Babad Saka Kitab Suci/Keduwung

Saka Wikisumber

KOCAPA Yudas .... ngetut-buri lakuné grombolan sing ndhabyang Gusti Yésus saka ing patamanan Gètsémané menyang ing dalemé imam agung.

Yudas sing ngulungaké Gustiné bisa nungkuli dhéwé enggoné Gusti Yésus dipriksa prakarané déning pradata ....

Sasuwéné ngrungokaké Yudas tansah mikir-mikir ing sajeroning ati: "Jenèh Gusti ora kersa maringi kasugihan lan kadrajatan marang aku! Panjenengané satemené bisa, nanging généya ora kersa? .... Luputé dhéwé nganti dibanda lan didhabyang-dhabyang kaya mengkono! Iku minangka ukumané enggoné gawé kecuwanku!"

Mengkono manèh Yudas iya nggagas: "Wah mesthiné ora nganti Gusti Yésus kapatrapan ukum pati, awit luputé ora sepiraa aboté. Malah satemené Panjenengané ora naté nindakaké kaluputan. Panjenengané cetha yèn resik tanpa dosa .... Upama diukuma, mesthiné mung diukum kunjara, nanging ora bakal diukum pati .... Jalaran Panjenengané iku resik, kepriyé bisané kelakon kaukum pati?"

Nanging swaraning atiné saya suwé saya cetha dadi panggugat marang Yudas: "Panjenengané iku resik tanpa luput, suci tanpa dosa! Panjenengané kapatrapan paukuman sing dudu mesthiné .... Kelakoné mengkono iku marga saka panggawému. Yudas!" Dadiné Yudas saya suwé saya kuwatir.

Bareng tekan waktuné para ulama padha ngadeg bebarengan kambi ngucap: "Kasingkirna tiyang Nasarèt punika! Tiyang punika dosa pejah!" .... Yudas banjur klépat lunga, metu saka ing dalemé imam agung, geter atiné déning wedi kang banget.

Cetha pangrunguné Yudas marang karampungané pradata: "Wong iku kudu kaukum pati!" Lan Yudas iya ngrungu cetha panggugat sing ana ing atiné déwé: "Saiki Gusti bakal disédani! Iku marga saka trékahmu!" Dadiné Yudas banget enggoné keduwung. Nanging saiki kepriyé supaya Gusti aja nganti kelakon disédani? Karampungané pradata kudu dibatalaké! Wah, saiba cilakané yèn Gusti nganti disédani!

NALIKA semono para pangarepé imam lan para pinituwa isih padha ana ing padaleman suci. Wis padha lega atiné, jalaran wis ana karampungan ingatasé Gusti Yésus. Saiki mung kari ngentèni palilahé Pilatus sing jumeneng bupati. Lan sawisé iku .... Wah, yèn sing dadi klilipé, yaiku Rabbi saka Nasarèt, iku sirna, saiba senengé, awit saumat kabèh bakal padha nggatèkaké maneh marang piwulangé para ulama lan para pangarepé imam lan para pinituwané bangsa; angger wis mati, sedhéla baé anaké tukang kayu saka Nasarèt iku mesthi ora kocap manèh .... Wosé wong iku kudu disingkiraké!

Nalika isih padha ngudarasa mengkono mau, dumadakan ana wong teka, menggèh-menggèh ambekané, gumeter awaké sekojur lan mripaté pendirangan ngawasaké para imam kaya wong arep njaluk tulung .... wong mau jebul Yudas!

Yudas wis ora merduli apa tekané mau dianggep ngungkak krama utawa ngribedi para ulama mau, awit atiné selak ora sabar déning kabereg ing wedi .... Getun lan keduwung wis ora kamot ana ing atiné. Dhuwit opahé enggoné laku cidra krasa panas kaya wangwa bathok ana ing gémbolané. Ana ing ngarepé para ulama mau Yudas ngucap mengkéné: "Kula damel dosa, déné rah resik ingkang kula ulungaken."

Para imam mau sanalika kagèt. Getihé wong resik? .... Nanging para imam mau mèlu-mèlu apa? Yèn wis diputus déning pradata, mesthiné iya ora tanpa kaluputan .... Déné wong sing katon wedi banget nganti gumeter awaké sakojur iku, ana gawéné apa teka mrono? Para imam lan para ulama ora mèlu-mèlu ing prakarané! .... Sing dadi underaning prakara rak mung bab sirnané Yésus Nasarani sing dadi klilip! Déné Yudas, apa perlu ndadak dipaèlu ujaré?

Wong-wong mau mung padha mèsem lan gumuyu ngrungu ujaré Yudas. Déné Yudas banget pangungsedé supaya karampungané pradata mau dibatalaké lan Gustiné tumuli diluwarana, ambal-ambalan aturé: "Sampun ngantos tiyang punika dipun ukum pejah, awit boten kadunungan lepat. Sampun ngantos sami ngwutahaken rah resik!" Atiné Yudas ora bisa jenjem, rasané kaya sinebit-sebit, jalaran rumangsa dadi jalarané sangsara lan sédané Gusti Yésus kang tanpa dosa ....

Nanging Yudas mung digeguyu déning para ulama. Iku rak luput lan bodhoné dhéwé wani ngulungaké Guruné. Yudas rak tanpa diundang tekané ngaturaké kasaguhané, apamaneh Yudas iya wis nampani opahé dhuwit telung puluh sèkel! Dadiné saiki para imam mau mèlu-mèlu apa karo dhéwèké?

Ujaré Yudas: "Kula damel dosa, déné rah resik ingkang kula ulungaken." Nanging wangsulané ulama kabèh: "Aku perduli apa? Iku kowé ngrasakna dhéwé. Saiki wis kasèp, apa sing diputus déning pradata ora kena dibatalaké manèh!" Ngrungu wangsulan mengkono mau, atiné Yudas rasané kaya ditotog ing alu, ilang pangarep-arepé enggoné arep ngresikaké awaké. Yèn Gustiné sida kaukum pati, ing salawasé atiné ora bakal pulih jenjem manèh, swaraning atiné mesthi tanpa kendhat nggugat awaké dhéwé: "Yudas, kowé gawe dosa, ngwutahaké getih resik! Kowé sing luput!"

Dhuwit opahé kepriyé? Dhuwit patukoning getih resik iku ing salawas-lawasé bakal mbrongot uripé. Dhuwité mau banjur arep dibalèkaké marang para pangarepé imam lan para ulama, nanging ora ditampani, mulané banjur diuncalaké déning Yudas ing ngarepe wong-wong mau ana ing padaleman suci. Kumrompyang swarané dhuwit telung puluh sèkel selaka ana ing jubin banjur ngglindhing menyang ngendi-endi ....

MUNGGUH Yudas dhéwé kepriyé? Sawisé nguncalaké dhuwit mau, banjur klépat lunga .... Atiné kuwur banget. Saiki wis kasèp, maju buntu, mundur wis kebanjur! Atiné ngenes, tanpa ana ungup-ungupé oleh pepadhang lan pitulungan. Keduwunging atiné ora bakal bisa sirna, malah mung tansah nyiksa uripé, kepriyé enggoné arep ngoncati. Niyaté arep golèk pangungsèn, nanging menyang endi enggoné ngungsi, jalaran sing arep dioncati iku wis manjing ana ing jero atiné. Ing salawasé uripé bakal tansah dadi buron, dioyak-oyak déning keduwunging atine. Kejaba yèn bisa oncat saka ing alaming ngaurip! Yudas saiki wedi urip. Sing bisa ngluwari saka ing panggugating atiné ora liya kejaba mung pati. Yèn wis mati, lagi bisa meneng swaraning keduwungé!

YUDAS ketliweng pikiré! .... Béda banget karo Pétrus! Pétrus keduwung banget atiné, banjur nangis kelara-lara. Sing dikeduwungi yaiku déné nganti gawé sekeling galihé Gustiné. Ing sajeroning keduwungé Pétrus sesambat marang Gusti nyuwun pangapura. Mangka Gusti Yésus ora nampik wong sing nggetuni kaluputané lan nyuwun pangapura.

Yudas ora mengkono kaanané. Sing dipikir mung cilakané awaké dhéwé, déné tansah bakal dioyak-oyak déning keduwunging atiné dhéwé, mangka ora bisa ngoncati .... Nanging atiné ora ketuwuhan nalar golèk pangungsèn marang Gustiné, lan ora sesambat nyuwun kawelasan ....

Yudas wis kapanjingan déning Iblis lan ora bisa oncat manèh saka ing pangwasané. Ing wayah ésuk isih repet-repet Yudas nggeblas, parané menyang ing patamanan Gètsémané. Ing sawengi iku Yudas nganti ping pindho enggoné mlaku mrono. Ana ing papan sing lindhuk ing gegampèng Yudas banjur ngendhat tali murdha. Pang sing dienggo ngendhat iku tugel, temah Yudas tiba krungkeb ing jurang, ketanggor-tanggor ing parang curi nganti bedhah wetengé lan jeroané metu kabèh .... Ana ing jurang jero Yudas gumléthak wis mati.

Nanging dosané sing wis akèh, isih diwuwuhi dosa ngendhat, katut digawa mlebu ing jaman kalanggengan. Mangka ing kana ora ana pangapura manèh.

Mengkono kelakoné nyèplesi pangandikané Gusti Yésus nalika padha kembulan mangan bujana Paskah, mengkéné: "Bilai wong kang dadi margané Putrané manusa kaulungaké; begja wong iku saupama ora kelakona lair!"

PARA imam sing padha ana ing padaleman suci mung padha nggeguyu pratingkahé Yudas. Dhuwit telung puluh sèkel selaka sing pating slebar ana ing jubin banjur dikukup, karo padha ngucap: "Iku ora kena dilebokake ing peti bet-amal, marga dadi patukoning getih." Dadi dhuwit sing dienggo ngopahi Yudas ngulungaké Gusti Yésus iku padha dianggep dhuwit reged, dhuwit najis, ora kena dilebokaké ing pethining pisungsung ing padaleman suci. Saka kakenthelaning rembugé wong mau banjur ditukokaké palemahane kundhi, palemahan sing ora akèh ajiné, jalaran lempungé wis entèk digawé grabah. Palemahan mau banjur kagawé pakuburané wong ngamanca sing mati ana ing Yerusalèm lan ora kena dikubur ana ing bumi suci, bumi pusakané bangsa Yahudi. Ing sabanjuré palemahan mau ketelah aran Akeldama, tegesé palemahan getih, jalaran pinangkané saka dhuwit patukoning getih.

PIRANG-pirang atus taun kapungkur nabi Yirmiyah nglairaké pameca dhawuhé: "Padha nampani wang telung puluh sèkel selaka mau, iya iku pangajiné kang wus kamurwat ing sapamurwaté Banisraèl; banjur ditukokaké palemahané kundhi." Pangandika mau pangandikané Gusti Allah piyambak lantaran abdiné; nalika jamané nabi Yirmiyah ora ana wong sing nyandak tegesé pangandika mau.

Nanging saiki pangandika mau kayektèn.

Mungguh para imam lan para ulama mau kabèh mesthiné padha ora kélingan marang pangandikané Gusti Allah ing jaman kuna, jalaran atiné wis kebak piala.