Menyang kontèn

Babad Saka Kitab Suci/Hosanna! Hosanna!

Saka Wikisumber

KACARITA ésuké ing dina wiwitaning minggu, sapungkuré dina Sabbat, ana wong golongan gedhé budhal saka ing désa Bètani ngener menyang ing Yerusalèm. Wong-wong mau kabèh padha arep nekani riyaya Paskah sing bakal diwiwiti ing dina Sabbat candhaké. Gusti Yésus kadhèrèkaké para sekabat iya tindak nyarengi wong golongan.

Dadiné mung kurang sawetara dina ....

Wong golongan, mengkono uga para sekabat, wis nicil ngrasakaké bungah sarta padha rerasan: "Kurang sawetara dina Panjenengané bakal jumeneng Ratu, pinarak ana ing dhampar kapraboné Dawud lan mesthi bakal nundhung bala Rum saka ing wewengkon Israèl. Yèn Panjenengané jumeneng Ratu, aku kabèh padha dadi wadyabalané. Panjenengané iku Sang Mesih, kang bakal ngluwari saumat kabèh saka ing pangawulan, sarta mulihaké kaluhuran lan kawibawaning bangsa Israèl. Kurang sawetara dina ...."

Wong golongan sing wis luwih dhisik tekan ing Yerusalèm, bareng ngrungu yèn Gusti Yésus tindaké wis tekan ing Bètani arep terus menyang ing Yerusalèm, akèh kang padha metu methukaké rawuhé. Kabèh padha nunggal panemu, yèn saiki wis tumeka ing waktuné Gusti Yésus jumeneng Ratu, pinarak ana ing dhampar kapraboné Dawud. Déné sing padha ora ngrujuki panemu mengkono mau, kayata para ulama lan para imam, iku ora perlu dirèwès! Gusti Yésus kang jumeneng Sang Mesih, lan wis pantes yèn iya jumeneng Ratu!

GUSTI Yésus kang nguningani samubarang iya mirsa batiné wong akèh, lan apa sing diuningani iku njalari trenyuhing galihé. O, wong-wong mau padha ora ngerti, malah ora gelem ngerti, yèn Panjenengané enggoné jumeneng Juru Slamet lan Panebus iku kelakoné sarana nandhang sangsara lan séda, yaiku sumurup enggoné nyanggi sakèhing paukumané wong dosa, temah bisa ngrukunaké manusa karo Gusti Allah.

Satemené ora kliru panemuné wong akèh yèn Panjenengané bakal jumeneng Ratu, éwasemono dudu Ratu kang pinarak ana ing dhampar kapraboné Dawud: yèn Panjenengané jumeneng Ratu, bakal pinarak ana ing tengene Allah Sang Rama ana ing swarga, apadéné bakal ngerèhaké jagad lan swarga.

Panjenengané iya bakal unggul ing yuda, nanging ora marga saka perang tanding karo bangsa Rum: Panjenengané bakal ngasoraké Iblis, mungsuh kang linuwih kasektèné.

Malah Panjenengané iya bakal maringi karahayon lan kamulyan marang sakèhé wong sing padha pracaya lan tresna marang Panjenengané, nanging ora ing sajeroning uripé ana ing alam donya sing mung saclérétan; panjenengané bakal maringaké karahayon lan kamulyan mau ana ing jaman kalanggengan, yaiku ana ing swarga.

"HOSANNA KONJUK ING TEDHAKIPUN DAWUD!"

Nanging karana iku mau kabèh Panjenengané kudu nglampahi nandhang sangsara kang banget, nganti tumeka ing séda, lan enggoné séda bakal kaya patiné wong durjana cinampahan lan pinoyokan déning wong akèh!

Gusti Yésus mireng rerasanané wong golongan, mirsa gambiraning atiné, jalaran padha kepéngin kaparingan kamulyan lan kaluhuran ing sajeroning uripé ana ing alam donya .... Sarèhné mengkono kakarepané wong akèh, mulané saiki Panjenengané arep nedahaké, yèn Panjenengané iku sanyata jumeneng Ratu, nanging ora kaya sing dadi pangarep-arepé, dudu ratu kang ngasta dedamel samekta ing perang, nanging Ratuning katentreman.

Ing kono Gusti Yésus nimbali sekabaté loro kadhawuhan mengkéné: "Padha menyanga ing désa ngarepmu kuwé, tumuli kowé bakal mrangguli kuldi wadon cancangan kanthi belo, iku padha uculana, nuli gawanen mréné beloné. Déné menawa ana kang ngaruh-aruhi kowé, banjur tutura, yèn iku perlu kagem ing Gusti, dadi bakal digawakaké tumuli." Sekabat mau banjur padha lunga lan nglakoni ing sapiwelingé Gusti Yésus. Ing désa kang diparani wis ana kuldi dicancang lan beloné ana ing cedhaké. Bareng lagi diuculi, kang duwé kuldi takon généya padha nglakoni mengkono, banjur diwangsuli: "Iku perlu kagem ing Gusti!" Kang duwé kuldi mau mesthiné kagolong mitrané Gusti Yésus, mulané kuldi wadon sabeloné banjur digawakaké.

Bareng sekabat mau padha sowan manèh ing ngarsané Gusti Yésus lan bareng padha ngerti yèn Panjenengané ngersakaké nitihi beloné — belo mau wis gedhé lan rosa, nanging durung tau ditunggangi ing wong — terus mlebet menyang ing negara Yerusalèm, .... wah, saiba bungahé wong-wong mau. Gusti Yésus adaté mung tindak dharat baé, nanging saiki ngersakaké nitih kuldi kayadéné ratu! Kuldiné banjur énggal-énggal dilarabi jubah lan Gusti Yésus dilawani panitihé. Bareng wong golongan weruh Gusti Yésus wis pinarak ing gegering kuldi, banjur padha surak mawurahan. Sasuwéné tindak, para murid padha jèrèng jubahé ing dedalan kang ditindaki lan ana kang ngethoki trubusing kekayon, digelar ana ing dalan, dadi dalané kaya-kaya digelari babut prangwedani. Wong golongan kang padha lumaku ing ngarep lan kang lumaku ing buri nguwuh-uwuh, wurahan pamujiné marang Kangjeng Nabi saka ing Nasarèt, kang jumeneng Sang Mesih, kang rawuhé bakal ngluwari umat kagungané! Pangucapé wong golongan: "Hosanna konjuk ing tedhakipun Dawud! Binerkahana ingkang rawuh atas Asmanipun Pangéran, inggih Ratunipun Israèl! Hosanna wonten ing luhur!"

Pamuji lan surak mawurahan mau ora pedhot-pedhot ing sadalan-dalan nganti ngumandhang adoh, malah nganti tekan ing sangareping gapurané Yerusalèm. Wong-wong sing wis ana ing jero negara, bareng ngrungu yèn Gusti Yésus diarak arep mlebu ing negara, banjur padha metu methukaké tindaké, kambi padha surak-surak, uniné; "Binerkahana ingkang rawuh atas Asmanipun Pangéran, Ratunipun Israèl!"

Ana wong Farisi lan para ulama sawetara padha metu mbarengi wong golongan, nanging atiné padha ngandhut kuwatir bareng ngrungu surak lan pamujiné wong golongan. Saiki saumat kabèh bakal kérut marang Rabbi saka Nasarèt, sing padha digethingi, mulané pada munjuk marang Gusti Yésus: "Guru, para murid Sampéyan kadukanana, lan tiyang golongan Sampéyan dhawuhi kèndel! Ujaripun tiyang-tiyang punika rak dora ta? Sampéyan rak boten jumeneng Ratu?"

Nanging Gusti Yésus ayem baé galihé lan dhawuh wangsulané: "Saupama wong iku padha menenga, watu-watu mesthi padha nguwuh-uwuh!"

ARAK-arakané wong golongan sing padha bungah-bungah lakuné mbacut munggah ing pèrèngané gunung Zaitun, saya suwé saya cedhak karo negara Yerusalèm .... Saka kadohan wis katon kethap-kethap témboké negara suci, muwuhi gambiraning atiné wong golongan, papah kurma sing ana ing tangan diklèbèt-klèbètaké ésthané uluk salam marang Yerusalèm, kutha krajané tanah Israèl. Yerusalèm sing wis mataun-taun kapethatan ratu, saiki bakal karawuhan Ratuné klawan nitih kuldi lan kinurmatan ing umaté! Yerusalèm, negarané para leluhur lan pusering kawibawané Israèl! Wiwit saiki negara sing wis kuna iku bakal pulih anyar lan moncèr manèh! Mengkono pangangen-angené wong akèh!

Apa sing kelakon ing nalika iku wis kaweca déning nabi ing jaman kuna, mengkéné: "Bebungaha kang banget, hé putri ing Yerusalèm! Giyak-giyaka! Lah Ratunira ngrawuhi sira, Panjenengané adil sarta mengku karaharjan, lembah ing galih, nitih kuldi, iya belo anaking kuldi!"

Mangka saiki sing kelakon iku cocog karo sing didhawuhaké déning nabi ing jaman kuna. Nanging wong-wong mau padha kliru enggoné njarwani pamecané nabi mau!

Coba sawangen, sing katon ing satengahé wong golongan iku diarak lan dipundhi-pundhi klawan kabungahan gedhé. Panjenengané digadhang jumeneng Ratu ana ing Yerusalèm. Nanging apa ora kliru? Apa wujudé ngèmperi ratu?

Titihané mung beloning kuldi, dudu jaran téji, mangka iya ora ngagem busananing ratu lan sirahé ora ngagem makutha emas, apadéné ora nganggar pedhang. Sing padha lumaku ing ngarep utawa ing buriné iku dudu prajurit jaranan kang sikep gegaman ....

Rawuhé Ratu mau ora ngagem kamulyan, wataké adil lan mengku karaharjan sarta lembah ing galih. Bareng arak-arakané wis tekan ing gunung Zaitun, negara Jerusalém katon cetha saka ing panggonan kono .... kepriyé? Apa wong iku pantes jumeneng ratu?

Mripaté ora katon gumebyar nélakake gambiraning galihé, nanging malah ngrentahaké waspa, jalaran Gusti Yésus banjur muwun. Panjenengané banget trenyuh ing galih. Panjenengané iku maha mirsa, bareng ningali negara Jerusalém saka kadohan katon nengsemaké, ora malah dadi rena ing galih. Panjenengane muwun, awit mirsa apa sing bakal kelakon ing atasé negara Yerusalèm. Panjenengane mirsa yèn Yerusalèm bakal katekan ing mungsuh, kuthané bakal kinepung wakul binaya mangap, negara sing saiki katon éndah nengsemaké bakal dadi ludhesan, wong-wong sing saiki padha giyak-giyak ngucapaké pamuji, bakal padha tumpes tapis tekan bocah-bocah cilik. Negara Yerusalèm bakal kataman ing paukuman kang nggegirisi, jalaran nampik marang Juru Slamet, malah nganti wani nyédani .... Lelakon kang ngébat-ébati iku kabeh wis kapirsan déning Gusti Yésus, mangka ora kena disinggahi. Iku kang njalari trenyuhing galihé Gusti Yésus nganti ngrentahaké waspa, kagawa saka banget welasé.

Lan kepriyé wekasané bareng wong golongan enggoné padha ngarak Gusti Yésus wis mlebu ing negara Yerusalèm kambi giyak-giyak? Kepriyé calon ratuné? .... O, iku calon ratu sing aneh! ....

Gusti Yésus ora banjur ngagem pangwasané jumeneng ratu kaya sing dadi pangarep-arepé bangsa Israèl mau. Panjenengané aluwung murugi wong picek lan wong lumpuh, banjur disarasaké. Panjenengané iku Juru Slamet kang paring panglipur lan pangentasan saka ing sangsara, kang paring tentrem rahayu ana ing ati, awit Panjenengané iku kang jumeneng Ratuningka tentreman.

UJARÉ wong akeh isih ajeg mengkéné: "Kurang sawetara dina Panjenengané bakal ngagem pangwasané ngluwari kita saka tanganing mungsuh."

Nanging golongané para ulama lan para imam wis padha sapocapan: "Wong iku kudu disirnakaké. Entènana sawetara dina engkas wong iku mesthi mati!"

"Mung kurang sawetara dina!"

BARENG wayahé wis sore Gusti Yésus banjur tindak kadhèrèkaké sekabat rolas, medal saka ing negara Jerusalém, nglangkung pèrèngané gunung Zaitun, menyang ing desa Bètani. Ing sadalan-dalan isih mblasah gegodhongan lan pang-pang sing ésuké digawé ngurmati tindake Gusti Yésus, nanging wis katon alum lan garing.

Gusti Yésus nilar karaméaning kutha, perlu ngupadosi papan sing sepi, supaya bisa celak karo Allah lan ndedonga!