Menyang kontèn

Babad Saka Kitab Suci/Tabita

Saka Wikisumber

ANA lelakon liyané manèh sing luwih ngéram-éramaké.

Ing Yoppé ana murid wadon aran Tabita, wong randha lan wis tuwa. Tabita, utawa yèn salin tembung: Dhorkas, akèh banget kabecikané lan danané. Akèh banget pitulungané marang wong sing padha mlarat lan kacingkrangan uripé; sapa baé sing teka njaluk tulung, ora bakal mulih legèh. Barang darbèké kabèh pancèn disadhiyakaké kanggo nulungi wong panunggalané; ora lèrèn-lèrèn enggoné nenun lan ngantih lan ndondomi kotang lan klambi kanggo wong sing padha ora duwé sandhangan. Uripé mung tansah cumadhang marang panggawé becik.

Enggoné tumindak mengkono kagawa saka enggoné rumangsa wis kapotangan kabecikan marang Gusti Yésus, sing kepareng maringi katentreman ing atiné lan kabegjan sing tanpa timbang gedhéné ing alam donya.

Tabita ora ngetung sayah lan kesel, iplik enggoné wira-wiri tetulung lan nglelipur.

Nanging — bawané wong wis tuwa, badhané wis lemes, gampang kecandhak ing lara, temahan marga lara sedhéla, Tabita banjur mati.

Tumrap Tabita dhéwé, pati iku dudu prakara sing nyedhihaké, nanging malah mbungahaké, awit Tabita ngerti yèn Gusti Yésus wis tau dhawuh mengkéné: "Ing dalemé Ramakku akèh panggonané. Aku lunga nyawisi papan marang kowe."

Nanging wong-wong sing padha ditinggal, sing mlarat lan kacingkrangan, wong randha lan bocah lola ...., bareng ditinggal Tabita, rasané kaya ditinggal ibuné dhéwé sing tansah gumati enggoné ngrumati. Wong-wong mau padha ngumpul ana ing omahé Tabita perlu arep nglayat lan nangisi Tabita. Layoné sawisé diedusi banjur diturokaké ana ing kamar ing gedhong panggung, direrampa ing wong akèh.

Ana sawenèhing wong sing krungu kabar yèn Pétrus pinuju ana ing désa Lidda, dadi ora adoh saka Yoppé, mulané banjur kongkonan wong loro perlu ngaturi priksa marang Pétrus lan nyuwun supaya énggal ngrawuhi.

Pétrus sanalika bidhal saka Lidda kadhèrèkaké kongkonan mau. Sarawuhé ing omahé Tabita, banjur dipethukaké ing wong-wong sing ana ing kono, dirubung déning randha-randha sing padha nangis lan ngaturi ningali kotang lan klambi enggoné nggawèkaké Tabita nalika isih urip. Pétrus banjur diirid menyang gedhong panggung. Ing kono Pétrus dhawuh supaya wong kabéh padha metu saka ing kamar. Pétrus nyawang layoné Tabita, banjur kèngetan Gustiné kang jumeneng Gustining urip lan pati, mulané banjur jèngkèng ndedonga, keparenga nedahaké kamulyan lan katresnané Gusti Juru Slameté marang wong akeh, supaya padha pracayaa marang Panjenengané. Sawisé ndedonga, Pétrus banjur minger ngadhepaké layon sarta ngandika: "Tabita, tangia!" Kang mati didhawuhi mengkono iku banjur melèk, lan bareng ndeleng Pétrus, banjur jenggèlèk tangi, wis pulih urip lan waras manèh.

Tabita banjur dicandhak tangané lan diadegaké. Wong-wong sing ngentèni ing sajabaning kamar banjur ditimbali lan ditedahi Tabita. Kabèh padha cingak, ujaré: "Tabita .... urip manèh!"

LELAKON iku sanalika kawentar ing Yoppé lan wilayah sakiwa-tengené, wong ing kono kabèh ora uwis-uwis enggoné padha nggunem kaélokan sing ditindakaké déning rasul Pétrus. Iku mau kabèh njalari akèh wong sing padha pracaya marang Gusti Yésus lan padha ngluhurake sih kamirahané Allah.

Pétrus kèndel ana ing Yoppé nganti wetara lawas, mondhok ana ing omahé Simon tukang kamus.