Al-Quran/Al Insaan

Saka Wikisumber
Al-Insaan
الانسان
Informasi
Arti Manungsa
golongan Makiyyah
Juz Juz 29
Statistik
Jumlah ruku' 1 ruku'
Jumlah ayat 31 ayat

Surat Al-Insaan punika surat ingkang kaping 76, anggadahi 31 ayat lan termasuk golongan surat makiyyah.

Tèks[1][besut]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
هَلْ أَتَىٰ عَلَى الْإِنسَانِ حِينٌ مِّنَ الدَّهْرِ لَمْ يَكُن شَيْئًا مَّذْكُورًا ﴿١﴾ إِنَّا خَلَقْنَا الْإِنسَانَ مِن نُّطْفَةٍ أَمْشَاجٍ نَّبْتَلِيهِ فَجَعَلْنَاهُ سَمِيعًا بَصِيرًا ﴿٢﴾ إِنَّا هَدَيْنَاهُ السَّبِيلَ إِمَّا شَاكِرًا وَإِمَّا كَفُورًا ﴿٣﴾ إِنَّا أَعْتَدْنَا لِلْكَافِرِينَ سَلَاسِلَ وَأَغْلَالًا وَسَعِيرًا ﴿٤﴾ إِنَّ الْأَبْرَارَ يَشْرَبُونَ مِن كَأْسٍ كَانَ مِزَاجُهَا كَافُورًا ﴿٥﴾عَيْنًا يَشْرَبُ بِهَا عِبَادُ اللَّهِ يُفَجِّرُونَهَا تَفْجِيرًا ﴿٦﴾ يُوفُونَ بِالنَّذْرِ وَيَخَافُونَ يَوْمًا كَانَ شَرُّهُ مُسْتَطِيرًا ﴿٧﴾ وَيُطْعِمُونَ الطَّعَامَ عَلَىٰ حُبِّهِ مِسْكِينًا وَيَتِيمًا وَأَسِيرًا ﴿٨﴾ إِنَّمَا نُطْعِمُكُمْ لِوَجْهِ اللَّهِ لَا نُرِيدُ مِنكُمْ جَزَاءً وَلَا شُكُورًا ﴿٩﴾ إِنَّا نَخَافُ مِن رَّبِّنَا يَوْمًا عَبُوسًا قَمْطَرِيرًا ﴿١٠﴾ فَوَقَاهُمُ اللَّهُ شَرَّ ذَٰلِكَ الْيَوْمِ وَلَقَّاهُمْ نَضْرَةً وَسُرُورًا ﴿١١﴾ وَجَزَاهُم بِمَا صَبَرُوا جَنَّةً وَحَرِيرًا ﴿١٢﴾ مُّتَّكِئِينَ فِيهَا عَلَى الْأَرَائِكِ ۖ لَا يَرَوْنَ فِيهَا شَمْسًا وَلَا زَمْهَرِيرًا ﴿١٣﴾ وَدَانِيَةً عَلَيْهِمْ ظِلَالُهَا وَذُلِّلَتْ قُطُوفُهَا تَذْلِيلًا ﴿١٤﴾ وَيُطَافُ عَلَيْهِم بِآنِيَةٍ مِّن فِضَّةٍ وَأَكْوَابٍ كَانَتْ قَوَارِيرَا ﴿١٥﴾ قَوَارِيرَ مِن فِضَّةٍ قَدَّرُوهَا تَقْدِيرًا ﴿١٦﴾ وَيُسْقَوْنَ فِيهَا كَأْسًا كَانَ مِزَاجُهَا زَنجَبِيلًا ﴿١٧﴾ عَيْنًا فِيهَا تُسَمَّىٰ سَلْسَبِيلًا ﴿١٨﴾ ۞ وَيَطُوفُ عَلَيْهِمْ وِلْدَانٌ مُّخَلَّدُونَ إِذَا رَأَيْتَهُمْ حَسِبْتَهُمْ لُؤْلُؤًا مَّنثُورًا ﴿١٩﴾ وَإِذَا رَأَيْتَ ثَمَّ رَأَيْتَ نَعِيمًا وَمُلْكًا كَبِيرًا ﴿٢٠﴾ عَالِيَهُمْ ثِيَابُ سُندُسٍ خُضْرٌ وَإِسْتَبْرَقٌ ۖ وَحُلُّوا أَسَاوِرَ مِن فِضَّةٍ وَسَقَاهُمْ رَبُّهُمْ شَرَابًا طَهُورًا ﴿٢١﴾ إِنَّ هَٰذَا كَانَ لَكُمْ جَزَاءً وَكَانَ سَعْيُكُم مَّشْكُورًا ﴿٢٢﴾ إِنَّا نَحْنُ نَزَّلْنَا عَلَيْكَ الْقُرْآنَ تَنزِيلًا ﴿٢٣﴾ فَاصْبِرْ لِحُكْمِ رَبِّكَ وَلَا تُطِعْ مِنْهُمْ آثِمًا أَوْ كَفُورًا ﴿٢٤﴾ وَاذْكُرِ اسْمَ رَبِّكَ بُكْرَةً وَأَصِيلًا ﴿٢٥﴾وَمِنَ اللَّيْلِ فَاسْجُدْ لَهُ وَسَبِّحْهُ لَيْلًا طَوِيلًا ﴿٢٦﴾ إِنَّ هَٰؤُلَاءِ يُحِبُّونَ الْعَاجِلَةَ وَيَذَرُونَ وَرَاءَهُمْ يَوْمًا ثَقِيلًا ﴿٢٧﴾ نَّحْنُ خَلَقْنَاهُمْ وَشَدَدْنَا أَسْرَهُمْ ۖ وَإِذَا شِئْنَا بَدَّلْنَا أَمْثَالَهُمْ تَبْدِيلًا ﴿٢٨﴾ إِنَّ هَٰذِهِ تَذْكِرَةٌ ۖ فَمَن شَاءَ اتَّخَذَ إِلَىٰ رَبِّهِ سَبِيلًا ﴿٢٩﴾ وَمَا تَشَاءُونَ إِلَّا أَن يَشَاءَ اللَّهُ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلِيمًا حَكِيمًا ﴿٣٠﴾ يُدْخِلُ مَن يَشَاءُ فِي رَحْمَتِهِ ۚ وَالظَّالِمِينَ أَعَدَّ لَهُمْ عَذَابًا أَلِيمًا ﴿٣١﴾

Alih aksara[besut]

Jarwanipun[besut]

  1. Temen wus tumeka marang manungsa sawijining waktu, nalikane dheweke dudu barang kang kocap.
  2. Sayekti Ingsun nitahake manungsa saka nutfah kang campur, dheweke bakal Ingsun coba, mulane Ingsun dadekake bisa ngrungu, bisa deleng.
  3. Sayekti Ingsun anuduhake dalane, apa dheweke arep sukur apa arep maido (kufur).
  4. Ingsun nyadhiani rante lan belenggu marang para wong kafir apa dene Ingsun sadiyani neraka Sa'ir.
  5. Sarupaning wong kang padha ngestokake dhawuhing Allah, iku ana ing suwarga padha ngombe saka pinggan kang campurane toya kafuur (jenenge sumber banyu ing suwarga).
  6. Para kekasihe Allah padha ngombe banyu sumber kang diilekake kelawan gampang.
  7. Mulane tampa ganjaran samono, awit para kekasih mau padha netepi kuwajibane ngabekti ing Allah (ngelaksanaaken nadzar) lan padha wedi dina Qiyamat kang wartane dadi horege bumi (mratani bumi).
  8. Sarta aweh pangan, amarga saka tresnane ing Panjenengane, marang wong miskin sarta bocah yatim apa dene wong tawanan (kinunjara).
  9. Anggonku aweh panganan marang kowe iku mung murih ganjaraning Allah, ora pisan ngarep - arep wewales utawa panarima saka kowe.
  10. Aku wedi ing Allah Pangeranku besuk ing dina Qiyamat.
  11. Mulane Allah ngersakake para kekasihe mau didohake saka sarupane hala lan padha diparingi rupa bagus lan ulat bingar ati bungah.
  12. Allah ganjar suwarga lan panganggo sutra marang para kekasihe amarga anggone padha sabar.
  13. Ana ing kono padha linggih ana dipan ora kroso panas lan adhem padhang tanpa srengenge lan rembulan.
  14. Kekayoning suwarga kang cedhek wohe gampang banget dipethik.
  15. Padha diladeni nganggo wadhah selaka tuwin pinggan kang bening kaya kaca.
  16. (Bening) kaya kaca - kaca (kang digawe) saka perak sing diukir dheweke sak apik - apike.
  17. Ing suwarga mau dheweke diladeni unukkan kang campurane jahe.
  18. Saka sumber banyu sajeroning suwarga arane Salsabil.
  19. Padha diladeni para peladen nom - noman kang tetep enome pandelengira marang dheweke mau saking dening baguse prasasat mutiara durung dironce.
  20. Manawa sira deleng suwarga kaya sarupangin kabungahan lan kraton gedhe.
  21. Dheweke dienggon - enggoni sandhangan sutra alus ijo sarta sutra kandel sinulam benang emas apa dene bakal rinengga gelang salaka, lan Pangerane aparing ngombe dheweke omben - omben kang suci.
  22. Sayekti iku pituwas marang sira lan budi dayamu bakal winales.
  23. Sayekti Ingsun andhawuhake al-Quran marang sira kalawan dhumawuh (saka sathithik).
  24. Mulane sira narimaa hukume Pangeranira lan aja manut wong duraka utawa wong kafir.
  25. Lan nyebuta asmaning Pangeranira (ana sajeroning sholat) wayah isuk lan sore.
  26. Lan ing wayah wengi shalata lan sujuda ing Allah, apadene nyebuta Maha Suci ing Allah ing wayah wengi, kang dawa.
  27. Awit satemene wong kafir iku padha dhemen oleh kabungahan kencengan lan ora perduli dina Qiyamat, kang bakal kelakon ing buri, kacarita akeh pakewuh kang abot.
  28. Ingsun wis gawe wong kafir mau sarta awake Ingsun gawe gagah prakosa, nanging manawa ana parenge kersaningsun wong kafir mau Ingsun gawekake tandhing kang dadi mungsuhe, kang timbang gagah prakosane bakal numpes dheweke.
  29. (Surat/ayat iku) dadi wewulang sing sapa dhemen wewulang mau dienggo wewaton ngabekti ing Allah Pangerane.
  30. Lan ora bakal sira gelem kajaba yen Allah ngarsakake. Sayekti Allah iku ngudaneni tur wicaksana.
  31. Panjenengane ganjar wong kang dadi parenge kersane, dilebokake ing suwarga rahmate Allah, lan ngancam siksa nglarani tumrap para nganiaya.[2]


Footnote[besut]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

31.Allah SWT bakal ngleboake marang wong kang dipun kersaake ing rahmate (suwargo.)Lan marang wong-wong kang dzolim Allah bakal nyediaake sikso kang perih

Pranala Jaba[besut]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas