Babad Saka Kitab Suci/Bètèsda
ING negara Yerusalèm, ing ngarepé Sekèthèng Wedhus — yaiku panggonané wong padha tuku wedhus kanggo saos kurban ana ing padaleman suci — ana blumbangé padusan, arané Bètèsda, ing basa Jawa pantes diarani: Panti-wilasa. Blumbang kang ana banyuné kimplah-kimplah ing sakubengé digawèkaké bangsal cacahé lima, yaiku panggonané wong-wong sing padha nandhang lara warna-warna, wong picak, wong lumpuh, wong gering, padha ngadhang-adhang kocak ing banyu ing blumbang. Awit ing samangsa-mangsa ana malaékat tumedhak ngocakaké banyu ing blumbang, sarta sing sapa nyemplung dhisik bareng lan kocaké banyu, iku dadi waras sanalika, ora pilih-pilih larané. Mulané wong-wong sing lara padha ngentèni ana ing bangsal samangsa banyu ing blumbang katoné kaya dikebur, wong-wong mau rebut dhucung arep nyemplung ing blumbang, ana sing mlayu, ana sing mbrangkang, malah ana sing mung ngésod baé; sing babar pisan ora bisa obah, kepeksa digéndhong sanak seduluré, murih bisané nyemplung dhisik ing banyuné Bètèsda. Sing kèri tekané, senajana wis nyemplung, larané ora bisa mari. Mangka tekané malaékat sing ngocakaké banyu mau ora kena ditangguh mangsané. Dadiné wong-wong mau kudu ngentèni klawan sabar lan waspada, aja nganti kedhisikan kancané.
Kocapa ing kono ana wong kang nandhang lara wis telung puluh wolu taun lawasé. Wong mau gumluntung ana ing kono, tanpa rowang tanpa kanthi, mangka tangan lan sikilé ora kena digawé ngglawat, mulané sepi pangarep-arepé bisané mari lelarané. Dhèk biyèn nalika mentas teka ing Bètèsda, isih gedhé pangarep-arepé bisa waras, nanging saiki kaya-kaya lelarané kudu disandhang nganti tekan ajalé. Pancèn pandumaning ngaurip iku béda-béda, mengkono pamupusing atiné.
Nalika semono mbeneri riyaya Paskah ing Yerusalèm. Mulané Bètèsda mundak ramé, luwih katimbang adaté. Saka ing désa ngadésa tekané wong-wong lara karo sanak seduluré arep nyoba golèk kuwarasan ana ing blumbang Bètèsda. Mèh saben wong lara duwé réwang sing sumadhiya nulungi nyemplungaké ing banyu, samangsa-mangsa kocak. Nanging wong tuwa sing wis lawas gumléthak ana ing kono, ora ana sing nulungi. Mripaté mung kelop-kelop nyawang wong sing padha lunga teka ing kono, nanging awaké dhéwé wis ngejibaké yèn ora bakal mingsed saka ing paturoné sadurungé ngajal.
Kocapa wong lara mau krasa yèn disawang lan digatèkaké déning wong sing mentas teka ing kono. Kadingarèn temen ana wong gelem nggatèkaké. Sapa ta wong iku? .... Wong mau malah nyelak lan ndangu, pangandikané: "Apa kowé kepéngin waras?"
Kepéngin waras? .... Wong lara mau ngingetaké sing ndangu semu gumun. Saiba enggoné kepéngin! Wis telung puluh wolu taun lawasé enggoné kepéngin bisa waras, nanging kepriyé bisané, jalaran obah baé ora bisa. Apa wong iki kira-kira gelem nulungi nyemplungaké ing blumbang Bètèsda, samangsa ana malaékat tumedhak? .... Nanging kira-kira iya tanpa gawé, awit mesthiné wis kedhisikan wong liya. Mulané wong lara sing kapiran mau banjur mangsuli: "Dhuh Tuwan, kula boten gadhah réncang ingkang nyemplungaken kula dhateng ing blumbang samangsa toyanipun panuju kocak. Déné menawi kula saweg murugi, lajeng wonten tiyang sanès ingkang ambyur ngrumiyini kula."
Wong kang ndangu mau banjur rentah welasé, énggal ngandika marang kang lara: "Tangia, paturonmu angkaten, lumakua!" Sanalika wong mau dadi waras, sarta ngangkat paturoné, tumuli mlaku. Awaké sing lemes tanpa daya sanalika dadi kuwat, kaya-kaya kalebon ing daya gaib sing njalari warasé.
Bareng wong mau wis ngrasakaké pulihing kakuwatané, ménga-méngo nggolèki wong sing marasaké arep awèh panarima, nanging wis ora katon ana ing kono. Sapa ta wong iku, déné kok kuwasa marasaké wong lara mung nganggo disabdakaké baé? Wong mau ora ngerti, marga saka lawasé enggoné gumléthak ana ing bangsal kono, nganti ora tau ngrungu kabar apa-apa saka ing sakiwa-tengené.
SAKING bungah-bungahé déné wis kelakon bisa waras manèh, wong mau banjur mlaku-mlaku ana ing kutha Yerusalèm, ngalor ngidul kambi manggul paturoné. Atiné kebak kabungahan, malah kaya-kaya wong sajagad padha mèlu ngrasakaké kabungahané. Ing nalika iku panuju dina Sabbat.
Dumadakan ana wong ngaruh-aruhi lan nyendhu: "Iki dina Sabbat, ora kena kowé nggawa paturon."
Wong sing disendhu mau kagèt. .... Paturoné? Ora rumangsa babar pisan yèn sing dipanggul mau paturoné lan yèn tindaké mau luput. Sing digagas-gagas mung kaélokan sing mentas tumanduk ing awaké. Klawan tajem wong mau mandeng wong-wong Farisi lan wong Yahudi liyané, sarta mangsuli: "Tiyang ingkang nyarasaken kula punika ingkang dhawuh: Paturonmu angkaten, lumakua!" "Yèn kula namung sadermi nglampahi dhawuh, mangka ingkang paring dhawuh punika tiyang ingkang kuwaos nyarasakan kula, rak kula boten lepat sanget-sanget!" Nanging wong mau tetep diluputaké déning wong Farisi. Bangsa Yahudi kabèh rak wis ngerti yèn padha ora kepareng nglakoni sadhéngah pagawéan ing dina Sabbat . Lan wong sing bisa marasaké wong lumpuh, sapa ta wong iku? Nanging wong sing mentas waras ora weruh iku sapa.
Nanging wong-wong Farisi wis padha ngerti lan wani nemtokaké sapa wongé sing marasaké: iku ora liya Rabbi anyar saka Nasarèt kaé! Yèn kélingan wong Nasarèt mau, saya wuwuh enggoné padha ngigit-igit. Ora perduli apa wong Nasarèt mau pinter marasaké wong lara sarana kaélokan! Ora perduli apa wong sing wis lawas nandhang lara lumpuh saiki wis mari temah bisa ngrasakaké kabungahan gedhé! Jenèh wong-wong mau padha nemaha nerak wewaler dina Sabbat! Wong sing mentas mari iku mlaku ngalor ngidul karo manggul paturoné, dadiné ngedhèng enggoné nglakoni pagawéan ing dina Sabbat. Mangka sing dhawuh mengkono iku wong Nasarèt sing aran Yésus! Dadi sakaroné padha kaluputan nerak wewaler dina Sabbat. Wong-wong Farisi satemené wis ora gumun, yèn Guru anyar saka Nasarèt iku duwéa pokal kang mengkono iku. Pancèn mejanani banget tangkepé marang golongané wong Farisi lan para ulama; pepacak lan préntahé dianggep tanpa teges, malah pangibadahé mung dianggep lelamisan. Mulané wong Farisi lan para ulama gethingé njering marang Gusti Yésus. Apa sing mentas kelakon ana ing Bètèsda wis dicathet, mung kari ngentèni mangsané yèn sundukané wis kebak.
Wong sing mari lumpuhé dijaraké baé, nanging Gusti Yésus ing sabanjuré tansah ditut-buri lan ditliti, digolèki lénané.
SAWUSÉ mengkono wong sing wis mari iku mlebu ing padaleman suci, bareng karo wong golongan arep nyaosaké pamuji sokur marang Allah. Polatané katon bingar lan atiné gambira, déné wis bisa mlaku ing saparan-paran manut kekarepané.
Lagi énak mlaku-mlaku ing padaleman suci, dumadakan kepranggul karo wong sing marasaké awaké. Ing kono lagi baé wong mau ngerti yèn sing kawasa marasaké iku Gusti Yésus. Atiné wong mau banget enggoné kakenan.
Gusti Yésus iya pirsa wong mau, banjur dipangandikani. Wong-wong ing sakiwa-tengené padha ora bisa ngerti apa tegesé pangandika mau, nanging wong sing dipangandikani ora bakal kliru tampa. Pangandikané Gusti Yésus: "Lah kowé wus dadi waras, aja manèh gawé dosa, supaya kowé aja nganti ketaman kang luwih banget." Wong mau mung ndhingkluk baé marga kisinan. Pancèn enggoné nandhang lara nganti lawas mau dadi paukumané enggoné mblunthah uripé nalika isih enom lan rosa. "Aja manèh gawé dosa!" mengkono dhawuhé Gusti Yésus, awit samangsa mbalèni uripé sing biyèn, mesthi bakal ketaman kang luwih banget, yaiku paukuman kang langgeng. Wong mau tumuli lunga .... marani wong Farisi.
Wong mau rak ditakoni sapa sing marasaké lan sing dhawuh ngangkat paturoné. Nalika ditakoni, durung ngerti sapa wongé, nanging bareng saiki wis ngerti, banjur énggal-énggal awèh weruh, yèn sing marasaké awaké iku Gusti Yésus. Wong mau enggoné awèh weruh, iku mung kagawa saka bungahing atiné déné wis bisa ngerti sapa sing mbeciki awaké, tanpa nglegéwa yèn pawartané iku mau malah ngobong atiné para wong Farisi lan para ulama. Saiki wis cetha sapa wongé sing nerak wewaler dina Sabbat, awit mauné mung padha duwé panggrayangan yèn sing nerak iku mesthiné Yésus, wong Nasarèt. Wong-wong mau banjur padha sekongkel arep ngringkes wong Nasarèt sing ora duwé éring babar pisan karo para pangarepé bangsa Yahudi lan sing tansah dietut-buri ing wong golongan. Ing tembé buri samangsa wis kebak sundukané, pira suwéné nyirnakaké wong siji, bebasan isih suwé mijet wohing ranti.Saiki wong-wong mau wis padha gilig rembugé, yèn wong Nasarèt iku, yaiku Gusti Yésus, kudu disirnakaké. Pancèn, yèn Gusti Yésus wis kelakon séda, iya wis ora ana manèh sing wani ngagru-agru para wong Farisi lan para ulama. Mulané saiki wong-wong mau mung arep métani tindak-tanduké Gusti Yésus, sing padha diudi supaya bisa ngonangi Gusti Yésus nindakaké kaluputan utawa panerak.