Menyang kontèn

Babad Saka Kitab Suci/Méchradé Gusti Yésus

Saka Wikisumber

LET patang puluh dina saka wunguné Gusti Yésus saka ing séda, yaiku ing dina Achad sawisé riyaya Paskah. Wis rambah-rambah Gusti ngetingal marang para sekabat lan mitra-mitrané, apadéné marang para wong wadon.

Kocapa nalika patang puluh dinané, Gusti Yésus ngetingal manèh, nanging ― enggoné ngetingal iki sing pungkasan.

Kelakoné iku mau wiwitané ana ing Yerusalèm, ana ing kamar tengah panggonané para sekabat adaté padha ngumpul, jalaran para sekabat padha kadhawuhan tansah padha ngumpul ana ing kutha Yerusalèm. Ora antara suwé para sekabat banjur kairid metu menyang ing sajabaning kutha ana ing ara-ara jembar, ora adoh saka désa Bètani.

Para sekabat wis kulina banget ngambah dalan saka Yerusalèm menyang Bètani; wiwitané nyabrang ing kali Kédron, banjur ngliwati patamanan Gètsémané, terus munggah ing gunung Zaitun. Dalan mau ngéling-élingaké marang lelakon sing mbungahaké, lan iya lelakon sing nyedhihaké.

Ana ing papan sing jembar lan bawéra mau Gusti Yésus isih ndhawuhaké prakara warna-warna marang para sekabat, rasané kaya-kaya waktu sing kepungkur bali manèh: Gusti Yésus tindak pepara njajah désa-ngadésa kadhèrèkaké para sekabat, lan ing saenggon-enggon Gusti memulang lan nindakaké kaélokan. Senajan mengkono, éwadéné para sekabat padha krasa yèn saiki kaanané ora bisa lestari mengkono, yèn saiki mesthi ana lelakon sing luwih wigati, yaiku yèn padha arep ditilar Gusti lan Guruné.

Para sekabat padha ngrungokaké pangandikané Gustiné klawan gumolong atiné; kabèh sing didhawuhaké Gustiné padha ditampani lan disimpen ana ing ati kaya musthika adi.

Para sekabat padha didhawuhi wanti-wanti supaya padha manggon ana ing kutha Yerusalèm kambi padha ngentèni sawetara mangsa, nganti tumekané Juru Pirembag kang bakal nunggil karo para sekabat ing salawas-lawasé awit Gustiné ora nilar lola marang para kagungané. Juru Pirembag mau, yaiku Roh Suci, bakal mulang samubarang marang para sekabat, supaya padha olèh tentrem rehayu.

Lan sawisé mengkono? .... Para sekabat banjur kudu menyang Yerusalèm, saka kono ndlajahi tanah Yudéa lan Samaria lan sabanjuré menyang ing tanah lan negara liya-liyané nganti tekan ing pungkasané bumi padha kabubuhan ngundhangaké pawarta kabungahan, yaiku Injil, marang sarupaning umat, lan sing sapa pracaya marang Gusti Yésus, padha kadhawuhan mbaptisi atas Asmané Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci ..

Para sekabat sing padha menangi sangsara, séda lan wunguné Gustiné, padha ngerti lan yakin temenan, yèn Gustiné iku kang jumeneng Sang Mesih, iya jumeneng Juru Panebus kang sejati; para sekabat padha kaparingan bubuhan ndlajahi jagad minangka paseksi ingatasé sih katresnan lan kamulyané Gusti Yésus ana ing ngarepé para manusa.

Mangka para sekabat padha diparingi dhawuh kang isi, prasetyan, mengkéné: "Lah Aku nunggal karo kowé ing sadina-dina kongsi tumeka wekasané jaman."

MENGKONO mau tindaké Gusti Yésus kadhèrèkaké para sekabat wis tekan ing pucaké gunung Zaitun, banjur kèndel ana ing panggonan sing wis naté dikèndeli Gusti Yésus karo para sekabat nalika padha maspadakaké kutha Yerusalèm sing katon kethap-kethap saka ing kadohan. Nalika semono Gusti Yésus katingal trenyuh galihé ngraosaké kutha sing kebak piala lan dosa ....

Nanging saiki wis ora katingal trenyuh manèh galihé, saiki Panjenengané katingal gembira kaya Sinatriya sing mentas unggul yudané. Para sekabat padha ngadhep ana ing ngarsané, padha dipirsani siji-siji klawan asih lan welas, banjur padha diungkuli asta lan diberkahi. Kocapa sajroné mberkahi mau, Gusti Yésus katingal tindak mungkur saka ing panggonané para sekabat, sampéyané wis ora ngambah ing lemah, saya suwé katingal munggah saya dhuwur sumengka ing langit. Para sekabat banjur padha sujud kambi tumenga nyawang mendhuwur, padha weruh astané Gustiné enggoné kaungkulaké ana ing sadhuwuré paring berkah .... wekasané ketilapan marga sarirané kaaling-alingan ing méga, èmperé kaya nitih méga enggoné kondur menyang ing swarga.

Para sekabat saiki wis ora bisa, nyawang Gustiné manèh. Nanging apa Gusti Yésus musna ing salawas-lawasé? Senajan wis ora katon, para sekabat isih terus nyawang mendhuwur marga saka kaéraman.

Sasuwéné padha tumenga marang langit ngawasaké sumengkané Gustiné, dumadakan ana priya loro ngagem-agem putih padha jumeneng ana ing cedhaké, sarta ngandika: "Hé wong Galiléa! Kepriyé déné kowé padha ngadeg ana ing kéné nganggo tumenga marang langit? Yésus kang wis kasengkakaké saka ing antaramu menyang ing swarga, iku bakal rawuh, patrapé kaya enggonmu padha ndeleng sumengkané menyang swarga mau."

Sawisé ngandika mengkono mau, priya loro mau banjur musna sanalika. Rawuhé duta loro mau kaya-kaya maringaké salamé Gusti Yésus sing wekasan marang para sekabat, apadéné prasetyané yèn bakal rawuh manèh.

Para sekabat banjur bali menyang Yerusalèm, perluné padha arep nganti-anti rawuhé Juru Pirembag, yaiku Sang Roh Suci, kaya sing wis diprasetyakaké déning Gusti Yésus .. Para sekabat saiki ora perlu sedhih lan prihatin, senajan Gustiné wis ora katon ana ing cedhaké. Upama keparenga, wis mesthi luwih seneng tansah tetunggilan karo Gusti Yésus, nanging para sekabat iya wis ngerti yèn pakaryané Gustiné ana ing tengahing jagad wis rampung babar pisan, mulané Panjenengané saiki kondur menyang swarga sowan ing ngarsané Allah Sang Rama. Jagad lembahing kasangsaran sing kebak duraka lan piala, iku dudu papan sing sembada kagem Gusti Yésus. Saiki Panjenengané pinarak manèh ana ing dhamparé ing swarga, ingayap para malaékat sing ora kendhat saos puji lan bekti ngluhuraké Asmané.

Para sekabat lan para murid liya-liyané wis padha ngerti kabeh, yèn satemené padha ora tininggal lola déning Gustiné, senajan saiki wis kondur menyang swarga. Para sekabat padha ngrasa yèn tansah tinunggil ing Gustiné, awit Panjenengané ora séda, nanging gesang lan kagungan pangwasa ngayomi para kagungané. Mangka Panjenengané kondur menyang swarga perlu nyawisaké papan kanggo para sekabaté.

ANADÉNÉ wong-wong sing ana ing kutha Yerusalèm padha ora ngerti apa sing kelakon ana ing gunung Zaitun: lelakon sing luwih déning wigati, nanging tumindaké sarwa pasaja tanpa sabawaning karaméan. Nanging ana ing swarga para malaékat padha surak mawurahan, ing kana ana kabungahan gedhé kanggo mahargya konduré Gusti Yésus ing swarga padalemané, pinarak manèh ana ing dhamparé ing tengené Allah Sang Rama.

Déné ing satengahé jagad para sekabat lan para kagungané Gusti Yésus padha ngrasakaké kabungahan ing atiné dhéwé-dhéwé, nanging jagad ora nglegéwa. Meneng-meneng para sekabat lan para mitrané Gusti Yésus padha rumangsa begja, awit padha duwé kayakinan yèn Gusti lan Guruné iku sanyata jumeneng Sang Mesih, iya kang jumeneng Ratuning swarga lan bumi.

LELAKON ing gunung Zaitun nalika Gusti Yésus kasengkakaké minggah menyang swarga, saiki wis pirang-pirang atus taun kepungkur. Mangka nganti jaman saiki Panjenengané durung rawuh manèh, kaya sing dipangandikakaké malaékat loro marang para sekabat. Para kagungané Gusti Yésus ing jaman semono wis padha ngajal kabèh, katimbalan marek ana ing ngarsané ing swarga.

Lan ing tengahing jagad saiki tanpa wilangan cacahé wong sing padha pracaya lan tresna marang Gusti Yésus, isih ajeg padha nganti-anti marang rawuhé Gusti klawan nitih mégané langit kaya nalika sumengkané menyang ing swarga.

Para kagungané Gusti Yésus klawan sabar enggoné padha nganti-anti, awit padha ngerti, yèn pangandikané Gusti iku mesthi bakal kelakon, lan ing tembé Gusti Yésus bakal rawuh ngagem pangwasa lan kamulyan gedhé, lan wong ing sajagad kabèh bakal padha nyawang marang Panjenengané.

Wong-wong sing padha ora tresna lan pracaya marang Gusti Yésus, bakal padha nyawang marang Panjenengané klawan wedi kang banget.

Kosokbaliné wong-wong sing padha wanuh marang Juru Slamet lan Panebusé, bakal pada nyawang marang Panjenengané klawan kabungahan gedhé.

Dinané Gusti, dina kang gedhé, mesthi bakal tumeka.