Babad Saka Kitab Suci/Let Seminggu

Saka Wikisumber

PARA sekabat lan wong-wong sing padha nyipati dhéwé enggoné Gusti Yésus ngetingal sawisé séda rumangsa begja lan bungah banget lan saben wong sing trésna marang Gusti Yésus, dicritani kaélokan sing mbungahaké, mengkono uga Tomas.

Nalika Gusti Yésus ngetingal marang para sekabat lan murid liyané, Tomas dhéwé ora melu nglumpuk ana ing kono, wataké Tomas pancèn luwih seneng ngangen-angen prakara sing nyedhihaké katimbang karo sing mbungahaké. Satemené kaprihatinané Tomas marga kélangan Guruné sing banget disuyudi iku luwih nandhes lan luwih nabeti katimbang liya-liyané, temah ora gampang enggoné arep ngandel marang sakèhing pawarta lan crita bab kaélokan wunguné Gusti kaya sing dikandhakaké para sekabat liyané. Dalah ngumpul bareng karo kanca-mitrané ana ing kamar tengah Tomas iya ora gelem; karepé arep nyepi nuruti sedhihing atiné, jalaran jagad wis dadi sepi lan samun sapengkeré Gustiné séda.

Tomas, nalika ngrungu ujaré para sekabat bab wunguné Gusti Yésus, lan bab rawuhé ana ing tengahé para kagungané ana ing kamar, atiné durung bisa mèlu ngrasakaké bungah. Ujaré para sekabat liyane: "Éman banget déné kowé ora mélu menangi rawuhé Gusti ana ing kamar tengah kana." Wangsulané Tomas: "Aku ora ngandhel sing dadi kandhamu. Apa nyata Gusti saged wungu saka ing sèda? Menawa aku durung ndeleng tabeté paku ana ing astané lan tabeté paku mau menawa durung dakdulek ing drijiku, tuwin lambungé dakdemèk ing tanganku, aku bakal ora ngandhel pisan-pisan." Wangsulané para mitrané: "Wis ta, Tomas, yèn mengkono, becik kowé lestaria kembulan karo aku kabèh. Gusti mesthi bakal rawuh manèh!"

BARENG tumeka pendhaké dina mau, para sekabat padha nglumpuk ana ing jero omah manèh, lan Tomas iya nunggal, lawang lan jendhélané iya dikancingi kabèh. Ing kono Gusti Yésus banjur rawuh lan jumeneng ana ing tengah sarta ngandika: "Tentrem rahayu anaa ing kowé!" .... Para sekabat wis ora kagèt diketingali Gustiné, kejaba Tomas, atiné trataban. Nalika Tomas teka arep mèlu lungguh ana ing pakumpulané para sekabat, polatané isih katèn suntrut, awit atiné isih ngandhut prihatin. Tomas durung bisa ngandel yèn Gusti wis wungu.

Bareng saiki mripaté nyipati dhéwé rawuhé Gustiné, jleg tanpa sangkan, lan kupingé cetha ngrungu pangandikané sing ngleremake ati ...., Tomas meksa kagèt lan dheg-dhegan. Saya dheg-dhegan atine bareng dipirsani Gusti Yésus sarta dipangandikani: "Tomas, drijimu athungna mréné, tanganku titènana, sarta tanganmu ulungna, demèkna ing lambungku. Lan aja bubrah pangandelmu, nanging kumandela!" Tomas banjur marek klawan wedi lan wirang ana ing ngarsané Gustiné ...

Sapa ta sing ngaturaké marang Gusti yèn Tomas ora bakal ngandel menawa durung ndemok tabeté paku? Rak ora ana ta sing matur mengkono? Éwasemono Gusti Yésus wis nguningani prakara iku mau kabèh. Yèn mengkono, sing rawuh iki mesthi Gusti Yésus piyambak, awit Panjenengané pancèn bisa nguningani samubarang, dalah gagasan lan rasa-pangrasa sing isih sumimpen ana ing dhasaring atiné wong. Panjenengané wis mesthi ora bakal kasamaran mungguh ing pangangen-angené Tomas. Dadiné Tomas saiki bisa neksèni dhéwé yèn sing rawuh iku Gustiné lan Panjenengané isih asih tresna marang sekabaté sing lagi nandhang prihatin. Panjenengané kersa rawuh piyambak perlu ngluwari kagungané saka karubedan lan kaprihatinan.

Tomas ngrasa wirang banget, nanging batiné mbludag suka sukur awitdéné: "Gusti sanyata wungu saka ing séda lan Panjenengané nedahaké sih katresnané marang aku!"

Tomas kepéngin nglairaké sarasaning atiné kabèh, arep munjuk bab wirangé, bab kaduwunging atiné, bab kabungahan lan katresnané .... Nanging kabèh mau ora ana sing kelair, awit nalika Tomas sujud nyungkemi sampéyané Gusti, sing kelair ing tangkemé ringkes lan aos: "Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!"

Dhawuh pangandikané Gusti Yésus: "He Tomas, amarga kowé wus ndeleng Aku temah kumandel! .... Rahayu wong kang kumandel ora nganggo ndeleng."

RAHAYU wong kang kumandhel ora nganggo ndeleng! Pangandika mau isi pamèlèh marang Tomas, sing mèh bubrah pangandelé. Nanging pangandika iku uga isi berkah kanggo sadhéngah wong sing padha kumandel lan trésna marang Gusti Yésus, senajan ing sajroning uripé ing alam donya iki durung tau ndeleng Panjenengané. ING dina Achad malem Senèn iku uga para sekabat padha bisa ngrasakaké patunggilané Gusti Yésus sing kepareng rawuh ana ing tengahé, temah padha kalipur lan kabangun pracayané ....