Babad Saka Kitab Suci/Ing Omahé Wong Farisi, Aran Simon

Saka Wikisumber

ING sawijining dina Gusti Yésus diaturi dhahar déning wong Farisi, aran Simon, ana ing omahé. Miturut tata lairé, wong Farisi mau katon sumanak lan becik tangkepé marang Gusti Yésus, mangka sajatiné ora babar pisan. Enggoné ngaturi Gusti Yésus rawuh ana ing omahé lan nyaosi dhahar, iku ora marga saka keduga lan senengé wong mau marang Gusti Yésus, nanging marga saka nalar liya. Wong Farisi mau rumangsa luwih unggul ing samubarang prakara katimbang karo Gusti Yésus, kang asalé mung saka ing désa Nasarét. Nanging sarèhné Guru mau wis kawentar bisa memulang lan nindakaké kaélokan warna-warna, mulané wong Farisi mau kepéngin tetepungan lan wawan gunem karo Gusti Yésus. Lan supaya aja nganti dirusuhi déning wong golongan, Gusti Yésus banjur diaturi rawuh ing omahé. Iku jalarané Gusti Yésus rawuh ana ing omahé wong Farisi.

Rawuhé ora piyambak, kejaba Gusti Yésus isih akéh sing diaturi rawuh, yaiku para wong Farisi lan para jamhur liya-liyane. Rawuhé para tamu ditampa klawan pakurmatan, sikilé diwijiki lan disaosi jebad wangi déning para abdi, sawisé mengkono Simon dhéwe sing dadi tuwan rumah, banjur methukaké tamuné, ngaturi pambagé sarana ngambung miturut adaté ing tanah kono.

Nanging nalika Gusti Yésus rawuh, ora ana wong sing mbagèkaké; ora ana batur sing teka mijiki sampéyané, ora ana sing nyaosi lenga jebad lan ora ana sing nucup Panjenengané. Awit pangirané wong Farisi, pambagé sing kaya mengkono iku ora samesthiné dietrapaké marang Guru weton Nasarèt, rak wis pira-pira wong mau dililani kekembulan karo wong Farisi; dadi apa perluné ndadak isih diaturi pambagé klawan pakurmatan?

KOCAPA para tamu wis padha pinarak arep dhahar; enggoné padha pinarak ana ing resbang sing ditata mubeng ngubengi méja, lingguhé setengah turon, sikil karo pisan diunggahaké ing resbang, sawisé trumpahé diuculi lan disèlèh ing ngisor resbang. Para tamu wis gupyuk enggoné padha ngandikan, nanging sing akèh dhéwé enggoné ngandikan iku Gusti Yésus, jalaran diteter ing pitakonan, émané enggoné padha takon mau mung tumuju arep nyoba, awit para wong Farisi wis padha rumangsa luwih pinter lan luwih wicaksana katimbang Rabbi anyar saka désa Nasarèt. Miturut ujaré wong akèh, Panjenengané iku jumeneng nabi, nanging para wong Farisi durung gelem nganggep nabi yèn durung weruh tandha-yektiné.

Nalika semono ana lelakon kang dadakan. Ing tengah-tengahé wong akèh sing padha ngadeg ana ing palataran nonton sing lagi padha andrawina, ana sawijining wong wadon.

Wis rada suwé enggoné ingak-inguk, jalaran ana sing digolèki, yaiku Gusti Yésus. Saka ing jaba wis katon cetha ana ing sisih endi pinaraké. Bareng wis tita panyawangé, wong wadon mau banjur mlebu njujug ing panggonan pinaraké Gusti Yésus. Klawan mbrebes-mili ngrungkebi padané, eluhé dléwéran nelesi sarta banjur diusapi nganggo rambuté .... Wong wadon mau ora bisa munjuk apa-apa, bisané mung nangis kelara-lara kambi tangané srikutan ngusapi padané Gusti Yésus, banjur diujungi sarta dilengani nganggo jebad olèhé nggawa saka ngomahé. Wong wadon mau enggoné nganti kumawani tumindak sing katoné murang tata mau, iku mung marga saka kapeteking atiné déning sedhih. O, gèk sapa sing bisa ngerti lan ngrasakaké sedhihé? .... Wong-wong sing ana ing pajagongan kono padha cingak, bareng weruh wong wadon mau. Wong-wong Farisi, dalah Simon dhéwé, padha méncep lan grenengan, déné wong wadon mau tanpa pamit wani mlebu ing kalangané para wong gedhé, tur ora idhep ing isin mbebarang tangis ana ing ngarepé wong akéh. Nanging Gusti Yésus piyambak iya dianggep asor drajaté, ora béda karo wong wadon mau. Malah pangunandikané Simon mengkéné: "Saiki wis cetha, yèn guru weton Nasarèt iku satemené dudu nabi. Jalaran saupama nabia, mesthi sumurup wong wadon kang nggepok awaké iku sapa lan éwoning apa. Yèn ngertia, rak mesthi wis ditundhung, jalaran wong mau kalebu golongané wong dosa!"

Pancèn nyata, wong wadon mau wis kawentar alané. Sapa wongé sing gelem srawung lan gepok sénggol karo wong sing asor lan nistha kalakuané? Saben wong sing kepethuk, mesthi nisih, sing dicedhaki, mesthi ngadoh, supaya aja nganti ketularan ing pialané lan ketèmpèlan ing dosané. Ora patut babar pisan yèn wong sing resik sesrawungan karo wong kuwi, luwih manèh nganti gepok sénggol .... Lha kok saiki, apa sing katon? Yésus, Rabbi saka Nasarèt kuwi, gelem lan ora risi dirungkebi sikilé lan diujungi wong wadon mau. Apa sing kaya mengkono iku patut ing atasé nabi?

PARA wong Farisi lan para ulama kabèh padha ngadoh, pamurihé aja nganti kacipratan ing jejemberé, jalaran kabèh padha rumangsa resik tanpa cacat. Kabèh padha gila lan gigu ndeleng wong wadon mau . . Mung Gusti Yésus piyambak sing ora mengkono paningalé. Wong-wong liyané padha ora ngerti apa sebabé wong wadon mau nganti nangis kelara-lara .... Gusti Yésus pirsa. Ora ana wong sing duwé welas marang dhéwèké .... Gusti Yésus kagungan sih piwelas. Ora ana wong sing gelem lan bisa nglipur lan nulungi wong wadon mau .... Gusti Yésus kersa lan kuwasa mitulungi. Mulané Gusti Yésus ora nundhung wong wadon mau ...

Apa manèh .... Gusti Yésus iya ora duka marang wong-wong Farisi sing padha rumangsa resik lan awatak lamis. Malah Gusti Yésus iya wis pirsa apa sing ana ing batiné wong-wong mau, mulané tanpa ana sing kumecap nyuwun priksa, Gusti banjur maringi wangsulan, tumuju marang Simon, pangandikané: "Simon, aku duwé pitutur ing kowé .... Ana wong duwé potang marang wong loro, kang siji limang atus dinar, sijiné sèket. Sarèhné ora duwé kang kagawé nyaur, dadi utangé dililakaké marang sakaroné. Kang iku kowé tutura: Wong loro mau kang luwih akèh katresnané kang endi?" Unjuk wangsulané Simon: "Punika prakawis gampil. Pandugi kula inggih ingkang kathah anggènipun nglilakaken." Mengkono wangsulané Simon, nanging Simon lan wong-wong liyané sing padha ngrungu crita mau padha ora ngerti apa kersané Gusti Yésus.

Ing kono pangandikané Gusti Yésus marang Simon: "Simon, kowé apa weruh wong wadon iki? .... daktekani ing omahmu, ora kowènèhi banyu wisuh ing sikilku, déné wong iki nelesi sikilku klawan luhé lan diusapi klawan rambuté. Kowé ora ngambung marang Aku, déné wong iki wiwit nalika lebuné tansah ngambungi sikilku. Kowé ora nglengani sikilku. déné wong iki nglengani sikilku klawan jebad .... Mulané pituturku ing kowé: Dosané wong iki kang pancèn akèh wus padha kaapura, jenèh akèh katresnané. Nanging kang kaapura sathithik, katresnané iya sathithik."

Simon rumangsa kawelèhaké déning Gusti Yésus, mulané rada kecipuhan. Atiné saya krasa ora kepénak, yèn ngrasakaké isining crita mau. Wong sing duwé utang sèket dinar mau iya Simon dhéwé. Pangandikané Gusti Yésus iku genahé mengkéné: "Simon, kowé aja duwé panganggep yèn kowé resik lan suci, awit sajatiné kowé iya kalebu wong sing duwé utang ...."

Wong wadon ala iku wong sing duwé utang limang atus dinar. Mangka utang semono kèhé saiki wis dililakaké, tegesé: dosané sing gedhé wis kaapura. Iku sing dadi jalarané wong mau kasok tresnané marang Gusti Yésus, ngungkuli tresnané Simon. Iba begjané wong wadon iku, ngluwihi kabegjané Simon.

Gusti Yésus tumuli ngandika marang wong wadon mau: "Dosamu wus kaapura .... Pangandelmu kang mitulungi kowé, mundura klawan tentrem rahayu."

Wong-wong sing padha ana ing kono, bareng ngrungu pangandika iku mau, banjur padha grenengan: "Katik ana wong bisa ngapura dosa! Sapa ta wong iku? Rak mung Allah piyambak kang kuwasa ngapura dosa!"

Wong wadon mau ora ngrèwès babar pisan marang gunemé wong akèh, atiné wis bungah lan marem ngrungu pangandika: "Dosamu wus kaapura ...." Wong wadon mau pancèn wis ngakoni yèn dosané iku luwih déning gedhé. Wis sawetara suwé enggoné ngrasakaké sedhih marga nyumurupi gedhéning dosané .... Mangka ora ana wong sing bisa nulungi, sing akèh-akèh malah mung nutuh lan moyoki. Mung siji sing bisa maringi pitulungan, yaiku Gusti Yésus. Mulané bareng wis cedhak karo Gusti Yésus, banjur ngrungkebi padané kambi nangis kelara-lara, tanpa bisa munjuk apa-apa, kagawa saka gedhéning prihatin. Nanging wong wadon mau ora perlu munjuk apa-apa, awit Gusti Yésus wis pirsa apa sing dadi gémbolaning atiné.

Saiki? .... Wong wadon mau kadhawuhan mundur klawan tentrem rahayu, atiné ayem, jalaran dosané wis kaapura, lan sabanjuré uripé bakal mung tansah sumaos marang Allah. Saiba enggoné tresna marang Gusti Yésus déné wis kepareng ngapura dosané sing tanpa upama gedhéné. Saiba bungahé atiné déné kaparingan tentrem rahayu ing salawas-lawasé.