Babad Saka Kitab Suci/Gusti Yésus Lan Iblis
ANA ing pasamunan sepi nyenyet, ora ana sabawaning janma manusa. Mung kadangkadhang ana kumliweré kéwan galak nasak pepèrèngé punthuk-punthuk golèk memangsan. Nanging Gusti Yésus ora kagungan was sumelang.
Panjenengané ana ing pasamunan mung piyambakan, tanpa rowang, nganti patang puluh dina patang puluh bengi. Lan salawasé iku ora dhahar apa-apa. Pancèn ing pasamunan ora ana sing kena didhahar!
Ana ing panggonan sing sepi nyenyet mau Panjenengané mung mbatek ing pandonga, nyawijèkaké panggalihé bisaa manunggil karo Sang Rama kang ana ing swarga.
Gusti Yésus uninga, yèn saiki wis tekan wanciné Panjenengané bakal miwiti gesang sing kebak karépotan lan kasusahan.
Nasarèt, désa sing didalemi wiwit timur nganti yuswa 30 taun, saiki wis ditilar. Ing sabanjuré Panjenengané mung tansah lelana njajah désa milang kori, nanging salawasé bakal ora kendhat ngalami panyawiyah lan pepoyok, apadéné pangala-ala. Lan wekasané bakal katempuh ing sangsara gedhé, panandhang lan sungkawa. Nanging galihé Gusti Yésus iku kebak katresnan marang para manusa lan marang Allah Sang Rama kang ana ing swarga. Panjenengané sagah ngrembat sakèhing paukuman kang beneré kudu katempuhaké marang para manusa. Kang mengkono iku wis miturut karsané Sang Rama. Senajan ora jamak aboté. Gusti Yésus sagah nyanggi bebahan sing kaparingaké déning Sang Rama.
SAIKI Gusti Yésus nglembara ana ing pasamunan, kang cinipta ing galih ora liya mung prakara-prakara kang suci. Nanging tindaké mau dikinthil lan didingkik sarta dientèni lénané .... déning Iblis.
Iblis wis ngerti sapa Yésus iku lan iya ngerti apa perluné rawuh ing jagad. Mulané Iblis geter atiné sarta banget pangigit-igité! Rawuhé Yésus iku kagungan sedya ngluwari manusa saka ing dosané lan ngasoraké Iblis, ratuning pepeteng. Iku kang njalari Iblis gethingé kepati-pati marang Yésus. Nanging Iblis iya duwé wedi marang Panjenengané. Iblis ora lali apa sing didhawuhaké déning Gusti Allah yèn ana kang bakal rawuh ing jagad kang bakal ngremuk endhasé si ula, yaiku Iblis.
Iblis dadiné ndingkik Gusti Yésus ana ing pasamunan, ngentèni lénané. Yèn Yésus léna, mesthi bilai, bebasané yatna yuwana, léna kena! Saiki sapa sing bakal unggul? Gusti Yésus apa Iblis?
Ing jaman purwa, nalika Adam lan Hawa isih padha manggèn klawan tentrem rahayu ana ing patamanan Pirdus, tanpa dosa lan tanpa rasa wedi, nalika semana Adam lan Hawa mau iya diindhik déning Iblis, nganggo rupa dadi ula, temah Adam lan Hawa kelakon dhumawah ing kacilakan, kang njalari kabungahané Iblis, awit bisa olèh kaunggulan.
Lan saiki ... ana manèh Manusa kang tanpa dosa lan tanpa wedi, nanging luwih teguh timbul katimbang Adam. Saiki Iblis iya arep ngempakaké sakèhing kajuligané nggegèndèng Panjenengané marang piala. Saiki sapa sing bakal unggul? Gusti Yésus apa Iblis?
Iblis ngetutaké Gusti Yésus, mung kari ngentèni saaté sing becik.
WIS olèh patang puluh dina lawasé enggoné Gusti Yésus ana ing pasamunan tanpa dhahar apa-apa, mulané sapundhaté mau wasanané kerapan. Nanging ana ing pasamunan kepriyé bisané olèh pangan? Lah iki wanciné sing dianti-anti déning Iblis. Ing kono Iblis banjur marek ing ngarsané Gusti Yésus sarta matur mindha-mindha mitra: "Menawi Sampéyan Putranipun Allah, suwawi séla punika Sampéyan dhawuhi dados roti."
Gusti Yésus banjur mirsani Iblis. Dhasar nyata, Panjenengané iku Putrané Allah, lan yèn pancèn wis dadi kersané, Panjenengané mesthi kuwasa nindakaké apa sing dadi aturé Iblis. Ing sakedhap nétra watu mau mesthi bakal malih dadi roti lan Panjenengané bisa dhahar. Nanging iku mau dudu kersané. Panjenengané ora kekilapan mungguh ing kadursilané Iblis. Menawa Gusti Yésus kelakon nyabdakaké watu malih dadi roti, ing kono Panjenengané ngagem panguwasané kang élok kagem ngladosi Diri pribadi. Lah sing kaya mengkono iku ora dadi kersané. Rawuhé ing jagad mligi mung arep mitulungi lan ngluwari manusa. Sarirané piyambak ora perlu digalih. Kang mengkono iku wis dadi kersané Sang Rama lan sing didhèrèk Gusti Yésus iku mung kersané Sang Rama ana ing saenggon-enggon lan ing samangsa-mangsa.
Roti? Roti pancèn iya perlu, nanging sing luwih déning, perlu yaiku: pambangunturut marang Gusti Allah.
Mulané Gusti Yésus ngandika marang Iblis: "Ana tulisan mengkéné: Uripé manusa iku ora mung srana roti baé, nanging srana samubarang sabdané Allah."
Gusti Yésus apal banget surasané Kitab Suci. Wangsulané Gusti Yésus mau sarana methik ayating Kitab. Iblis dadi ngerti yèn Gusti Yésus tansah ndhèrèk karsané Sang Rama, lan ora nuruti karepé Iblis. Iblis banjur ngglenes lunga, karo kedumelan: "Gagal!"
IBLIS enggoné mundur mung arep mapan, awit sedhéla manèh banjur marek mendhak-mendhak menyang ngarsané Gusti Yésus, lakuné andhap-asor kaya patrapé mitra becik nedya awèh pamrayoga. Gusti Yésus disambut menyang Yerusalèm, kajumenengaké ana ing dhuwur payoné padaleman suci, banjur munjuk mengkéné: "Menawi Sampéyan Putranipun Allah. suwawi Sampéyan anjlog dumugi ing ngandhap, awit wonten seratan mekaten: Pangéran bakal ndhawuhi para malaékaté, ing ngatasé Sira, sarta Sira bakal ditadahi ing tangané, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu."
Unjuké Iblis mau pancèn kepara nyata. Saupama Gusti Yésus dhawah wis mesthi baé para malaékat sumadhiya nadhahi ana ing tangané, temah sampéyané ora nganti kesandhung ing watu. Lan wong-wong sing padha weruh Gusti Yésus anjlog saka ing dhuwur payon, ora babak ora busik, mesthi bakal padha éring marang Panjenengané. Nanging Gusti Yésus pirsa marang paékané Iblis. Gusti Allah ora marengaké manusa nemaha marang kacilakan, tanpa ana perluné. Kang mengkono iku kena diarani nyoba apa Gusti Allah kersa mitulungi.
Mulané sereng pangandikané Gusti Yésus marang Iblis: "Ana manèh tulisan mengkéné: Sira aja nyoba marang Pangéran Allahira." Dhawuh kang tansah dipundhi-pundhi déning Gusti Yésus iku ora ana sing ngluwihi dhawuh: nindakaké kersané Sang Rama lan manut miturut ing samubarang prakara, kaya patrapé bocah cilik, pasrah suméndhé kanthi kumandel.
Iblis dadiné nyingkir manèh kambi ngedumel: "Gagal manèh!"
IBLIS isih bali manèh marek ing ngarsané Gusti Yésus. Saiki Iblis nganggo gelar anyar. Gusti Yésus disambut manèh minggah ing gunung kang luwih banget dhuwuré, banjur diaturi ningali sakèhé kraton ing sajagad lan sakamulyané kabèh.
Pasang gelaré Iblis saiki nélakaké kajuligané. Pancèn Iblis iku kuwasa, nguwasani sakèhé manusa, nanging mung Manusa siji iki sing ora tundhuk marang panguwasané. Yèn Manusa siji iki bisa kelakon sujud jèngkèng ana ing ngarepé, Iblis mesthi tetep dadi ratu lan gusti. Nanging Siji iki semuné mbandakalani, Iblis wis ngrasa kuwatir .... Nanging pasang gelaré saiki mesthi bisa ngentasi gawé.
Gusti Yésus ditedahi sakèhing kamulyan lan kaéndahaning jagad, ing kono unjuké Iblis klawan tetembungan manohara lan anorraga: "Punika sedaya badhé kula sukakaken dhateng Sampéyan, anggeripun Sampéyan sumungkem sujud dhateng kula."
Wah, begja kemayangan, ngantuk nemu kethuk! Rak aluwung nampani kamulyan lan kasugihan iki katimbang karo nandang sangsara sing dadi gegadhangané!
Éwadéné — Gusti Yésus ngandika klawan duka: "Wis lungaa Sétan! Sebab ana tulisan mengkéné: Pangéran Allahira sira sembaha lan aja ngabekti marang liyané."
Kaya kataman ing sembur déning dhawuh pangandikané Gusti Yésus, Iblis banjur mak slingker sumingkir ngadoh ....
Ora kendhat-kendhat enggoné kedumelan klawan ngigit-igit: "Gagal! Nganti ping telu, meksa gagal! Aku asor, nanging Panjenengané unggul!"
GUSTI Yésus kari anggana. Lah ing kono banjur ana malaékat padha marek sarta ngladosi Panjenengané.
Temen-temen Sang Pamarta nindakaké apa kang dadi kersané Sang Rama, temah Panjenengané bisa unggul ing jurit!