Menyang kontèn

Babad Saka Kitab Suci/Ndedonga

Saka Wikisumber

ANA manèh pangandikané Gusti Yésus marang para sekabaté, kadhapur pasemon, wosé supaya tansah padha ndedongaa, aja kongsi semplah.

Kacarita ing sawijining negara ana hakim kang ora wedi ing Allah. Hakim mau enggoné nindakaké kaadilan ora samestiné. Yèn sing teka nyuwun pangadilan iku wong sugih lan nggawa reruba akèh, hakim mau banjur énggal tumandang ngrampungi prakarané, ora ndadak diendhé-endhé. Nanging yèn sing teka mau wong mlarat, dadi mesthiné iya ora nggawa reruba, prakarané mesthi diendhé-endhé nganti suwé, ora tumuli dirampungi. Hakim mau dadiné kawentar dadi hakim sing ora jujur.

Ing negara mau iya ana randha mlarat duwé prakara. Randha mau wis bola-bali séba marang hakim, sarta aturé ajeg mengkêné: "Kula mugi sampéyan angsalaken adil dhateng lawanan kula paben." Senajan wis cetha yèn randha mau perlu banget dipitulungi, lan wong lawanané kudu dipatrapi paukuman, éwadéné hakim mau ora gelem nindakaké kuwajibané awit kangèlané bakal ora ana pituwasé. Ing wiwitané aturé ora dirèwès, nanging wong wadon mau saben dina teka ngadhep ing ngarsané hakim, ana ing gedhong pangadilan, ana ing omahé, malah yèn kepethuk ana ing dalan, ngambali panyuwunané kaya aturé sing dhisik. Wusanané hakim mau banjur duwé osik mengkéné: "Senajan aku ora wedi ing Allah lan ora maèlu ing wong, éwadéné sarèhné randha iki tansah ngrerubedi aku, becik dakolèhné adil baé supaya aja pijer teka baé lan ngrubedi aku."

Randha mau banjur ditimbali bareng karo lawanané padu, lan prakarané diadili. Sarana pasemon mau Gusti Yésus maringi piwulang marang para sekabaté lan murid liya-liyané, supaya padha mbateka ing pandonga, aja nganti semplah .... Hakim mau kalebu wong sing ala wataké, éwadéné gelem minangkani panyuwuné randha mlarat, luwih manèh Gusti Allah, Rama kaswargan, yèn oraa maringi adil marang para pepilihané, kang padha sesambat marang Panjenengané!

Pandonga iku ora sanalika dijurungi! Ing semu Gusti Allah asring ora midhangetaké pasambat lan pandonga. Kayadéné wong tuwa sok nyabaraké panjaluké anaké, awit diwawas luwih prayoga tinemuné tumraping anaké, mengkono uga Rama kaswargan iya asring nyabaraké panyuwuné para kagungané. Nanging Allah mesthi midhanget apa sing diunjukaké ana ing pandonga, malah Panjenengané iya wis mirsa sakèhing karépotané sadurungé disuwun .... Mulané wajibé manusa iku nyenyuwun lan ndedonga tanpa towong, ing wusanané panyuwuné mesthi bakal kajurungan, kayadéné randha mau iya kajurungan panyuwuné marga ora kendat-kendat enggoné ngrerubedi hakim sing sawenang-wenang iku.

ISIH ana manèh carita pasemon sing dipangandikakaké Gusti Yésus minangka piwulang marang wong akèh mungguh kepriyé carané enggoné padha ndedonga.

Ana wong loro padha munggah menyang padaleman suci arep sembahyang. Kang siji Farisi, sijiné juru mupu béya.

Wong Farisi mau mlebuné ing padaleman suci kétok nglangak olèhé mlaku. Sapa-sapa sing weruh, mesthi ngarani, yèn wong sing arep sembahyang iku wong sing ngibadah, sing netepi angger-angger lan saraking agama. Wong mau njujug panggonan sing adhakan, supaya gampang kaweruhan ing wong akèh. Saburiné wong Farisi mau ana wong liyané sing mèlu mlebu ing padaleman suci, wong sing ora bisa mamèraké kamursidané kayadéné wong Farisi, jalaran mung juru mupu béya, wong sing wis dilunaké wong dosa. Yèn wong Farisi mlebu ing padaleman suci iku wis samesthiné, jalaran wong mursid lan resik lakuné, nanging bareng juru mupu béya, apa perluné mlebu menyang padaleman suci? Wong Farisi mung mèsem weruh juru mupu béya ana ing padaleman suci ....

Wong Farisi mau sawisé mapan ngadeg, banjur wiwit sembahyang, swarané cetha, mengkéné: "Dhuh Allah, kawula sokur dhumateng Tuwan, déné kawula punika boten kados tiyang sanès, tiyang ngalapgang, tiyang nganiaya tiyang bandrèk, utawi kados juru mupu béya punika. Kawula punika saèstu tiyang mursid. Pendhak wolung dinten kawula siyam kaping kalih, senajan miturut angger-angger namung kadhawuhan siyam sepisan ing dalem sataun. Sadaya angsal-angsalan kawula punika kawula jakati, saprasedasanipun kawula pisungsungaken dhateng padaleman suci."

Mengkono iku unjuké wong Farisi marang Allah. Nanging satemené unjuk mengkono iku dudu wujuding pandonga, jalaran mung tansah mamèraké kabecikané dhéwé. Mangka Gusti Allah éwa banget marang tetembungané wong ujubriya.

Balik juru mupu béya mau, sarèhné rumangsa yèn nistha lan asor, enggoné mlebu ing padaleman suci karo ndhekukul sirahé, semoné kaya wong wedi lan isin sowan ing dalemé Allah. Enggoné ngadeg ana ing kadohan, adoh saka panggonané wong Farisi, ora katon ing wong akèh, ana ing papan sing kiwa. Enggoné sembahyang béda banget karo wong Farisi sing nganggo tembung-tembung pilihan lan mamèraké kabecikané, awit sembahyangé mung awujud pasambat ....

Juru mupu béya mau ora wani ndhangak tumenga ing langit, mung tebah-tebah dhadha, awit wis ngrumangsani sepira gedhéning dosané, mangka Allah mesthi nguningani sakèhing pialané. Mulané ngandhut sedhih lan wedi, awit pantesé mung kudu nampani paukuman. Klawan wedi enggoné munjuk marang Allah, mengkéné: "Dhuh Allah, kawula tiyang dosa, mugi Tuwan welasi." Sembahyangé mung awujud pasambat nyuwun kawelasan, nyuwun pitulungan ing sajeroning kasangsarané. Dosa lan pialané gawé girising atiné, temah wekasané ngungsi marang ngarsané Allah. Mengkono pandongané juru mupu béya, nanging pasambaté kapiyarsakaké, jalaran Gusti Allah ora nampik pandongané wong kang andhap-asor. Juru mupu béya mau, sing dilunaké dadi wong dosa, saunduré mulih klawan tentrem rahayu, awit dosané kaapura, temah sirna was sumelanging atiné. Kabungahané iku peparingé Allah karana gedhéning sihkamirahané, kaparingaké klawan lalahan.

PANGANDIKANÉ Gusti Yésus: "Sapa wong kang ngluhuraké awak, iku bakal diesoraké, lan sapa kang ngesoraké awak, bakal diluhuraké." Mengkono enggoné Gusti Yésus maringi piwulang marang wong akèh, supaya padha ndedongaa klawan ngesoraké awak, lan padha nyumurupana ing dosa lan pialané dhéwé-dhéwé.

Awit Gusti Allah nglawan wong kang padha angkuh ciptaning atiné, nanging nandukaké palimirma marang wong andhap-asor.