurip, ora béda tumrapé Lasarus sing klelep ana ing kedhung kamlaratan lan kacingkrangan. Urip ana ing jagad iku ora tanpa wangenan. Kacarita ing sawijining dina Lasarus mati .... sanak sedulur utawa waris ora duwé, dadi ora ana sing ngrasa sedhih kélangan Lasarus. Bareng wis dikubur, jenengé wis ora tau kocap manèh, kaya-kaya katut kapendhem bareng karo badan wadhagé. Nanging mungguh nyawané ora mengkono nasibé. Para malaékat padha tumurun saka ing swarga, nambut nyawané Lasarus diarak nganti tekan ing pangkoné Abraham, suminggah saka ing jagad lembahing kasangsaran, sumengka ing ngaluhur menyang kamulyaning swarga. Mengkono gilir gumantining kaanan. Lasarus sing mauné nandhang sangsara diparengaké ngrasakaké kamulyan lan kabungahan .... Iku apa marga saka enggoné nandhang kamlaratan lan kasangsaran? Ora, ora marga saka iku! Ora angger wong mlarat, lan ora angger wong cilaka uripé ana ing donya, yèn wis mati, disambut nyawané déning para malaékaté Allah. Enggoné Lasarus bisa olèh kanugrahan semono gedhéné iku marga saka pangabektiné Lasarus marang Allah, senajan uripé diganjar nandhang ora kepénak.
Lasarus, jeneng sing nélakaké kabatinané wong sing nganggo jeneng mau, tegesé: "Allah iku pitulunganku."
ING nalika semono wong sing sugih mau iya mati. Wong sing padha nglayat tanpa wilangan cacahé. Ramé swarané wong sing nganakaké patangisan. Jenengé dadi ucap-ucapané wong sanegara. Saben wong ngrasani kasugihané. Nanging satemené ora saben wong. Para malaékat ing swarga ora ana sing ngucap ngrasani wong sugih mau.
Nalika layoné digawa menyang pakuburan, sing padha nguntapaké layon lakuné ndilir ing dalan dadi arak-arakan gedhé, lan panguburé nganggo pakurmatan kaya ratu.
Nanging nyawané wong sugih mau dibablasaké menyang ing naraka, menyang ing panggonaning paukuman langgeng. Mengkono gilir gumantining kaanan. Saka ing papaning kanikmatan ngalih ing papaning kasusahan .... Apa iku marga saka kasugihané? Ora, ora marga saka kasugihané! Ora angger wong sing sugih, ora angger wong sing bisa ngrasakaké kabegjaning ngaurip, bakal kacemplungaké ing naraka. Nanging wong sing sugih mau ing sajeroné kabungahané ora tau éling lan ngabekti marang Allah.Nalika isih urip, sing dipikir mung rajabrana kadonyan, nanging saiki ora ana bareng darbèké siji baé sing bisa gawé senenging atiné. Wong sing mauné sugih saiki kudu ngalami dadi mlarat! ......
Kocapa nalika wong sugih mau ngelèkaké mripaté ana ing teleng palimengan, gumlinting ngrasakaké lara marga kasiksa awaké, ngrasakaké panasé geni murub sing ora bakal kasirep ing salawas-lawasé, ing kono wong banjur tumenga mendhuwur, lan saka kadohan katon panggonan pinaraké Abraham ana ing kamulyan, mangka Lasarus iya ana ing kono .... Wong mau banjar nguwuh-uwuh, aturé: "Dhuh rama Abraham, kula mugi sampéyan welasi. Lasarus mugi sampéyan utus nyelupaken ing toya pucuking drijinipun, kadamel ngasrepaken ilat kula, awit kula nandhang sangsara wonten ing latu punika." Nanging Abraham ngandika: "Enggèr, élinga yèn kowé iku wus tampa panduman kabegjanmu salawasé urip, mengkono uga Lasarus tampa panduman cilaka. Ing samengko Lasarus kalipur, kowé nandhang sangsara .... Lan apa sing kosuwun ora bakal bisa kaleksanan, jalaran ing antarané aku lan kowé diyasani lowahan jembar, supaya wong ing kéné kang arep mlangkah menyang enggonmu, iku aja kongsi bisa, lan ing kono iya aja ana kang mlangkah menyang enggonku." Aturé wong mau: "Menawi mekaten, dhuh rama, panyuwun kula, mugi Lasarus sampéyan utus dhateng griyanipun bapa kula, awit kula gadhah sedhèrèk gangsal, punika supados sami kaèngetna, sampun ngantos sami dhawah ugi ing panggènan pamesiyasat ngriki." Pangandikané Abraham: "Sedulurmu wis padha ngerti, yèn wong sing uripé ana ing donya tanpa Allah, iku wekasané bakal nemahi sangsara. Sedulurmu wis nduwèni Kitab Musa lan para Nabi, iya iku kang dirungokna .... Menawa padha ora ngrungokaké dhawuhé Musa lan para Nabi, iya mesthi ora kena dipituturi, senadyan anaa wong kang tangi saka ing antarané wong mati." Dadiné Lasarus tetep manggon ana ing papaning kamulyan kang langgeng, lan kosokbaliné wong sugih sing sajatiné mlarat, tetep manggon ana ing panggonaning pamesiyasat kang tanpa kendhat.
CARITA ing dhuwur iki mung wujud pasemon. Gusti Yésus mulangi wong golongan sarana pasemon mau, supaya padha ngertia, yèn wong urip iku padha kuwajiban mikiraké lan ngupaya prakara kang ana ing dhuwur, yaiku ing swarga, aja mung ketungkul ngudi kang ana ing jagad.
IBA begjané wong sing sugih tur ginanjar waras awaké! Nanging iba cilakané wong sing mlarat, mangka awaké nandhang lelara!
Nanging ....
Kasugihan lan kawarasan ora langgeng. Kamlaratan lan lelara iya ana pungkasané. Kang mungkasi sakèhing urip iku pati! Sawisé mati, banjur ....?