Al-Quran/Al Haaqqah

Saka Wikisumber
Al-Haaqqah
الحاقة
Informasi
Arti Madhangake
golongan Makiyyah
Juz Juz 29
Statistik
Jumlah ruku' 1 ruku'
Jumlah ayat 52 ayat

Surat Al-Haaqqah punika surat ingkang kaping 69, anggadahi 52 ayat lan termasuk golongan surat makiyyah.

Tèks[1][besut]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
الْحَاقَّةُ ﴿١﴾ مَا الْحَاقَّةُ ﴿٢﴾ وَمَا أَدْرَاكَ مَا الْحَاقَّةُ ﴿٣﴾ كَذَّبَتْ ثَمُودُ وَعَادٌ بِالْقَارِعَةِ ﴿٤﴾ فَأَمَّا ثَمُودُ فَأُهْلِكُوا بِالطَّاغِيَةِ ﴿٥﴾ وَأَمَّا عَادٌ فَأُهْلِكُوا بِرِيحٍ صَرْصَرٍ عَاتِيَةٍ ﴿٦﴾ سَخَّرَهَا عَلَيْهِمْ سَبْعَ لَيَالٍ وَثَمَانِيَةَ أَيَّامٍ حُسُومًا فَتَرَى الْقَوْمَ فِيهَا صَرْعَىٰ كَأَنَّهُمْ أَعْجَازُ نَخْلٍ خَاوِيَةٍ ﴿٧﴾ فَهَلْ تَرَىٰ لَهُم مِّن بَاقِيَةٍ ﴿٨﴾وَجَاءَ فِرْعَوْنُ وَمَن قَبْلَهُ وَالْمُؤْتَفِكَاتُ بِالْخَاطِئَةِ ﴿٩﴾ فَعَصَوْا رَسُولَ رَبِّهِمْ فَأَخَذَهُمْ أَخْذَةً رَّابِيَةً ﴿١٠﴾ إِنَّا لَمَّا طَغَى الْمَاءُ حَمَلْنَاكُمْ فِي الْجَارِيَةِ ﴿١١﴾ لِنَجْعَلَهَا لَكُمْ تَذْكِرَةً وَتَعِيَهَا أُذُنٌ وَاعِيَةٌ ﴿١٢﴾ فَإِذَا نُفِخَ فِي الصُّورِ نَفْخَةٌ وَاحِدَةٌ ﴿١٣﴾ وَحُمِلَتِ الْأَرْضُ وَالْجِبَالُ فَدُكَّتَا دَكَّةً وَاحِدَةً ﴿١٤﴾ فَيَوْمَئِذٍ وَقَعَتِ الْوَاقِعَةُ ﴿١٥﴾ وَانشَقَّتِ السَّمَاءُ فَهِيَ يَوْمَئِذٍ وَاهِيَةٌ ﴿١٦﴾ وَالْمَلَكُ عَلَىٰ أَرْجَائِهَا ۚ وَيَحْمِلُ عَرْشَ رَبِّكَ فَوْقَهُمْ يَوْمَئِذٍ ثَمَانِيَةٌ ﴿١٧﴾ يَوْمَئِذٍ تُعْرَضُونَ لَا تَخْفَىٰ مِنكُمْ خَافِيَةٌ ﴿١٨﴾ فَأَمَّا مَنْ أُوتِيَ كِتَابَهُ بِيَمِينِهِ فَيَقُولُ هَاؤُمُ اقْرَءُوا كِتَابِيَهْ ﴿١٩﴾ إِنِّي ظَنَنتُ أَنِّي مُلَاقٍ حِسَابِيَهْ ﴿٢٠﴾ فَهُوَ فِي عِيشَةٍ رَّاضِيَةٍ ﴿٢١﴾ فِي جَنَّةٍ عَالِيَةٍ ﴿٢٢﴾ قُطُوفُهَا دَانِيَةٌ ﴿٢٣﴾ كُلُوا وَاشْرَبُوا هَنِيئًا بِمَا أَسْلَفْتُمْ فِي الْأَيَّامِ الْخَالِيَةِ ﴿٢٤﴾ وَأَمَّا مَنْ أُوتِيَ كِتَابَهُ بِشِمَالِهِ فَيَقُولُ يَا لَيْتَنِي لَمْ أُوتَ كِتَابِيَهْ ﴿٢٥﴾ وَلَمْ أَدْرِ مَا حِسَابِيَهْ ﴿٢٦﴾ يَا لَيْتَهَا كَانَتِ الْقَاضِيَةَ ﴿٢٧﴾ مَا أَغْنَىٰ عَنِّي مَالِيَهْ ۜ ﴿٢٨﴾ هَلَكَ عَنِّي سُلْطَانِيَهْ ﴿٢٩﴾ خُذُوهُ فَغُلُّوهُ ﴿٣٠﴾ ثُمَّ الْجَحِيمَ صَلُّوهُ ﴿٣١﴾ ثُمَّ فِي سِلْسِلَةٍ ذَرْعُهَا سَبْعُونَ ذِرَاعًا فَاسْلُكُوهُ ﴿٣٢﴾ إِنَّهُ كَانَ لَا يُؤْمِنُ بِاللَّهِ الْعَظِيمِ ﴿٣٣﴾ وَلَا يَحُضُّ عَلَىٰ طَعَامِ الْمِسْكِينِ ﴿٣٤﴾فَلَيْسَ لَهُ الْيَوْمَ هَاهُنَا حَمِيمٌ ﴿٣٥﴾ وَلَا طَعَامٌ إِلَّا مِنْ غِسْلِينٍ ﴿٣٦﴾ لَّا يَأْكُلُهُ إِلَّا الْخَاطِئُونَ ﴿٣٧﴾ فَلَا أُقْسِمُ بِمَا تُبْصِرُونَ ﴿٣٨﴾ وَمَا لَا تُبْصِرُونَ ﴿٣٩﴾ إِنَّهُ لَقَوْلُ رَسُولٍ كَرِيمٍ ﴿٤٠﴾ وَمَا هُوَ بِقَوْلِ شَاعِرٍ ۚ قَلِيلًا مَّا تُؤْمِنُونَ ﴿٤١﴾ وَلَا بِقَوْلِ كَاهِنٍ ۚ قَلِيلًا مَّا تَذَكَّرُونَ ﴿٤٢﴾ تَنزِيلٌ مِّن رَّبِّ الْعَالَمِينَ ﴿٤٣﴾ وَلَوْ تَقَوَّلَ عَلَيْنَا بَعْضَ الْأَقَاوِيلِ ﴿٤٤﴾ لَأَخَذْنَا مِنْهُ بِالْيَمِينِ ﴿٤٥﴾ ثُمَّ لَقَطَعْنَا مِنْهُ الْوَتِينَ ﴿٤٦﴾ فَمَا مِنكُم مِّنْ أَحَدٍ عَنْهُ حَاجِزِينَ ﴿٤٧﴾ وَإِنَّهُ لَتَذْكِرَةٌ لِّلْمُتَّقِينَ ﴿٤٨﴾ وَإِنَّا لَنَعْلَمُ أَنَّ مِنكُم مُّكَذِّبِينَ ﴿٤٩﴾ وَإِنَّهُ لَحَسْرَةٌ عَلَى الْكَافِرِينَ ﴿٥٠﴾ وَإِنَّهُ لَحَقُّ الْيَقِينِ ﴿٥١﴾ فَسَبِّحْ بِاسْمِ رَبِّكَ الْعَظِيمِ ﴿٥٢﴾

Alih aksara[besut]

Jarwanipun[besut]

  1. Dina Qiyamat.
  2. Apa kang aran dina qiyamat?
  3. Lan sapa kang aweh weruh marang sira bab kahanane dina qiyamat mau?
  4. Wong tsamud lan wong 'Aad biyen padha maido dina qiyamat kang gegirisi.
  5. Wong Tsamud padha disirnakake dening Allah kalawan siksa kang banget anggegeteri.
  6. Dene wong 'Aad padha disirnakake sarana prakara gedhe kang suwarane gegirisi.
  7. Angin mau nempuh marang wong 'Aad lawase nganti wolung dina pitung wengi kang tumaruntun, ing kono wong 'Aad padha mati, hanggalasah kaya wit kurma padha rungkat.
  8. Apa sira weruh wong 'Aad mau ana kang keri isih urip?
  9. Fir'aun lan para umat sadurunge tuwin kutha - kutha sing padha ambruk iku (sebabe) padha nglakoni kaluputan.
  10. Padha duraka ora manut utusane Pangeran (Musa lan Luth) mulane dipatrapi siksa dening Allah kelawan patrapan abot.
  11. Nalika, kena topan bareng banyu wis munggah, sira Ingsun tunggahake perahu.
  12. Kang mangkono supayapa dianggo wewulang supaya dieling - elinga dening wong kang duwe kuping/pangrungu ben krungu iki.
  13. Besuk nalika slomprete (Israfil) dinamu sapisan.
  14. Bumi lan gunung - gunung padha digulung lan dijunjung tuwin remuk kelawan pangremuk sapisan.
  15. Ing dina iku dina qiyamat kelakon.
  16. Langit banjur bengkah bakal dadi ringkih.
  17. Para Malaikat padha nisih lan ing sadhuwure dheweke ing dina iku wowolu bakal nyangga damparing Pangeranira.
  18. Ing dina iku padha diajokake marang panjenenganing Allah ditimbang hala-becike, Allah ora kasamaran marang samu barang kang padha sira singidake.
  19. Sing sapa dielungi layang cathetane lelakune ssaka ing tengen (saking dening bungahe) banjur bakal kondho, "wacanen kitab cathetan lelakonku".
  20. Sayekti aku wis weruh, yen aku bakal ketemu petunganku.
  21. Dadi wong iku mau uripe netepi keparenging Allah.
  22. Manggon ana suwarga kang luhur.
  23. Wowohane cendhek - cendhek (tumiyung cepak).
  24. (He wong ing suwarga) Sira padha mangan lan ngombea kelawan enak iku ganjarane kebecikan kang padha sira lakone ing dina - dina kang wis kliwat.
  25. Dene wong kang dielungi layang cathetan saka ing kiwa padha ngucap, "Adhuh, bok aja dielungi layang cathetane lelakonku wae".
  26. Aku ora weruh kapriye panimbange hala - becikku.
  27. O, mbok ya iki didadekake wekasanku.
  28. Bandhaku ora pisan bisa mardikake aku.
  29. Kasantosanku wis sirna kabeh.
  30. (Dhawuhing Allah): Dheweke cekelen, nuli sira belenggu.
  31. Tumuli cemplungna ing geni murub.
  32. Banjur tikungen ing rante kang dawane pitung puluh hasta.
  33. Sayekti dheweke iku biyen ora angestu ing Allah ingkang Agung.
  34. Lan ora gelem tetulung ngluari pangan wong miskin.
  35. Mulane ing dina iku dheweke ora duwe mitra tuhu.
  36. Sarta ora entuk pangan kajaba rereged.
  37. Ora ana wong mangan (rereged) kejaba wong kang anglakoni panggawe luput.
  38. Ingsun supata kelawan barang kang sira weruhi.
  39. Sarta barang kang ora sira weruhi.
  40. Sayekti iku temen pangandikaning utusan kang mulya.
  41. Lan iku dudu tembunge juru kidung, sathitik anggonira padha angestu.
  42. Sarta dudu tembunge juru pethek, sathithik anggonira padha ngangen - angen.
  43. Iku wewedhar (kang dhumawuh) saka pangeraning ngalam kabeh.
  44. Lan saupama dheweke agawe - gawe sawenehing tetembungan (diwadekake) atas (saka) Ingsun.
  45. Amasti dheweke bakal Ingsun candhak tangan tengene.
  46. Banjur bakal Ingsun pedhot tatalining jantunge.
  47. Lan ora ana siji - sijia saka antaranira kang bisa anduwa Ingsun saka dheweke.
  48. Lan sayekti temen, iku pepeling tumrap wong kang padha anjaga dirine (saka ala).
  49. Satemene Ingsun nguningani yen sira ana kang maido (al-Quran).
  50. Satemene (al-Quran) bakal andadekake getune dheweke anggone padha maido.
  51. Lan sayekti (al-Quran) iku temen sajati - jatining kasunyatan.
  52. Mulane sira nyebuta Maha suci ing Allah kelawan ngucapake asmane Pangeranira kang Maha Agung.[2]


Footnote[besut]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[besut]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas