Al-Quran/‘Abasa

Saka Wikisumber
'Abasa
عبس
Informasi
Arti Mrengut
golongan Makiyyah
Juz Juz 30
Statistik
Jumlah ruku' 1 ruku'
Jumlah ayat 42 ayat

Surat Al-Insyirah punika surat ingkang kaping 80, anggadahi 42 ayat lan termasuk golongan surat makiyyah.

Tèks[1][besut]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
عَبَسَ وَتَوَلَّىٰ ﴿١﴾ أَن جَاءَهُ الْأَعْمَىٰ ﴿٢﴾ وَمَا يُدْرِيكَ لَعَلَّهُ يَزَّكَّىٰ ﴿٣﴾ أَوْ يَذَّكَّرُ فَتَنفَعَهُ الذِّكْرَىٰ ﴿٤﴾ أَمَّا مَنِ اسْتَغْنَىٰ ﴿٥﴾ فَأَنتَ لَهُ تَصَدَّىٰ ﴿٦﴾ وَمَا عَلَيْكَ أَلَّا يَزَّكَّىٰ ﴿٧﴾ وَأَمَّا مَن جَاءَكَ يَسْعَىٰ ﴿٨﴾ وَهُوَ يَخْشَىٰ ﴿٩﴾ فَأَنتَ عَنْهُ تَلَهَّىٰ ﴿١٠﴾ كَلَّا إِنَّهَا تَذْكِرَةٌ ﴿١١﴾ فَمَن شَاءَ ذَكَرَهُ ﴿١٢﴾ فِي صُحُفٍ مُّكَرَّمَةٍ ﴿١٣﴾ مَّرْفُوعَةٍ مُّطَهَّرَةٍ ﴿١٤﴾ بِأَيْدِي سَفَرَةٍ ﴿١٥﴾ كِرَامٍ بَرَرَةٍ ﴿١٦﴾ قُتِلَ الْإِنسَانُ مَا أَكْفَرَهُ ﴿١٧﴾ مِنْ أَيِّ شَيْءٍ خَلَقَهُ ﴿١٨﴾ مِن نُّطْفَةٍ خَلَقَهُ فَقَدَّرَهُ ﴿١٩﴾ ثُمَّ السَّبِيلَ يَسَّرَهُ ﴿٢٠﴾ ثُمَّ أَمَاتَهُ فَأَقْبَرَهُ ﴿٢١﴾ ثُمَّ إِذَا شَاءَ أَنشَرَهُ ﴿٢٢﴾ كَلَّا لَمَّا يَقْضِ مَا أَمَرَهُ ﴿٢٣﴾ فَلْيَنظُرِ الْإِنسَانُ إِلَىٰ طَعَامِهِ ﴿٢٤﴾ أَنَّا صَبَبْنَا الْمَاءَ صَبًّا ﴿٢٥﴾ ثُمَّ شَقَقْنَا الْأَرْضَ شَقًّا ﴿٢٦﴾ فَأَنبَتْنَا فِيهَا حَبًّا ﴿٢٧﴾ وَعِنَبًا وَقَضْبًا ﴿٢٨﴾ وَزَيْتُونًا وَنَخْلًا ﴿٢٩﴾ وَحَدَائِقَ غُلْبًا ﴿٣٠﴾ وَفَاكِهَةً وَأَبًّا ﴿٣١﴾ مَّتَاعًا لَّكُمْ وَلِأَنْعَامِكُمْ ﴿٣٢﴾ فَإِذَا جَاءَتِ الصَّاخَّةُ ﴿٣٣﴾ يَوْمَ يَفِرُّ الْمَرْءُ مِنْ أَخِيهِ ﴿٣٤﴾ وَأُمِّهِ وَأَبِيهِ ﴿٣٥﴾ وَصَاحِبَتِهِ وَبَنِيهِ ﴿٣٦﴾ لِكُلِّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ يَوْمَئِذٍ شَأْنٌ يُغْنِيهِ ﴿٣٧﴾ وُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ مُّسْفِرَةٌ ﴿٣٨﴾ ضَاحِكَةٌ مُّسْتَبْشِرَةٌ ﴿٣٩﴾ وَوُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ عَلَيْهَا غَبَرَةٌ ﴿٤٠﴾ تَرْهَقُهَا قَتَرَةٌ ﴿٤١﴾ أُولَٰئِكَ هُمُ الْكَفَرَةُ الْفَجَرَةُ ﴿٤٢﴾

Alih aksara[besut]

Jarwanipun[besut]

  1. Dheweke (Muhammad) mrengut lan mlengos.
  2. Amarga katekan wong kang wuta (aran Abdullah bin Ummi Maktum).
  3. Saka apa sira weruh karepa si wuta mau, bok menawa bakal suci atine.
  4. Utawa nganggep wewulang mau migunani.
  5. Dene wong kang sugih bandha.
  6. Sira resep marang wong mau.
  7. Wong kang sugih banda mau anggone ora bisa resik atine ora mekewuhi sira.
  8. Dene wong wuta kang gagancangan sowan.
  9. Iku wong sing taat (tunduk).
  10. Sira klewa - klewa marang wong wuta mau.
  11. Aja mangkono, iku weweulang, marang prakara dumadi.
  12. Sing sapa gelem ngistokake.
  13. Kasebut sajeroning Kitab kang mulya (al-Qur'an).
  14. Linuhurake, sinucekake.
  15. Ing tangen juru tulis.
  16. Minulya, tulus.
  17. Binendon manungsa iku! saiba olehe ora weruh panarima.
  18. Saka barang apa ta kadadeyane?
  19. Saka nutfah, Panjenengane kang dadekake lan aparing kekuatan marang dheweke.
  20. Dene (prakara) dalan, Panjenengane anggampangake tumrap dheweke (dalan lahire bayi).
  21. Sawise dadi manungsa Allah banjur mateni nuli dipendhem.
  22. Ing tembe manawa Allah ngersakake banjur nguripake wong sing wis mati mau.
  23. Temen dheweke iku ora ngestokake parentahe Allah.
  24. Manungsa padha delenga pangane kang padha dipangan.
  25. Ingsun ngesokake banyu udan saka mega.
  26. Sawise udan tumurun, bumi banjur padha pecah metu thetukulane.
  27. Ingsun banjur nukulake wiji ana bumi.
  28. Lan anggur sarta woh kang migunani.
  29. Lan wit zaitun, apa dene wit kurma.
  30. Lan palemahan kang ana kayone gadhe.
  31. Lan warna - warna woh - wohan, lan suket panganing raja kaya.
  32. Kabeh dadi bebungah, panganira lan raja kayanira.
  33. Ing besuk nalika teka peteking dina qiyamat.
  34. Dinane wong aninggal lumayu sadulure.
  35. Lan ngedohi bapa - biyunge.
  36. Lan ngedohi bojone apadene anak - putune.
  37. Ing dina iku siji-sijining wong padha golek selamete awake dhewe - dhewe, ora mikir liyane.
  38. Akeh rahi kang mencorong cahyane.
  39. Gumuyu tur katon bungah (hiya iku para mukmin).
  40. Ing dina iku uga akeh rahi kang kaya geluprut lemah.
  41. Saking dening ireng lan petening hulate.
  42. Hiya iku wong kang padha kafir lan anglakoni panggawe ala.[2]


Footnote[besut]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[besut]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas