Babad Saka Kitab Suci/Maryam Magdaléna

Saka Wikisumber

KOCAPA Maryam Magdaléna wis tekan ing panggonané Pétrus lan Yochanan, bunjur diwartani mengkené: "Gusti dipunpendhet tiyang saking pasaréan, sarta kula sami boten sumerep ing pundi anggènipun nyarèkaken." Sanalika Pétrus lan Yochanan banjur mangkat menyang ing pasaréan arep nyatakaké. Satekané ing kono lan bareng nginguk ing pasaréan, weruh kejaba watuné lawangan wis disingkiraké, yèn ules sing dienggo ngulesi layoné Gusti Yésus lan kacu sing tilas kagem ing mastakané wis sumeléh gulungan .... Sekabat loro mau padha ketaman giris lan gumeter. Sapa ta sing wani ngrusak pasaréan lan nyolong layoné Gustiné? Atiné banget kuwuré awit saka anané lelakon sing nyedhihaké mau, mangka saiki padha ora ngerti ana ing endi sumaréné Gusti.

Sekabat loro mau ora nyana babar pisan, yèn Gustiné wis wungu saka ing séda, wis unggul saka ing pamisésané dosa lan pati, lan iku kelakoné ing telung dinané sawisé séda, kaya sing wis didhawuhaké marang para sekabat. Pétrus lan Yochanan dadiné padha mulih nglenthung tanpa sumurup ing sajatining lelakon, mulané atiné isih ngandhut prihatin.

MARYAM Magdaléna, sawisé ketemu karo Pétrus lan Yochanan, ora terus andhok ana ing omah baé, nanging banjur bali manèh menyang pasaréan, kadereng déning rasaning atiné sing kepéngin cedhak karo papan sumaréne Gustine, senajan saiki mung kari tilasé baé awujud guwa kothong. Bareng tekan ing patamanan, Maryam ngadeg ana jaba sacedhaké pasaréan kambi nangis. Sing tansah diprihatinaké saiki ora liya mung baya ing endi sumèlèhé layoné Gustiné. Sajroné nangis nginguk ing pasaréan, banjur weruh ana malaékat loro ngagem-agem putih padha pinarak, sing siji ana ing ulon-ulon, sijiné ana ing dagan tilas panggonan sumaréné layoné Gusti Yésus.

Maryam Magdaléna ora kagèt lan ora wedi nyawang malaékat mau, awit sing dadi underaning atiné mung ana ing endi Gustiné. Malaékat mau banjur ngandika marang Maryam: "Kena ngapa kowé nangis." Aturé Maryam karo nangis: "Awit Gusti kula dipun pendhet tiyang, sarta kula boten sumerep ing pundi anggènipun nyarèkaken."

Sawisé matur mengkono, banjur minger arep lunga saka ing pasaréan, dumadakan weruh ana Priya jumeneng ana ing ngarepé, nanging ora sumurup iku sapa. Maryam banjur didangu: "Kena ngapa kowe nangis? Kowe nggolèki sapa?" Sarèhné panyanané Maryam yèn iku juru taman, mulane matur: "Tuwan, menawi sampéyan ingkang ngésahaken, kula sampéyan sanjangi ing pundi anggèn sampéyan nyarèkaken, kula pendhetipun."

Ing kono Maryam banjur ngrungu jenengé ditimbali: "Maryam!"

Senajan mung sepisan enggoné ditimbali, nanging Maryam ora pangling karo swara sing wis kulina dirungu; iku swarané Gustine dhéwé! Atiné sing kapetengan déning sedhih banjur mak byar dadi padhang sanalika, mripaté sing kaca-kaca déning wetuning eluh malih dadi awas pandelengé. Saiki Maryam weruh yèn Gustiné jumeneng ana ing ngarepé, mulané ora taha-taha banjur sujud kambi mulung tangané, unjuké: "Rabbuni!" jarwané: "Guru kawula!" Sedyané Maryam arep nyungkemi sampéyané Gustiné karo ngesokaké kabungahaning atiné, nanging banjur dipenggak déning Gusti Yésus, pangandikané klawan sarèh: "Aja nggepok marang Aku, awit Aku durung sumengka menyang ing ngarsané Ramakku. Nanging lungaa nemoni para sadulurku, padha warahen: "Aku sumengka menyang ing ngarsané Ramakku lan Ramakmu, ngarsané Allahku lan Allahmu."

"MARYAM!" ——— .... "RABBUNI!"

Sarampungé ngandika mengkono, Maryam weruh-weruh wis kari ijèn. Gusti Yésus ora kaweruhan menyang endi tindaké: kayadéné rawuhé mak jleg katon ana ing ngarepé Maryam, mengkono uga tindaké mak klépat ilang saka ing pandeleng.

Nanging Maryam, senajan ditilar ijèn, atiné tatag lan bungah, awit sakèhing prihatiné wis kabirat. Iba senengé yèn diparengaké ndhèrèk tindaké Gustiné, nanging Panjenengané ngandika yèn arep kondur menyang swarga ing dalemé Allah Sang Rama. Kaprihatinaning atiné wis malih dadi kabungahan sing tanpa upama gedhéné, pangucapé: "Gusti wis wungu saka ing séda! Saiki Panjenengané gesang manèh!" Yèn ngélingi uripé sing wis kepungkur, enggoné tansah gawé dosa, iba suka sukuring atiné, déné Gusti Yésus kepareng ngluwari lan ngapunten sakèhing dosané, mangka saiki Maryam rumangsa olèh kanugrahan gedhé déné diparengaké nyawang marang Gustiné sing wis wungu, luwih dhisik tinimbang para sekabat lan murid liyané, malah kapatah nimbalaké dhawuhé Gustiné marang para kagungané.

Satekané Maryam ing ngarepé para sekabat, banjur nyritakaké lelakoné, tembungé: "Saèstu Gusti sampun wungu saking séda. Mripat kula sampun ningali Panjenenganipun lan kula sampun mireng pangandikanipun!" Sing padha ngrungu mung njenger, jalaran pawarta sing dirungu saka Maryam lan wong wadon liyané sing luwih dhisik tekané, pancèn ngéram-éramaké banget, nanging iya mbungahaké! O, muga-muga Gusti iya kepareng rawuh ana ing satengahé, mengkono pangarep-arepé para murid kabèh, supaya katog enggoné ngrasakaké kabungahan!

DINA Achad, wiwitaning minggu iki, pancén kebak lelakon sing élok ngéram-éramaké. Para prajurit sing padha jaga ana ing patamanan, para imam sing ana ing kutha Yerusalèm, wiwitané padha gambira lan mbedhedheg atiné, jalaran rumangsa unggul dhéwé; "Yésus Nasarani rak wis sirna! Nanging kaprawiran lan gambirané' larud sanalika, malih dadi was sumelanglan giris.

Kosokbaliné para wong wadon lan para sekabat, wiwitané padha semplah atiné lan wedi. Sapa sing bakal diungsèni? Gustiné rak wis séda.

Nanging sakèhing was sumelang lan prihatiné saiki wis didadèkaké kabungahan kang tanpa upama gedhéné! Gusti Yésus, iya Gustiné, wis unggul yudané!

ING dina iku uga isih ana lelakon liyané manèh sing élok lan ngeram-éramaké.