Babad Saka Kitab Suci/"Kowé Apa Bakal Ngetohaké Nyawamu Nglabuhi Aku?"

Saka Wikisumber

KACARITA nalika Gusti Yésus kacepeng sarta kadhabyang medal saka ing patamanan Gètsémané, para sekabat padha lumayu kabèh ninggal Gustiné, ora ana siji-sijia sing kari ....

Nanging .... nalika Gusti Yésus diadhepaké ing ngarepé pradata ana ing dalemé Kayafas, ana sekabat loro sing padha ngodhol tindhaké Gusti Yésus nganti tekan ing palatarané dalemé imam agung. Sekabat loro mau Yochanan lan Pétrus. Yochanan wis wanuh karo sing jaga régol, mulané banjur mlebu ing palataran kambi ngajak Pétrus. Sawisé padha mlebu banjur padha lungguh awor karo para abdi, arep weruh kadadéyané Guru lan Gustiné sing padha ditresnani.

Dumadakan ana parekan nyedhaki Pétrus karo ngucap mengkéné: "Dika rak enggih mèlu karo Yésus wong Galiléa niku ta?" Nanging Pétrus sélak ing ngarepé wong akèh: "Napa?. Kula boten dhenger kang dadi ujar dika niku!" Ngucap mengkono iku karo mlaku njujug menyang ing régol, gagasané luwih becik metu baé katimbang ana ing panggonané wong akèh, awit yèn nganti konangan, bisa dadi gawé. Yèn ana ing petengan, rak luwih kepénak, bisa weruh apa sing kelakon ora nganggo sumelang yèn konangan. Mengkono gagasané Pétrus, wis lali babar pisan yèn durung suwé kepungkur mentas munjuk marang Gusti Yésus: "Senajan sadaya sami ngantosa kecuwan krana Tuwan, kawula mesthi boten kecuwan ing salaminipun." Nalika Gusti Yésus dicepeng, Pétrus iya mèlu mlayu. Nanging wekasané banjur getun déné kok melu-mèlu mlayu kaya sekabat liyané. Saiki kakendelané wis pulih, banjur wani ngodhol Gustiné nganti tekan ing palataran. Malah wani awor lungguh karo para abdi lan para prajurit gegenèn ing sacedhaké bedhiyang sing ana ing palataran, awit hawané atis. Saka ing kono Pétrus bisa ngulataké Gusti Yésus sing ana ing pendhapa ing ngarepé pradata. Nanging cilakané, wong wadon parekan mau kok ndadak nyela-nyela takon, apa dadi panunggalané Gusti Yésus .... Pitakon sing ndrawasi. Yèn prajurit sing ana ing kono padha ngerti, ora wurung Pétrus mesthi bakal katut dicekel lan dibanda. Mulané Pétrus banjur sélak, awit apa alané dora sembada murih slameté awaké! Nanging senajan kena dianggep dora sembada, Pétrus tetep wis nyélaki Gustiné kaping sepisan.

Panggonan ing palataran sacedhaké bedhiyang pancén mbebayani tumrap Pétrus, mulané énggal-énggal arep lunga saka ing kono. Lagi baé jumangkah marani régol arep metu, wis konangan ing parekan liyané, banjur dielokaké ana ing ngarepé wong sing padha ana ing kono: "Wong iki iya mèlu Yésus Nasarani!" Nanging Pétrus mangsuli: "Napa? .... Kula niki dédé muridé. Kula boten wanuh ing wong niku!" Mengkono iku dadiné wis kaping pindho enggoné Pétrus nyélaki Gustiné.

Nanging ora antara suwé Pétrus konangan sawijining panunggalané para abdiné imam agung, malah isih kalebu sanaké Malchus sing keperung kupingé déning pedhangé Pétrus. Wong mau banjur nylathoni Pétrus, ujaré: "Napa kula boten weruh dika wau onten ing patamanan, mèlu wong niku? Dika niku enggih panunggalané wong Galiléa, ketara saka canthenan dika."

Saiki Pétrus rumangsa kepèpèt. Atiné geter déning wedi. Kepriyé akalé murih aja nganti konangan yèn dadi muridé Gusti Yésus? Yèn nganti konangan, mesthi bilai awaké. Pétrus ora bisa polah manèh kejaba mung ngantepi enggoné sélak. Malah saiki enggone sélak nganggo nyupatani awaké dhéwé lan klawan sumpah mangsuli karo nepsu: "Pripun ta dika niku? Kula dédé panunggalané, tur kula boten wanuh ing wong niku!" Enggoné nganti nyupatani awaké dhéwé lan sumpah iku pamurihé supaya wong akèh padha gelema ngandel yèn Pétrus mau pancèn dudu panunggalané sekabaté Gusti Yésus .... Sing dipikir mung kaslametané awaké dhéwé, babar pisan ora ngélingi kasetyan lan katresnané Guru lan Gustiné. Mengkono iku sedhéla baé Pétrus wis nyélaki Gustiné nganti ping telu lan sanalika ana jago kluruk.

Bareng Pétrus krungu kluruké jago, banjur lagi kèlingan enggoné dipangandikani Gusti Yésus: "Kowé apa bakal ngetohaké nyawamu nglabuhi Aku? Satemen-temené pituturku ing kowé: "Ing dina iki bakal ora ana jago kluruk, sadurungé kowé nyélaki Aku nganti ping telu."

Saiki Pétrus ngerti sepira gedhéning kaluputané déné wis nyélaki Gustiné nganti ping telu, Gustiné sing arep dibelani senajana nganti mati. Wah iba wirangé yèn ngélingi enggoné methènthèng arep nglabuhi Gustiné nalika durung ana bebaya, nanging ngucira bareng bebaya nyedhaki. Sing dirasa kebangeten alané, déné wis nyélaki Gustiné, mangka enggoné sélak nganggo nglairaké supata lan sumpah!

Pétrus ingak-inguk nggolèki Gustine. Upama wania, Pétrus arep nyedhak banjur ngrungkebi padané Gusti nyuwun pangapura lan pitulungan kaya nalika ana ing tengahé segara ing wayah bengi .... Nanging saiki ora bisa, jalaran saiki Gustiné wis adoh, malah bokmenawa ing salawas-lawasé ora bakal ketemu manèh. Upama ketemua, apa Panjenengané isih kepareng disowani lan disuwuni pangapura déning murid sing wis nyélaki Panjenengané nganti ping telu?

Nalika semono mbeneri Gusti Yésus didhabyang medal saka ing omahé Kayafas, Gusti minger sedhéla menyang ing palataran ningali Pétrus sing mentas sélak nganti ping telu. Ora ana wong sing ngerti apa sing ditingali mau kejaba Pétrus dhéwé.

Mengkono uga Petrus iya weruh tingalé Gustine enggoné ningali awaké klawan ngembeng trenyuh lan welas. Pétrus krasa kaya didhodhog atiné .... Sajroné nandhang sangsara mengkono Gustiné ora négakake sekabaté, isih dièngeti klawan sih kadarmané, senajan sekabat mau ora mantep kasetyané.

Wusanané Pétrus banjur énggal lunga metu menyang panggonan sing peteng, banjur ngambruk nangis kelara-lara. Ora lèrèn-lèrèn enggoné sesambat marang Gusti Yésus: "Dhuh Gusti, kawula saèstu sampun damel sekeling galih Tuwan saha ageng dosa kawula wonten ing ngarsa Tuwan. Dhuh Gusti, kawula ingkang rumaos saged ngandhemi kasetyan kawula dhumateng Tuwan, samangké sampun boten sembada babar pisan dados abdi Tuwan. Dhuh Gusti, dosa saha kalepatan kawula punika saèstu kawula getuni .... mugi-mugi Gusti kepareng ngapunteni kalepatan kawula punika!"

GUSTI Yésus kadhabyang bakal kaladosaké. Ora kendhat-kendhat Panjenengané dipilara lan dipepoyok déning satruné lan wong akèh ....

Pada ana ing endi para mitrane?

Yudas nyidra Panjenengané.

Sekabat liyané padha ninggal Panjenengané.

Pétrus nyélaki Panjenengané malah nganti ping telu.

Semono enggoné Gusti Yésus nandhang kawelas-asih!