Babad Saka Kitab Suci/Gusti Yésus Wiwit Angsal Sekabat
SAIKU wis tumeka wayahé Gusti Yésus ngembuli wong golongan, marga kadereng déning gedhéning sihé lan kabereg déning Roh Suci.
Sawisé nyepi ana ing pasamunan patang puluh dina lawasé, Gusti Yésus banjur lelédhang ana ing tengahing jagad karaméan.
Kepriyé lekasé Gusti Yésus sing wiwitan?
Apa Gusti banjur wiwit sowan menyang ing dalemé Imam agung sarta manggihi para imam lan ahli kitab apadéné para panggedhé ing Yerusalèm, perlu arep nepangaké yèn Panjenengané jumeneng Sang Mesih kang dadi panganti-antiné sabangsa kabèh? ....
Ora!
Apa Gusti miwiti nindakaké kaélokan murih kaweruhana ing wong akèh utawa ngébaraké kasektèn lan kaluwihan nganti wong akèh padha cingak kambi ngucap: Lah iku Sang Mesih kang pinasthi rawuh? .... Ora!
Iku mau kabèh ora ditindakaké déning Gusti Yésus!
Purugé Gusti Yésus menyang ing laladané kali Yardèn, menyang panggonané Yochanan Pambaptis, nggelaraké piwulangé. Ana ing kono, saka ing antarané wong golongan, Gusti Yésus wiwit angsal sekabat.
Kang padha dadi sekabaté iku dudu wong panunggalané para ulama, utawa para panguwasa utawa para luhur. Sing dipilih jebul mung panunggalané wong amèk iwak, sing pinangkané saka Galiléa medhun menyang ing kali Yardèn perlu arep ngrungokaké piwulangé Yochanan Pambaptis, supaya padha olèha wejangan murih karahayoning uripé.
"RABBI, PAKÈNDELAN TUWAN WONTEN ING PUNDI?"
Nalika semono Yochanan iya weruh Gusti Yésus tindak ana ing antarané wong akèh, iku ndadèkaké bungahing atine. Yochanan banjur nyawang wong-wong sing padha ngadeg ing sakiwa-tengené, wong-wong burus ing ati, setya-tuhu, sing tansah ngetutaké Yochanan lan sing wis padha ngakoni dosané sarta kabaptis, sing wis padha manjing dadi muridé utawa dadi sekabaté. Bareng weruh Gusti Yésus, Yochanan babar pisan ora duwé gagasan: "Supaya aku tetep dadi guruné, aku kudu luwih prayitna, murid-muridku aja nganti padha ninggal aku lan ngetut-buri Yésus!" Ora, — malah Yochanan banjur nudingi Gusti Yésus sarta klawan bungah ngandikani murid-muridé: "Lah iku Cempéné Allah kang ngrembat nglungakaké dosané jagad!"
Pancèn kaya mengkono iku nyatané. Dudu Yochanan Pambaptis kang bisa ngapura dosa; Yochanan mung bisa ngrungokaké yèn wong-wong padha ngakoni dosané, sawisé iku banjur mbaptisi wong-wong mau, — nanging Gusti Yésus, sing lagi mentas rawuh iku, yaiku kang jumeneng Panebus. Panjenengané iku kang jumeneng Putrané Allah, rawuhé ing jagad perlu arep ngrembat dosané manusa kabèh. Kaya patrapé cempé enggoné kasembelèh, banjur kagawé kurban ana ing mesbèh ing padaleman suci, temah nyangga sakèhing paukuman kang beneré kudu kaetrapaké marang manusa kang padha nandhang dosa, iya kaya mengkono rawuhé Gusti Yésus menyang jagad perlu ngrembat dosaning jagad.
Pangangen-angené Yochanan ora liya mung mengkéné: "Dudu aku kang bisa mitulungi kowé, nanging Panjenengané! Aku padha kolalèkna, banjur ndhèrèka Panjenengané, padha ngrungokna pangandikané lan nyaosna katresnan marang Panjenengané, Panjenengané iku pinasthi saya mindhak, aku iki saya suda."
LAH iku Cempéné Allah!"
Ana muridé Yochanan loro, bareng ngrungu guruné ngandika mengkono iku, banjur ndhèrèkaké tindaké Gusti Yésus. Murid kang siji jenengé iya Yochanan, lan sijiné Andréas. Wong loro mau panggaweané amèk iwak lan asalé saka ing laladané segara Galiléa. Bareng Gusti Yésus pirsa yèn tindaké ana sing ndhèrèkaké, tumuli minger ningali wong loro mau, sarta ngandika: "Kowé padha golèk apa?" Unjuké: "Rabbi — tegesé: Guru —, pakèndelan Tuwan wonten ing pundi?" Unjuké sing kelair sajaké mung prakara sepélé, nanging sejatiné isih luwih akèh lan wigati sing arep disuwunaké priksa, saupama kelaira arep munjuk mengkéné: "Rabbi, kula mugi sami Tuwan wulang, inggih mugi Tuwan pangandikani bab kekeran warni-warni ingkang kula boten sami mangertos kateranganipun. Manah kula sami ketir-ketir lan was sumelang déning agenging dosa kula. Dhuh, Rabbi, mugi kula sami Tuwan paringi manah ayem lan tentrem!" Dhawuh wangsulané Gusti: Yésus: "Mara ndelenga!" Murid loro mau banjur padha ndhèrèk tindaké Gusti Yésus lan sabacuté tetep ana ing ngarsané, sarta ndhèrèk Gusti ing saparan-paran. Saiki Gusti jumeneng Guruné lan wong loro mau dadi sekabaté. Suwé-suwé para sekabat mau padha ngerti marang werdiné pirang-pirang prakara kang mauné dianggep kekeran lan padha sumuyud sarta tresna marang Guruné klawan gumolonging atiné.
ANADÉNÉ Andréas duwé sedulur, jenengé Simon, juru amèk iwak. Ujaré marang Simon: "Aku wis padha ketemu Sang Mesih, yaiku Sang Kristus!" Simon tumuli diirid menyang ngarsané Gusti Yésus.
Kabungahan sing semono gedhéné tumrap Andréas ora pisan-pisan arep dikakahi dhéwé, nanging seduluré iya dikandhani supaya mèlu ngrasakaké kabungahan.
Gusti Yésus tumuli mandeng marang Simon, Gusti mirsa samubarang, mulané iya mirsa nganti tekan telenging atiné wong. Pangandikané marang juru amèk iwak mau: "Kowé iku Simon, anaké Yunus; kowé bakal dijenengaké Pétrus." Anèh banget patrapé Gusti Yésus enggoné mbagèkaké calon muridé. Nanging Gusti Yésus pancèn wis pirsa marang Simon, yaiku wong sing atiné kebak katresnan, pețel ing gawé, malah ing tembé sawisé marambah-rambah ngalami kalemesan, bakal dadi sekabaté Gusti kang monjo ing kakuwatan lan kataberèn enggoné nindakaké ayahané lumados marang Gusti, lan wekasané bakal dadi abdining Pangéran sing kukuh bakuh apindha gunung karang, ngetrepi unining jenengé Pétrus, tegesé gunung karang.
NALIKA Gusti Yésus nglajengaké tindak mengalor menyang ing laladan Galiléa, sing padha ndèrèkaké tindaké wong telu, yaiku: Yochanan lan Andréas karo seduluré: Simon Pétrus.
Ora antara suwé Gusti Yésus kepețuk wong saka ing Bètsaidah, negarané Andréas lan Pétrus, ing pinggiré segara Galiléa. Dhawuhé marang wong mau cekak aos: "Mèlua aku!"
Wong mau — jenengé Filippus — ora suwala, ora gojag-gajeg lan ora nyuwun priksa: "Wonten punapa?", nanging banjur ndhèrèkaké Gusti Yésus klawan seneng lan mantep. Filippus tetep dadi sekabaté Gusti. Saking, gedhéning kabungahané marga wis bisa wanuh karo Sang Mesih, Filippus banjur énggal-énggal marani mitrané sing aran Natanaèl, perlu arep nyritakaké kabungahaning atiné, tembungé: "Aku wis padha ketemu kang kasebutaké déning Musa sajroning Torèt sarta déning para Nabi, iya iku Yésus putrané Yusup, saka ing Nasarèt."
Wis mesți baé Natanaèl iya ngerti kayadéné Filippus, yèn Sang Mesih bakal rawuh, malah atiné tansah kebak pangarep-arep muga-muga énggala kelakon, nanging bareng ngrungu: "Putrané Yusup, saka ing Nasarèt!", atiné mlenggong. Ah mokal, kepriyé bisané mengkono? Mèh ora ketemu ing nalar yèn Sang Mesih iku pinangkané saka ing Nasarèt, désa cilik. Mulané pangucapé Natanaèl klawan gela lan mangu-mangu: "Ing Nasarèt apa metu kang becik?" Nanging Filippus sing atiné mbludag kabungahan lan wis yakin temenan yèn sing dikandhakaké iku mau nyata, wangsulané mung cekak: "Mara ndelenga!" Natanaèl mau banjur ngetutaké mitrané, nanging atiné mung tansah melang-melang lan maido.
Gusti Yésus bareng mirsa Natanaèl marek ing ngarsané, banjur ngandika mengkéné: "Lah iku wong Israèl saluguné kang ora kadunungan linyok!" Dadiné Gusti Yésus iya wis mirsa mungguh batiné Natanaèl, kayadéné iya mirsa batiné angger wong. Panjenengané mirsa yèn Natanaèl iku wong burus, ora tau lelamisan, blaka-suta lan jujur. Nanging Natanaèl anané mung sumlengeren, jalaran wong sing dicritakaké Filippus marang dhéwèké iku mau rak durung tau srawungan, kepriyé bisané ngandikakaké yèn "ora kadunungen linyok utawa goroh"? Mulané Natanaèl banjur munjuk: "Tuwan wanuh dhateng kawula saking pundi?" Enggoné munjuk mengkono mau klawan gumun, nanging saya mundhak gumuné, bareng dipangandikani: "Sadurungé kowé diajak déning Filippus, Aku weruh kowé ana ing sangisoré wit anjir." Pangandika sing nggumunaké mau njalari Natanaèl mung tansah nyawang marang Sang Pamarta klawan pakéring, awit pancèn kepara nyata, Natanaèl nalika diparani mitrané lagi linggih ana ing sangisoré wit anjir kambi ndedonga. Nanging panggonané mau adoh saka ing kono. Éwadéné Gusti Yésus bisa mirsa lan ènget marang dhéwèké.
Ing sanalika sirna sakèhing was sumelang, lan sakèhing pamaido larud saka ing atiné. Gusti Yésus sanyata dudu manusa lumrah kaya manusa liya-liyané. Panjenengané ngungkuli, ngonjoni .... Klawan bungah Natanaèl banjur munjuk, aturé: "Dhuh Rabbi, Tuwan punika Putranipun Allah, Tuwan punika Ratunipun Israèl."
Tekané Natanaèl ing mauné nggawa gagasan arep ketemu karo putrané Yusup kaya sing dikandakaké Filippus, nanging saiki jebul malah ketemu karo Putrané Allah.
Gusti Yésus banjur mangsuli, pangandikané: "Sarèhné aku tutur ing kowé: Aku weruh ing kowé ana sangisoring wit anjir, mulané kowé pracaya, nanging kowé, bakal weruh lelakon kang luwih élok katimbang karo iku." Gusti Yésus banjur nglajengaké tindaké, kadhèrèkaké sekabaté kang wititan. Mengkono uga Natanaèl iya ora kari.
Wong-wong sing padha kepranggul karo wong nenem sing padha lumaku bebarengan mau, mesthi ora ana sing duwé panyana, yèn iku Sang Mesih kadhèrèkaké sekabaté wong lima.