Kaca:Panjurung.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

WILIS Wiwin H.W.

Murai Batu ing njero kurungan jenggarang gumandhul ing emper omah disawang lan disingsoti kaya dene manuk oceh-ocehan. Malah kepara anggone singsot nganggo sempritan manuk kang dikekoloh ing njero tutuk.

Manuk Murai Batu kaya ana kancane, mula ora kendhat anggone ngoceh, tanpa preduli marang wong ing cedhake.

Marno katon bungah banget, mula anggone singsot saya seru. Dadi rame kaya pasar manuk, ocehe manuk sesautan. Banget anggone mongkog atine krungu Murai iku muni seru.

“Hem ... apik tenan swaramu, Lis,” grenenge Marno.

“Pak... Pak ...,” pambengoke Satinem, bojone Marno.

“Hem ... ana apa bengak-bengok!” wangsulane Marno semu sereng.

“Lerena anggonmu suat-suit, gilo anakmu ora sida turu!” wangsulane sing wedok ora kalah sereng.

“Kowe ki kok mesthi lho, nek ana wong lanang lagi seneng, nyaruwuwus, Bokkepriye carane, digendhong apa piye bene gelem turu? Ora mung kokeloni wae!” sing lanang wangsulan sengol.

Keprungu swara tangise anake saya sero, sing wedok ora mangsuli maneh, banjur metu ana njaba karo ngemban anake. Marno nutugake anggone nyawang lan nglatih manuke.

Bareng wis rada keju anggone singsot, banjur mlebu nyrupilt wedang sing ana gelas ing ndhuwur meja. Sing wedok banjur nyelehake anake sawise bocah mau turu kepati. Satinem banjur njupuk sarunge sing lanang saperlu nambal awit sarunge pancen wis pating sranthil kaya gombalamoh.

“Nem... Neeem ...,” pangundange Marno marang bojone.

“Apa,” wangsulane Satinem cekak aos.

“Endi segane, ngelih wetengku.”

“Lha apa kowe menehi blanja aku?” Satinem wangsulan tanpa noleh.

41