Babad Saka Kitab Suci/Ana Ing Pinggiré Segara Tibérias

Saka Wikisumber

LET sawetara dina sawisé Gusti Yésus wungu.

Ing tengah segara Galiléa, iya sok disebut segara Tibérias, ana prauné wong misaya iwak kombak-kombul katut obahing banyu segara. Sawengi muput wong-wong sing padha ana ing prau mau enggoné nibakaké jalané, nanging padha ora olèh apa-apa, mangka wayahé wis bangun ésuk, langit ing bang wétan wis trontong-trontong semburat abang ....

Wong sing padha nunggang prau mau cacahé pitu, kabèh padha sekabaté Gusti Yésus. Sawisé padha ngalami kaélokan sing wiwitané nyedhihaké, nanging wekasané mbungahaké, sekabat mau banjur padha menyang ing tanah Galiléa, mulih menyang désa asalé ing pinggir segara.

Ing sawijining dina nalika padha ngumpul, Pétrus kandha marang kancané: "Daklunga golèk iwak." Sauré kancane: "Aku iya padha mèlu kowé."

Iku mula bukané sekabat pepitu mau tinemu ana ing tengah segara lagi padha misaya iwak. Wong pitu mau padha durung lali panggawéané sing lawas, panggonan-panggonan sing biyén adaté akèh iwaké, wis diubres, tur wayahé kanggo misaya wis meneri banget yaiku ing wayah bengi, éwadené iwak siji baé ora ana sing kesasar ing jalané ....

Néka-néka sing digagas para sekabat nalika rékadayané golèk iwak ora oleh gawé. Lelakon ing segara ing wayah wengi uga muncul ing gagasané: nalika semono lagi padha lelayaran ana ing segara kono uga, dumadakan prauné katempuh ing prahara nggegirisi, mangka Gusti Yésus kepati enggoné saré. Nanging bareng Panjenengané wis wungu, banjur jumeneng ndukani segara lan prahara, temah praharané sirep sanalika .... Ana manèh sing kelingan nalika padha wedi banget, jalaran katekan memedi, jebul sing dikira memedi iku Gusti Yésus piyambak sing tindak ngambah ing banyuné segara kaya ngambah dharatan baé.

Nanging bareng saiki padha nindakaké rékadaya dhéwé, para sekabat padha ora olèh apa-apa.

NALIKA wis bangun ésuk, prauné dipinggiraké mèh tekan ing gegisik, para sekabat banjur krungu dibengoki wong sing ngadeg ana ing gegisik, nanging para sekabat ora ngerti sapa wong iku, awit isih rada peteng. Ujaré wong mau: "Bocah-bocah, apa padha ora deduwèn lawuh?" Wangsulane: "Boten; sedalu muput kula sami boten angsal punapa-punapa!" Ujaré wong mau maneh: "Jalané tibakna ing satengené prau, temah kowé bakal padha olèh."

Para sekabat mau banjur padha pandeng-pinandeng, awit ora ngerti sapa sing paring dhawuh, dadiné maju mundur enggoné arep tumandang. Nanging apa alané nyoba sepisan engkas, bokmenawa wong sing ngadeg ing gegisik luwih awas pandelengé, bisa weruh panggonan sing akèh iwaké .... Bokmenawa para sekabat iya kélingan sing wis kepungkur, nalika didhawuhi Gusti Yésus nibakake ing panggonan sing jero, temah oleh iwak nganti rong prau kebak ....

Para sekabat banjur nindakaké apa sapréntahé wong mau. Jalané ditibakaké ing banyu, bareng arep ditarik, rasané kaya ana sing nggondhèli, jalaran wis kebak iwak, mulané disèrèd minggir ing pentasan.

Lelakon mau mbuka nalaré para sekabat, ngélingaké marang lelakon sing wis kepungkur. Bareng ngawasaké wong sing lagi ana ing gegisik, sanalika ngerti sapa wong iku. Malah Yochanan mbisiki Petrus: "Iku Gusti!" Simon Pétrus, bareng ngrungu yèn iku Gusti, banjur nganggo jubah lan sabukan, nyegur ing segara, nyabrang menyang dharatan. Sing dipikir mung bisaa tumuli ngadhep ana ing ngarsané Gustine.

SAMENTASÉ ing dharatan Pétrus banjur marek ing ngarsané Gusti Yésus. Para sekabat liyané padha nusul, jalané sing kebak iwak disèrèd munggah ing dharatan.

Para sekabat padha kaéraman weruh ana geni ireng, lan ana iwak tumumpang ing geni mau lan ana roti. Nanging ing atasé Gusti Yésus, sing naté maringi pangan wong limang èwu luwih, prakara mau dudu apa-apa. Gusti Yésus banjur ngandika: "Njupuka iwak sawetara olèhmu lagi mentas iki."

Pétrus banjur énggal tumandang ndhudhah jalané, diréwangi kanca-kancane; jalané kebak isi iwak gedhé-gedhé, bareng diétung ana satus sèket telu. Senajan semono kèhé, jalane ora nganti bedhah.

Sarampungé enggoné padha nandangi pagawéane, para sekabat banjur ditimbali Gusti Yésus, dhawuhé: "Mrénéa, pada sarapana." Gusti Yésus tumuli mendhet roti sing wis cumawis ing kono, apadéné iwaké diparingaké marang para sekabat. Sing padha digawé sarapan mung roti sacuwil lan iwak loh, nanging tumrapé para sekabat sing ora nyana ketemu karo Gustiné, sarapan sing pasaja mau ajiné ngungkuli bojana andrawina, rumesep ana ing atiné, cumithak ana ing angen-angené, temah ora bakal lali ing salawasé urip.

"SIMON, ANAKÉ YUNUS, KOWÉ APA TRESNA MARANG AKU NGLUWIHI SAKA WONG IKU?"

Sawisé padha sarapan, Gusti Yésus banjur ngandika marang Pétrus: "Simon anaké Yunus, kowé apa tresna marang Aku ngluwihi saka wong iku?" Pétrus rada kagèt ngrungu pangandikané Gustiné mengkono iku. Apa ta kersané nganggo mundhut priksa bab rasaning atiné? Pétrus, marga saka wantering budiné, enggoné marek ing ngarsané Gustiné pancèn luwih dhisik katimbang kancané, apa iku sing njalari pandanguné Gusti mengkono mau? Apa tresna marang Panjenengané ngluwihi marang kanca-kancané? Pétrus isih kélingan yèn wis tau munjuk marang Gusti Yésus, nalika padha mangkat menyang ing patamanan Gètsémané: "Senajan sadaya sami ngantosa kecuwan krana Tuwan, kawula mesthi boten kecuwan ing salaminipun; Gusti, kawula cumadhang mbélani ing Tuwan, senajana dumugi ing kunjara utawi ing pejah pisan." Pétrus ora sélak yèn wis munjuk mengkono, nanging ...

O, Pétrus banjur kélingan lelakoné ing wayah bengi nalika Gustiné dadi bebandan lan kélingan enggoné nyélaki Gustiné .... Unjuk wangsulané Pétrus semu wedi: "Inggih Gusti, Tuwan mirsa bilih kawula lulut dhumateng Tuwan." Pangandikané Gusti Yésus: "Angona para cempéku."

Sawisé mengkono Gusti Yésus ngandika manèh marang Pétrus ping pindhoné: "Simon anaké Yunus, apa kowé tresna marang Aku?" Unjuk wangsulané Pétrus isih ajeg: "Inggih Gusti, Tuwan mirsa bilih kuwala lulut dhumateng Tuwan." nanging saiki swarané groyok kaworan sedhih. Pangandikané Gusti Yésus manèh: "Angona para wedhusku."

Ping teluné Gusti Yésus ngandika marang Pétrus: "Simon anaké Yunus, apa kowé lulut marang Aku?" Bareng nganti ping telu didangu mengkono, Pétrus dadiné sedhih banget," atiné kebak piduwung lan panalangsa marga saka kaluputané ing atasé Gustiné. Pétrus saiki ngerti apa sebabé didangu nganti ambal ping telu ....

Pétrus rak nganti ping telu enggoné nyélaki Gustiné, ping telu Pétrus sélak: "Kula boten warah ing wong niku!" Déné saiki, Pétrus kudu ngambali ping telu enggoné ngaku tresna marang Gustiné ....

Unjuké Pétrus ping teluné: "Dhuh Gusti, Tuwan mirsa samukawis sadaya, inggih mirsa bilih kawula lulut dhumateng Tuwan." Bareng wis munjuk mengkono iku, atiné Pétrus wis rada lega lan marem, awit Gusti Yésus saiki pirsa, malah luwih permana katimbang wong liya-liyané, yèn Pétrus asih lan tresna marang Panjenengané. Apa manèh Gusti iya kepareng ngapunten sakèhing kaluputané. Saiki Pétrus wis dudu Pétrus sing biyèn, sing tansah rumangsa onjo dhéwé; saiki wis andhap-asor lan sarèh; panyuwuné mung supaya unjuké mau katrimaha déning Gusti.

Pangandikané Gusti Yésus: "Angona para wedhusku." Pétrus lan sekabat liyané padha ngerti apa sing dikersakaké Gusti nganggo tembung cempé lan wedhus mau, yaiku para wong sing kudu diparani lan diwartani kabar kabungahan, temah padha manjing pracaya marang Gusti Yésus, banjur klebu dadi panunggalané pepanthan wedhus sing padha dadi kagungané Pangon kang utama, yaiku Gusti Yésus piyambak.

Gusti, Yésus mirsani Pétrus klawan welas asih; kaluputané wis diapunten lan Pétrus wis dipulihaké ing kalungguhané kang dhisik, sajajar maneh karo para sekabat liyané. Ing kono Gusti Yésus banjur ngandika, ing semu pangandikané mau tanpa pangéman marang Pétrus: "Satemen-temené pituturku ing kowé: Nalika kowé isih nom, kowé sabukan dhéwé. Nanging bésuk samasa kowé wis tuwa, kowé bakal mulung tanganmu lan disabuki déning wong liya. banjur digawa menyang panggonan kang ora kokarepi."

Pangandikané iku nyemoni bab karépotan lan kaprihatinan, apadéné bab sangsara lan pati kang bakal tumama marang Pétrus ing tembé. Pétrus pancèn bakal ngalami disengiti, disangsara lan dipatèni déning mungsuhé kayadéné sing wis dialami déning Gustiné. Pangandika mau ing semu tanpa welas asih, nanging tumrapé Pétrus malah ditampa dadi kabungahan lan nugraha gedhé .... Osiking atiné: "Dhuh Gusti, sampun ingkang nandhang sangsara lan sedhih, senajan ngantos dumugi pejah pisan, kawula lila lair batos mbélani Tuwan ngantos pejah. Rumiyin kawula sampun nyidrani Tuwan, temah damel sekeling galih Tuwan, nanging samangké kàwula badhé ngandhemi kasetyan kawula dhumateng Tuwan; jiwa raga kawula, dhuh Gusti, kawula pasrahaken ing ngarsa Tuwan!" Mengkono osiking atiné Pétrus sawisé ngrungu pangandikané Gustiné.

WAYAH ésuk ing pinggiré segara Tibérias iku dadi wayah sing kebak kabungahan ing sajroning uripé. Pasuwitané wis katarimah manèh ana ing ngarsané Gusti lan sabanjuré bakal ora ana prakara sing bisa misahaké awaké saka ing sihé Gustiné.