Menyang kontèn

Wilis

Saka Wikisumber
Panjurung

[ 41 ]WILIS Wiwin H.W.

Murai Batu ing njero kurungan jenggarang gumandhul ing emper omah disawang lan disingsoti kaya dene manuk oceh-ocehan. Malah kepara anggone singsot nganggo sempritan manuk kang dikekoloh ing njero tutuk.

Manuk Murai Batu kaya ana kancane, mula ora kendhat anggone ngoceh, tanpa preduli marang wong ing cedhake.

Marno katon bungah banget, mula anggone singsot saya seru. Dadi rame kaya pasar manuk, ocehe manuk sesautan. Banget anggone mongkog atine krungu Murai iku muni seru.

“Hem ... apik tenan swaramu, Lis,” grenenge Marno.

“Pak... Pak ...,” pambengoke Satinem, bojone Marno.

“Hem ... ana apa bengak-bengok!” wangsulane Marno semu sereng.

“Lerena anggonmu suat-suit, gilo anakmu ora sida turu!” wangsulane sing wedok ora kalah sereng.

“Kowe ki kok mesthi lho, nek ana wong lanang lagi seneng, nyaruwuwus, Bokkepriye carane, digendhong apa piye bene gelem turu? Ora mung kokeloni wae!” sing lanang wangsulan sengol.

Keprungu swara tangise anake saya sero, sing wedok ora mangsuli maneh, banjur metu ana njaba karo ngemban anake. Marno nutugake anggone nyawang lan nglatih manuke.

Bareng wis rada keju anggone singsot, banjur mlebu nyrupilt wedang sing ana gelas ing ndhuwur meja. Sing wedok banjur nyelehake anake sawise bocah mau turu kepati. Satinem banjur njupuk sarunge sing lanang saperlu nambal awit sarunge pancen wis pating sranthil kaya gombalamoh.

“Nem... Neeem ...,” pangundange Marno marang bojone.

“Apa,” wangsulane Satinem cekak aos.

“Endi segane, ngelih wetengku.”

“Lha apa kowe menehi blanja aku?” Satinem wangsulan tanpa noleh.

41 [ 42 ]b

| “Apa berase dhek anu kae wis entek?” pitakone Marno. “Lehmunempur telung kilo kae rak wis seminggu luwih ta, Pak?

Gek maneh aku wis ditagih utang karo yu Ginah lho, Pak. Kapan leh arep nyambut gawe maneh kuwi?”

“Aku ya wis takon-takon. Bokmanawa ana aku ya banjur nyambut gawe. La ya ora ana je, Nem.”

“Kowe wis nganggur rong sasi, nanging anggonmu mangan rak ya ora nganggo leren, ta?”

“Ya cetha ora, yen aku leren nggonku mangan rak mati aku, Nem.

“Wiwit kowe dikon leren kae, apa pabrik ki ya ora gawe kain meneh pa, Pak?”

“Lha iya isih, nanging sing dikanggokake rak ya sing kalebu se- nior kuwi.”

“Jarene biyen yen wis leren bakal diundang nyambut gawe meneh, lha kapan kuwi, Pak?”

“Bokmenawa suk yen krisis moneter iki rampung.”

“Kapan rampunge, Pak?”

“Ah... ya embuh, Nem ....?

“Lho yen kowe ya embuh le nyambut gawe, rak ateges embuh anggone mangan ta, Pak?”

Marno bingung krungu pitakone sing wedok, mula dheweke mung meneng wae sajak ana kang dipikir.

Marno dheleg-dheleg ing emper omah, karo nyawang gegodhongan kang obah kena angin. Ocehing Wilis keprungu santer amarga weruh sing ngingu lungguh mogok-mogok, kaya-kaya arep takon geneya Marno ngalamun lan meneng wae.

“Pak... Pak ..., piye iki, arep ngliwet apa ora?” pitakone Satinem.

“Utanga beras nggone Yu Tirah kana dhisik!” wangsulane Marno

“Banjur le nyaur suk kapan, Pak?”

“Wis ta, kon utang beras kok malah mung crigis. Gek menyang kana, mumpung anakmu turu.”

“Lha iya aku ki gelem wae utang, nanging Yu Tirah rak ya ngerti yen kowe saiki ora nyambut gawe, malah utange awake dhewe ing kiwa tengen, ya wis okeh.”

42 [ 43 ]“Iya ... ya, mengko yen Yu Tirah takon, kapan le nyaur, wangsulana yen telung dina maneh daksaur.”

“Kok telung dina piye ta, Pak, Iha njur dhuwite sapa sing arep koenggo nyaur kuwi?”

“Kowe ora perlu ngerti, sing baku kowe menyanga nggone Yu Tirah golek utangan beras, gek diliwet, selak ngelih jare.”

Tanpa wangsulan maneh Satinem banjur bablas golek beras karo sajak bungah atine, amarga sesuk bakal ngliwet maneh. Tekan nggone Yu Tirah banjur omong apa perlune. Yu Tirah uga percaya ngono wae tanpa ditakoni werna-werna, senajan dheweke satemene uga gumun, ing atase sing lanang ora nyambut gawe kok wani golek utangan.

Marno sing ditinggal bojone golek utangan, turon ing lincak njero omahe, karo kethap-kethip pikirane temlawung, “Gek apa sing arep dakenggo nyaur utangku besuk, ya?” pitakone jroning batin. “Nyolong wae, kuwi rak wis beres,” wangsulane batin sijine, Marno bingung. Sirahe krasa mubeng, buyer. Nganti sing wedok teka, dheweke isih klesetan ing lincak-karo ngrasakake sirahe sing isih mumet lan wetenge sing sangsaya ngelih.

Sing wedok banjur tumuju ing pawon saperlu ngliwet beras sing lagi wae entuk anggone utang.

Ora let suwe keprungu swara tangise Thole, anake. Marno arep menyatnulungi anake sing lagi tangi, nanging awake lemes, sirahe mumet, ora kuwat mlaku amarga ngelih.

“Piye ta, Pak, anake tangi kok malah mung klesetan,” panyentake Satinem karo mbesengut.

“Aku mumet, Nem. Wis gek ngliwet kana,” wangsulane Marno tanpa melek.

Satinem banjur nggendhong Thole, kareben meneng. Let setengah jam, liwete wis mateng. Satinem banjur undang-undang sing lanang.

“Pak ... gilo wis mateng segane.”

“Ya... jupukna pisan, Nem. Gawanen mrene,” wangsulane.

“Iki, Pak, nganggo uyah, ya?”

“Ya saanane Nem, sing penting ana segane.”

Marno banjur cekekal-cekekal tangi lan nampani pring isi sega

43 [ 44 ]uyah. Telap-telep anggone mangan, tanpa dimamah lan tanpa dirasakake, mula sedhela bae sega ing piring mau wis bablas. Marno lagi duwe daya | maneh. Dheweke banjur tangi, dheweke banjur kelingan marang Wilis kang kawit esuk mau durung diwenehi ngombe. Wilis digawa neng mburi sakurungane saperlu diisi banyu omben ing papane. Wilis katon seneng | banget, mula banjur mabur-mabur munggah-mudhun kaya-kaya arep ngaturake panuwun marang Marno.

“Lis-Wilis kowe mung dakwenehi banyu bae katon anggonmu seneng. Nah, saiki kowe kudu gawe leganing atiku,” ngono grenenge Marno. Marno kaya dielingake dening pikire, Mula dheweke banjur ngadeg |

4 |

Wenara ngengani abane

nyat, kaya duwe kekarepan kang makantar-kantar, Gita-gita anggone | mlaku, lunga ninggalake Wilis ing ngisor

“Mangga,” keprungu wangsulan saka njero. 4

“Kula nuwun.” j

“Eh ... kowe ta, Le?” wangsulane Budhe Darma sing metu mbagekake tekane Marno.

“Inggih Budhe, anu ... Pakdhe wonten, Budhe?”

“0... Pakdhemu, ana ... arep ketemu?” ki

“Inggih,” wangsulane cekak aos,

“Ya ... dakaturane. Lungguha dhisik, Le!”

“Inggih, Budhe, matur nuwun.”

Marno ditinggal mlebu karo Budhe Darma, saperlu n gundang Pakdhe Darma. Ora let suwe Pakdhe Darma ketebang-ketebang saka njero, banjur ngedikane,

“0... kowe ta, Le?”

“Inggih, Pakdhe.”

“Kok njanur gunung, ana apa, Le?”

“Inggih Pakdhe, saderengipun nyuwun pangapunten. Anu ... Pakdhe estu badhe ngersakaken peksi oceh-ocehan kula?”

“Lha piye ta, Le, apa kowe wis jeleh?”

“Nek jane niku nggih boten jeleh, ning utang kula kathah, ajeng | kula ngge nyaur utang, Pakdhe!” |

“0... ngone, lha arep bok dol pira, Le?”

“Ah mangga Pakdhe sakersane. Njenengan rak pirsa pinten regi peksi kula nika.” BK [ 45 ]“Seket pa, piye?” pitakone Pakdhe Darma.

“Nggih ditambah sekedhik, Pakdhe!”

“Yawis, sewidak.”

“Nggih, kula pendhete riyin.”

“Ya wis sakarepmu.”

“Nggih, kula nyuwun pamit riyin, Pakdhe,” wangsulane Marno karo lunga. Anggone mlaku sajak entheng, atine bungah bakal nampani dhuwit sewidak ewu, kamangka biyen manuk kuwi anggone oleh blandhangan. Karo ngguya-ngguyu dheweke tumuju omahe.

Bali seka omahe Pakdhe Darma, Marno banjur njujug omah mburi. Nemoni sing wedok lan bakal dikandhani yen dheweke wis antuk dhuwit, Sing digoleki jebul wis nglempus ana paturon ngeloni Thole, anake lanang. Marno ora perduli, banjur klepat nyat njujug ana kurungane si Wilis. Njenggirat! Njola sanalika meruhi kahanan kurungane Wilis wis suwung, Lawange menga ngegla. Wilis Ilang? Wilis lunga? Wilis dipangan si Meong, kucinge tanggane sing wis bola-bali gawe mangkele Marno. Apaaku sing lali nutup kurungan nalika ngombeni mau? Mangkono isen- isening pikire Marmo karo kamitenggengen ana sangarepe kurungan sing kothong ditinggal sing manggon. Marno ndomblong! Sapa sing ngerti tekane rejeki yen Wilis sing didama-dama bakal nulung nasibe saiki wis ucul seka kurungan?

45