Menyang kontèn

Babad Saka Kitab Suci/Anaké Yairus

Saka Wikisumber

KACARITA Gusti Yésus rawuh manèh ing Kapernaum. Wong golongan banjur énggal nampèni rawuhé, jalaran kabèh wis padha ngarep-arep. Lakuné wong prasasat ora kena ditata, awit kabèh-kabèh kepéngin nyelaki Gusti Yésus. Nalika semono ana wong ndhesek maju nyungkemi padané Gusti Yésus sarta munjuk: "Dhuh Gusti, mugi Tuwan kepareng rawuh ing griya kawula sareng kaliyan kawula. Anak kawula èstri sakit sanget malah sampun mèh pejah. Menawi Tuwan kersa rawuh saha numpangaken asta Tuwan, anak kawula mesthi badhé saras tumunten. Dhuh Gusti, mugi Tuwan melasi anak kawula!"

Wong sing duwé atur panyuwun mengkono iku jenengé Yairus, lurahing mesjid ing Kapernaum. Yairus wis wanuh karo Gusti Yésus, lan ngandel, yèn anaké wadon sing ontang-anting mesthi bakal bisa waras manèh, waton Gusti Yésus kersa rawuh mitulungi. Mulané adreng panyuwuné: "Dhuh Gusti, mugi kepareng rawuh!" ....

Gusti Yésus iya kepareng rawuh ing omahé, banjur tedhak kadhèrèkaké Yairus lan wong golongan. Lakuné wong jejel riyel ora kena dipiyak, ndhesek marang Gusti Yésus, pamurihé mung bisaa cedhak karo Panjenengané.

Kocapa, nalika semono ana wong wadon ndhresel ing tengahé wong golongan. Wong wadon mau katoné wis nékat, ora perduli diesuk-esuk ing wong akèh, ndhesek sarosané supaya bisa nyelaki Gusti Yésus. Mangka polatané katon yèn ngandhut wedi lan isin. Éwasemono banget pangudiné nyelaki Gusti, jalaran kepéngin nuruti grenjeting atiné. Waton bisa nyelaki Gusti, awaké mesthi kapitulungan, jalaran Gusti wis kwasa mitulungi wong pirang-pirang. Nanging sing dirasa ana ing atiné, ora nganti dilairaké ing cangkemé; abot rasané yèn nganti ngunjukaké kang dadi perluné, mangka ana ing ngarepané wong akèh. Mulané osiking atiné mengkéné: "Aku ora perlu munjuk apa-apa, waton aku bisa ndumuk jubah pangagemané Gusti, aku mesthi pulih waras manèh!" Pangandel lan kamantepaning ati mengkono iku kang njalari wong mau ora ngétung kangèlan lan rekasa diesuk-esuk ing golongan Pangudiné mung sawiji: nyelaki Gusti Yésus, temah waras!

"EBÈNG TANGIA!"

Wong wadon mau enggoné nandhang lara wis rolas taun lawasé; dhèk biyèn kalebu wong cukup, nanging saiki wis entèk bandhané kanggo mertamba, nanging ora ana kang bisa marasaké. Dhèk biyèn awaké waras lan rosa, nanging saiki kari lung-lit. Malah saiki larané saya nemen. Nanging yèn bisa kelakon nyelaki Gusti Yésus, wis mesthi mari larané!

Bareng wis bisa cedhak, banjur marepeki marang Gusti Yésus saka ing wingking, tangané énggal-énggal mulung ndumuk gombyoking jubahé Gusti, lan sanalika iku uga larané mari. Awaké krasa seger, ana daya anyar lumebu ing otot-balungé, temah pulih kakuwatané lan waras manèh. Bareng wis krasa mari, banjur arep nylimpet lunga. Lagi baé arep mingser, banjur krungu Gusti Yésus ndangu para sekabaté: "Kang ndumuk Aku sapa?" Wong wadon mau, senajan ora didangu, atiné kagèt banget, jalaran mauné ngira ora bakal kapirsan déning Gusti. Bareng kabèh padha meneng baé, Pétrus lan kancané padha munjuk klawan gumun: "Guru, tiyang golongan jejel sami ndhesek dumateng Tuwan mekaten, kok Tuwan ngantos ngandika: Kang ndumuk Aku sapa?" Nanging Gusti Yésus ngandika manèh: "Ana wong kang ndumuk Aku, awit Aku krasa ana daya kang metu saka ing Aku." ....

Wong wadon mau bareng weruh yèn ora kena dikilapi, banjur marek klawan gumeter, sumungkem ing ngarsané Gusti Yésus sarta munjuk blaka ana ing ngarepané wong kabèh, yèn enggoné lara wis tetaunan, nanging saiki wis mari marga saka enggoné ndumuk jubahé Gusti Yésus ....

Gusti Yésus mirsa wong wadon mau klawan welas lan rena ing galih, déné semono gedhéné pangandelé, pangandikané: "Hé, enggèr, diénak atimu, pangandelmu kang mitulungi kowé. Mundura klawan tentrem rahayu lan birata lelaramu."

Sajroné isih ngandika, kesaru tekané kongkonan saka ing omahé Yairus. Bareng weruh wongé teka, Yairus wis entèk atiné, nemtokaké yèn wongé mau nggawa kabar ora becik. Saya kuwur pikiré bareng ngrungu aturé wong mau: "Putra sampeyan sampun ngajal. Sampeyan sampun ngribedi dateng Guru." Wis mati .... Apa isih ana perluné ngaturi Gusti Yésus rawuh ing omahé? Saiki wis kasèp .... jenèh mau tindaké diendheg-endhegi déning wong wadon sing ndumuk jubah. Saiki kepriyé polahé Yairus? Apa mulih ijèn ngupakara sing wis ora ana? Atiné judheg banget. Gusti Yésus miyarsa lan mirsa kabèh, banjur nyelaki Yairus sarta ngandika: "Aja maras, kumandela baé, temah bocahé bakal kapitulungan." Yairus atiné krasa mak cles, bareng ngrungu pangandika mengkono iku. "Aja maras!" O, Yairus ora bakal maras, yèn Gusti Yésus isih ana ing sandhingé. Wis mantep pangandelé, yèn mung Gusti Yésus sing bisa maringi pitulungan.

Ora antara suwé lakuné wis tekan ing omahé Yairus. Ing kono wis akèh wong sing padha layat. Swarané wong sing padha nangis lan ngadhuh-adhuh ngebaki omah, binarung ing unining suling sing nggalik-galik swarané. Bareng Gusti Yésus rawuh, wong-wong mau kabèh padha kadhawuhan metu ing jaba. Sing klilan ndhèrèk mlebu mung Pétrus, Yakobus lan Yochanan, apadéné bapa-biyungé si bocah.

Wong-wong sing padha nangis dipangandikani mengkené: "Aja padha nangis. Bocahé ora mati, mung lagi turu." Wong-wong mau banjur nggeguyu, ujaré: "Bocah wis mati kok diarani lagi turu!" Apa perluné Gusti Yésus diaturi rawuh? Bocah wis mati arep dikapakaké manèh, yèn ora diupakara karo ditangisi kaya adaté sing uwis-uwis? Saiki kok padha didhawuhi meneng? .... Bebasané rak: désa mawa cara, negara mawa tata?

Kocapa kang padha ana ing kamaré bocah sing wis mati; Yairus bareng weruh anaké wis dilurubi, atiné kumesar, awaké lemes tanpa daya. Tujuné Gusti Yésus ana ing sandhingé. Tangané bocah mau banjur diasta sarta pangandikané: "Ebèng, tangia!" Nyawané banjur bali, padha sanalika bocahé tangi, banjur nyawang bapa lan biyungé, kaya bocah mentas tangi turu. Gusti Yésus banjur dhawuh mènèhi mangan. Bocah mau banjur mangan, katon wis waras manèh. Wong tuwané bungahé ora kira-kira.

Gusti Yésus banjur tindak saka ing kono kadhèrèkaké sekabaté telu sing padha neksèni lelakon mau. Wong golongan sing ngentèni ing jaba padha kagawokan, bareng ngerti yèn bocahé wis urip manèh. Wong-wong sing mauné padha nggeguyu, saiki ora bisa ngucap apa-apa kejaba mung meneng lan wedi.

Nanging Yairus atiné mbludag kabungahan, pangandelé marang Gusti Yésus nyata miyatani. Yairus ora bakal bisa lali marang pangandikané Gusti Yésus sing bisa nyirnakaké sumelanging atiné: "Aja maras, kumandela baé!" Pangandika mau mesthi bakal diéling-éling ing salawasé urip.