Babad Saka Kitab Suci/"Mugi Kasaliba! Kasaliba!"

Saka Wikisumber

WAYAHÉ isih ésuk umun-umun. Para pangarepé imam karo para pinituwa lan para ulama, yaiku sapepaké pradata, sawisé gawé karampungané prakara, banjur padha ndhabyang Gusti Yésus kaladosaké ing dalemé bupati Pilatus. Karampungané pradata ingatasé Gusti Yésus wis cetha, yaiku: Panjenengané bakal disédani, déné saiki kari ngentèni, apa bupati Rum sing ngasta pangwasa ana ing tanah kono ngrujuki karampungan mau. Yèn wis dirujuki, wong Nasarèt iku tan kena ora mesthi mati. Saiki wis dina Jumuwah, lan yèn mengko soré srengéngéné surup, wis ngancik dina Sabbat Paskah. Ing dina Sabbat wong Yahudi padha ora kèlilan nglakoni pagawéan, dadi iya ora kelilan mematèni. Mulané sadurungé ngancik dina Sabbat mau, Yésus Nasarani iku kudu wis dirampungi prakarané lan kudu wis dipatrapi paukuman pati!

Dalemé bupati Pilatus wis katon, lakuné banjur digelak. Prakarané kudu énggalénggal dirampungi, ora kena disrantèkaké manèh. Mau bengi pradata Yahudi wis nemtokaké ukuman pati kanggo Gusti Yésus lan awané Panjenengané bakal tumuli disédani! Ing sadalan-dalan wong sing padha weruh lan ngrungu gederé wong ndhabyang Gusti Yésus, banjur padha mèlu ngetutaké, kepèngin ngerti kepriyé bakal wusanané."

Satekané ing palataran ngarep dalem kabupatèn, wong Yahudi mau banjur padha mandheg, padha ora gelem mlebu ing dalem kabupatèn, pamurihé supaya aja nganti najis, temah isih padha wenang mangan Paskah. Sapa ta ing antarané wong Yahudi sing padha mursid lan ngibadah, gelem ngambah omahé wong kapir, sing ora wanuh marang Allahé Israèl? Mulané wong-wong mau mung padha mandheg ing ngarep dalem kabupatèn, mengko Pilatus rak miyos menyang ing gadri ngarep manggihi wong sing padha ngaturaké panggugat.

ORA antara suwé Pilatus banjur miyos ing gadri ngarep, pinarak ing kursining pangadilan. Bupati Pilatus iku priyagung bangsa Rum, solah bawané ngetarani yèn wataké adigang adigung, kamitégan, mentalan lan sugih gelar. Wong Yahudi sing padha sowan ana ing ngarsané mung padha diingetaké baé; yèn ndeleng polatané, wong-wong mau ketara yèn padha nesu banget; mesthiné wong sing diladèkaké iku durjana gedhé .... Nanging .... yèn ndeleng wujudé wong sing dibanda, sing kewentar jenengé Yésus Nasarani, ora ana èmperé babar pisan karo durjana. Gék apa baé kaluputané déné nganti dadi bebandan?

Para pangarepé imam katon rada gajeg-gajeg. Apa sing kudu diaturaké minangka panggugat .... Apa kudu matur, yèn Gusti Yésus saben-saben marasaké wong lara, malah wis tau nangèkaké wong mati? Yèn Panjenengané tau ngandika jumeneng Putrané Allah? Yèn para pangarepé imam lan para ulama kerep diwelèhaké mungguh ing kaluputané lan kamursidané sing mung lelamisan? Apa kaya mengkono iku enggoné kudu matur marang Pilatus? .... Yèn mung kaya mengkono sing dadi gugaté, Pilatus mesthi ora bakal ndhawuhaké paukuman. Dadiné kudu ana gugatan utawa dakwa sing luwih premati, supaya Yésus Nasarani iku kenaa kapatrapan ukum pati!

Wong mau banjur padha wiwit nggugat, aturé: "Saking pamanggih kula tiyang punika nasaraken bangsa kula, sami dipun penging saos bulu-bekti dhumateng Sang Prabu, mawi gadhah pangaken dados Kristus utawi ratu piyambak."

Pilatus mirsani Gusti Yésus kambi mangu-mangu galihé; yèn wong iki mbalila marang Sang Prabu ing Rum, wis mesthi kudu kapatrapan ukuman abot, mulané banjur ndangu: "Kowé iku apa ratuné wong Yahudi?" Nanging Gusti Yésus mangsuli, pangandikané: "Kratonku iku ora saka ing donya kéné; menawa kratonku saka ing donya kéné, mesthi wadyabalaku padha lumawan perang, supaya Aku aja nganti kaulungaké marang wong Yahudi. Kang iku kratonku ora saka ing donya kéné."

Panggalihané Pilatus mungguh wangsulan mau kira-kira mengkéné: "Yèn wong iki arep ngadegaké kraton sing ora ana ing donya kéné, aku rak ora perlu kuwatir menawa wong iki arep madeg kraman nglawan aku utawa Sang Prabu ing Rum. Généya wong-wong Yahudi iku padha banget nepsuné nganti nyuwunaké paukuman wong iki?"

Pilatus banjur ndangu marang Gusti Yésus: "Apa kowé ora ngrungu panggugaté wong iku marang kowe? Lah pirang-pirang prakara kang digugataké marang kowé!" Nanging Gusti Yésus ora mangsuli apa-apa manèh .... Dora-cara sing diucapaké bangsané ingatasé iku kang njalari sekeling galihé, nanging Panjenengané wis ora kepareng paring wangsulan.

Pilatus tumuli ngandika marang para pangarepé imam lan wong golongan sing saya suwé saya mundhak akèh lan mundhak gumeder: "Mungguh ing aku wong iku ora tinemu kaluputané!" .... Nanging sing nggugat padha saya rengkeng, aturé: "Boten pinanggih kalepatanipun? .... Tiyang punika damel balilanipun bangsa, pamulangipun sampun wradin ing satanah Yahudi sadaya, wiwit ing tanah Galiléa ngantos dumugi ing ngriki."

Pilatus bareng miyarsa bab tanah Galiléa banjur ndangu: "Wong iki apa wong Galiléa?

Bareng wis nyatakaké yèn Gusti Yésus iku pinangkané saka Galilea, ribeding galihé banjur rada antèr .... Awit satemené Pilatus nganti judheg galihé ngraosaké Gusti Yésus. Wong Yahudi kengkeng enggoné nggugat: "Tiyang punika dosa pejah!", lan panasing atiné mubal katon ana ing pancerenging mripat, nanging Pilatus piyambak ora bisa manggihaké kalepatané Gusti Yésus. Yèn mengkono kuduné kepriyé? .... Wis mesthi bae wong sing ora tinemu kaluputané kudu diluwari, mengkono iku wis klebu kuwajibané hakim sing adil lan jujur. Pilatus ora kersa tumindak mengkono, awit Pilatus kepéngin damel renané wong golongan. Jalaran saupama Pilatus ora nuruti panyuwuné wong Yahudi mau, wong-wong mau, luwih maneh para pangarepé imam lan para ulama, mesthi bakal dadi satruné; katimbang dianggep satru rak luwih becik dianggep mitra déning bangsa Yahudi, jalaran sapa weruh, samangsa bangsa Yahudi ora seneng dieréhaké déning bupati Pilatus, akèh baé mergané yèn arep nyuthat Pilatus saka ing kabupatèn, kayata ngaturake layang gugatan marang Sang Prabu ing Rum, kang ijoané nggugat Pilatus bab pirang-pirang prakara sing magepokan karo pangrèhé Pilatus sing tansah disidhem lan ora kauningan déning Sang Prabu. Samangsa prakara mau nganti kapiyarsa ing Sang Prabu, wis mesthi ora becik kadadéyané tumrap Pilatus; kitir sasuwèk bebasane bisa ngendhangaké bupati Pilatus. Mulané Pilatus kudu wewéka lan kudu pinter ngrogoh atiné wong Yahudi, supaya awèt enggoné jumeneng bupati, mangku kamuktèn lan kawibawan, embuh pira prabéyané.

Nanging saiki kepriyé enggoné arep mutus prakarané Yésus Nasarani iku? Wong sing ora tinemu mungguh dosané pati apa kena katrap ing ukum pati?

Mulané bareng miyarsa yèn Gusti Yésus iku saka ing tanah Galiléa, panggalihé sanalika mak plong, awit ngira bakal olèh dalan oncat saka ing karépotan. Tanah Galiléa iku ora klebu bawahé. Sing maréntah ing kono raja Hérodhès. Mangka mbarengi riyaya Paskah iku Hérodhès ana ing Yerusalèm .... Yèn mengkono, prakara mau luwih becik dipasrahaké marang Hérodhès, temah Pilatus dhéwé bisa ombèr galihé. Tur ana perluné apa ta tumrapé Pilatus ngurus prakarané wong sing arep ngadegaké kraton sing ora saka ing donya kéné? Sing tansah diudi déning Pilatus iku supaya bisaa lestari mukti wibawa lan kepénak uripé, apadéné tetep enggoné jumeneng bupati, ora kedukan ana ing ngarsané Sang Prabu ing Rum.

Ing kono Pilatus banjur dhawuh supaya Gusti Yésus kaladosaké menyang ngarsané Hérodhès.

Wong Yahudi padha pating kedumel nguman-uman Pilatus lan nyampahi Gusti Yésus .... jenèh prakarané ora tumuli diputus. Nanging wong mau padha ora bisa mbangkang dhawuh, temah Gusti Yésus didhabyang manèh turut dalan menyang dalem pamondhokané Hérodhès. Wong sing padha mèlu ngetut-buri saya mundhak-mundhak akèhé nganti dadi golongan gedhé, swarané wong akèh gumeder kumruwuk padha nguman-uman lan moyoki Gusti Yésus. Ana sawenèh sing ngèlokaké: "Iku rak Rabbi saka Nasarèt sing bisa gawé kaélokan warna-warna ta? Généya? ...." Anu manèh sing celathu: "Kuwi rak sing adaté wani melèh-melèhaké para imam ta? Saiki kepriye?" .... Ana sing nyambungi, kandhané: Kuwi apa dudu wong sing diarak mlebu ing kutha Yerusalèm nunggang kuldi kaya déné ratu? Saiki kok dadi bebandan, mesthiné wong kuwi tukang ngapusi! .... "Mengkono ujaré wong akeh, lan kabèh padha maido lan ngina marang Gusti Yésus. Ana ing tengahé wong golongan mau Gusti Yésus mung ijèn baé, ora ana wong siji baé sing nglabuhi: senajan dicecamah lan dipepoyok, Gusti Yésus tansah kèndel baé. Pasuryané ora ketingal ajrih utawa rengu, nanging paningalé kawistara yèn nandhang trenyuh.

Gusti Yésus didhabyang wong golongan kaya bebandan .... mangka Panjenengané iku Putrané Allah kang nitahaké langit lan bumi, iya kang Mahakuwasa .... Yèn ditandhing karo mahakuwasané Allah, nggandra pira wong golongan semono kèhé ana ing ngarsané? Nanging wis dadi kersané Gusti Yésus nandhang sangsara, sepira aboté disiksa lan disiya-siya, dipepoyok lan dicecamah, kabeh iku mau arep disanggi klawan éklasing galih..

Gusti Yésus diglandhang ing wong golongan ora béda karo wong sudrapapa, wong sing musakat dhéwé padha-padha titahé Pangeran. Nanging malah karana iku mau kabéh Panjenengané iku kang pinunjul lan kang luhur dhéwé; Panjenengané iku kang jumeneng Sang Mesih kang nandhang sangsara sumurup enggoné ngluwari umat kagungané lan nyanggi dosané manusa kabéh.

DADINÉ Gusti Yésus kaladosaké ing ngarsané raja Hérodhès.

Hérodhès bareng ningali Gusti Yésus, banget bingahé. Pangunandikané: "O, iki ta sing jeneng Yésus, sing wis kerep dakrungu wartane, nanging sing durung tau dakweruhi wujude." Satemené nalika Hérodhès midhanget kabar bab Gusti Yésus enggoné memulang lan nindakaké kaélokan, galihé ketuwuhan rasa wedi, jalaran kagungan panginten yèn Gusti Yésus iku Yochanan Pambaptis, sing biyèn disédani nanging banjur gesang manèh. Nanging bareng saiki ningali wujudé Gusti Yésus, banjur ilang kuwatiré, jalaran sing dadi bebandan iku cetha yèn dudu Yochanan Pambaptis. Hérodhès bingah mirsani Gusti Yésus, pangajeng-ajengé bisaa ningali pratandha lan kaélokan kaya sing wis naté ditindakaké Gusti Yésus .... Hérodhès ora menggalih babar pisan bab trenyuhing galihé Gusti Yésus utawa ora menggalih marang kaadilan sing kudu ditandukaké marang Gusti Yésus, nanging sing ndadèkaké bingahing galihé mung enggoné arep ningali tetingalan sing gawé senengé wong nonton. Gusti Yésus iku dianggep mung kayadéné tukang sulap baé!

Gusti Yésus didangu klawan tembung akèh-akèh lan didhawuhi nedahaké kaélokan, nanging sakecap Gusti Yésus ora paring wangsulan. Panjenengané ora naté nindakaké kaélokan yèn ora kagem nulungi wong kang padha nandhang kasangsaran lan kacingkrangan, apadéné kagem ngluhuraké Asmané Sang Rama ing swarga. Déné para pangarepé imam lan para ulama isih padha bengak-bengok ngantebaké panggugaté marang Gusti Yésus.

Nanging Gusti Yésus kèndel baé.

Bareng tetéla yèn tanpa gawé enggoné ndangu Gusti Yésus, Hérodhès banjur kèndel. Satemené ana paédahé apa tumrap Hérodhès nitipriksa prakarané Yésus Nasarani iku? Mulané Gusti Yésus banjur dilelingsem lan dipepoyok déning Hérodhès dalah para prajurité, sawisé katog, banjur diagem-agemi putih gumilap, kaya adaté bangsa Rum: yèn ana wong ngarah marang pangkat dhuwur, wong mau banjur manganggo putih. Sarèhné Gusti Yésus iya disuwuraké arep jumeneng ratu, mulané banjur diagem-agemi putih.

Wusanané Gusti Yésus banjur diwangsulaké menyang ngarsané Pilatus. Panjenengané didhabyang manèh ing wong golongan, ing sadalan-dalan mung dadi tontonaning wong akèh.

Pilatus pirsa tekané wong golongan ngarak Gusti Yésus. Wong resik, babar pisan ora tinemu kaluputané, lha kok diladèkaké lan disuwunaké paukuman, mangka ukum pati! Pilatus judheg galihé .... Swarané wong golongan sing padha nguwuh-uwuh krungu saka kadohan pindha ampuhan nasak pagunungan .... Pilatus ketara yèn ajrih saupama ngluwarana Gusti Yésus, senajan wis uninga karesikané.

Nanging Pilatus wis manggih akal. Adaté bupati saben samangsa riyaya Paskah nglilani luwaré lelaran siji manut ing pamilihé wong akèh .... Mangka nalika iku ana lelaran siji sing kejuwara dadi bénggolé brandhal, jenengé Barabbas. Yèn wong Yahudi padha didhawuhi milih ing antarané Yésus Nasarani kang ora tinemu kaluputané karo Barabbas sing dadi bénggolé brandhal, mesthiné baé wong Yahudi bakal padha milih Yésus Nasarani. Mengkono rékané Pilatus enggoné arep ngluwari Gusti Yésus.

Nanging Pilatus iku satemené tansah gojag-gajeg panggalihé: yèn miturut adilé kudu ngluwari Yésus Nasarani, nanging ajrih bakal gawé nepsuné bangsa Yahudi; yèn arep nuruti panyuwuné bangsa Yahudi ndhawuhaké paukuman ingatasé Gusti Yésus, galihé iya ora sekéca, jalaran wis cetha yèn sing kudu diukum mau ora duwé kaluputan apa-apa .... Saya manèh, nalika wis pinarak ing pangadilan, ana utusané garwané ndikakaké matur: "Sampun sampéyan maèlu prakawisipun tiyang punika, awit wau dalu salebetipun supena kula ngraosaken susah sanget krana Panjenenganipun."

Pilatus wis nemtokaké ing salebeting galih yèn rancangané iku mau bakal olèh gawé.

Barabbas diwetokaké saka ing kunjara, banjur digiring menyang ing pangadilan, Barabbas sing kakunjara jalaran prakara rajapati! Yèn wong golongan padha ndeleng wujudé Barabbas sing nggegirisi, mesthi bakal padha nyuwun luwaré Yésus Nasarani sing katon lembah-manah.

Nanging bareng Pilatus ndangu, dhawuhé: "Wong loro iku endi kang kojaluk luwaré?", wong golongan banjur padha nguwuh-uwuh saur manuk: "Yésus kasaliba! Barabbas kaluwarana!" Pilatus kejot, rancangané gagal, ora nyana babar pisan yèn bakal mengkono kadadéyané. Pilatus banjur ndangu manèh: "Menawa mengkono, Yésus kang kasebut Kristus, iku dakkapakaké?" Aturé wong akèh: "Mugi kasaliba! Kasaliba!" Éwadéné Pilatus isih ndangu: "Dosané apa ta?" Nanging wong akèh malah padha mundhak seru enggoné nguwuh-uwuh, uniné: "Kasaliba! Kasaliba!" Panguwuhé wong golongan tumempuhé marang Gusti Yésus apindha panggrabyaging samodra rob.

Wong golongan enggoné padha nguwuh-uwuh mengkono iku marga saka pangipuk-ipuké para pangarepé imam lan para ulama. Wong golongan dhéwé satemené padha ora ngerti apa perluné padha nguwuh-uwuh mengkono iku. Atusan cacahé wong sing saiki mèlu-mèlu muni: "Kasaliba!", mangka sawetara dina kepungkur padha bebarengan ngulukaké pamuji: "Hosanna konjuk ing tedhakipun Dawud; binerkahana ingkang rawuh atas Asmanipun Pangéran!" Saiki wong golongan mau padha ngajap sédané Gusti Yésus ana ing kayu salib, séda kang nistha kayadéné patiné wong durjana!

Wong golongan mau padha kecuwan banget ingatasé Gusti Yésus, déné ora kersa dijumenengaké ratu .... Atiné wong-wong mau saya wuwuh enggoné kecuwan, bareng padha ndeleng Gusti Yésus dadi bebandan, pasuryané pucet, sarirané katon lungkrah tanpa daya .... Wong-wong mau padha keduwung déné wingi-wingi padha duwé pangarep-arep njumenengaké ratu wong kaya mengkono. Sarèhné padha rumangsa kecélik lan kapusan, mulané saiki ora owel-owelen nyingkiraké sing ndadèkaké seriking atiné. Seru enggoné padha mèlu nguwuh-uwuh: "Kasirnakna tiyang punika! Mugi kasaliba!"

Pilatus judheg panggalihé mirsa wong golongan padha nggujeg klawan wurahan banget, alok-aloké padha nyuwun supaya Gusti Yésus kasaliba. Panguwuhé para pangarepé imam, binarung pambengoké wong golongan wis ora kena diampah manèh. Pilatus ajrih yèn ngluwarana Gusti Yésus. Ora ana dalan liyané kejaba mung masrahaké Gusti Yésus marang wong Yahudi supaya kapatrapana kaya sing dadi panyuwuné .... Nanging senajan Pilatus masrahaké Gusti Yésus marang wong Yahudi, éwadéné Pilatus arep nedahaké yèn ora mèlu-mèlu dadi jalaraning sédané, mulané banjur mundhut banyu sarta wijik asta ana ing ngarepé wong golongan, dhawuhé: "Aku iki ora ketempèlan getihé wong mursid iki. Kowé padha ngrasakna dhéwé, jalaran kowé sing padha duwé niyat nyédani Panjenengané!"

Mengkono iku lelakoné bupati sing jirih lan hakim sing ora wani ngukuhi kaadilan! Mangka Pilatus iku ngerèhake wadyabala Rum, dadi ora perlu wedi marang pangamuké wong Yahudi, lan yèn netepi kaadilan, beneré Pilatus kudu ngandika marang wong Yahudi: "Senajan panguwuhmu ngantia sundhul ing langit, senajan kowé padha nganakaké éra-èru lan senajan kowé madulaké aku marang ngar sané Sang Prabu ing Rum, .... Yésus iki wong resik tanpa dosa, mulané dakluwari!" Nanging kojur, Pilatus iku wong jirih. Banyu sing diagem wijik asta, bisa ngilangi rereged sing ana ing astané, nanging piala sing wis manjing ana ing galihé jalaran nuruti panggujegé bangsa Yahudi, apa bisa ilang mung sarana wijik asta? Dhawuhé Pilatus marang wong golongan: "Kowé padha ngrasakna dhéwé enggonmu arep matrapi wong sing resik tanpa dosa iku!"

Wong golongan banjur padha surak, aturé marang Pilatus klawan bungah: "Sendika, prakawis punika dados tanggelan kula sedaya. Rahipun dumawaha ing kula saanak-putu kula! Kula sedaya ingkang badhé nyanggi amis-bacinipun! Nanging tiyang punika kedah kasirnakaken!" Wong golongan kaya-kaya wis geleng nunggal karep nyirnakaké Gusti Yésus, embuh kepriyé kadadéyané ing tembé buri.

Pilatus banjur dhawuh nggawa lan nyapu marang Gusti Yésus. Miturut adaté ing tanah kono, wong durjana sing bakal kapatrapan paukumam pati sarana kagantung ing kayu salib, iku kudu disapu ing sadurungé .... Mengkono uga Gusti Yésus, sarèhné Pilatus wis masrahaké Panjenengané marang wong Yahudi supaya kasalib, mulané Panjenengané saiki iya kudu nandhang dipisakit sarana kasapu.

Gusti Yésus banjur didhabyang déning para prajurit Rum menyang ing palataran jero. Kanca-kancané prajurit diklumpukaké sapantha pepak, arep ngleksanani dhawuhé Pilatus. Yèn ndeleng para prajurit sing pawakané blenthot lan pating pethékol, apadéné kasar tandangé, ana ing tengahé wong-wong mau Gusti Yésus katon ringkih tanpa daya. Gusti Yésus tansah digegujeng lan dipepoyok. Sakèh ing pamemirang disanggi klawan sabar. Lan bareng sarirané dilukari lan pengkerané disapu nganti cècel-bucel kulité lan diéwéran rahé .... Gusti Yésus mung kèndel baé, sèwu lara diampet lan sèwu wirang dibetahaké. Mangka Panjenengané ora ketara yèn mengku duka.

Ana prajurit sing ngucap mengkéné: "Iki ratune wong Yahudi." Kancané nyauri: "Yèn mengkono kudu dianggon-anggoni kayadéné ratu! "Ing kono Gusti Yésus banjur diagemi pangageman wungu, malah digawèkaké makuthan eri bulet-buletan, diagemaké ing mastakané, eri sing lancip-lancip nyubles ing kulit, teman pasuryané godrès rah .... Ing astané tengen dicepèngi rayung minangka jungkating kaprabon. Prajurit mau banjur padha jengkèng ana ing ngarsané Gusti Yésus kambi moyoki, pangucapeé: "Saos bekti, ratunipun tiyang Yahudi!" Banjur padha ngidoni lan njupuk rayungé digebugaké ing mastakané ....

Gusti Yésus kèndel baé. Sarirané rempu déning disapu; galihé kaya dirujit-rujit déning pepoyok lan cecampah. Éwadéné lésané ora nglairaké pasambat lan nétrané ora mancereng mengku duka. Gusti Yésus kang lembah-manah, tansah mbetahaké lara lan wirang lair batin .... mung karana saka sih kawelasané marang manusa dosa.

PILATUS mirsani Gusti Yésus enggoné kagawé sawenang-wenang, nanging ora nganti rentah welasé, jalaran wis kerep pirsa sesawangan sing mengkono iku. Nanging Pilatus isih pados réka supaya bisa nguwalaké saka ing paukuman pati. Dhawuhé marang para prajurit: "Wongé gawanen metu, tuduhna marang wong golongan." Gusti Yésus banjur diirid miyos ngagem makutha eri lan jubah wungu .... Panggalihé Pilatus mengkéné: "Bokmenawa wong Yahudi runtuh welasé yèn padha nyawang marang seduluré tunggal bangsa nandhang disiya-siya."

Gusti Yésus dijumenengaké ing ngarepé wong golongan, sirah lan pengkerané gubras rah, remek rempu sarirané dening nandhang panyiya-nyiya kang banget; mengkono iku wujudé "Wong kang banget kelara-lara".

Ing kono pangandikané Pilatus marang wong akèh: "Sawangen Wongé!" Wong golongan sanalika meneng kabèh. Nanging bareng para pangarepé imam lan para ulama padha nyawang marang Gusti Yésus, banjur padha ngipuk-ipuk wong golongan padha diajak bebarengan nguwuh-uwuh: "Kasirnakna! Kasaliba!" Wong golongan nyambungi: "Kasaliba! Kasaliba!" Pangandikané Pilatus: "Ratumu teka daksalib?" Nanging wong Yahudi sing adaté padha gething marang wong Rum lan padha ora seneng dadi bawahe kraton Rum, mangsuli klawan lelamisan: "Kula sami boten gadhah ratu kajawi Sang Prabu

"KASIRNAKNA, KASIRNAKNA, KASALIBA!"

O, wong busuk! Saiki ujaré keturutan, wong-wong mau padha ora duwé ratu temenan. Ratuning swarga lan bumi, Sang Mesih, kang wis rawuh nedya mitulungi wong-wong mau, padha disingkang-singkang lan dicampahi, malah dipatrapi paukuman kayadené wong durjana.

Malah saiki wis tekan waktuné wong-wong mau padha arep nyédani Panjenengané.

Wekasané Pilatus dhawuh: "Wis gawanen, saliben dhéwé!"

Gusti Yésus banjur dipasrahaké marang wong golongan, supaya disalib. O, Pilatus ... bupati licik! Jeneng Pilatus ing salawas-lawasé bakal tansah diundhamana lan dicampahi wong sajagad.