Menyang kontèn

Babad Saka Kitab Suci/Golgota

Saka Wikisumber

GUSTI Yésus wiwit kadhabyang manèh .... ndilir lakuné wong sing padha ngetutaké. Prajurit Rum sabregada ngapit-apit tindaké Gusti Yésus supaya aja nganti dimunasika déning wong golongan. Panggedhéné prajurit apangkat panatus nunggang jaran njampangi lakuné arak-arakan. Ing saburiné katon wong sapantha manèh padha nggawa pantèk lancip-lancip karo gandhèn. Wong iku sing padha kajibah nyalib marang Gusti Yésus.

Tindaké Gusti Yésus kambi manggul salibé piyambak. Iku wis dadi cara: wong durjana sing arep diukum salib, kudu manggul salibé dhéwé saka ing kutha Yerusalèm turut dalan sing munggah ing pepunthuk kang aran Pacumplungan, ing tembung Ibrani aran Golgota.

Gusti Yésus semuné rekasa banget enggoné manggul salib, katon mèyèk-mèyèk, sedhéla-sedhéla mèndel; sarirane sing mentas disapu lan digebagi, sing isih kuthah rah, kaya-kaya ora kuat mbacutaké tindak karo manggul salib sing tumumpang ana ing pamidhangané ..

Sesawangan sing nyedhihaké.

DALAN sing ditindaki Gusti Yésus iku mayat lan panas. Senajan tindaké kèndel bola-bali, éwadéné digelak supaya mbacut, nanging wekasané Gusti Yésus ambruk .... Wong-wong sing ana ing sacedhaké padha busekan. Kepriye rékané supaya bisa terus lakuné, apa kudu dipecut, apa kudu diréwangi manggul salibé sing abot? Nanging sapa sing gelem nulungi wong ukuman? Kapinujon nalika semono ana wong mentas saka pategalan liwat ing kono. Wong mau aran Simon, asalé saka Kiréné. Tanpa ditari wong mau banjur diarad manggul salibé Gusti Yésus. Mangka Simon ora mbangkang, banjur mlaku kambi manggul salib ana ing wingkingé Gusti Yésus.

Ing wingkingé manèh ana wong akeh padha ndhèrèkaké tindaké Gusti Yésus mengkono uga wong wadon kang padha ngadhuh-adhuh lan nangisi Panjenengané. Wong-wong mau padha ora wentala ndeleng sangsarané Gusti Yésus, ora tegel ndeleng sarirané godrès rah. Saya trenyuh atiné jalaran padha kèlingan enggoné Gusti Yésus saben dinané mung tansah gawe becik marang akèh.

Ing kono Gusti Yésus banjur minger mirsani wong-wong wadon mau sarta ngandika: "Hé para anaké Jerusalém, aja padha nangisi Aku, nanging awakmu dhéwé lan anak-anakmu iku padha tangisana!" .... Gusti Yésus isih kepareng mangandikani umat kagungané, senajan sarirane piyambak kaebyukan ing sangsara. Panjenengané kamiwelasen mirsani wong golongan mau, jalaran Panjenengané wis mirsa ing sadurungé apa sing bakal kelakon ing sapengkeré. Wong-wong ing Jerusalém, sarehne padha nampik lan nyédani Sang Mesih, bakal kataman ing paukuman kang luwih déning nggegirisi! ....Iku kang njalari Gusti Yésus nganti kewiyos pangandikané: "Nanging awakmu dhéwé lan anak-anakmu iku padha tangisana."

Tindaké Gusti Yésus dibacutaké, wayahé wis ngarepaké tengangé, panasé krasa saya sumelèt.

GOLGOTA! Pacumpungan! Salibé wis ditancebake ing lemah. Gusti Yésus banjur dilukari pangagemané; sarirané sing remek rempu diunggahaké ing kayu salib, asta lan sampéyané dipantèk ing kayu, temah rahé kumotos tiba ing lemah. Astané Gusti Yésus sing adaté diegaraké paring berkah, saiki bolong-bolong tatu dipantèk .... nahanaké lara kang banget! Nanging Gusti Yésus ora muntab dukane, lan iya ora kelair pasambaté ....

Gusti Yésus mung tansah ndedonga. Sing didongakaké dudu sarirané piyambak, nanging wong-wong sing ambek niyaya marang Panjenengané, sing padha moyoki lan nyampahi, para wong Yahudi, malah ndongakaké wong ing sajagad kabèh. Jalaran karana dosané wong sajagad Panjenengané kedah nandhang sangsara lan séda. Pandongané mengkéné: "Dhuh Rama, tiyang punika mugi sami Tuwan apunten, amargi boten sumerep ingkang dados pandamelipun.

ING nalika iku ana wong durjana loro padha kasalib bareng karo Gusti Yésus, kang siji keprenah ing tengen, sijiné ing kiwa. Dadiné Gusti Yésus kang tanpa dosa, Ratuning jagad lan swarga, gumantung ing kayu salib awor karo wong durjana ....

Panasing srengéngé kraos sumelèt ana ing sarirané sing ora kasasaban ing pangageman, tatu lan rah sing ana ing mastaka lan pengkerané padha garing, lan Gusti Yésus banget enggoné nandhang katoran .... Mangka ing sadurungé kasalib Gusti Yésus diaturi ngunjuk anggur kecut kaworan rempelu; bareng diicipi, ora kersa ngunjuk. Ombén-ombèn iku mendemi, bisa ngilangaké rasa lara. Mulané Gusti Yésus ora kersa ngunjuk, supaya bisa ngrasakaké ing sakatogé enggoné nandhang sangsara ....

Para prajurit sawisé nyalib Gusti Yésus, banjur padha njupuk pangagemané Gusti Yésus lan wong durjana loro mau, tumuli diedum-edum, nanging bareng tekan kotang agemé Gusti Yésus, ana prajurit kang duwé usul mengkéné: "Iku aja disuwèk, payo digebug ing dhadhu, supaya karuwana sapa kang bakal nduweni." Mungguh kotang mau ora nganggo dondoman, tenunané lajuran saka ing dhuwur tutug ing ngisor. Mengkono iku dadiné ana pangagemané Gusti Yésus kang diedum-edum sarana kagebug ing dhadhu.

Para pangarepé imam, para ulama lan para Farisi dalah wong golongan sing padha nunggoni enggoné Gusti Yésus disalib, padha andhèr ana ing sakupengé kono, nanging ora wani cedhak-cedhak jalaran panggonan mau dijaga déning prajurit Rum. Wong-wong ora lèrèn-lèrèn enggoné nyampahi lan moyoki Gusti Yésus, sing katoné wis tanpa daya. Ana kang ngucap mengkéné: "Èh kowé kang mbubrah padaleman suci, banjur yasa manèh sajroning telung dina, mara luwarana awakmu dhéwé. Menawa kowé Putrané Allah, mara mudhuna saka ing salib!"

Bareng Gusti Yésus wis gumantung ing kayu salib, wong Yahudi padha mongkog atiné, rumangsane wis menang, wis bisa ngalahaké Rabbi saka Nasarèt. Wis mesthi baé menang, jalaran wong-wong mau padha dadi umaté Allah, abdi kang pinilih, mengkono rumangsané ....

Mangka ana ing kayu salib Gusti Yésus nandhang sangsara kang banget. Pangérang-érangé wong golongan natoni galihé .... Saupama Gusti Yésus kersa, tembung sakecap kang miyos saka ing lésané bisa nekakaké wadyabala malaékat sing ngladosi Panjenengané ing sakersané. Saupama Gusti Yésus ndhawuhaké wewelak, wong-wong Yahudi sing padha pating pethènthèng ngérang-érang Panjenengané, ing sanalika mesthi mak cekengkeng mati kabèh! Nanging pancén wis dadi kersané Gusti Yésus nandhang sangsara ing sakatogé, pamurihé supaya bisa nepangaké manéh manusa karo Allah.

DALASAN wong durjana kang padha kasalib bareng karo Gusti Yésus, kang siji ngala-ala marang Gusti Yésus, uniné: "Yèn kowe nyata Sang Kristus, lah, mara tulungana awakmu dhéwé lan aku wong loro iki!"

Nanging durjana sijiné ora gelem ngala-ala marang Gusti Yésus. Lara sing nyiksa awaké apadéné pati sing gawé mirising atiné, iku wis sapantesé baé tumrap ing wong durjana lan wis murwat karo panggawé kang padha dilakoni. Balik Rabbi sing disalib ana ing tengah iku, rak ora sabeneré nampani paukuman sing semono aboté, awit Panjenengané ora ana èmperé karo wong durjana. Mangka Panjenengané iku mung kendel baé, senajan ora samesthiné nandhang paukuman. Lha kok kancané sing wis genah wong durjana, wani ngala-ala marang wong sing diukum tanpa kaluputan, dupeh nunggal sapaukuman. Mulané kancané mau banjur disendhu lan diwelèhaké, tembungé: "Kepriye ta déné kowé ngala-ala marang wong mursid iki? Apa kowe wis ora duwé wedi marang Allah? Mungguh aku lan kowé, wis sabenere baé nampani kang murwat karo panggawé kang padha daklakoni. Balik wong iki ora nglampahi kaluputan apa-apa." .... Wong durjana sing diwelèhaké mau mung gumuyu baé. Nanging durjana sing mrinani Gusti Yésus, banjur munjuk marang Panjenengané klawan mantep panganddhelé: "Dhuh Gusti, bénjing samangsa Tuwan rawuh ing kraton Tuwan, mugi ngèngeti dhateng kawula." Gusti Yésus sing ora naté nampik panyuwuné wong sing sowan marang ngarsané klawan tobat, banjur mirsani wong durjana mau klawan welas lan kepareng paring wangsulan sing gawé lereming ati. Senajan lésané wis rekasa kagem ngandika jalaran garing kepanasan, éwadéné wijiling pangandikané tumamané ana ing atiné wong durjana mau kaya tètèsing ebun ing wayah ésuk. Pangandikané Gusti Yésus iku mrasetyakaké bab pangapuraning dosa lan padunungan anyar ana ing swarga. Dhawuhé Gusti Yésus: "Satemené pituturku ing kowe: Ing dina iki kowé bakal mèlu Aku ana ing Pirdus."

SAKA ing antarané wong golongan ana wong wadon marani salibé Gusti Yésus. Klawan rekasa enggoné munggah ing pepunthuk dhuwur, polatané katon suntrut lan sedhih banget, enggoné nangis isih kamisesegen. Lakuné dikanthi ing wong lanang, muridé Gusti Yésus, ketara banget yèn murid mau tresna lan welas marang Guruné nganti ora tegel nyawang marang sangsarané.

Prajurit Rum sing weruh tekané wong wadon mau, ora ana sing wani ngalang-alangi, ana sing ngucap: "Iku ibune!" Maryam, ibuné Gusti Yésus, lan Yochanan, murid sing kinasih, padha ngadeg ing cedhak salib, Maryam nyipati dhéwé enggoné Gusti Yésus disalib. Rasa lara sing tumama ing sarirané Gusti Yésus kaya-kaya ya dirasakaké Maryam ana ing awaké. Saiki Maryam lagi bisa ngerti kadadéyaning pameca sing diwedharake déning Simeon, nalika biyén nyowanaké Sang Jabang Bayi menyang ing padaleman suci. Pangandikané Simeon marang Maryam: "Malah atimu bakal katuwek ing pedhang." .... Saiki Maryam ngrasakaké atiné kaya jinuwing-juwing jalaran nekseni panandhangé kang Putra. Senajan mung sedhih lan prihatin sing bakal dirasakaké yèn mèlu menyang Golgota, éwadéné Maryam meksa teka mrono pamurihé supaya bisa nyawang kang Putra sepisan manèh.

Gusti Yésus ningali Maryam kang ibu. Ing sajroning mbetahaké sangsara galihé banget trenyuhé déning welas marang kang ibu kang bakal ditilar. Gusti Yésus kepareng paring pitulungan lan panglipur. Yochanan, murid kang kinasih, bakal dipasrahi ngreksa lan ngrumati Maryam, karengkuha kayadéné ibuné dhéwé, lan Maryam nganggepa marang Yochanan kaya marang kang putra piyambak. Pangandikané Gusti Yésus marang kang ibu: "Nyai lah punika putra sampéyan." Pangandikané marang Yochanan: "Lah iku ibumu." Wiwit nalika iku Yochanan banjur ngaturi Maryam terus manggèn ing omahé.

SEPIRA aboté enggoné nandhang sangsara ing sarirané piyambak, Panjenengané isih menggalih kabutuhané wong liya, isih ndongakaké wong liya, malah Panjenengané isih kepareng mberkahi wong liya.

Nanging gerahé saya suwé saya ngranuhi, pameteking sangsara saya suwé saya abot, lan sarirané saya garing kepanasan temah banget enggoné kraos ngelak katoran.

Lan banget-bangeté enggoné nandhang sangsara bareng wis wayah tengangé, srengéngé kaya pinanjer ing dhuwur bener. Nanging dumadakan padhangé srengéngé ilang déning pagowong kang nasabi ing satanah kabèh, pepunthuk ing Golgota tekan ing Yerusalèm lan sawratané tanah katoné kaya ing wayah tengah bengi, temahan wong kabeh padha giris jalaran ketukup ing pepeteng sing ora sebaéné, mangka nganti telung jam suwéné. Lan ing sajroning pagowong mau kaya-kaya Gusti Yésus ngatogaké enggoné nandhang sangsara. Mangka satemené dudu gerahing sarira sing niksa Panjenengané, nanging girising galih ....

Généya giris galihé? Panjenengané iku Putrané Allah kang Mahakawasa, généya nganti giris galihé? .... Jalaran ing sajroning pagowong mau Panjenengané rumaos kepencil lan ditégakaké. Ditégakaké déning manusa, jalaran wong akèh padha sarsaran salang-tunjang ninggal panggonané salib, ora karuwan parané ngungsi, jalaran padha wedi lan geter déning pagowong kang ora kaweruhan sangkan-parané. Yèn mung ditégakaké ing wong akeh, satemené iku ora sepiraa dayané, nanging Gusti Yésus rumaos ditegakaké déning Allah Sang Rama. Iku sing njalari Gusti Yésus kataman ing giris kang banget. Adaté Gusti Yésus tansah tetunggilan karo Allah Sang Rama, mangka saiki Panjenengané lagi nyanggi dosaning jagad, temah Allah ora dhangan ningali Sang Putra ing kalané kasasaban ing jejembering dosa. Saking bangeté enggoné kataman ing girising galih, Gusti Yésus nganti nguwuh klawan swara kang sora: "Èli, Èli, Lama Sabachtani! .... Dhuh Allah kawula, Allah Kawula, punapaa Tuwan négakaken dhateng kawula?"

Bareng mengkono srengéngé wiwit trèncèng manèh, pagowong mundur alon-alon kaya-kaya kasoran prabawa déning pepadhang sing nelahi ing pepeteng. Apa mengkono iku wujuding wangsulan ingatasé pasambaté Gusti Yésus mau?

Wong-wong Yahudi sing mauné padha pating bilulung ngungsi golèk pandhelikan nalika katempuh ing pagowong, bareng wis ilang pagowongé lan pulih penthèr manèh, banjur pulih kakendelané lan gumendhunging atiné: saiki wiwit wani moyoki manèh. Ujaré wong sawenèh kambi gumuyu. "Wong iku nyebut: "Èli. Èli! Ayo padha dienteni, apa Èliyah teka mitulungi!" Wong-wong mau cetha pangrunguné lan ora salah tampa, nanging sarèhné atiné wis ngendhem sengit, dadi sawetu-wetuné mung nyenyengit. Panyenyamah mengkono mau wis ora digapé babar pisan déning Gusti Yésus. Sarirané gumantung ing kayu salib, kentèkan daya kakuwatan enggoné mbetahaké nandhang sangsara, sirahé tumungkul kaya-kaya wis ndungkap ajale.

KLAWAN sabar-tawekal Gusti Yésus ngentosi sédané, mung kari sedhela enggoné nandhang sangsara, banjur sakèhé panandhang ora dirasa manèh. Ing kono Gusti Yésus nguwuh: "Aku ngelak." Ana prajurit nyelupaké jamur karang ing cokak, banjur disundep ing rayung, tumuli nyaosi ngunjuk marang Gusti Yésus.

SAWISÉ nampèni cokak mau, Gusti Yésus banjur katingal rada adhèng, sirahé sing wis tumungkul, banjur ndengèngèk, tingalé sing wis loyop, mubyar manèh mulat maspadakaké jagading kadurakan sing njalari Gusti Yésus nganti nombokaké sarirane nganti tumeka ing séda. Nanging saiki Panjenengané ora katon suntrut, kaya-kaya wis ora ngraosaké panandhangé lan sangsara manèh, jalaran sakèhing ayahan sing dibebahaké Sang Rama wis kelakon dirampungaké, paukumaning jagad wis disanggisumurup enggoné ngleksanani kersané Sang Rama ing swarga. Dosa sing njalari sangsarané jagad wis kabirat, temah manusa diparengaké sowan ing ngarsané Gusti Allah. Sang Juru Slamet, senajan isih gumantung ing kayu salib, pamulaté marang jagad lan swarga kayadéné Sang Prawira sing mentas unggul yudané. Ing kono Gusti Yésus banjur nguwuh manèh klawan swara kang sora: "Wus rampung!" Lan sadurungé megat nyawa Gusti Yésus nguwuh manèh: "Dhuh Rama, kawula nitipaken nyawa kawula ing asta Tuwan." Sawisé mengkono banjur ndhingklukaké mastaka megat nyawa. Pangandikané kang wekasan mau awujud panyuwun marang Allah, nanging iya awujud kamaremaning panggalih, déné Panjenengané saiki wis pulih manunggil karo Sang Rama ing swarga ing salawas-lawasé.

KOCAPA kang ana ing padaleman suci, para imam wis wiwit saos kurban kaya adaté miturut angger-angger, kagem ing kaluhurané Allah, ― bareng karo sédané Gusti Yésus ing kono ana lelakon kang élok ngéram-éramaké: gubahé padaleman suci suwèk dadi loro, wiwit ing dhuwur tumeka ing ngisor. Gubah iku gumantung ing jero padaleman suci minangka singgetan ing antarané pasucèn lan pasucèn kang pinunjul, kang ora tau dileboni ing wong kejaba imam agung, nanging keparengé mlebu mrono mung sepisan saben setaun, yaiku yèn pinuju nyaosaké kurban pangruwating dosa. Mangka saiki gubah mau suwèk dadi loro, dadi pasucèn kang pinunjul wis ora disingget manèh. Prakara iku nyasmitani, yèn pasucèn kang pinunjul sing mauné disengker, saiki kena dileboni ing sadhéngah wong. Para imam padha kagèt bareng weruh suwèking gubah nganti piyak dadi loro.

Nanging wong-wong mau padha ora bisa ngerti tegesing sasmita mau. Sasmitané gubah suwék iku kanggo mralambangi yèn dalan mlebu menyang swarga saiki wis binuka kanggo sadhéngah wong, lantaran pakaryané Gusti Yésus sing mentas dirampungaké ana ing kayu salib, nalika Panjenengané ngandika klawan swara sora: "Wus rampung!"

Bareng karo suwèking gubah ing padaleman suci, nalika semono bumi gonjang-ganjing, parang-parang padha bengkah, lan kubur kubur padha menga, lan badhané para suci kang wus ngajal akèh kang padha katangèkaké.

KEPRIYÉ mungguh kaanane wong-wong sing padha ngrungu lan weruh lelakon iku kabéh? .... Wong-wong mau padha banget wediné, banjur padha mulih kambi tebah-tebah dhadha, lan bisik-bisik pada ngucap: "Bilai aku déné ngwutahaké getih resik! Sapa ta sejatiné wong sing mentas padha daksalib iku?" Wong golongan mau bubar pating blesar mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé, lan ora lèrèn-lèrèn enggoné padha nutuh awake, dhéwé, ujaré: "Bilai aku, déné wis ngwutagaké getih resik!"

Anadéné panatus prajurit, wong kapir, bareng weruh lelakon mau lan nungkuli enggoné Gusti Yésus megat nyawa, tumuli ngluhuraké Allah, pangucapé: "Nyata yèn wong iku tanpa kaluputan! Iku Putrané Allah!"

WAYAHÉ wis ngarepaké soré. Punthuk Golgota pulih sepi nyenyet kaya adaté yèn wayah bengi.