Menyang kontèn

Babad Saka Kitab Suci/Bawahan Memanton Ana Ing Désa Kanah

Saka Wikisumber

KACARITA ing désa Kanah, ora adoh saka Nasarèt, ana bawahan memanton. Akèh wong désa kanan kéring padha jagong ing kono, mengkono uga Maryam, apadéné kang putra Yésus.

Nalika semono Gusti Yésus dalah sekabaté wong lima kebener ana ing tanah Galiléa, Gusti Yésus karo sekabaté padha diaturi pinarak njenengi bawahan mau.

Natanaèl wis tepung karo sing duwé gawé, jalaran asalé pancèn saka ing désa Kanah.

Gusti Yésus dhangan rawuh ana ing papaning karaméan, ngguyubi kabungahané wong-wong sing lagi padha mangun, suka-pari-suka.

Wong sing duwé gawé ora kalebu golongané wong sugih, mulané pasugatan sing diwetokaké ora nganti mubra-mubru. Enggoné duwé gawé mung ngarah saperluné baé, malah kena diarani climèn. Senajan mengkono, kagawa saka enggoné arep nututi adat kalumrahan, bawahan mau enggeng-enggengan nganti pitung dina lawasé. Kocapa bareng nyandhak pitung dinané, anggur sedhiyan nyugata tamu entèk babar pisan. Mangka wis akèh dhayoh sing teka. Gèk kepriyé polahé sing duwé gawé, saupama dhayohé nganti ora disuguhi anggur? Mesthiné wong-wong mau ora ana sing gelem nyruwé, nanging mung mbatin: Wah, mesakaké temen! ....

Nanging sing jan memelas iku pangantèné! Iba cuwa lan wirangé, déné ora bisa nyugata tamuné! Nanging kepriyé manèh, angguré wis entèk!

Maryam iya ngerti yèn wong sing duwé gawé kecipuhan banget. Marga saka kamiwelasen, Maryam banjur nyedhaki Gusti Yésus karo mbisiki: "Padha ora duwé anggur!"

Généya kok Maryam ngucap mengkono? Apa karepe? ....

Maryam wis ngerti, yèn Gusti Yésus kersa mitulungi, sedhela baé karépotané wong-wong mau sirna. Wah saiba senengé, yèn Gusti Yésus saiki uga kersa nedahaké kaluwihané sing tanpa tandhing, lan yèn Panjenengané iku satemené kang jumeneng Nabi kang pinasthi rawuh. Généya ta kok isih diendhé-endhé enggoné arep ngébaraké kamulyané? Maryam, kang ibu, rak ya wenang ta ngajap-ajap sing mengkono iku?

"Padha ora duwé anggur!"

Nanging Gusti Yésus mangsuli: "Ibu, sampéyan tumut-tumut punapa dhateng kula? Dèrèng dumugi waktu kula."

Pancèn nyata, Maryam ora ngerti apa-apa sing gegayutan karo prakara kaswargan. Mung Gusti Allah piyambak kang pirsa, kapan waktuné Gusti Yésus miwiti nedahaké kamulyané marang jagad. Lah Maryam, bawané wong wadon sing mung abadan wadhag, mesți ora bisa nggayuh kekeran mau.

Éwasemono Maryam banjur metu klawan lega atiné, lakuné terus menyang panggonané para sinoman.

Gusti Yésus mau ngandika; "Dèrèng dumugi waktu kula." .... Pancèn durung. Nanging sawayah-wayah rak bisa kelakon tekan waktuné. Mangka Maryam yakin, saupama Gusti Yésus kepareng mitulungi, mesți Panjenengané kuwasa.

Maryam banjur préntah marang para sinoman, kambi nudingi Gusti Yésus saka kadohan: "Apa sadhawuhé marang kowé, iku padha lakonana."

Sawisé iku Maryam banjur ngentèni, kaya wong sing yakin, yèn kamulyané kang putra sedéla manèh bakal kebabar.

ING sacedhaké pendapa ana genthong watu wadhah banyu nem iji gedhé-gedhé, sedhiyan kanggo sesuci sadurung lan sawisé mangan, utawa kanggo asah-asah grabah lan bala pecah liyané.

Ora antara suwé saka prentahé Maryam, Gusti Yésus banjur murugi sinoman sing duwé bubuhan ngisèni genthong sarta dhawuhé: "Genthongé padha isènana banyu."

Dhawuh mau tumuli diéstokaké, awit wis dipréntah Maryam mengkono, senajan padha ora ngerti apa karepé préntah mau. Gențong nem iji mau diisèni nganti kebak mencep-mencep.

Ing kono Gusti Yésus banjur ngandika manèh: "Saiki cidhuken, gawanen katur marang pitayaning gawé."

Bareng ngrungu dhawuh mengkono iku, para sinoman mung ndomblong baé. Didhawuhi kepriyé? Nyidhuk banyu, banjur diaturaké marang, pramugarining bawahan? Kanggo apa? ....

Nanging para sinoman mau anané mung manut.

Nalika semono Gusti Yésus wis awor lenggah manèh karo para tamu.

Pramugari mau bareng ngicipi banyu, sing digawa sinoman, banjur alok; "Lah généya iki isih ana anggur: Malah anggur énak, luwih becik katimbang anggur sing wis diladèkaké dhèk wingi-wingi!" Pangantèné lanang tumuli diaturi lan rada dipaido: "Dados sampéyan taksih gadhah andhungan anggur. Kula kinten, angguripun sampun telas sedaya. Cobi sampéyan icipi, rak punika anggur nomer setunggal! Kénging punapa boten sampéyan segahaken rumiyin? Limrahipun tiyang nyegahaken anggur ingkang saé rumiyin. Déné menawi para tamu anggènipun ngunjuk sampun kațah, lajeng nyegahaken ingkang kirang saénipun. Mangka sampéyan kok ngandhungaken ingkang saé ngantos samangké!

Pangantèn lanang mung nyawang pramugari mau, awit ora ngerti apa-apa. Nanging para sinoman banjur mara lan ngandharaké apa sing mentas kelakon, karo nudingi Gusti Yésus: "Punika tiyangipun ingkang ndhawuhi kula!" .... Sabanjuré.... lelakon kang banget ngéram-éramaké mau sedhéla baé wis sumebar ing antarané para tamu, pawarta mau tular-tumular saka wong siji menyang sijiné, lan angger wong sing ngrungu pawarta mau, banjur kepéngin mèlu ngrasakaké anggur sing kedadéyané saka banyu tawa, mangka rasané ora kalah karo anggur pethingan.

Saiki wong-wong sing ana ing pajagongan mau enggoné nyawang Gusti Yésus kanthi pakéring lan wedi, jalaran durung padha ngerti, sapa sajatiné Gusti Yésus iku. Ana sawenèh sing bisik-bisik: "Iku anaké Maryam. Meneng-meneng bisa nyulap banyu dadi anggur. Gèk kepriyé bisané? .... Mesthiné bakal dadi nabi gedhé!"

Nalika iku sing gedhé banget panuwuné marang Gusti Yésus iku pangantèné lanang, awit wis olèh pitulungan; déné sing bungah lan lega atiné iku Maryam, lan sing mundhak mantep pangandelé iku sekabat wong lima. "Sanyata Panjenengané iku Sang Mesih, Putrané Allah. Wiwitan mula aku wis padha ngandel, nanging saiki aku wis padha yakin temenan," kaya mengkono pangunandikane sekabat wong lima mau klawan kabungahan.

IKU mau pratandha kang kawitan kang mbabaraké mahakuwasané Gusti Yésus ana ing ngarepé wong akèh. Lan ora mung sepisan ji iku baé enggoné wong-wong bakal nyawang marang kebabaring kamulyané Gusti Yésus, malah nganti ora kena diwilang cacahé kaélokan sing diparingaké marang jagad. Nanging selawasé ora tau Gusti Yésus ngagem mahakuwasané kang makolèhi Dhiri-pribadi, senajana Gusti lagi nandhang kemlaratan lan karépotan pisan. Gusti Yésus tansah ngagem kaélokan mau samangsa perlu nylametaké manusa, lan samangsa arep ngluhuraké Sang Rama kang ana ing swarga.

Ana ing bawahan memanton ing Kanah Gusti Yésus malihaké banyu dadi anggur, nanging enggoné nindakaké mau klawan sidheman, ora ndadak nglumpukakè wong akèh utawa ora ndadak nyebar wara-wara luwih dhisik .... Pakaryané Allah kang sarwa élok lan ngéram-éramaké iku kelakoné tansah tanpa sabawa, kayadéné mingseré lintang-lintang ing langit wayah bengi, pindha mekaring kembang-kembang sing ketaman soroting srengéngé ing wayah awan.