Babad Saka Kitab Suci/Anak Kang Mblasar

Saka Wikisumber

ANA wong duwé anak lanang loro. Pangrengkuhé marang anaké sing tuwa lan sing nom ora dibedakake, karoné padha ditresnani banget. Bocah loro mau tansah kecukupan ing sakabutuhané kabèh, jalaran wong tuwané klebu wong sugih lan kajèn kéringan.

Anak sing nom duwé watak bosenan lan byang-byangan. Atiné sedhih jalaran terus manggon ing omah, saben dina padha baé, sing dipangan, sing disandhang, senajan ora kekurangan, nanging suwé-suwé mboseni, mangka ing sajabaning omahé lan wilayahé désané jagad isih jembar gumelar mamèraké kaéndahané. Atiné wis suwé gandrung-gandrung kegèndèng menyang jagading karaméan.

Ing sawijining dina anak sing nom matur marang bapakné: "Rama, kula mugi sampéyan paringi panduman rajadarbé bebahan kula, jalaran badhé kula angge kekésahan njajah negari. Kula sampun boten kraos terus manggèn ing griya kémawon. Kula mugi sampéyan lilani ngindhakaken seserepan lan njembaraken pengalaman."

"BURUHÉ BAPAKKU PIRANG-PIRANG PADHA DUWÉ PANGAN KONGSI MUBRA-MUBRU, MANGKA AKU IKI TEKA TIWAS DÉNING KALIREN ANA ING KÉNÉ."

Bapakné banjur mandum barang darbèké marang anaké karo pisan, nanging satemené atiné banget trenyuhé ngrasakaké anaké sing nom. Généya anaké mau nganti téga ninggal bapakné; apa ora duwé katresnan marang wong tuwané? Apa bocah mau durung ngerti yèn jagad sing jembar iku kebak bebaya mancawarna?

Anak sing nom mau bareng wis dipandumi bubuhané warisan, banjur lega atiné, jalaran saiki bakal bisa ketekan apa sing wis suwé dadi idham-idhamané. Ora antara suwé wong nonoman mau banjur ngringkes sabarang darbèké kabèh, banjur budhal saka ing dalemé bapakné lelungan menyang ing tanah adoh. Kasusahané bapakné sing rumangsa kélangan anak wis ora dipikir babar pisan, sing digagas mung senengé atiné dhéwé, jalaran bakal bisa ketutugan sakakarepané. Wah, saiba senengé bisa urip merdika, ora ana sing ngarubiru kakarepané, mangka ora perlu rekasa nyambutgawé, jalaran wis ketunggon sandhang pangan lan rajabrana mubra-mubru. Wah, saiba senengé!

Dadiné wong nonoman mau sida ninggal balé-omahé wong tuwané lan saduluré, lunga menyang ing negara adoh, lan sabarang darbèké pawèwèhé wong tuwané digawani kabèh. Saduluré lanang kari nunggoni bapakné sing wis tuwa. Wataké ora byang-byangan kaya adhiné, luwih seneng manggon ana ing omah katimbang karo nglembara ing saparan-paran, ora gampang kepèncut déning karaméaning donya. Atiné ayem baé ditinggal lunga adhiné, jalaran wis ora kena dipirmakaké utawa dicandhet kakarepané. Nanging yèn ana botrépot utawa apesé sasuwéné ana ing paran, iku bonggané dhéwé; yèn leginé wis dirasakaké, paité iya aja dilepèh! Mengkono gagasané anak sing tuwa ing atasé adhiné. Apa ta perluné mrihatinaké begja-cilakané wong liya? Rak luwih becik ngénak-énak ana ngomah nunggoni bandha tinggalané wong tuwa! Nanging satemené dhasaring atiné ora kadunungan katresnan marang adhiné, awit sing ditresnani, iku mung awaké dhéwé!

Kosokbaliné bapakné, kembeng-kembeng eluhé nalika ngingetaké anaké budhal saka ing omahé. Atiné kebak prihatin ngrasakaké, kepriyé bakal kadadéyané mengko ana ing paran. O, muga-muga ginanjara slamet ing salaku-lakuné. Pangucapé: "O, nggèr anakku, aku ora bakal lali ndongakaké kowé!" Semono gedhéning katresnané wong tuwa marang anaké!

KOCAPA satekané ing negara manca, wong nonoman mau banjur énggal ngecakaké rancanganing atiné, nguja kakarepané. Saiki sapa sing arep ngalang-alangi? Wong tuwa lan saduluré, apadéné mitra karuhé sing lawas wis ora kocap babar pisan. Jagad lan sakaéndahané kabèh gumelar ana ing ngarepé, ésthané lumadi ing sakédah-sakérahé! Tangané mung kari kumlawé, mripaté mung kari kumedhèp, sagrenjeting atiné bisa ketekan kabèh! Bawané wong isih enom, tur ketunggon ing bandha akèh, uripé ing sadina-dina prasasat ceciblon ana ing kasenengan, Dayané bandha bisa nekakaké mitra, mulané wong nonoman mau, senajan wong manca, éwadéné sadhéla baé wis rinubung sinuba-suba déning mitra pirang-pirang lanang lan wadon. Saben dina, wiwit byar nganti rep lan wiwit rep nganti byar manèh, ing omahé ora kendhat ana bojana andrawina, gilir gumanti sing padha teka: pasugatané mbanyu mili, inum-inuman anggur prasasat mbludag tanpa ana pedhoté. Saiki ngarah apa manèh atiné, kabèh kakarepané wis ketutugan!

Wong nonoman mau saben dinané mung ngemataké enggoné mangun kasukan, ora tau nyambutgawé utawa nglakoni panggaotan liyané. Apa ta perluné nyambutgawé yèn sing disandhang lan dipangan wis turah-turah? Bandhané diebrèh-ebrèh kagawé nguja kakarepané; wetuning dhuwité prasasat sumentoring banyu padasan. Mulané ora nganti sepira lawasé ana ing tanah manca kono, raja darbèké wong nonoman mau wis dhadhal, jalaran ora tau diejogi. Laruding kasugihané iya njalari nyenyeting omahé, awit pawong mitra sing mauné ora tau towong teka among suka, saiki wis ora tau ngaton manèh.

Senajan saiki tumiba ing kamlaratan, wong nonoman mau isih duwé pangarep-arep olèh pitulungané pawong mitrané .... Nanging iba gelaning atiné, ora ana wong siji baé sing gelem nulungi! Nalika isih ketunggon ing bandha, wong nonoman mau disuba-suba lan diempèk-empèk, nanging bareng wis entèk bandhané, malah mung diwewada lan dipoyoki!

Saiki wong nonoman mau rumangsa kepèpèt, wuwuh-wuwuh nalika barang-barang ing omahé wis entèk kabèh, ing tanah kono kambah ing pailan kang banget temah wong mau nganti nandhang kecingkrangan. Saking bangeté enggoné kepèpèt ing butuh, wong mau banjur kelakon ngèngèr marang sawijining wong tani, diwènèhi pagawéan angon babi menyang pategalané. Wong nonoman sing tekané ing tanah kono katon bagus kesembuh ing busana adi, sinuba-suba déning wong nonoman pepadhané, saiki mung katon kaya kéré, pating srempal sandhangané, ilang kabagusané kesasaban ing kokot-bolot, adoh saka pawong mitrané, nanging saben dina mung rinubung ing babi lan genjik. Semono wong nonoman mau enggoné keplorod drajaté.

Yèn weruh babi-babiné padha dibruki pakan, wong mau mendhekel atiné, jalaran kepéngin maregi wetengé nganggo pakaning babi, nanging ora ana sing mènèhi. Saking bangeting luwéné, wong mau sok ngrebut pakané babi, mung waton wetengé ana isiné pangan.

Kocapa ing sawijining dina wong nonoman mau pinuju nunggoni babiné ana ing pategalan. Awaké sayah lan luwé, sandhangané wis ora arupa sandhangan, pating srempal ora ana sing wutuh, apamanèh atiné prasasat ajur katempuh ing prihatin. Ing kono ing satengahing panggonan sing jembeg lan jember wong mau banjur kélingan marang kanikmataning urip ana ing omahé wong tuwané biyèn, sandhang pangan ora tau kurang, batur lanang wadon pirang-pirang, mangka saiki awaké ana ing tanah manca mung dadi baturé wong liya! Katon gawang-gawangan cetha ana ing batiné, nalika bapakné dipamiti ora bisa ngucap apa-apa, nanging mung kaca-kaca mripaté déning sedhih. Suwé-suwé wong mau banjur kelair ngucapaké rasaning atiné: "Buruhé bapakku pirang-pirang padha duwé pangan kongsi mubra-mubru, mangka aku iki teka tiwas déning kaliren ana ing kéné. Aku dakngadeg banjur mangkat, nemoni bapakku sarta matur: Dhuh rama, kula sampun nglampahi dosa dhumateng swarga tuwin wonten ing ngarsa sampéyan. Kula sampun boten pantes kawestanana putra sampéyan, mugi karengkuha kados berah sampéyan."

Wong nonoman mau saiki wis tobat, wis ngrumangsani pamblasaré .... wis golong pikiré arep ngakoni kaluputané ana ing ngarepé bapakné. O, muga-muga bapakné rentaha welasé lan ngapura kaluputané. Atiné sing mauné peteng byar dadi padhang, jalaran tuwuh pangarep-arepé mentas saka ing kasangsaran lan ngrasakaké urip sing rada kepénak. Jagad ing tanah manca sing biyèn katoné éndah gawé kepéncuting atiné, saiki malih dadi bladheraning sangsara. Saiki wis ora ana papan panggonan liyané manèh sing bisa nengsemaké atiné kejaba mung omahé bapakné kang ambek welasan. Ana ing tanah manca awaké diwewada lan dipoyoki, apadéné disiya-siya, nanging ana ing omahé bapakné, senajan mauné mblasar lakuné, éwasemono mesthi bakal olèh kawelasan. Awit atiné isih duwé kayakinan, yèn bapakné ora bakal owah-owah katresnané. Ing kono anak sing mblasar banjur ngadeg nyat, awaké sing wis lemes lan lungkrah dikuwat-kuwataké, mlaku mulih marani omahé bapakné. Saiki wis ora bisa muni arep mulih menyang omahé dhéwé, awit iku wis dudu omahé, lan marga saka pamblasaré, awaké ora pantes kasebut putrané bapakné, jalaran wis kélangan hak lan wewenangé marga saka luputé dhéwé. Pangarep-arepé mung muga-muga bisaa ketampan dadi batur, senajana mung batur sing asor dhéwé, awit sing digayuh ora liya mung bisaa ngayom ana ing pangaubané bapakné.

Lakuné saiki wis cedhak. Saka kadohan omahé bapakné wis katon putih kethap-kethap kaya-kaya mbagèkaké tekané .... Nanging sapa sing isih kélingan yèn sing saiki katon kaya kéré iku putrané sing kagungan dalem, wong anom tur bagus kesembuh ing busana adi, sing biyèn budhal saka ing kono arep lelana menyang ing negara manca? Wong ing saomah kono mesthiné padha pangling kabèh.

Nanging ora kabèh. Mung siji sing ora pangling! Bapakné dhéwé! Senajan bebasan bisa mancala putra mancala putri, bapakné mesthi ora bakal pangling. Jalaran sasuwéné ditinggal lunga anaké, bapak mau saben dina tansah nganti-anti baliné anaké; saben dina ora towong lenggah ana ing pendhapa ngarep terus ngawasaké ing dalan mbokmenawa anaké katon bali .... Kabeneran, nalika wong nonoman mau mulih, bapakné lagi ngawasaké ing dalan kaya adaté, bareng weruh saka kadohan yèn sing teka iku anaké dhéwé sing wis lawas dianti-anti, banjur atiné banget trenyuh déning welas. Tumuli diplayoni, karangkul guluné lan diambungi! Anaké banjur matur: "Dhuh rama, kula sampun nglampahi dosa dhateng swarga tuwin wonten ing ngarsa sampéyan, kula sampun boten pantes kawestanana putra sampéyan." Nanging aturé sing akèh-akèh mau kaya-kaya ora dirungu, tangané dikanthi diajak mlebu ing omah. Bapakné banjur préntah marang batur-baturé: "Dikebat jupukna jubah kang adi dhéwé, nuli anggokna; nuli ing drijiné anggonana ali-ali, sarta sikilé anggonana trumpah. Apamanèh pedhèt kang lemon parakna, kasembelèha. Payo padha mangan lan sukan-sukan, awit anakku iki wis mati, urip manèh; wis ilang, ketemu." Semono gedhéning katresnané bapak marang anaké.

KOCAPA nalika semono anaké lanang kang tuwa, mulih saka ing pategalan. Bareng tekan ing ngarep omah, banjur ngrungu swarané gamelan lan sabawané wong sesendhonan, mangka adaté ing omah kono sepi nyenyet kaya omah suwung. Tumuli ngundang batur siji, ditakoni: "Kaé ana gawé apa?" Aturé batur mau: "Punika rayi sampéyan dhateng; déné rama jengandika sampun dhawuh mragat pedhètipun ingkang leman, awit kepanggih malih kaliyan ingkang putra sami wilujeng." Ing kono anak kang tuwa banjur nepsu, ora gelem mlebu. Atiné ora trima, déné wong padha bungah-bungah lan nganakaké karaméan marga saka mulihé adhiné. Apa wis pantes, yèn bocah sing mblasar, sing ngebrèh-ebrèh barang darbèké, sing mblunthah uripé, ditampani manèh, malah disuba-suba nganggo unining gamelan lan karaméan? Atiné mangkel banget, mulané ora gelem mlebu, ora gelem mèlu bungah-bungah karo wong liya-liyané ing omah. Atiné ora bisa ngapura adhiné enggoné mblasar lakuné, awit miturut panganggepé, adhiné mau pantes yèn nampanana paukuman kang abot murwat karo dosané.

Bapakné bareng ngrungu kang mengkono iku, banjur metu ngrerepa. Nanging anaké meksa ora gelem mlebu. Mulané kelakon, anak sing mblasar lakuné, bareng ngeduwungi pamblasaré lan nyuwun pangapura, bisa mèlu mlebu ing omah lan ngrasakaké kabungahan, lan kosokbaliné anak sing rumangsa mbangunturut lan becik lakuné, kari ana ing jaba.

GUSTI Yésus ndhawuhaké pasemon iki marang wong akèh, supaya padha ngertia yèn ing swarga ana ing ngarsané Allah lan para malaékaté bakal ana kabungahan gedhé tumrap wong dosa siji kang mratobat. Menawa katresnané bapa kadonyan semono gedhéné, méndahané manèh katresnané Allah Sang Rama kang ana ing swarga! Nanging sapa sing adigang, adigung, adiguna, sing nganggep awaké dhéwé luwih becik, luwih mursid katimbang wong liyané, lan atiné sepi ing katresnan, wong mau bakal dijabakaké saka ing swarga adoh saka ing kabungahan lan karaméan. Lan .... wekasané wong sing mengkono iku bakal dadi padha kaya anak sing mblasar!