Babad Saka Kitab Suci/Pradata Kang Bau-Kepiné
ING wayah bengi iku uga ana ing dalemé imam agung Kayafas pradatane bangsa Yahudi marepat; sing padha nglumpuk ana ing kono para imam lan para pinituwané bangsa, apadené para ulama; déné sing dadi pangarsa pradata Kayafas, kang jumeneng imam agung ing taun kang lagi lumaku; tumrapé bangsa Yahudi Kayafas iku abdiné Allah kang pinunjul.
Nanging isiné atiné kepriye? ....
Polatané wong-wong mau katon sumringah gambira, nanging pancerenging mripaté nelakaké yèn atiné ngendhem sengit. Yèn nyawang lairé pradata mau arep nindakaké pangadilan sing kenceng lan jejeg, nanging ing batine wis padha mateng rembugé: "Luput apa ora luput, adil apa ora adil, wong iku kudu disingkiraké! Wong-wong mau padha njinggleng mandeng marang wong bebandan sing diladèkaké ana ing ngarepé pradata, wong sing semuné wis tanpa daya lan ora suwala diroda-peksa. Kaya mengkono iku enggoné Gusti Yésus jumeneng ana ing ngarepé pradata Yahudi.
Rabbi saka Nasarèt, sing wis kejuwara maha asih lan maha kwasané, saiki mesthi ora bakal mrucut saka ing pangregeming tangané. Luput apa ora luput, pradata ora perduli babar pisan, jalaran wong iku kudu disirnakake!
Wayahé isih bengi, yaiku bengi kang ngrinakaké Paskah. Nanging bareng para pangarepé imam lan para pinituwa dalah para ulama liyané padha keprungon yèn Gusti Yésus wis kacepeng lan kadhabyang menyang ing dalemé imam agung, wong-wong mau enggal-enggal padha nglumpuk mrana, ora ngètung wayah bengi, kagawa saka notoling atiné arep nyirnakaké wong sing dadi klilipe.
Gusti Yésus saiki jumeneng ing ngarepé pradata Yahudi kayadéné wong bebandan kang kena ing dakwa. Para ulama banjur nimbali seksi-seksi rerékan kadhawuhan nglairaké panggugat marang Gusti Yésus supaya anaa jalarané sing maton enggoné arep nyédani ... Nanging satemené, yèn wong mau padha jujur atiné, mesthiné kudu blaka yèn padha ora bisa nemokaké kaluputané Gusti Yésus. Enggoné Gusti Yésus marasaké wong lara, mitulungi wong nandhang sansgara, nangèkaké wong mati, iku kabèh rak ora kena diarani luput utawa nerak angger-angger!
Imam agung Kayafas, yaiku pangarsané pradata, ndangu marang Gusti Yésus bab para muride lan bab kang diwulangaké. Gusti Yésus banjur mangsuli pangandikané: "Enggonku mituturi marang jagad iku ana ing edhèngan, Aku memulang salawasé ana ing masjid utawa ing padaleman suci, yaiku ing papan nglumpuké wong Yahudi saka ing ngendi-endi panggonan. Ana ing pasingidan Aku ora tau memulang apa-apa.
Genéya ana pitakonmu mengkono marang Aku? Wong sing wis padha ngrungokaké sing dadi wicaraku, iku padha takonana. Wong-wong iku padha sumurup apa sing dakcaritakaké."
Dumadakan, plek! ana abdiné Kayafas salah siji sumlonong tangané napuk marang Gusti Yésus kambi ngucap: "Teka mengkono saurmu marang imam agung?"
Gusti Yésus, wong bebandhan, senajan disawiyah déning batur, ora banjur muntab dukané. Panjenengane wis pirsa yèn panyawiyah mau kudu dianggep dadi pepucuking panganiaya lan sangsara, pamemirang lan panyenyamah sing bakal disanggi klawan sarèhing galih mung karana saka sih katresnané marang manusa dosa.
WONG-wong sing padha ditimbali dadi seksi nglawan marang Gusti Yésus, genti-genti maju ngaturaké paseksi, nanging ora ana seksi loro utawa telu sing padha paseksiné, kabèh padha slénca, mulané pradata ora bisa gawé pancasan ngukum Gusti Yésus. Paseksi goroh lan rerékan iku kabèh ora bisa mitenah Gusti Yésus.
Ing kono ana seksi ngaturaké paseksi mengkéné: "Kula sami mireng tiyang punika wicanten mekaten: "Aku bakal mbubrah padaleman suti iki kang kagawé sarana tangan, nuli sajroning telung dina gawé liyané ora sarana tangan." Gusti Yésus midhanget paseksiné wong mau lan pirsa yèn ujaré wong iku goroh, mulané ora paring wangsulan .... Pancèn nyata yèn Gusti Yésus wis naté ngandika bab mbubrah lan mbangun padaleman, éwasemono sing dikersakake dudu padaleman suci ing Yerusalèm, nanging sarirané piyambak enggoné bakal nglampahi séda lan ing telung dinané bakal wungu saka ing séda. Dalah para sekabat iya padha ora nyandhak eliding pangandika mau.
Isih akeh maneh seksi-seksi rerékan liyané sing diajokaké, nanging siji baé ora ana sing kena diandemi paseksiné. Para pangarepé imam nganti padha judeg atinè, jalaran ora bisa nemu waton sing nyata enggoné arep nyédani Gusti Yésus. Mangka enggoné padha marepat wis suwé lan wayahé wis ngarepaké gagat-ésuk. Para ulama wis méh entèk kasabarané, keselak awan, padha durung bisa gawé kakancingan apa-apa.
Déné Gusti Yésus terus jumeneng ana ing ngarepé pradata, piyambakan ana ing tengahé para ulama sing padha ora duwe welas lan sepi ing rasa jujur lan adil.
Wusanane, bareng pradata kentèkan akal, imam agung Kayafas banjur jumeneng, mripaté andik ngatirah mengku duka, sereng pangandikané marang Gusti Yésus: "Kowé daksumpah demi Allah kang asipat gesang, tutura marang aku apa kowé iku Sang Kristus Putrané Allah?" .... Swara gumremeng ing bangsal parepatan sanalika sirep kaya orong-orong kepidak. Kabeh kepéngin ngrungu kepriyé wangsulané Gusti Yésus!
Ing kono cetha wijang-wijang dhawuh wangsulané Gusti Yésus: "Iya Ingsun iki Panjenengané. Sarta sira bakal padha weruh Putrané manusa pinarak ana ing tengené kang Mahawisésa, lan rawuh nitih mégane langit."
Ing sanalika iku uga warganing pradata kabèh padha mak regedeg ngadeg lan nyuwara bareng kambi kumrubut ngebyuk marang Gusti Yésus. Ubaling kanepson sing mauné tansah dipekak, ngèmperi mbludaging banyu sing dhadhal bendungane. Wani-waniné wong iku ngaku dadi Putrane Allah! Yèn mengkono, prasasat wong iku dadi Allah! Ujare ing tembé bakal teka manèh nunggang méganing langit lan arep ngganjar wong sing bener lakuné apadéné ngukum wong sing nasar .... Kebangeten wong iku enggoné kumawani ngucap nyenyamah! Wong-wong mau getem-getem enggoné arep nandangi Gusti Yésus; nanging senajan katoné padha begita-begitu, ing batin wong mau padha bungah, déné saiki wis kecekel wadiné. Pangucapé sing keladuk mau bisa dadi merganing patine! ....
Mungguh imam agung Kayafas, bareng mireng wangsulan mengkono mau, banjur nyuwèk pangagemané kaya patrapé wong sing lagi nandhang sedhih. Lega lan bungahing atine sinamudana déning pangungun kang banget déné kok ana wong wani ngucapaké panyenyamah marang Allah kang Maha Agung. Pangandikané imam agung Kayafas: "Gawéné apa isih nganggo seksi? Sampéyan sampun sami mireng enggènipun nyenyamah. Kadospundi panimbang sampéyan?" Atur wangsulané wong akèh: "Tiyang punika kumapurun nyenyamah dhateng Allah, mila kedah kasingkiraken. Tiyang punika dosa pejah!" Wong-wong sing ana ing kono, para pangarepé imam, para ulama dalah para wong sikep gegaman sing nyekel Gusti Yésus, kabèh padha ngebyuk, ana sing ngidoni, ana sing mbithèni, ana manèh sing nutupi wedanane banjur napuk kambi celathu: "Mara pethèken, sing napuk kowé iku sapa? Ing sajroné disawiyah lan disiya-siya mengkono iku Gusti Yésus mung tansah kèndel. Panjenengané nandhang prihatos lan gerah, éwadéné ora kelair pasambaté. Panjenengané pancèn wis sagah nandhang sangsara lan sagah nyanggi paukumané wong dosa, dalah paukumane wong-wong sing padha milara lan niksa sarirané.
SAWISÉ mengkono Gusti Yésus banjur didhabyang metu saka ing omahé Kayafas. Wayahé wis bangun ésuk. Para pangarepé imam karo para pinituwa lan para ulama, yaiku sapepaké pradata wis padha gawé kakenthelaning rembug, nanging isih kudu nyuwun kakancinganing pradata sing luwih luhur, yaiku sing dipangarsani déning bupati Rum Pilatus, jalaran pradata Yahudi ora diwenangaké mutus prakara ukum pati. Senajan tumrapé para pangarepé bangsa Yahudi mau dirasa nyengkal ing ati, déné isih kudu nyuwun karampungan saka ngarsané Pilatus, éwadéné wong-wong mau ora wani nglirwakaké pangadilané bangsa Rum sing lagi nyekel pangwasa ana ing tanah Yahudi. Dadiné Gusti Yésus banjur didhabyang kaladosaké marang dalemé Pilatus.
Senajan prakarané durung rampung, éwadéné wekasané Rabbi saka Nasarèt sing padha digethingi iku mesthi bakal nemahi mati. Embuh kepriyé mergané, waton wong iku mati, mesthi bakal ilang klilipé .... Saiki durung tekan waktuné!
NALIKA Gusti Yésus didhabyang metu saka ing omah, Panjenengané minger sedhéla menyang ing palataran sing tengahe ana bedhiyangé, dikepung wong sawetara sing padha gegenèn. Panjenengané minger mung sedhéla, wong-wong padha ora ngerti apa sing ditingali, nanging tingalé Gusti Yésus ngembeng prihatos lan sih piwelas ....