Babad Saka Kitab Suci/Gusti Ngetingal Marang Para Sekabat Kang Lagi Kumpulan
NALIKA wayah bengi ing dina Achad iku uga, lan nalika para sekabat lagi padha kumpulan ana ing kamar tengah, mangka lawangé padha kakancing rapet awit saka wediné marang wong Yahudi, dumadakan wong-wong mau padha kagèt lan wedi banget, awit ana ing tengahé kamar mau jleg katon wujuding Priya, sing teka tanpa sangkan; panyanané para sekabat kaya weruh lelembut. Nanging bareng diwaspadakaké, wong-wong mau ora pangling, sing jumeneng ana ing tengahé iku ora liya iya mung Gustiné dhéwé, sing mentas padha dirasani. Kaget lan wediné sanalika malih dadi kabungahan lan kaéraman; atine wis ngangah-angah arep ngaturaké pambagé marang Gustiné, nanging cangkemé ora bisa kumecap kamisosolen.
Wong-wong sing padha kamitenggengen mau banjur dipangandikani: "Tentrem rahayu anaa ing kowé." Bareng ngrungu aruming swara sing kulina dirungu, para sekabat saya mantep atiné, éwadéné bawané wong sèkèng ing pangandel lan awit saka gedhéning kaprihatinan sing durung ilang babar pisan wong-wong mau angèl enggoné arep ngandel yèn Gustiné rawuh ana ing tengahé, meneri lagi padha nglumpuk ana ing kamar sing wis dikancingi lawang lan jendhélané .... Senajan wis dikancingi lawang lan jendhélané, ... éwadéné Gusti bisa rawuh ing kono. Kepriyé enggoné bisa mlebu?
Wong-wong mau wis bola-bali nyumurupi kaélokan warna-warna sing ditindakaké Gustiné, suprandènè padha wedi lan kaget, bareng weruh Gusti Yésus rawuh ana ing tengahé tanpa ngengakaké lawang. Gusti Yésus uga ora kesamaran mungguh ing prakara mau, mulané banjur ngandika: "Kepriyé déné kowé teka padha kegiwang, lan sebab apa déné teka padha ketuwuhan pikir kaya mengkono ana ing atimu? Padha titinen tanganku lan sikilku, rak Aku dhéwé. Mara grayangen Aku lan padha ngawasna. Yèn ta lelembut rak ora ana daging lan balungé kaya kang kodeleng ing Aku iki."
Sajroné ngandika mengkono iku Gusti Yésus nedahaké asta lan sampéyané sing isih katon tilasing paku sing dienggo mantèk ing kayu salib.
Wong-wong sing padha wedi prasasat ora kedhèp enggoné padha ngawasaké lan ngrungokaké marang Gusti Yésus. Swarané lan pasuryané apadéné tatu ing asta lan sampéyané, iku kabèh (dadi tandha yekti yèn sing rawuh iku Gusti Yésus temenan, dudu lelembut sing mindha-mindha Gustiné).
Wong-wong mau padha njenger tanpa ngucap apa-apa kagawa saka gumun lan banget bungahé. O, saiki Gustiné wis rawuh temenan ana ing tengahé. Uripé saiki bisa pulih manèh kaya wingi-wingi, saben dina mung tansah ndèrèkaké Gusti Yésus lan ngrungokaké pangandikané. O, saiba seneng lan begjané urip mengkono iku! Nanging rasané kok mung kaya ngimpi baé!
Gusti Yésus iya pirsa yèn para sekabaté, marga saka gedhéning kabungahané, isih rada mangu-mangu atiné, mulané banjur ngandika maneh: "Ing kéné apa kowé padha deduwé kang kena dipangan?" Gusti Yésus banjur kasaosan iwak loh gorèngan sairis. Sawisé ditampèni, tumuli didhahar ing sapandelengé para sekabat lan wong sing padha kumpulan ana ing kono.
Bareng wis nyipati dhéwé enggoné Gusti Yésus dhahar, para sekabat padha ora mangu-mangu manèh, awit yèn lelembut, mesti ora bisa mangan kayadéné manusa lumrah. Bareng wis tita mengkono, wong mau kabeh ing batin padha ngaku: "Gusti, Paduka punika saèstu Guru kawula!"
Para sekabat lan murid liyané satemené ing batin wis ngrumangsani luput, déné ora énggal-énggal ngandel marang Gusti lan Guruné, isih ndadak nyuwun pratandha lan bukti warna-warna, mangka wis rambah-rambah Gusti Yésus ing sadurungé séda paring pitedah marang para sekabat, yèn kudu nandhang sangsara lan séda, nanging ing telung dinané bakal wungu saka ing séda. Prakara iku kabèh wis bola-bali dipangandikakaké déning Gusti Yésus, malah iya wis diweca déning para nabi ing jaman kuna. Bareng pangandika lan pameca mau kelakon temenan para sekabat padha ora ngandel, padha kagèt lan wedi apadené mangu-mangu!
Para sekabat padha ngrumangsani iku mau kabèh, lan panyawangé marang Gusti Yésus semu wirang, upama kelaira arep padha munjuk mengkéné: "Gusti, mugi kepareng ngapunten kakirangan kawula, déné kawula sami kirang pitados saha sami kagèt lan mangu-mangu. Gusti, mugi kepareng ngapunten kawula, déné kawula sampun damel sekeling galih Paduka. O Gusti, mugi melasi kawula!"
SATEMENÉ wong-wong mau pada kurang antepan lan ora teguh setyané. Wataké ngucira, bareng katempuh ing baya-pakéwuh, padha tinggal gelanggang colong playu. Wong-wong sing cilik pangandelé.
Éwasemono ...., Gusti Yésus kepareng ngapunten, malah Gusti Yésus isih kepareng mitados para sekabat mau. Gusti Yésus banjur maringi dhawuh sing isi bubuhan tumrap para sekabat, pangandikane: "Padha njajaha ing sajagad kabèh, Injil undhangna marang sarupané tumitah .... Kaya enggonku kautus déning Sang Rama, kowé iya padha dakkongkon .... Lah, Aku nunggal karo kowé ing sadina-dina kongsi tumeka wekasané jaman."
Para sekabat saiki kaparingan bubuhan lunga menyang Yerusalèm, menyang kutha-kutha liyané kadhawuhan njajahi saindenging jagad perlu ngundhangaké Injil marang sarupané tumitah, yaiku sadhéngah wong lan bangsa, supaya padha ngrungua pawarta kabungahan, yèn Gusti Yésus wis kasiksa lan kasalib nganti ngalami séda, lah sarana mengkono wis nyanggi sakèhing paukuman sing beneré kudu disangga déning manusa dosa; nanging sing mbungahake yaiku: Gusti Yésus wis wungu saka ing séda lan kepareng mitulungi slamet marang angger wong sing tresna lan pracaya marang Panjenengané, kaparingan karahayon langgeng.
Marga saka dosa manusa kasébrataké saka ing ngarsané Allah lan kaineban gapuraning swarga. Nanging marga saka sangsara lan sédané Gusti Yésus, Panjenengané wenang nyowanaké kagungané marang ngarsané Allah lan gapuraning swarga binuka manéh.
Mengkono iku jatining Injil, iya kabar kabungahan sing kudu diwartakaké para sekabat marang jagad.
Para sekabat lan murid-murid sing padha nglumpuk ana ing omah mau dadine dipitaya déning Gustiné ngemban dhawuh sing adi linuwih, pinatah nglakoni ayahan sing mulya lan pinunjul, ngungkuli sakèhing bubuhan lan ayahan sing ana ing jagad.
ING dina Achad malem Senèn iku para sekabat lagi bisa ngrasakaké marem lan bungah, sawisé ngalami sedhih lan giris ing dina-dina sing mentas baé kapungkur. Ing sajegé urip para sebakat durung tau ngrasakaké kabungahan sing semono gedhéné, jalaran Gusti lan Guruné wis kepareng rawuh manèh ing tengahé lan kepareng uga ngapunten sakèhing kaluputané. Kabèh iku mau njalari para sekabat rumangsa olèh nugraha lan kabegjan ing uripé.