Babad Saka Kitab Suci/Gusti Yésus Mberkahi Bocah-Bocah

Saka Wikisumber

ING sawijining dina ana wong wadon sawetara padha nyowanaké bocah-bocah marang ngarsané Gusti Yésus supaya padha diasta. O, muga-muga Gusti Yésus keparenga ing galih numpangaké astané ana ing anak-anaké, lan maringi berkah ... ., saiba begjané! Mengkono gagasané para ibu, sing padha ngusil-usilaké anak-anaké sing ditresnani. Nanging bareng padha nyedhaki Gusti Yésus lan lagi baé arep ngulungaké anaké, para sekabat banjur padha ngalang-alangi kakarepané wong-wong mau, padha disrengeni: "E, sanak, mbok sampéyan sampun ngresahi Gusti Yésus! Sampéyan bekta késah saking ngriki anak-anak sampéyan niku! Wonten perlunipun punapa laré-laré alit sami sowan ing ngarsanipun Gusti, rak namung badhé ngribedi kémawon."

Pancèn yèn digagas cara lumrah, para sekabat mau ora luput. Apa ta perluné bocah-bocah padha disowanaké marang ngarsané Gusti Yésus, mangka ora lara ora barang? Sing pantes padha sowan iku rak wong tuwa utawa wong diwasa, sing padha arep nyuwun wulangan utawa wong lara, supaya padha diwarasaké! Tindaké wong-wong wadon mau tetéla yèn tanpa duga-prayoga!

NANGING Gusti Yésus iya midhanget apa sing dadi ujaré para sekabaté, apadéné iya mirsa enggoné padha nundhungi wong-wong wadon lan anak-anaké. Ing kono Gusti Yésus banjur duka banget. Para sekabat enggoné arep rumeksa marang Gustiné malah ora ndadèkaké keparengé. Gusti Yésus kepareng ing galih disowani bocah-bocah mau, kepareng uga dadi Mitrané, malah kepareng dadi Juru Slameté, awit saka gedhéning sihé marang bocah-bocah mau. Pangandikané marang para sekabat mengkéné: "Cikbèn bocah-bocah padha marek marang ngarepku, aja dipenggak ...." Para sekabat banjur padha mundur sanalika. Gusti Yésus nyasmitani wong-wong wadon mau supaya ngajokaké anak-anaké. Pasuryané Gusti Yésus katon sumèh lan rena banget nampani pisowané bocah-bocah mau, lanang lan wadon ora dibédak-bédakaké; kabèh padha katon seneng lan ora ana sing wedi, malah katon padha lulut banget marang Gusti Yésus. Bocah-bocah mau enggoné padha nyawang lan marek Gusti Yésus ora nganggo rasa was lan sumelang, jalaran atiné isih resik, durung kulina ngothak-athik gagasan sing néka-néka, anané mung tansah pasrah lan suméndé. Mulané rena ing galih enggoné Gusti Yésus nampèni pisowané bocah-bocah mau, padha dirangkuli lan diberkahi .... Malah dhawuhé Gusti Yésus mungguh ing bocah-bocah mau mengkéné: "Wong kang kaya bocah-bocah iku kang padha nduwèni kratoné swarga."

Kraton swarga, dalemé Allah kang mulya, iku mung kena digayuh ing wong-wong sing padha kaya bocah-bocah wataké. Lumrahé wong diwasa iku enggoné marek ing ngarsané Gusti Yésus, wis ora lamba atiné. Ana ing duwé rasa wedi lan isin, ana sing wis ngrantam-rantam enggoné arep nyoba lan nglawan Gusti Yésus, ana manèh sing mung arep nonton baé, jalaran rumangsa wis ora mbutuhaké pitulungan. Dadi wong diwasa iku atiné wis kebak gagasan néka-néka, ora kaya bocah-bocah sing atiné isih lamba, sing mung rumangsa begja lan bungah bisa marek ing ngarsané Gusti Yésus, ora duwé gagasan sing, mengkéné utawa mengkono, anané mung pasrah lan suméndhé, pracaya mareng Gusti Yésus klawan gumolong atiné. Bocah-bocah padha bisa ngrasa sepira gedhéning sih katresnané Gusti Yésus marang awaké ....

ING kono Gusti Yésus banjur mangandikani wong-wong sing padha nyawang lelakon iku mau, sing atiné wis kebak gagasan warna-warna, dhawuhé: "Satemené pituturku ing kowé: Sing sapa ora kaya bocah enggoné nampani kratoné Allah, iku mesthi bakal ora lumebu ing kono!"

Kira-kira wong-wong mau bisa nyandhak kersané Gusti Yésus, nalika ngandika mengkono iku. Enggoné padha marek ing ngarsané Gusti Yésus iku kudu kaya bocah-bocah mau, atiné kudu isih lamba, mung pasrah lan pracaya, burus lan jujur, ora nedya nutup-nutupi dosané. Gusti Yésus kepareng mitulungi, malah kepareng mberkahi. Malah Panjenengané iya kepareng nyawisi urip langgeng ana ing swarga, ing ngarsané Allah, — waton wong-wong mau padha pracaya marang Panjenengané, kaya patrapé, bocah-bocah mau!