Babad Saka Kitab Suci/Pangon Kang Utama

Saka Wikisumber

WAYAH ésuk umun-umun ing tengah ara-ara. Ana ing papan sing padhang ngilak-ilak ing ara-ara jembar ana kandhang wedhus. Sing diarani kandhang wedhus ing kéné iku ora padha karo pranjên utawa omah-omahan kanggo ngingu kéwan, nanging panggonan jembar sing dipageri mubeng nganggo pager watu, diwènèhi lawang siji. Kandhang wedhus mau kanggoné mung ing wayah bengi; ing wayah soré saulihé saka ing pangonan, pepanthan wedhus digiring mlebu ing kandhang; lawangé dikancing rapet. Lan sawengi muput para pangon genti-genti padha tugur ing kono.

Ing wayah ésuk lawangé wis dibukak, pangoné ngadeg ing lawang karo ngundangi wedhusé manut arané dhéwé-dhéwé, banjur digiring metu menyang ing ara-ara jembar, ing panggonan sing akèh suketé ijo riyo-riyo. Pangoné lumaku ing ngarep, lan wedhusé padha ngetut-buri, marga padha wanuh swarané. Pangon kang utama ngathi lakuné wedhus-wedhusé, weruh ing ngendi dunungé papan kang murah suket; yèn wis wareg enggoné padha nyenggut, wedhusé banjur lon-lonan digiring menyang banyu ing panggonan kang tentrem, padha diplégungaké ing panggonan kang ayom lan édhum. Pangon kang utama ora tau ninggal wedhusé. Sing dadi gegamané pangon iku teken lan bandhil. Yèn ana wedhusé sing misah saka ing pepanthan, banjur énggal disawat nganggo bandhil, supaya bali manèh ana ing pepanthan. Tekené sing gedhé lan dawa kena dienggo nanggulangi kéwan galak sing wani neba ing tengah pepandhan, ora pilih-pilih kéwané: asu ajag, bruwang utawa singa. Pangon kang utama iku wani ngetohaké nyawané nglabuhi wedhusé ....!

Yèn wis wayah soré, pepanthané wedhusé banjur digiring menyang ing kandang. Yèn dalané rekasa lan adoh, cempé sing durung kuwat mlaku dhéwé, dipanggul utawa dibopong. Bareng wis tekan ing ngarep lawang, pangon mau banjur nelungaké tekené, wedhusé baka siji dikon mbrobos sangisoré tekené, dilebokaké ing kandhang karo diwilang. Yèn ana wedhus sing tatu awaké marga kerèndhèt-rèndhèt ing eri utawa kecocog ing parang curi, tatuné banjur dikopoh nganggo lenga supaya ilang perihé. Lan yèn ana wedhus sing ketriwal, senajan munga siji, atiné pangon wis ngandhut sedhih lan kuwatir: pepanthaning wedhusé banjur ditinggal, perlu nggolèki sing ketriwal nganti saketemuné, ora ngétung sayah lan rekasa; rerungkudan lan gegrumbulan kebak eri lan bondhot disasak, jurang cerung diedhuni, wedhus sing ketriwal kudu nganti ketemu. Lan yèn wis ketemu, banjur dipanggul klawan bungah. Saulihé banjur nglumpukaké prasanakan lan tangga teparoné, padha dituturi mengkéné: "Padha guyubana enggonku bungah-bungah, marga wedhusku kang ketriwal saiki wis ketemu!" Mengkono pangrumaté pangon kang utama marang wedhus ngon-ngonané.

GUSTI Yésus piyambak wis naté ngandika: "Aku iki juru pangon kang utama. Juru pangon kang utama iku ngetohaké nyawané nglabuhi para wedhus."

Wong-wong sing padha ngrungu pangandika mengkono mau wis padha nyandhak tegese: Gusti Yésus iku juru pangon kang utama, déné pepanthan wedhus sing dadi ngon-ngonané iku para muridé sing tansah ndhèrèkaké tindaké lan mung tansah ngarep-arep pitulungan saka Panjenengané, kayadéné wedhus-wedhus sing mung tansah njagakaké pitulungané pangoné. Panjenengané kang tansah ngreksa marang para muridé lan para wong sing padha pracaya marang Panjenengané, ing sawayah-wayah, rina lan wengi. Panjenengané kang maringi katentreman ana ing atiné. Panjenengané kang bakal nanggulangi mungsuh sinekti, yaiku Iblis sing tansah arep gawé cilakané manusa. Panjenengané kang bakal nglari nganti saketemuné samangsa ana kang ketriwal utawa kesasar lakuné, temah nyingkur marang Allah lan ndarung uripé sajeroning dosa, kaya patrapé pangon kang nggolèki wedhusé samangsa ketriwal .... Lan kepriyé samangsa wis ketemu? Ing omahé pangon mau ana kabungahan gedhé. Mengkono uga ing swarga, ana ing ngarsané Allah, iya ana kabungahan. Pangandikané Gusti Yésus: "Aku pitutur ing kowé: Kaya mengkono uga ing swarga bakal ana kabungahan tumrap wong dosa siji kang mratobat ...."

SIH katresnané Sang Juru Slamet marang manusa iku tanpa upama gedhéné. Dhawuhé: "Aku iki juru pangon kang utama." Dhawuh mau wis cetha lan gamblang, kabèh wong wis padha ngerti. Nanging Panjenengané isih ngandika: "Pangon kang utama iku ngetohaké nyawané nglabuhi wedhusé!"

Apa ta kersané ngandika mengkono iku? Para murid lan wong-wong liyané padha durung bisa nyandhak tegesé.

Apa kira-kira Gusti Yésus bakal sida ngalami séda? Ngetohaké nyawané nglabuhi para kagungané? Apa ta gunané?

Rak luwih pantes yèn Panjenengané jumeneng Ratu, agung binathara lan sekti mandra guna, ngerèhaké sajagad rat. Mengkono iku rak luwih becik katimbang séda!

WONG-WONG mau pancèn padha durung bisa nyandhak sing dadi kersané Gusti Yésus! Saiki durung!